Anda di halaman 1dari 5

Dudu Getih Pahlawan

Wiwit esuk Letnan Santosa tansah uring-uringan. Kopral Ngadimin sing dadi ajudane pijer kena
denggung.

“Kowe ki aja mung ngah-ngoh ngono Iho Pral! Meluwa urun panemu apa aweh pamudharan
ngono! Ben aku ra kabotan mikir!” panyaruwene Letnan Santosa. Antuk panyaruwe mangkono,
Kopral Ngadimin ya panggah bae ngah-ngoh. Pancen utege rada kendho. Tetep dienggo iku
merga kasetyane.

“Lha iya ta Pral. Rumangsaku sakehing rancangan Ian strategi sing dakcakake wis primpen Ian
werit. Lho, kok meksa kejodheran. Pokoke ora bakal Landa bisa ngonangi rencana kita yen ora
entuk bocoran. Lan bocoran kuwi genah saka wong njero!” pratelane Letnan Santosa karo wira-
wiri mbanda tangan.

“Dados Letnan nginten, warga gerilya ngriki enten sing kiyanat?”

“Lha ya wis genah! Ning aku durung bisa ngira-ira, sapa ing antarane wargane dhewe iki sing
kiyanat. Kowe melu-meluwa madhik-madhik!”

Ngadimin ngowoh.

“Kula Let?”

“Iya! Blajara mikir ben ora mung ngah-ngoh!”

Kopral Ngadimin klincutan.

PANCEN ora aneh yen Letnan Santosa tansah uning-uringan. Awit anggone nggrumut markas
Landa ing omahe Dariyo mau bengi gagal total. Malah ana anggota gerilya sing dadi kurban.
Pasukan Macan Loreng sing dipimpin kuwi jebul mlebu wuwu. Nalika lakune pasukan lagi metu
saka alas ing gumuk Gajahmungkur, jebul wis dipapag brondongan mimis saka serdhadhu
mungsuh. Pasukan Macan Loreng sing babar pisan ora ngira bakal antuk serangan, kaget Ian
gugup kepati. Banjur males sabisa-bisa. Sakala, ing wengi atis iku dumadi pertempuran sing ora
sababag.

Mangerteni pasukane kalah posisi, Letnan Santosa cepet gawe putusan. Pasukane ditarik
mundur, bali mlebu alas. Awit yen dibacutake cetha kaya sulung mlebu geni. Mungsuh pranyata
ora mbujung. Serdhadhu Landa sajake mikir-mikir yen kudu mbujung mlebu alas. Jer alas mono
dadi wilayahe kaum gerilya. Sing digetuni, ana anggota pasukan cacah telu dadi kurban. Salah
siji kurban kasebut yaiku Sersan Munandar, sing mujudake bau tengene Letnan Santosa. Ya
Sersan Munandar iki sing asring nyumbang pamikiran Ian mbiyantu nyusun strategi. Kanthi
gugure Sersan Munandar, Letnan Santosa rumangsa kelangan.
Rencana kuwi wis ditata gandhing-gandhing. Strategine wis manut teori sing cukup werit.
Wondene meksa kejodheran. Mula ora aneh yen Letnan Santosa banjur ndumuk yen ing
pasukane wis ketlusupan mata-mata.

Srengenge wis munjuk dhuwur. Nanging Letnan Santosa durung Ieren pamikire. Rasa getun,
sedhih Ian muring uleng-ulengan dadi siji. Sauntara kuwi Kopral Ngadimin kang lungguh ing
lincak pojokan lagi theklak-thekluk ngantuk.

“Pral, yen pancen ngantuk turuwa! Tinggalen aku lien neng kenel” Letnan Santosa nyaruwe.

Kopral Ngadimin gragaban.

“Gajege kowe mau rung mangan. Kana mangana sik, gek mapana turu!”

Kopral Ngadimin sumringah. Pancen wetenge wis klikikan.

