Anda di halaman 1dari 3

Cita Citaku

Esok awan wengi aku sinau


Kanggo nentoake cita-citaku
sedurung turu kula sinau
tangi turu kula nggih sinau

kula sinau sedina-dina


Nggo nyenengake wong tuwa
Ingkang sampun ndonga’aken kula
Supados nggapai cita – cita

Oooh… gusti
Paringana rido awak kula
Supados kula saged bakti negri
Adohana kulo saking godaan setan

Oooh.. gusti
Paringana kesametan wong tuwa kula
lan paringana kesehatan wong tuwa kulo
supados saged mriksani kulo sukses

Oleh : Dyan Metri Oktavianto

Kluwung
(Soewardi Baroto Martono)

Ora katon garising kikismu


Nadyan wilangane tinemu
Oncating citramu, ambabar banyu
Tuhu agung kersane Gusti
Riris … grimis endah dinulu
Agawe menebing lebu
Mahanani segering banyu

Ora geseh, eseme anuju prana


Tansah gawe brantaning driya
Ora kapiyarsa wuwuse wacana
Rinengga endahing solah bawa
Andelidir ponang kintaka
Binarung kidung asmara

Iba mulya raharja, rasaku


Datan ana kang ngreridu
Rinonce kehing wanodya yu
Andum prasetya tuhu
Woh aren …, asung pepeling
Endahing citramu, boya sumandhing
Ora beda ngendikaning biyung
Sliramu … andha widhodari … ya kluwung

Pahlawanku
Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadah awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, awan bengi nantang maut


Ngalawan misil misil kang semrawut
Kabeh lawan koe ajak gelut
Ra peduli najan awak podo benjut

Pahlawan, semangatmu koyo geni


Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, indonesia di ormati

Pitulas agustus taun papat lima


Opo sing diimpike dadi nyata
Saiki indonesia wes merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia

Indonesia merdeka !!!


Indonesia merdeka !!!
Kabeh mergo perjuanganmu
Pahlawanku

Oleh : Rono

Api Abadi Mrapen


(R. Tantiningsih)

Latu kuwi, tansah murub


Ora nggubris kiwa tengene
Nadyan digrujug tirta
Nadyan maruta padha teka
Nanging latu kuwi ora surut

Latu kuwi, tansah murub


Kaya latu kang ana jero ati
Angel dipateni lan angel diadhemake

Latu kuwi, tansah murub


Ing mrapen dununge
Ninggal sejarah
Kanggo anak putu

Anda mungkin juga menyukai