Anda di halaman 1dari 2

Dumadi goro-goro ngrusak jagag, bumi miring samudero kocak

Kumocaking samudero gawe kesrakat mring burontoyo.


Sa`enggon-enggon sami panas mboten pikantuk panonoban
Hardaning goro-goro gawe rusaking tegal pekarangan, tanem
tuwuh nggagrak mboten pikantuk ilening toyo, Sawah-sawah
sami anelo dadi papan dedelikaning gegremetan kang mowo
wiso.

Jalmo pendito ratu sami nandang sungkowo, dewo ingkang


datan keno loro ing pepati nandang susah. Pendito tan bangkit
memujo agung keno pangrencono manjing ing projo nyuwun
pitulungane ratu. Ratu piyambak nandang sungkowo negarane
ketrajang pagebluk larang sandang tuwin larang pangan. Ono
udan salemongso deres pindo pinesus, sindu nglimwut
magenturan prahoro guo walikan

goro2 sumundul mring suroloyo gawe gonjing bale cundo


manic, rengat sungune lembu andini njebol kori sametangkep .
Menceng wot siogal-agil kawah condrodimuko mbludak ndut
sebelegedobo. Kayu andong kayu ori ingkang sami ketraking
trajaning goro-goro, rebah pating sulayah koyo babatan pace.

Ono lindu sedino kaping selikur bumi bengkah gunung


mbleduk nyembur-nyembur awu ngebaki jagad. Suryo condro
ilang sorote kartiko sami ambrol, peteng ndedet lelimengan
mendo bangun kesaputing lebu. widodoro-widodari sami
ngungsi ono ingarsani roh hyang Hodipati.

Sideme goro-goro jumeduling lare bajang sa`kembaran, siji


nggowo bathok mbulu sanggupe nawoni segoro kang lagi surut,
ingkang sa`jugo nggawa sodo lanang sa`leres nyaponi jagat.

Anda mungkin juga menyukai