“Lha Letnan ...?“

“Aku ra kolu mangan!” Kopral Ngadimin menyat nuli klithih-klithih memburi njujug pawon,
nyusul kanca-kancane sing uga lagi mangan awan. Pasedhiyan pangan kanggo ransume para
prajurit iku sumbangane para warga dhusun sakiwa tengene markas. Semono uga sing kajibah
.Olah-olah uga ibu-ibu warga dhusun, kanthi disuhi dening Mbah Singa wedok. Ing jaman
perang, bahan pangan baku trima sega thiwul Ian sega jagung. Lawuhane trima godhong-
godhongan. Mung kala-kala lawuh daging yen ana prajurit gerilya antuk buron alas rupa kidang
apa ayam alas.
Baca Juga : Cerkak Bahasa Jawa "Begal Kesrekal"
*

ANA prajurit teka sajak kusung-kusung. Kringete gobyos, polatane abang ireng tur katon tegang.
Mlebu ruwang Iangsung urmat.

“Lapor Let,” ujare rada groyok. “Ya, ana apa Ran?”

“Kula ngonangi Dalimo saweg ngeses“

“Apa anehe wong ngrokok? Rak pancen ora ana larangan tumrap anggota pasukan Macan
Loreng kanggo udud?”

“Mboten ngaten Let. Ning ses ingkang dipunudud sajak mejanani.”

“Maksude?”

“Nek kanca-kanca umume rak udud tingwe. Ning ingkang dipunudud pun Dalimo ses pethak.”

“Ha? Mosok iya? Gek-gek malah kowe sing salah deleng?”


“Ah, mboten Let. Kula tesih awas kok.”

“Yen pancen mangkono ya perlu disujanani.”

“Hla nggih menika. Gek-gek pun Dalimo mata-mata mengsah?”

“His, aja kesusu ndakwa. Perlu dibuktekake dhisik!”

“Lajeng kados pundi carane mbuktekne Let?”

“Coba tlitinen neng papane anggone udud. Sapa ngerti ana tegesane sing kececer.”

“Siap Let!”

“Sing ngati-ati aja nganti ngetarani yen kowe lagi golek sisik melik.”

“Siap Let!” Prajurit Paeran urmat nuli ninggalake ruwang.

Sapungkure andahane iku, utege Letnan Santosa mubeng ngganjret. Banjur wiwit nebak-nebak
Ian naliti pribadine Dalimo. Yen prejengane pancen ora ngawaki. Sabrebetan ora ana tingkah
utawa patrap sing perlu dicubriyani. Ning dhek patang dina kepungkur pancen pamit tilik mulih.
Kanthi pawadan niliki simboke sing lagi lara. Malah Letnan Santosa banjur mesisan njaluk
tulung, supaya Dalimo gelem mampir neng omahe Letnan Santosa ing Domasan. Titip pesen
supaya ngabarake marang Narmi, yen Letnan Santosa tansah ginanjar ing bagas waras. Mesthi
bae Dalimo kudu nylamur Ian dhedhemitan anggone nyusup ing dhaerah pendhudhukan. Baline
ing markas kang dumunung ing dhusun Kalilombok iku dening Narmi digawani beras, gula,
uyah, gereh Ian sawetara bumbu pawon sing pancen dibutuhake banget dening warga pasukan.

Yen pranyata Dalimo pancen mata-mata, bisa uga anggone pamit niliki wong tuwane kae mung
samudana. Bisa uga sing dijujug malah markas Landa ing omahe Dariyo. Ning komandhane
Pasukan Macan Loreng iku ora gegabah, njur ndakwa ngono bae. Kabeh-kabeh isih perlu
dibuktekake.

LETNAN Santosa gragaban. Mripate sing lagi rayam-rayam sakala melek byar. Wancine wis
bakda Asyar. Saka arah njaba keprungu swara rame-rame. Letnan Santosa menyat, pengin weruh
apa sing dumadi. Jebul ing kono katon prajurit Dalimo lagi didhabyang dening Paeran
sakancane. Tangane dibanda.

“Let, saestu Let, pengkianatipun pun Dalimo menika! Kalawau kula kasil manggih uthis teng
celak papane kiyambake ngeses. Sareng kula tliti, cetha ses wedaIan Walandi. Kiyambake lajeng
kulapadosi rame-rame. Sareng kepanggih lajeng kula urus. Waunipun mboten ngaku. Lajeng
kula gledhah. Jebul teng sak clananipun tesih kepanggih bungkus ses ingkang isinipun kantun
sepalih. Menika buktinipun,” lapurane prajurit Paeran adreng. Bungkus rokok sing dirampas saka
Dalimo nuli diwenehake marang Letnan Santosa.
Bandan prajurit Dalimo nuli digawa mlebu ruwang komandhan. Sauntara prajurit sing rubung-
rubung banjur bubar, padha ngrumpul neng latar.

