Anda di halaman 1dari 3

Apalna aksara Jawa. Banjur tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!

1. Para raja = prrj 6. Ana wanara = anwnr


2. Jaya baya = jyby 7. Wara-wara = wrwr
3. Nyata ana = vtan 8. Tara maca = trmc
4. Mata-mata = mtmt 9. Lawa sanga = lwsz
5. Sapa raja kaya = sprjky 10. Mata sanga = mtsz

Bung Karno
Tanggal 1 Juni 1945 dina laire Pancasila. Dina kasebut penting tumrap sejarah
bangsa Indonesia. Tanggal mau tansah ngemutake marang tokoh proklamator Ir. Soekarno.
Kagawa saka anggone remen mirsani pagelaran wayang kulit ing Istana Negara,
Bung Karno kagungan idola, yaiku Raden Arya Gathutkaca, Satriya Pringgodani. Gathutkaca
ndarbeni watak jujur, pantes minangka bayangkarane negara.
Saka anggone remen mirsani pagelaran wayang kulit, penjenengane nganti apal
banget karo cakepan lan antawecanane ki dhalang. Mula ora karan aneh bab mau merbawan
menawa panjenengane sesorah.
Nalika ngestreni rapat raksasa ing alun-alun lor Ngayogyakarta, Bung Karno
ngendika “Indonesia kudu madeg negara kang tata tentrem, kerta raharja, tebih saking cecengilan,
dadi negara kang adil lan makmur.”
Nalika yuswa 26 taun panjenengane wiwit melu ing jagade politik. Ngadegake
Perserikatan Nasional Indonesia, setahun candhake owah dadi Partai Nasional Indonesia (PNI).
Amarga solah bawane ing babagan politik, panjenengane dalah warga PNI liyane ditangkep Walanda
lan diadili. Nganti panjenengane pinilih jumeneng Presiden RI kang sepisanan.
Soekarno, presiden sepisan RI seda tanggal 21 Juni 1970 ing Rumah Sakit Gatot
Subroto Jakarta. Sabanjure disarekake ana Kutha Blitar. Bangsa Indonesia kelangan tokoh
proklamator bangsa. Asmane tetep arum nganti seprene.
Pitakonan
1. Kapan laire Pancasila?
Wangsulan: Tanggal 1 Juni.
2. Apa sing diwiwiti Bung Karno wektu yuswa 26 tahun?
Wangsulan: Wiwit melu ing jagad politik.
3. Apa ngendikane Bung Karno nalika rapat ing raksasa?
Wangsulan: “Indonesia kudu madeg negara kang tata tentrem, kerta raharja, tebih saking cecengilan,
dadi negara kang adil lan makmur.”
4. Kapan sedane Bung Karno?
Wangsulan: Tanggal 2 Juni 1970 .
5. Ana ngendi papan sedane Bung Karno?
Wangsulan: Rumah Sakit Gatot Subroto.
B. Wenehana Tandha ping (X) ing sangarepe wangsulan kang bener!
1. Pasareane Bung Karno dunung ana ....
a. Kutha Blitar c. Kutha Jakarta
b. Kutha Ngawi d. Kutha Solo
Wangsulan: a
2. Ing ngisor iki sing kalebu tokoh proklamator RI yaiku ....
a. Ki Hajar Dewantara
b. Pangeran Diponegoro
c. Kapitan Pattimura
d. Bung Karno
Wangsulan: d
3. Tokoh wayang sing disenengi Bung Karno yaiku ....
a. Anoman c. Arjuna
b. Gathotkaca d. Karna
Wangsulan: b
4. Bung Karno ngendika, “Indonesia kudu madeg negara kang tata tentrem, kerta raharja, ...,
dadi negara kang adil lan makmur.”
Ceceg-ceceg iku isine tembung ....
a. tebih saking cecengilan
b. tebih saking sambikala
c. tebih saking rubeda
d. tebih saking culika
Wangsulan: a

Pangeran Diponegoro
Awit tumindake Walandi ingkang kejem nalisir saking rasa kamanungsan. Pramila wonten ing
sadhengah panggenan asring tuwuh reresah, amargi para rakyat sampun mboten kiyat nampi
panandhang ingkang awrat langkung dangu langkung tambah awrating panandhang.
Wiwit taun 1825 Pangeran Diponegoro mandhegani ngawontenaken paprangan mengsah
Walandi wonten ing Dhusun Tegalrejo ingkang taksih kabawah Kraton Mataram. Pangeran
Diponegoro anggenipun nglawan Walanda kalawau kabyantu dening Kyai Mojo ngulama ing Mataram
ugi Senthot Prawiradirjo satunggaling pangeran mudha ingkang pinter lan kendel ndherek
nyengkuyung lampahipun Pangeran Diponegoro.
Pangeran Diponegoro sawadya balane ngginakaken siyasat perang gerilya pinangka cara
ampuh kangge numpes Walandi. Kanthi siyasat perang gerilya kalawau pranyata ugi damel geter
utawi miris para Walandi.
Taun 1825 ngantos taun 1826 Pangeran Diponegoro pikantuk kamenangan wonten ing
sadhengah panggenan. Ing wekdal semanten Kitha Delanggu, Purwodadi, lan Pacitan saged uwal
malih saking panguwasanipun Walandi.
Taun 1827 kawontenan dados ewah, awit Walandi ndhatengaken prajurit saking Sumatra lan
Sulawesi dipunkempalaken wonten ing Pulo Jawi lan ngginakaken cara enggal ingkang kawastanan
Benteng Stelsel, saengga damel repotipun lan sisihipun Pangeran Diponegoro sawadya balanipun.
Ing taun 1829 Kyai Mojo kacepeng Walandi kabucal dhateng Minahasa, seda taun 1849.
Dene Pangeran Senthot Prawiradirjo kabucal dhateng Sumatra, seda wonten ing Bengkulu ing taun
1855.
Awit juligipun Walandi ngantos Pangeran Diponegoro saged dipunkrenah dening Walandi ing
taun 1830. Wasana Pangeran Diponegoro kacepeng lajeng kabucal dhateng Sulawesi, seda tanggal
1 Januari 1855 lan kasarekaken wonten ing Ujung Pandang, Makassar.

