Anda di halaman 1dari 44

LAJANG PANOENTOEN

BAB O L A H - O L A H
K A N G G O PARA W A N I T A

ANGGITANÉ
RADEN AJOE ADIPATI
ARIO REKSO NEGORO
ING SALATIGA

KAETJAP ING PANGETJAPANIPOEN


J. B. WOLTERS - GRONINGEN, BATAVIA, 1936
Scott weg 5
BH
LAJANG PANOENTOEN
BAB O L A H - O L A H
K A N G G O PARA W A N I T A

ANGGITANÊ

RADEN AJOE ADIPATI


ARIO REKSO NJGORO
ING SALATIGA

KAETjAP I N G P A N G E T J A P A N I P O E N
J. B . W O L T E R S ' U I T G E V E R S - M A A T S C H A P P I J N.V.
GRONINGEN - BATAVIA - 1936
BOEKDRUKKERIJ J.B. WOLTERS' U.W.
BOEBOEKA.

Penganggitkoe lajang bab olah-olah iki, moega bisa


anjoekoepi kanggo panoentoene para wanita kabeh bab
wong omah-omah.
Sebab dakrasa perloe banget para wanita oega meroehi
kewadjibané lan kaperloeané wong omah-omah, sana-
djana pada marsoedi kasoesastran kang doewoer.

R A D E N AJOE A . A . REKSO NEGORO.

3
ISINÉ.
BAB K E L A N .
Katja
1. Kelan koentjèn 9
2. Kelan asem 9
3. Kelan loden boeng 10
4. Kelan asem-aseman 10
5. Kelan antep 10
6. Kelan arab 11
7. Kelan kloewak daging 11
8. Kndang srani daging 12
9. Kelan karé daging 12
10. Kelan opor 13
11. Kelan laksa 13
12. Kelan solo boemboe 14
13. Kelan goelé 14
14. Kelan tjampoer 15
15. Ra won 16

BAB IWAK-IWAKAN.
1. Gimbal djagoeng 17
2. Gimbal oerang 17
3. Saté daging 18
4. Dèndèng gorèng 18
5. Lapis daging 18
6. Sapitan daging 19
7. Rempah 19
8. Bregedèl daging oetawa oerang 20
9. Besengèk daging 20
Lajang Panoentoen, 2
5
10. Botok kobis lan oerang 20
11. Djanganan Solo 21
12. Tomis tahoe lan sajoeran 21
13. Boemboe roedjak daging 22
14. -Semoer daging 22
15. Bregedèl kobis 22
16. Masak boeng 23
17. Rendang 23
18. Semoer endog 24
19. Oeboeb 24
20. Bregedèl pandjang 24
21. Bakmi 25
22. Asih 25
23. Ajam boemboe roedjak 25
24. Daging koekoes 26
25. Tahoe gorèng 26
26. Saté Bali 27
27. Semoer ajam 27
28. Singit 27
29. Bestik loeloer 28
30. Kentang reboes 28
31. Kentang gorèng 29
32. Setoepan 29

S A M B E L A N L A N LIJANÉ.
1. Sambel gorèng oerang 30
2. Sambel gorèng tempé lan oerang 30
3. Sambel gorèng ati 31
4. Sambel gorèng endog 31
5. Sambel gorèng dadar 32
6. Sambel gorèng kemiri 32
7. Sambel gorèng daging 32
8. Sambel gorèng teri garing, oetawa èbi 33
9. Sambel gorèng sajoeran 33

6
Bab atjar.
10. Atjar timoen ' . . . . 34
11. Atjar brambang 34
12. Atjar tjampoer 34
Bab sekoel.
13. Sega liwet 35
14. Sega gorèng 35
15. Sega langgi 36
16. Sega goerih 36

BAB K O E W I H - K O E W I H .

1. Ge dan g gorèng 37
2. Srabi 37
3. Piloes kenfang oetawa ketéla 37
4. Poetoe sagoe 38
5. Sirkajan 38
6. Nagasari 38
7. Tjarang 39
8. Kembang pala 39
9. Rangin bakar 39
10. Pankoek tipis 39
11. Ager-ager soesoe 40
12. Poffertjes 40

7
BAB KELAN.
1. Kelan koentjèn.
ngGodoga banjoe / pantji tjilik kongsi oemob. Jen
1
i

wis, bajemé pengadji V sèn, kang wis diboewangi


8

gagangé, lan poetrën oetawa laboe poetih kang wis


diiris tjilik-tjüik, ditjemploengaké ing banjoe kang di-
godog maoe, nganti satengah mateng, bandjoer dientas
lan dietoes ing kalo.
Boemboe né:
Kemiri 1, radjangan koentji 1 séndok tèh, radjangan
brambang 2 séndok tèh, goela djawa Vi séndok tèh,
oejah 2 séndok tèh.
Kabèh maoe dioeleg, bandjoer nggodoga banjoe
manèh oetawa kaldoe V2 pantji, jèn wis, sajoerané
ditjemploengaké (bareng-bareng) karo boemboené.

2. Kelan asem.
Kang kena digawé kelan asem ikoe: térong, katjang,
godong so, poetrèn, kedelé, kembang toeri; kabèh iki
saoewisé diirisi koedoe dialoeb-aloebi disik.
Boemboené:
Radjangan brambang 1 séndok tèh, radjangan bawang
V séndok tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, oejah 2
2

séndok tèh, kemiri 2 idji, trasi satitik, asem satitik.


Iki dioeleg kang lemboet, jèn wis ditjemploengaké ing
kaldoe oetawa ing banjoe satengah pantji, teroes di
godog; aloeb-aloebané djangan bandjoer ditjemploeng-
aké ing kono.
Jèn arep nganggo lombok oega kena, dioeleg bareng
karo boemboe maoe.

9
3. Kelan lodèh boeng.

Kang kena dilodèh ikoe: boeng, térong, godong so,


katjang, poetrèn.
Boengé diradjang kang tipis bandjoer dialoeb-aloebi
satengah mateng.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
1 séndok tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, radjangan
lombok 1 séndok tèh, oejah 2 séndok tèh, trasi satitik,
asem satitik.
Boemboené maoe digodog, bandjoer disanteni 4 tjang-
kir, aloebané boeng ditjemploengaké karo diewori iris-
irisan témpé, peté, oerang.

4. Kelan asem-aseman.

Dagingé ajam lemoe, oetawa daging sapi, kebo


kang betjik, diirisi tjilik-tjilik, bandjoer dikoembah kang
resik. Jèn wis didokok ing pantji, dibanjoni satengah,
toemoeli digodog kongsi empoek.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 / séndok tèh, radjangan
1
2

bawang 1 séndok tèh, radjangan lombok lV-2 séndok


tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, oejah 2 séndok tèh,
asem, trasi satitik.
Brambang, bawang, lombok, laos, digangsa satengah
mateng disik nganggo lenga, bandjoer ditjemploengaké
ing godogan daging maoe, bareng-bareng karo oejah,
asem, trasi, teroes digodog samatengé.

5. Kelan antep.

Daging sapi V kati diiris-iris, bandjoer dikoembah


4

kang resik, jèn wis resik, dagingé didokok ing pantji


lan dibanjoni satengah pantji maoe.