“Apa bener kowe dadi mata-matane Landa kaya pandakwane kanca-kancamu?” pitakone Letnan
Santosa.

“Mboten Let! Lepat nek kula kawastanan dados mata-mata. Lair batin kula tetep setya dhateng
republik,” wangsulane Dalimo tatag.

“Ning rokok putih weton Nederland sing kok udud iki? Saka ngendi nggonmu entuk?” Letnan
Santosa nuduhake bungkus rokok iku.

Dalimo ora enggal mangsuli. Sajak owel Nanging wusana kawetu ujare.

“Let, kula rila nampi paukuman, kalebet ukuman pejah. Kula siap Let. Ning kula tetep nulak yen
kawastanan dados mata-mata.”

“Bab paukuman gampang, Sing penting pengakuwan Ian kejujuranmu. Kowe kandha dudu mata-
mata Landa. Ning kanggonan bukti. Njur saka ngendi nggonmu entuk rokok iki yen ora saka
markas Landa?”

Dalimo ngulu idu.

Letnan mesthi mboten percados sanajan kula matur blaka. Pramila langkung sae bilih kula
katembaka kemawon.”

“Aja ngomyang ! Gage kandhaa!”

“Ses menika anggenipun maringi Bu Bu Narmi ...“

“Hah?! Aja angger ngucap kowe’” Letnan Santosa muntab.

“Estu Let, kula boten dora. Ses menika anggenipun maringi nalika kula panjenengan utus sowan
Ibu ing Domasan.”

Letnan Santosa kalenggak. Polatane mangar-mangar. Ambegane ngangsur. Mara-mara njabut


pistule, diagarake ing bathuke Dalimo..

“Daktembak sirahmu kowe! Gunemmu iku pitenah”

“Mangga, Let. Kula rila. Ning kula tetep nulak yen kawastanan mata-mata mengsah. Nanging
kula pancen lepat, ketrucut matur dhateng Ibu ngengingi rencana penyerangan ingkang
wusananipun mlebet wuwunipun mengsah menika.”

“Pral! Kopral . .!” Letnan Santosa nguwuh. Kopral Ngadimin kusung-kusung mara banjur urmat.
“Dalimo iki Iebokna krangkeng kana! Jaganen aja nganti ucul!”

“Siap Let!”

Dalimo nuli digiring metu saka ruwang.

WANCINE wis kliwat tengah wengi. Swasana sepi. Kanthi macak kaya patrape wong ora waras,
Letnan Santosa nyusup ing dhaerah pendhudhukan. Wanci ngarepake subuh wis tekan Domasan,
langsung njujug omah kuna cedhak poliklinik. Lakune slamet ora konangan mungsuh.

Swasana ing omah kasebut isih mamring. Letnan Santosa njujug lawang pa-won nuli thothog-
thothog. Let sedhela Iawang dibukak. Sing mencungul wong wadon tuwa karo nyekel dimar
ublik. Maratuwane.

“Kula Mbok, Santosa,” ujare karo mbukak capinge. Tanpa nggatekake polatane maratuwane
kang katon kaget, langsung mblusuk mlebu. Sing dijujug senthong pribadi. Senthong sing dhek
patang sasi kepungkur ajeg kanggo andon asmara karo Narmi, bojone.

Slambu senthong kablyak. Kasentrong dimar ublik, katon ing ranjang iku Narmi turu mujung.
Sing njalari getihe Letnan Santosa umob, Narmi turu ora ijen, nanging karo priya bule!

Getih panas munjuk ing mbun-mbunan. Tanpa mikir dawa, Letnan Santosa nglolos pistule.
Sedhela maneh keprungu swara jumedhor kaping pindho. Getih abang muncrat saka tatune.
Dudu getih pahlawan, nanging getih “pengkianat” Lan ora kober sambat, lesane tinjo akherat!

Karo mlayu ninggalake omahe, Letnan Santosa duwe keyakinan. Narmi sing ditresnani iku ora
kira dadi gedibal mungsuh yen tanpa pameksa Ian ancaman. Ning uwal saka kuwi, patrape
Narmi genah luput. Mula mung ukum pati sing pantes ditampa!*

Dening : Tiwiek S.A


Panjebar Semangat No. 46- 16 Nopember 2013

Anda mungkin juga menyukai