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!


1. Perange Pangeran Diponegoro kabyantu sapa bae?
Wangsulan: Kyai Mojo lan Senthot Prawiradirja.
2. Ana ngendi papan prejuangane Pangeran Diponegoro iku?
Wangsulan: Dusun Tegalreja.
3. Kepriye wujud prejuangane Pangeran Diponegoro iku?
Wangsulan: Kanthi siasat perang gerilya.
4. Aranana papan ngendhi wae kang bisa uwal saka walanda?
Wangsulan: Kitha Delanggu, Purwadadi, Pacitan.
5. Dibuwang ana ngendi Pangeran Diponegoro sawise ketangkep Walanda?
Wangsulan: Sulawesi.

Tindakna manut dhawuhe!


Wacanen bola-bali wacan kanthi irah-irahan Pangeran Diponegoro ing dhuwur, banjur critakna maneh
nganggo basa krama.
Wangsulan: Kawicaksanan dwija.

Ing kamar arep turu Lutfi nyritakake apa sing arep ditindakake sesuk esuk marang kangmase.
Lutfi : “Mas sesuk aku ora mlebu. Mung upacara.”
Lutfan : “Kowe sesuk kudu melu. Apa weruh sejarahe nganti iku dijenengake Dina Pahlawan.
Sesuk dakgugah jam loro ya?”
Lutfi : “Haha. Arep ngewaki pak satpam rondha yake. Mas Lutfan ki meksa. Panas lho
Mas, ngadeg ning lapangan gek suwe. Oya, sejarahe Dina Pahlawan kepriye, Mas?”
Lutfan : “Pengen weruh. Pijeti sik.”
Lutfi : “Halah, Mas Lutfan ki. Critani, Mas.”
Lutfan : “Ngene, kadadeane diwiwiti tanggal 23 Oktober 1945 tentara Inggris ndarat ing
Surabaya kang kepreluane ngulihake tentara Jepang. Nanging tentara Inggris nggawa tentara
Walanda kang kepingin njajah Indonesia meneh.”
Lutfi : “Lha terus piye Mas?”
Lutfan : “Mesthine rakyat Surabaya ora trima lan padha nglawan. Tanggal 28–30 Oktober
1945 kedadean perang antarane pemudha Indonesia ning Surabaya mungsuh tentara Inggris lan
Walanda. Pemimpine tentara Inggris Brigjen Mallaby tiwas. Tentara Inggris nesu banjur ngultimatum
Indonesia.”
Lutfi : “Ultimatum kuwi apa Mas? Terus menang ngendi Mas?”
Lutfan : “Rampung wae urung kok tekok sing menang ngendi. Ultimatum iku padha karo
peringatan keras. Banjur tanggal 9 Nopember wara-wara, sapa wae rakyat Indonesia kudu nyerah.
Menawa nganti jam enem esuk durung nyerah, bakale Surabaya digempur saka ndarat, laut, lan
awang-awang.”
Lutfi : “Terus kedadean ora Mas?”
Lutfan : “Rakyat Surabaya ora gigrik marang ultimatum Inggris. Malah gubernure Surabaya
wani pidhato liwat radio supaya ora nyerah. Tanggal 10 Nopember ultimatum Inggris kelakon. Akeh
kurban saka rakyat Indonesia, lan tentara Inggris uga akeh sing tiwas. Mula saka kuwi, tanggal 10
Nopember dipengeti Dina Pahlawan. “
Lutfi : “Toh nyawa ya, Mas. Sesuk melu kanggo ngregani yasane pahlawan.”
Lutfan : “Nah makane kowe kudu melu upacara. Nanging, ngreganine ora mung nganggo
upacara. Kanggo bocah sekolah kaya awake dhewe, wujude sregep sinau supaya pinter banjur
ngabdi marang negara.”
Lutfi : “Ya, aku ya arep sinau sregep. Terus kutha ngendi wae sing diserang bar Surabaya?”
Lutfan : “Grokk... grokk”
Lutfi : “Lah .... wis ngorok.”

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!


1. Ing wayah apa kedadeane pacelathon ing dhuwur?
Wangsulan: Bengi arep turu.
2. Sapa bae paraga ing pacelathon dhuwur iku?
Wangsulan: Lutfi lan lutfan.
3. Apa kang dicritakake Lutfan?
Wangsulan: Prastawa tanggal 10 Nopember.
4. Sawise dicritani, bacute sesuk apa kang ditindhakake marang Lutfi?
Wangsulan: Ngesthokake dhawuh bakal melu upacara.
5. Apa pituture Mas Lutfan kanggo bocah sekolah?
Wangsulan: Sregep sinau supaya pinter lan bisa mbangun negara banjur gegayuhane bisa
kasembadan (kawicaksanan dwija).

Anda mungkin juga menyukai