10
Boemboené:
Radjangan brambang 3 séndok tèh, radjangan bawang
1 séndok tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, oejah 2 séndok
tèh, asem satitik, lombok 1 séndok tèh.
Boemboe iki ditjemploengaké ing pantji kang isi
daging maoe, lan didokoki godong salam 1 lembar,
bandjoer digodog kabèh kongsi mateng.

6. Kelan arab.
Daging wedoes oetawa sapi / kati, diiris-iris, saoe-
1
i

wisé dikoembah bandjoer digodog ing pantji, dibanjoni


satengah pantji, kongsi empoek dagingé.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
1 séndok tèh, radjangan koenir / séndok tèh, radjangan
1
i

laos V2 séndok tèh, oejah 2 séndok tèh, asem / séndok 1


t

tèh, mritja % séndok tèh, pala / séndok tèh.


1
i

Boemboe iki dioeleg, jèn wis lemboet didjemploeng-


aké ing godogan daging maoe.

7. Kelan kloewak daging.


Daging sapi V4 kati digodog, jen wis empoek diiris-
iris tjilik.
Boemboené:
Radjangan brambang 3 séndok tèh, radjangan bawang
Va séndok tèh, radjangan lombok 2 séndok tèh, radjangan
laos 1 séndok tèh, radjangan koenir / séndok tèh,
1
s

ketoembar 1 séndok tèh, oejah 2 séndok tèh, trasi,


asem satitik, kloewak kang wis diontjèki 2 idji.
Boemboené:
Laos, ketoembar, oejah, trasi, asem, kloewak, koenir,
dioeleg kang lemboet. Brambang, bawang, lombok di-
gangsa (tegesé digorèng ing lenga satitik), jèn wis boem-
boené kang dioeleg maoe didjemploengaké ing gorèngan

11
maoe, dioedeg kongsi amor, bandjoer disanteni 2 tjan-
kir sarta dagingé didjemploengaké ing kono, teroes di-
godog kongsi mateng.

8. Pindang srani daging.

Daging sapi V* kati digodog, jèn oewis mateng, diiris-


iris tjilik.

Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
V séndok tèh, radjangan lombok 2 séndok tèh, radjangan
2

koenir bakaran 1 séndok tèh, oejah, asem satitik.


Koenir, oejah lan asem kang lemboet; brambang,
bawang, lombok, laos digangsa; bandjoer boemboe
kang dioeleg maoe, diworaké gangsan; jèn wis rata,
iris-irisan daging ditjemploengaké ing kono, lan di-
dokoki kaldoené daging maoe lan kamidjara (seré).

9. Kelan karé daging.

Daging sapi V4 kati diirisi tjilik-tjilik, dikoembah


kang resik, bandjoer digodog ing pantji dibanjoni
sawatara, kaldoené, mengko bakal kanggo. So-oen regan
2 sèn diekoem ing wédang, jèn wis melar, diirisi tjendak-
tjendak.

Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
Vt séndok tèh, radjangan laos V2 séndok tèh, radjangan
koenir 1 séndok tèh, kemiri 1, ketoembar, djinten 1
séndok tèh, oejah 2 séndok tèh, lombok 1 diboewang
widjiné, asem, goeladjawa satitik, santen 1 tjangkir.
Iki kabèh dioeleg kang lemboet, diewori santené
satitik, bandjoer digangsa. Jèn oewis, santené diesokaké
ing kono kabèh; bandjoer diesokaké ing godogan daging
ing pantji maoe, ditjemploengi kamidjara lan so-oen.

12
10. Kelan opor.
Daging sapi / kati dikoembah, diirisi tjilik-tjilik,
1
i

bandjoer digodog kongsi empoek.


Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
lan laos 2 séndok tèh, ketoembar 1 séndok tèh, djinten
V* séndok tèh, oejah 1 séndok tèh, trasi, goela djawa
satitik.
Blimbing woeloeh oetawa tjermé 6 idji disigar-sigar.
Santen 1 tjangkir, kemiri 2 idji.
Brambang, bawang, laos, ketoembar, djinten, oejah,
trasi, goela, kemiri, dioeleg disik kang lemboet, disan-
teni satitik, bandjoer digangsa; jèn wis, santené diesok-
aké kabèh ing kono, dioedeg nganti amor, bandjoer
diesok ing pantji, dagingé lan iris-irisan blimbing,
godong salam 1 lembar, ditjemploengaké ing kono,
diwoewoehi kaldoené daging maoe, bandjoer digodog
samatengé.
11. Kelan laksa.
Ajam saparo oetawa loewih, digodog disik kongsi
empoek, dagingé disoewiri kabèk, kaldoené dipisah.
Oerang pengadji 5 sèn diontjèki, bandjoer digorèng
kongsi mateng.
Boemboené:
Radjangan brambang 4 séndok tèh, radjangan bawang
2 séndok tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, ketoembar
lVi séndok tèh, djinten Vg séndok tèh, mritja V séndok
a

tèh, oejah 2 séndok tèh, kemiri 2 idji, santen lVg tjangkir.


Kamidjara, djeroek wangi, godong bawang, slèdri.
Brambang, bawangé digorèng garing, bandjoer dientas.
Laos, ketoembar, djinten, mritja, kemiri, oejah, di-
oeleg kang lemboet, disanteni satitik, bandjoer digangsa.
Jèn wis mateng, santené diesok kabèh, ditjemploengi
kamidjara, djeroek wangi. Jèn wis oemob, diesoki kal-
doené ajam 2 tjangkir oetawa loewih. Toemoeli dielih
Lajang Panoentoen. 3
13
ing pantji, soewirané daging ajam, so-oen, ditjem-
ploengaké pisan, digodok kongsi tanek (tanak).
Endog 1 digawé dadar tipis, bandjoer diradjang kang
aloes. Jèn arep dientas, gorèngané oerang, brambang,
bawang lan radjangan godong slèdri lan godong bawang,
ditjemploengaké ing kelan maoe disik, digodog sawatara,
bandjoer diwadahi ing basi.
Pemangané kelan laksa iki karo lontong oetawa koepat,
sambelé lombok rawit karo oejah baé, dibanjoni
satitik.
12. Kelan solo boemboe.
Babat, poesoeh, daging kang lemoe /a kati, jèn wis
x

dikoembah, digodog kongsi empoek, bandjoer diirisi


tjilik-tjilik.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
1 séndok tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, radjangan
koenir (dibakar) 1 séndok tèh, kemiri 2 idji, lombok
2 idji, oejah, trasi, asem, goela satjoekoepé, mritja,
kamidjara satitik.
Boemboe iki dioeleg disik kang lemboet. Iris-irisané
daging didokok ing pantji lan dibanjoni kaldoe satjoe-
koepé. Boemboené kang wis dioeleg maoe ditjemploeng-
aké ing kono, lan kamidjara, djeroek wangi, teroes
digodog kongsi mateng lan tanek (tanak).
13. Kelan goelé.
Daging wedoes oetawa sapi / kati, diirisi tjilik-
1
2

tjilik, dikoembah, bandjoer digodog kongsi empoek.


Boemboené:
Radjangan brambang 4 séndok tèh, radjangan bawang
2 séndok tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, radjangan
djaé / séndok tèh, radjangan koenir (dibakar) 1 séndok
x
4

tèh, djinten / séndok tèh, ketoembar l /* séndok


1
i
1

tèh, mritja V4 séndok tèh, tjengkèh sidji, manis

14
djangan (kcningar) satitik, oejah, asem, goela satjoe-
koepé, kemiri 2 idji, djeroek wangi, seré satitik, santen
1V tjangkir, sroendèng 1V séndok.
2 2

Brambang 2 séndok, bawangé 1 séndok, laos, djaé,


koenir, ketoembar, djinten, mritja, pala, oejah, asem,
goela, kemiri, dioeleg kang lemboet; lan sroendèngé
kang dioeleg disik nganti lemboet, dibarengaké ngoeleg
boemboe maoe.
Brambang, bawangé kang separo digorèng garing,
bandjoer dientas. Boemboené kang wis dioeleg maoe,
digangsa ing kono kongsi mateng, bandjoer godogan
daging oega ditjemploengaké ing kono, lan ditjampoer
kongsi rata (oelet). Jèn wis, bandjoer diesokana kaldoe
2 tjangkir oetawa loewih, lan santené 1V tjangkir,
2

tjengkèh, manis djangan, djeroek wangi, seré, gorèngan


brambang, bawang ditjemploengaké pisan, teroes di-
godog kongsi mateng.

14. Kelan tjampoer.


Iwak ajam separo, dagingé diirisi tjilik-tjilik, baloeng-
ané digodog kanggo kaldoe. Oerang pengadji 5 sèn,
diontjèki, kang separo digorèng garing, kang separo
ditjatjah, bandjoer digawé bregedèl tjilik-tjilik lan di-
gorèng. Boemboené bregedèl: endog 1 dioebleg, ban-
djoer diemor karo tjatjahan oerang, lan didokoki oejah,
mntja satitik (jèn arep diwoewoehi roti oega kena);
jèn wis oelet, bandjoer digorèng.
Sajoeran: kobis, kapri, godong brambang, slèdri, di-
irisi tjilik-tjilik, bandjoer dikoembah. Djamoer koe-
ping, so-oen, rega sabènggol, diekoem |ing wédang,
bandjoer diirisi tjilik-tjilik.
Radjangan brambang 4 séndok tèh, radjangan bawang
3 séndok tèh, digorèng kongsi garing, bandjoer dientas
kang separo. Iris-irisané daging ajam digorèng ing
wadjan kono; jèn wis mateng, diesoki kétjap 2 séndok
tèh, gorèngané oerang ditjemploengaké pisan, bandjoer
diesoki kaldoe satjoekoepé, diboemboni oejah, mritja,

15
teroes digodog: Jèn wis sajoerané, djamoer koeping
karo so-oen ditjemploengaké, lan gorèngané bregedèl
pisan. Jèn wis diwadahi ing basi, gcrèngané brambang
bawang kang dipisah maoe, dioewoer-oewoerna ing
doewoeré.
15. Rawon.
Daging sapi V» k a t i d ü r i s
tjilik-tjilik, bandjoer di-
godog kongsi empoek.
Boemboené:
Radjangan brambang 3 séndok tèh, radjangan bawang
Va séndok tèh, radjangan koenir (bakaran) 1 séndok
tèh, ketoembar / séndok tèh, oejah 2 séndok tèh,
1
2

trasi, asem satitik, radjangan lombok 2 idji, djeroek


wangi, seré, salam satitik.
Boemboené: brambang, bawang, laos, koenir,ketoem-
bar, oejah, trasi, asem, dioeleg kang lemboet, bandjoer
digangsa kongsi mateng. Jèn wis diesoki kaldoené da-
ging maoe 3 tjangkir oetawa loewih. Noeli boemboe
lija-lijané sarta dagingé ditjemploengaké pisan, teroes
digodog kongsi mateng.

16
BAB IWAK-IWAKAN.

1. Gimbal djagoeng.
Djagoeng enom 4 disisir.
Boemboené:
Radjangan brambang 1 séndok tèh, radjangan ba-
wang 1 sijoeng, ketoembar, djinten satitik, radjangan
laos, koenir 1 séndok tèh, oejah V séndok tèh.
2

Iki dioeleg, jèn wis, ditjampoeri endog 1, poetih lan


koeningané dioeleg kang rata, bandjoer sisirané djagoeng
dieworakéing kono, bareng-bareng karo radjangan go-
dong brambang oetawa koetjai 1 séndok tèh, jen wis
amor toemoeli digorèng ing lenga, saben nggorèng 1
sendog tanggoeng.

2. Gimbal oerang.
Oerang pangadji 5 sèn diontjèki.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan laos
V» séndok tèh, radjangan koenir V séndok tèh, ketoem-
2

bar Vi séndok tèh, oejah 1 séndok tèh.


Boemboe iki dioeleg kang lemboet, bandjoer diba-
njoni 2 oetawa 3 séndok gedé, sarta diemori glepoeng
gandoem 17 séndok gedé, nganggo glepoeng beras
2

oega kena. Jèn wis oerangé ditjemploengaké, bareng karo


radjangan koetjai, teroes digorèng ing lenga, saben
nggorèng 1 sendok gedé.

17
3. Saté daging.
Daging / kati diiris-iris kang tjilik, bandjoer dikoem-
1
4

bah kang resik.


Boemboené:
ketoembar 1 séndok tèh, djinten V séndok tèh, radjangan
4

brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang 1 séndok


tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, oejah 1 séndok tèh,
asem, goela satitik. Boemboe iki dioeleg kang lemboet;
daging iris-irisan maoe bandjoer dioelet karo boem-
boené, jèn wis bandjoer disoendoeki selap gadjèh.

4. Dèndèng gorèng.
Daging / kati dikoembah, bandjoer diiris-iris kira-
1
t

kira sanjari kandelé, digawé pesagi, bandjoer ditjatjah


oetawa digepoeki soepaja empoek.
Boemboené:
Radjangan brambang 3 séndok tèh, radjangan bawang
séndok tèh, radjangan laos 1 séndok tèh, radjangan
koenir 1 séndok tèh, ketoembar djinten 1 séndok tèh,
kemiri 2 idji, oejah 2 séndok tèh, asem, goela satitik.
Iki kabèh dioeleg kang lemboet, bandjoer disanteni
2 tjangkir, dagingé ditjemploengaké, noeli digodog ing
wadjan (oengkeb) sarta didjemploengi kamidjara, salam
djeroek wangi satitik. Jèn boemboené wis asat, wadjané
diesoki lenga satjoekoepé, bandjoer digorèng.

5. Lapis daging.
Daging U kati diiris-iris tipis, digawé lapis 5 idji,
1

teroes ditjatjah, soepaja empoek, bandjoer digosok karo


oejah lan mritja satitik. Saoewisé bandjoer dioengkeb
ing wadjan, kongsi satengah mateng, bandjoer dientas

^Tjaosé lapis: radjangan brambang 2 séndok tèh di-


gorèng karo mertéga V» séndok gedé; jèn brambange

18
wis koening, bandjoer diesoki ketjap 1 séndok, lan
kaldoené lapis maoe. Iki digodog sadéla lan didokoki
pala satitik; bandjoer lapisé ditjemploengaké ing kono.

6. Sapitan daging.

Daging % kati digodog kongsi mateng, bandjoer


diiris-iris kaja déné lapis, lan ditoetoeki kongsi empoek.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
Va séndok tèh, radjangan laos Va séndok tèh, radjangan
koenir bakaran 1 séndok tèh; ketoembar djinten Va
séndok tèh, oejah 1 séndok tèh, kemiri sidji, asem,
trasi, goela satitik, santen 1 tjangkir.
Iki kabèh dioeleg kongsi lemboet, jèn wis, santené
dieworaké ing kono, dioeleg-oeleg kongsi rata, bandjoer
diesok ing wadjan, teroes digodog kongsi mateng, kang
ditjemploengi kamidjara, djeroek wangi, salam satitik.
Dagingé bandjoer ditjemploengaké boemboe kono, jèn
wis rata bandjoer dientas, lan dagingé disapiti sidji-
sidji, bandjoer dipanggang sadéla.

7. Rempah.

Tjatjahan daging 1 séndok gedé, paroedan krambil


3 séndok gedé.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
Va séndok tèh, radjangan laos Va séndok tèh, radjangan
koenir Va séndok tèh, ketoembar djinten satitik, oejah
1 séndok tèh, asem, trasi, goela satitik.
Iki kabèh dioeleg kang lemboet, bandjoer diwoe-
woehi endog 1, teroes dioeleg. Jèn wis rata, tjatjahané
daging dieworakéing kono, bandjoer diewori paroedan
krambil maoe, dioeleg kongsi rata; jèn wis, digawé
boender oetawa pesagi tjilik-tjilik, bandjoer digorèng.

19
8. Bregedèl daging oetawa oerang.
Daging regan 5 sèn dikoembah kang resik, bandjoer
ditjatjah kongsi lemboet.
Roti sairis, dikoem ing banjoe, jèn wis melar diperes.
Endog 1 dioebleg, bandjoer diewori tjatjahan daging
maoe, dioebleg kongsi rata, lan rotiné dieworaké ing
kono pisan, bandjoer diboemboni oejah 1 séndok tèh,
mritja, pala satitik. Jèn bregedèlé kakasen, diewori
kaldoe satitik, bandjoer digawé boender-boender lan
digorèng kongsi mateng.
Saosé: radjangan brambang 2 séndok tèh, digorèng
nganggo mertéga V séndok gedé kongsi koening, ban-
2

djoer diwènèhi kétjap 1 séndok lan kaldoe / tjangkir,


1
t

pala, mritja satitik, bregedèlé ditjemploengaké ing kono


sadéla, bandjoer dientas.
9. Besengèk daging.
Daging V4 ^ t i diiris-iris, digawé kaja lapis; jèn wis
ditoetoeki sadéla, oetawa ditjatjah sawatara moerih
empoek, bandjoer dioengkeb ing wadjan kongsi satengah
mateng.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
V séndok tèh, radjangan laos V séndok tèh, radjangan
2 2

koenir V sén<Jok tèh, ketoembar djinten satitik, kemiri


2

sidji, trasi, asem, goela satitik, santen 1 tjangkir.


Iki kabèh dioeleg, lan diesoki santené satitik, ban-
djoer digangsa; jèn oewis loewihané santen dieworna
ing kono, bandjoer didokoki kamidjara lan djeroek wangi
satitik, bandjoer digodog kongsi kentel, jèn wis dagingé
ditjemploengna ing boemboe kono, teroes digodog
manèh kongsi metoe lengané.

10. Botok kobis lan oerang.


Tjatjahan oerang 1 séndok gedé, radjangan kobis
2 lembar, endog 1.

20
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
V« séndok tèh, radjangan laos / séndok tèh, radjangan
1
2

lombok 1, radjangan koenir / séndok tèh, kentjoer,


1
2

ketoembar, djinten satitik, kemiri sidji, santen 1 tjang-


kir, oejah, trasi, asem, djeroek wangi satitik*
Iki kabèh dioeleg kang lemboet, bandjoer diesoki
santené, endogé dioebleg teroes, dieworaké ing boem-
boe, jèn wis amor, tjatjahané oerang lan kobis diemoraké
ing kono pisan; bandjoer diwoengkoesi tjilik-tjilik
toemoeli dikoekoes.

11. Djanganan Solo.


Kang pantes digawé djanganan iki jaikoe: kobis,
katjang, ketjambah, boentjis, ketjipir, godong so, kang-
koeng, kabèh iki diresiki, lan dikoembah bandjoer di-
godog, nanging adja kematengen, jèn wis, diirisi tjilik-
tjilik, lan ditata ing piring.
Lombok 2 oetawa loewih, oejah, trasi, goela, bakaran
kemiri 2 idji, asem, dioeleg kang lemboet, bandjoer
diesoki tjokak satitik, lan santen mateng / tjangkir.
1
2

Jèn wis rata pangoelegé bandjoer diwadahi ing mang-


kok, kanggo boemboené djanganan maoe.

12. Tomis tahoe lan sajoeran.


Ketjambah satempélang dikoembah lan diresiki, go-
dong slèdri, brambang diirisi tjilik-tjilik.
Oerang ontjèkan 2 séndok, tahoe 2 idji diirisi tjilik-
tjilik.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
1 séndok tèh, oejah, mritja satitik, endog 1 dioebleg.
Brambang, bawangé digorèng, jèn wis koening di-
sisihaké, bandjoer oerangé digorèng ing kono kongsi
mateng. Jèn wis sijoerané lan tahoe ditjemploengaké

21
sarta diesoki kaldoe satitik, diwori oejah lan mritja.
Kabèh ikoe digorèng nganti rada asat, oeblegané endog
maoe diewori banjoe satitik, toemoeli diesokaké ing
gorèngan kono nganti samatengé.
13. Boemboe roedjak daging.
Daging / kati diiris-iris, digawé lapis 4 idji, ban-
1
i

djoer ditjatjah kongsi empoek; jèn wis dioengkeb sa-


matengé.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
Va séndok tèh, radjangan laos Va séndok tèh, godogan
lombok 3 idji, kemiri 2 idji, oejah, trasi, asem, satitik,
santen 1 tjangkir.
Kabèh maoe dioeleg kongsi lemboet, disanteni sa-
titik, bandjoer digangsa; jèn wis, santené diesokaké.
Kabèh ing kono, teroes dioedek-oedek kongsi kentel,
bandjoer lapisé ditjemploengaké, digorèng nganti metoe
lengané.
14. Semoer daging.
Daging Va kati, diiris-iris pesagi, bandjoer dikoem-
bah, dioengkeb ing wadjan lan dibanjoni satitik. Saben
banjoené asat, diedjogi banjoe manèh, kongsi saempoeké
lan didèkèki oejah, mritja satitik.
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan djaé
V séndok tèh, radjangan lombok 1 séndok tèh, kétjap
t

2 séndok gedé.
Brambangé digorèng nganti koening, kétjapé dieworaké
bareng-bareng djaé lan lomboké, bandjoer diwoewoehi
kaldoe oetawa banjoe Va tjangkir loewih, dioedeg kongsi
amor. Dagingé bandjoer ditjemploengaké ing kono,
digodog kongsi mateng.
15. Bregedèl kobis.
Kobis 5 lembar dialoeb-aloebi disik nganti satengah
mateng. Tjatjahan oerang oetawa daging 2 séndok gedé,

22
diewor karo oejah, mritja, pala satitik lan tjatjahan bram-
bang 2 séndok tèh. Endog 1 dioebleg nganti amor,
bandjoer tjatjahané daging dimorake ing kono lan roti
1 iris kang diekoem ing banjoe disik lan diperes, iki
kabèh ditjampoer kongsi rata, diwènèhi mertéga 1
séndok, lan kaldoe satitik.
Bregedèl iki diisèkaké ing godong kobis maoe. ban-
djoer diboenteli sidji-sidji lan ditata ing pahdjang. Jèn
wis toemata diesoki kaldoe / tjangkir lan mertéga 1
1
2

séndok, bandjoer dikoekoes sadéla, jèn wis mateng di-


bakar ing pan.
16. Masak boeng.
Boeng 1 diradjang kang tipis, bandjoer diradjang
manèh dawa-dawa kang aloes, noeli digodog kongsi
mateng, jèn wis dietoes ing kalo. Ontjèkan oerang 2
séndok gedé, ajam sasigar digodog disik, bandjoer da-
gingé diirisi tjilik-tjilik.
Boemboené:
Radjangan brambang 3 séndok tèh, radjangan bawang
2 séndok tèh, radjangan djaé 1 séndok tèh, kétjap 2
séndok gedé, oejah, mritja satitik.
Brambang, bawang, djaé digorèng disik, nganti koe-
ning, oerang lan dagingé, noeli diewori kétjap. Jèn wis
amor, diesoki kaldoené ajam maoe, boengé, oejah, mritja
ditjemploengaké pisan, digodog samatengé.

17. Rendang.
Dagingé ajam jèn wis diresiki, bandjoer diketoki
tjilik-tjilik, digodog kongsi empoek.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan koenir
bakaran 1 séndok tèh, godogan lombok 2 idji, oejah
2 séndok tèh, santen 1 tjangkir.
Brambang, koenir, lombok, oejah dioeleg disik kongsi
lemboet, bandjoer santené dieworaké, dioeleg kongsi

23
awor. Godogané ajam ditjemploengaké ing boemboe
maoe, lan diketjeri djeroek petjel sairis, bandjoer di-
godog kongsi mateng, sarta boemboené diasataké satitik.

18. Semoer endog.


Endog 3 idji digodog, jèn oewis mateng, bandjoer
digorèng disik adja garing-garing.
Radjangan brambang 3 séndok tèh digorèng nganggo
mertéga / séndok, jen oewis koening, diesoki kétjap
1
2

1 séndok gedé, digorèng kongsi amor, bandjoer die-


soki kaldoe / tjangkir, oejah, mritja, pala, satitik noeli
1
2

gorèngané endog ditjemploengaké pisan.

19. Oeboeb.
Daging wedoes kang lemoe oetawa sandoeng lamoer
1 kati, diirisi tjilik-tjilik, bandjoer dikoembah kang
resik. Diboemboni: oejah 2 séndok tèh, asem 1 séndok
tèh, mritja 1 séndok, pala V« séndok, tjengkèh 4 idji.
Dagingé dioengkeb ing wadjan kongsi empoek. Jèn
kasatan diedjogi banjoe manèh satitik, sarta diwolak-
walik kongsi mateng.

20. Bregedèl pandjang.


Daging oetawa oerang pengadji 5 sèn, diresiki disik,
lan diirisi tjilik-tjilik, teroes ditjatjah bareng-bareng
radjangan brambang 2 séndok tèh kongsi lemboet.
Metjah endog 1 dioebleg kongsi poetih, bandjoer
tjatjahané daging dieworna ing kono lan dioejahi
lVg séndok tèh, mritja / séndok tèh, pala / séndok
1
i
1
i

tèh, ditjampoer kongsi amor.


Jèn oewis amor ditjemploengi roti koemkoeman kang
wis diperes disik l /* iris, noeli dioelet kang rata, lan
1

diemori mertéga 1 séndok dahar, kaldoe 3 oetawa 4


séndok dahar.
Jèn oewis bregedèlé ditata ing pandjang kang dioesar-
oesari mertéga disik, ditata kang bagoes, bandjoer die-

24
soki kaldoe kira-kira / tjangkir lan didèkèki mertéga
1
2
1
/ séndok, bandjoer dibakar ing pan kongsi mateng.
2

21. Bakmi.
E m i pengadji 5 sèn, diekoem banjoe wédang kongsi
medok. Jèn oewis dientas, ditjemploengaké ing banjoe
adem sadéla baé, teroes disoewiri.
Oerang rega 5 sèn diontjèki, sarta daging ajam diirisi
tjilik-tjilik.
Sajoerané: kapri, slèdri, godong bawang, diirisi
tjilik-tjilik; bandjoer nggorènga radjangan brambang
4 séndok tèh, bawang 2 séndok t è h . Jèn oewis koe-
ning dientas, sarta oerangé lan iwaké ajam digorèng
ing kono pisan kongsi mateng; bandjoer diesoki kétjap
1 séndok dahar, lan. kaldoe 1 tjangkir, oejah 1 séndok
tèh, mritja 1 séndok tèh, dioedeg kongsi awor, gorèng-
ané brambang, bawang ditjemploengaké separo baé.
D é n é jèn arep diadjokaké, sajoerané d i tjemploengaké
disik, digodog kongsi satengah mateng, lagi ditjem-
ploengi m i n é , sarta loewihané gorèngan brambang lan
bawang maoe.
22. Asih.
Daging / kati digodog kongsi mateng lan empoek,
1
i

bandjoer diirisi tipis-tipis lan tjilik-tjilik.


Kentang 6 idji diontjèki, diiris tipis-tipis, bandjoer
digorèng satengah mateng.
Radjangan brambang 4 séndok tèh digorèng karo
mertéga 1 séndok dahar, jèn oewis koening, bandjoer
diesoki kétjap 1 séndok dahar, tjokak 17 séndok dahar,
2

kaldoe 1 tjangkir, oejah, mritja, pala satitik, i k i kabèh


digodog, dagingé lan gorèngané kentang bandjoer d i -
tjemploengaké.

23. A j a m b o e m b o e roedjak.
Ajam kang wis kemanggang jèn wis diresiki, disigar
lan dipanggang kongsi mateng, toemoeli ditoetoeki
sadéla.
25
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
1 séndok tèh, laos 1 séndok tèh, godogan lombok 5
idji, kemiri 2 idji, oejah, trasi, asem, santen 3 tjangkir.
Brambang, bawang, laos, lombok, kemiri, oejah,
trasi lan asem dioeleg kongsi lemboet, bandjoer di-
gangsa. Jèn oewis mateng, santené diesokna sarta di-
oedoeg kongsi kentel, bandjoer panggangé ajam ditjem-
ploengaké. Jèn boemboené wis asat lagi dientas.

24. Daging koekoes.

Daging kang lemoe 1 kati, diiris dadi 10, dikoembah


kang resik, bandjoer diwadahi, ing pantji, kang ana
toetoepé, diemori mertéga 1 séndok dahar.

Boemboené:
Oejah 2 séndok tèh, mritja l / séndok tèh diloeloepi
x
2

kang rapet, bandjoer dikoekoes kongsi mateng, ésoek


soré koedoe dienget.
Daging kang diolah mangkéné kena disimpen soewé.
Pamangané karo kentang setoepan lan kanggo lawoeh
dahar.

25. Tahoe gorèng.

Tahoené diiris-iris, bandjoer digorèng kongsi garing.


Oerang ontjèkan 2 séndok gedé oega digorèng kongsi
mateng.
Radjangan bawang l / séndok tèh, radjangan djaé
x
2

1 séndok tèh. Godong bawang, slèdri, koetjai, ketjam-


bah diresiki lan diradjang kasar-kasaran. Bawang lan
djaéné digorèng garing. Jèn oewis dibanjoni kaldoe
1
/ tjangkir oetawa loewih, bandjoer sajoerané ditjem-
2

ploengaké lan gorèngané tahoe, oerang.

26
26. Saté B a l i .

Daging / kati ditoetoeki kongsi empoek, bandjoer


1
4

diirisi tjilik-tjilik kanggo bakal saté sarta gadjih.

Boemboené:
Radjangan brambang 1 séndok tèh, radjangan bawang
Vs séndok tèh, radjangan laos / séndok tèh, radjangan
1
2

koenir / séndok tèh, radjangan lombok 1 séndok tèh,


1
2

radjangan seré / séndok tèh. Ketoembar djinten 1


1
i

séndok tèh, kemiri 2 idji, oejah, trasi, 'asem' satitik.


santen / tjangkir.
1
J

Boemboe iki dioeleg kabèh kang lemboet, bandjoer


disanteni, sarta diwènèhi djeroek wangi satitik, di-
oeleg manèh nganti awor. Bandjoer dagingé lan
gadjihé dioelèni karo boemboe ikoe soepaja mrasoek
boemboené, jèn oewis disoedjèni selap gadjih.

27. Semoer ajam.

Iwak ajam kang lemoe jèn oewis diresiki, ban-


djoer digosok oejah lan mritja satitik, noeli dioengkeb
ing wadjan, lan diwènèhi meitéga 1 séndok gedé, lan
banjoe satitik. Pangoengkebé kongsi mateng, bandjoer
digorèng lenga oetawa nganggo mertéga kongsi abang.
Radjangan brambang 4 séndok tèh, digorèng nganggo
mertéga 1 séndok gedé. Jen oewis koening diesoki
kétjap 1 séndok gedé, kaldoe 1V tjangkir, dioedeg 2

kongsi amor, bandjoer ajamé ditjemploengaké. D i -


gorèng teroes kongsi mateng lan abang ajamé.

28. Singit.

Daging / kati oetawa iwak ajam saparo, diirisi


1
2

tjilik-tjilik kaja empal, bandjoer digodog kongsi em-


poek, lan diwowori oejah, asem satitik, jèn oewis
empoek, bandjoer dientas.

27
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
1 séndok tèh, radjangan lombok 3 idji, oejah, goela
satitik, santen 1V tjangkir, kétjap 1 séndok.
2

Boemboené:
Dioeleg kang lemboet, kétjap lan santené dieworna
ngoeleg, bandjoer daging oetawa iwaké ajam maoe,
ditjemploengna ing kono, digodog bareng-bareng kongsi
mateng lan asat boemboené.

29. Bestik loeloer.

Daging loeloer / kati diresiki disik, bandjoer di-


1
2

toetoeki kongsi empoek, toemoeli diramesi karo oejah


1 séndok tèh, mritja f séndok tèh, tjokak 2 séndok
1
t

gedé.
jèn oewis mrasoek, dagingé diboentel nganggo
godong gandoel, sadoeroengé diolah, diajemaké disik.
Radjangan brambang 5 séndok tèh, digorèng nganggo
mertéga 1 séndok gedé kongsi koening, bandjoer di-
esoki kétjap 1 séndok gedé, oejah, mritja satitik, kal-
doe Vé tjangkir, diadoek kongsi amor. Bandjoer dagingé
ditjemploengaké ing kono, digorèng satengah mateng.
Panggorèngé diwolak-walik lan ditjotjoki nganggo
garpoe; jèn kasatan doedoeh, kena ditambahi kaldoe
2 séndok manèh.

30. Kentang reboes.

Kentangé diontjèki disik lan dikoembah kang resik;


bandjoer digodog ing pantji sarta dioejahi 2 séndok
tèh. Jèn oewis mateng, banjoené diboewang kabèh.
Pantjiné ditoetoepi, bandjoer kentangé diongklok kongsi
pada mempoer.
jèn arep didahar, kentangé maoe koedoe dienget
sadéla, bandjoer dientas, diwadahi ing basi.

28
31. Kentang gorèng.
Kentangé di ontjeki lan dikoembah kang resik;
bandjoer disigari dadi loro, noeli digorèng nganggo
lenga kongsi mateng (abang). Jèn arep didahar di entep-
aké ing geni sadéla, lan dimomori mertéga 1 sendok
dahar, dioerab-oerab kongsi warata, bandjoer di-
entas.
32. Setoepan.
Kobis, kapri, andewi, bajem, krokot.
I. Kobisé dialoeb-aloebi disik satengah mateng,
bandjoer diirisi tjilik-tjilik, oetawa ditjatjah; boemboené:
poewan / tjangkir, oejah, pala, goela satitik, mertéga
1
l

1 séndok gedé, bandjoer digodog kongsi mateng.


II. Kapriné diresiki disik, bandjoer dialoeb-aloebi
satengah mateng; boemboené kaja kang kaseboet ing
doewoer.
III. Andewiné diresiki, bandjoer dikoembah lan di-
irisi tjilik-tjilik; dialoeb-aloebi satengah mateng; boem-
boené kaja kang kaseboet ing doewoer.
IV. Bajemé dipitili godongé, dikoembah kang resik,
dialoeb-aloebi, bandjoer dietoes ing kalo, ditjatjah kang
lemboet. Boemboené kaja kang kaseboet ing doewoer.
Jèn arep didahar, diwadahi ing basi lan ing doewoeré
didokoki iris-irisan godogan endog 2 lan gorèngan roti.
V. Krokoti dipitili godongé, bandjoer dialoeb-aloebi
satengah mateng; boemboené kaja kang kaseboet ing
doewoer.

29
SAMBELAN LAN LIJANÉ.
1. Sambel gorèng oerang.
Oerang pangadji 5 sèn diontjèki, bandjoer digorèng
ringah-ringah, jèn oewis dientas.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
1
/ séndok tèh, radjangan laos / séndok tèh, oejah,
2
1
t

asem, trasi satitik lan goela, lombok 3 idji digodog


disik, santen 1 tjangkir.
Laos, oejah, asem, trasi, goela lan lombok dioeleg
kang lemboet, bandjoer disanteni 1 séndok.
Brambang, bawangé digangsa kongsi koening, ban-
djoer boemboe kang dioeleg, ditjemploengaké ing kono,
digorèng kongsi rata, oerangé diworaké nggorèng ing
kono, lan didokoki peté irisan, godong salam salembar,
bandjoer santené diesok ing kono pisan, teroes dioedeg-
oedeg kongsi kentel lan metoe lengané, lagi dientas.

2. Sambel gorèng témpé lan oerang.


Oerangé diontjèki dikoembah kang resik; témpéné
diiris tjilik-tjilik, bandjoer digorèng satengah mateng.
Boemboené: ,
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
V séndok tèh, laos V2 séndok tèh, radjangan lombok
2

3 idji, oejah trasi, asem, goela satitik, santen 1 tjangkir,


radjangan peté 2 séndok tèh.
Laos, oejah, trasi, asem, goela, dioeleg kang lemboet,
bandjoer disanteni satitik.
Brambang bawang lan lombok digangsa, jèn oewis,

30
boemboené kang oewis dioeleg dieworaké ing kono,
digorèng kang rata, bandjoer oerang lan témpéné, peté,
lan godong salam 1 lembar ditjemploengaké ing kono,
sarta loewihané santen maoe, iki kabèh digorèng kongsi
kentel, bandjoer dientas.

3. Sambel gorèng ati.


Ati V4 kati digodog. Jèn oewis mateng, bandjoer
diirisi tjilik-tjilik lan digorèng ing lenga.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
V séndok tèh, radjangan laos / séndok tèh, radjangan
2
1
t

peté 2 séndok tèh, oejah, trasi, asem satitik, santen 1


tjangkir, lan radjangan lombok 3 idji.
Brambang, bawang, laos digangsa disik, lombok,
oejah, trasi, asem dioeleg kang lemboet lan diemori
santené satitik, bandjoer mèloe digangsa.
Gorèngané ati karo peténé didjemploengaké ing kono,
jèn oewis rata, santené dieworaké manen lan ditjem-
ploengi godong salam 1 lembar, iki kabèh dioedeg-
oedeg kongsi kentel.

4. Sambel gorèng endog.


Endog 2 digodog, jèn oewis mateng diontjèki ban-
djoer disigari dadi 2 oetawa 4.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, radjangan bawang
V» séndok tèh, radjangan laos Va séndok tèh, oejah,
trasi, asem satitik, godogan lombok 3 idji, santen 1
tjangkir.
Brambang, bawang, laos digangsa, lombok, oejah,
trasi, asem dioeleg kang lemboet lan diemori santené
satitik, bandjoer digangsa pisan, lan loewihané santen
diesokaké ing kono, iki kabèh digorèng kongsi kenfel
lan metoe lengané, bandjoer dientas. Irisané endog di-
tata ing basi, bandjoer boemboené disiramaké ing endog
maoe.
31
91
5. Sambel gorèng dadar.

Endog 2 dioebleg kongsi moemploek, bandjoer di-


dadar, jèn oewis mateng diirisi tjilik-tjilik.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, bawang Va sén-
dok tèh, laos Va séndok tèh, godogan lombok 3 idji,
kemiri 2 idji, oejah, trasi, asem, goela satitik, santen
1 tjangkir.
Brambang, bawang digangsa. Lombok, laos oejah,
trasi, asem, goela dioeleg kang lemboet, disanteni sa-
titik, bandjoer dieworaké nggangsa; jèn oewis amor santené,
diesokaké ing kono, bandjoer dioedeg-oedeg nganti
kentel lan metoe lengané lan ditjemploengi salam sa-
lembar. Jèn oewis kentel, bandjoer dientas, lan disiram-
aké ing dadaré kang wis ditata ing basi disik.

6. Sambel gorèng kemiri.


Kemiri bakaran 6 oetawa 8 idji.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, bawang V i sén-
dok tèh, laos Va séndok tèh, godogan lombok 3 idji,
oejah, trasi, asem, goela satitik, santen 1 tjangkir.
Kemiri, oejah, trasi, asem, goela, lombok dioeleg
kang lemboet, disanteni satitik. Brambang, bawang,
laos digangsa, nganti koening, bandjoer boemboené
kang oewis dioeleg diemoraké nggangsa pisan, lan loewih-
ané santen, dioedeg-oedeg nganti amor lan kental
metoe lengané, bandjoer dientas.

7. Sambel gorèng daging.

Daging / kati digodog disik, nganti mateng, ban-


1
i

djoer diirisi tjilik-tjilik, lan digorèng ing lenga rada


garing.

32
Boemboené:
Radjangan, brambang 2 séndok tèh, bawang 1 sén-
dok tèh, laos 1 séndok tèh, godogan lombok 3 idji,
oejah, asem, trasi, goela satitik, santen 1 tjangkir.
Brambang, bawang, laos digangsa disik. Lombok,
oejah, trasi, asem dioeleg kang lemboet, disanteni
satitik, bandjoer dioeworaké ngangsa. Gorèngané daging
ditjemploengaké ing kono, dioedeg kongsi amor, ban-
djoer loewihané santen diesokaké ing kono pisan, di-
gorèng kongsi kennel lan metoe lengané.

8. Sambel gorèng teri garing, oetawa èbi.


Teriné digorèng disik, kongsi mateng lan garing.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, bawang 1 sén-
dok tèh, laos 1 séndok tèh, kamidjara (seré) 2 séndok
tèh, lombok 3 idji, oejah, asem, trasi, goela satitik,
santen / tjangkir, salam 1 lembar.
1
2

Brambang, bawang, laos, kamidjara, lombok digorèng


kongsi garing, bandjoer dientas. Oejah, trasi, asem,
goela dioeleg kang lemboet, lan disanteni bandjoer
digangsa, salamé ditjemploengaké.
Jèn wis kenfel lan metoe lengané, gorèngané lombok,
brambang, bawang, laos, kamidjara ditjemploengaké ing
kono, noeli gorèngané teri oega ditjemploengaké pisan,
digorèng kongsi rata lan garing, bandjoer dientas.

9. Sambel gorèng sajoeran.


Sajoerané, ketjambah, polong, bontjis, diresiki disik.
Boemboené:
Radjangan brambang 2 séndok tèh, bawang 1 sén-
dok tèh, godogan lombok 3 idji, oejah, trasi, asem,
goela satitik, santen 1 tjangkir.
Brambang, bawangé digorèng disik kongsi mateng,
bandjoer dientas. Sajoerané digorèng sadéla baé.

33
Lombok, oejah, trasi, asem, goela dioeleg kongsi
lemboet, disanteni satitik, bandjoer dieworaké nggorèng,
bareng-bareng karo sajoerané lan brambang bawangé,
kongsi kentel lan metoe lengané.

Bab atjar.

10. Atjar timoen.

Timoen kang enom lan tjilik-tjilik dikoembah kang


resik; diboewangi poetjoeké kan bongkoté; bandjoer
diketoki dadi 2 lan disigari dadi 4, teroes digaring-
aké ing serbèt kang resik.
Lombok glondongan 4 idji, dikoembah lan oega di-
garingaké. Timoené diwadahi ing setopplès bareng-
bareng lomboké, diwènèhi oejah 2 séndok tèh, goela
pasir 4 séndok tèh, bandjoer diesoki tjokak kongsi
timoené kelem, bandjoer plèsé ditoetoepi. Atjar iki
disimpen disik 3 oetawa 4 dina lagi kena didahar.

11. Atjar brambang.

Brambang oetawa bawang timoer / kati, diontjèki


1
t

kang resik, bandjoer disrebèti kabèh. Noeli diwadahi


ing setoplès kang resik, lan diwènèhi oejah 2 séndok
tèh, goela 3 séndok tèh, tjokak sakelemé brambang
maoe. Jèn wis, disimpen 3 oetawa 4 dina lagi kena
didahar.
12. Atjar tjampoer.

Sajoerané, katjang, ketjambah, timoen, ketjipir, kobis,


dikoembah kang resik, bandjoer diirisi tjilik-tjilik
Lombok 5 idji diradjang.
Jèn wis diirisi kabèh, bandjoer dioerab karo oejah
satitik, bandjoer sajoerané didokok ing irig, teroes
diepé sadéla nganti rada aloem.

34
Boemboené:
Paroedan djaé 1 séndok tèh, paroedan bawang 1
séndok tèh, paroedan koenir Va séndok tèh, kemiri
2 idji, oejah, goela satjoekoepé, tjokak Va tjangkir.
Boemboené:
Dioeleg kabèh kang lemboet, bandjoer digangsa ing
lenga satitik, jèn wis, tjokaké diesok ing kono, lan sajoer-
ané kabèh. Toemoeli digodog sadéla, bandjoer dientas.
Atjar iki kena diwoewoehi brambang ontjèkan na-
nging glondongan lan lombok djemprit woetoehan.

Bab sekoel.
13. Saga liwet.
Beras 1 tjangkir pèrès, banjoe 2 tjangkir.
Berasé dipoesoesi disik kang resik, bandjoer di-
wadahi ing pantji oetawa ing kendil lan diwènèhi
banjoe 2 tjangkir, teroes pantjiné diantepaké ing geni.
Geniné adja kagedèn lan pantjiné ditoetoepi. Jèn ba-
njoené wis oemob, toetoepé pantji diboekak, berasé di-
oedeg-oedeg sadéla, bandjoer ditoetoepi manèh. Geniné
disoeda lan liwetané dienengaké baé nganti samatengé.

14. Sega gorèng.


Sega liwet Va kati.
Boemboené:
Radjangan brambang 4 séndoh tèh, bawang Va sén-
dok tèh, ketoembar 1 séndok tèh, koenir 1 séndok tèh,
lombok 2 idji, oejah, trasi satitik.
Ketoembar, koenir, lombok, oejah, trasi dioeleg kang
lemboet, noeli brambang, bawangé diemoraké ngoeleg,
bandjoer boemboe iki digangsa nganggoj'mertéga oetawa
lenga goerih, nganti mateng. Segané diemoraké nggo-
rèng ing kono kongsi rata lan mateng, bandjoer di-

35
wadahi ing basi. nDoewoeré sega gorèng maoe dioewoer-
oewoeri rawisan dadar tipis, lan radjangan lombok,
godong kemangi.
15. Sega langgi.
Sega liwet / kati.
1
2

Paroedan krambil kang enom 1 tjangkir pèrès;


lombok 2 idji, oejah, trasi mateng satitik, kentjoer,
bawang satitik. Boemboe iki dioeleg kang lemboet
bandjoer paroedané krambil diemoraké ngoeleg kongsi
amor. Jèn wis, boemboené dioerab karo segané kang
rata, bandjoer diwadahi ing basi, lan ndoewoeré di-
oewoer-oewoeri radjangan dadar tipis, godong kemangi
lan radjangan lombok.
16. Sega goerih.
Beras 1 kati dipoesoesi kang resik. Krambil V 4 di-
paroed, bandjoer diperes karo banjoe, dadi santen 5
tjangkir kan dioejahi satjoekoepé. Berasé diwadahi ing
pantji, bandjoer santené diesokaké ing kono, noeli di-
liwet nganti mateng.

36
BAB KOEWIH-KOEWIH.
1. Gedang gorèng.
Gedang gèpèng radja 3 idji diontjèki lan diiris-iris.
Endog 1 dioebleg karo goela pasir 1 séndok gedé.
nganti moemploek, bandjoer diemori glepoeng gan-
doem oetawa glepoeng beras 3 séndok gedé lan di-
banjoni kira-kira 4 séndok gedé. Gedangé ditjemploeng-
aké ing kono sidji-sidji, bandjoer digorèng ing lenga.

2. Srabi.
Glepoeng gandoem 1 tjangkir pèrès, kemiri 1 di-
bakar, santen 1 tjangkir, oejah satitik.
Kemiri lan oejah dioeleg kang lemboet, bandjoer
santené diemoraké, lan glepoengé diemoraké ing kono
pisan saka satitik» kongsi amor. Jèn wis, djladrèn iki
dikeploek sadéla. Pembakaré ing kwalèn srabi kang
koedoe dipanasi disik, lagi diesoki djladrèné 1 séndok.
Jen wis pating proentoes, srabiné ditoetoepi nganggo
toetoep kwalèn, nganti mateng.
Pamangané karo djoeroeh goela djawa: santen 1
tjangkir digodog karo goela djawa saleginé lan oejah
satitik.
3. Piloes kentang oetawa ketéla.
Ketéla godogan jèn tjilik 2, jèn gedé 1, diontjèki,
bandjoer dioeleg kang lemboet.
Endog 1 poetih lan koeningané dioeblek karo goela
pasir 1 séndok, oejah satitik, kongsi moemploek. Jèn
oewis oelegané ketéla dieworaké ing kono, dioebleg
kongsi rata lan diewori paroedan djeroek wangi satitik.

37
Jèn wis rata, digawé boender-boender tjilik, teroes di-
gorèng ing lenga, pamangané nganggo goela pasir.
Jen nganggo kentang, kentangé jèn tjilik 8 idji, jèn
gedé 6 idji, digodog disik kongsi mateng, bandjoer di-
ontjèki teroes dioeleg.

4. Poetoe sagoe.

Sagoe 1 tjangkir, dipoesoesi kang resik, bandjoer


dietoes ing kalo. Paroedan krambil / tjangkir dioerab
1
2

karo goela pasir 1 séndok gedé lan oejah satitik.


Jèn arep digawé idjo, oerab-oerabané krambil die-
mori peresané bebekan godong pandan, jèn biroe
nganggo peresan kembang teleng, jèn abang nganggo
djingga.
Jèn oewis sagoené dioeerab nganggo paroedan krambil
kongsi rata; bandjoer ditjitak nganggo tjangkir tjilik-
tjilik, ditata ing langseng, bandjoer dikoekoes sadéla.
Pamangané karo paroedan krambil.

5. Sirkajan.

Endog 2 poetih lan koeningané dioebleg nganti poetih,


bandjoer diewori goela djawa 2 séndok gedé, oejah
satitik, teroes dioebleg nganti amor. Jèn oewis die-
mori santen 1 tjangkir, dioebeg kongsi rata, bandjoer
diwadahi ing mangkok tjilik-tjilik, teroes dikoekoes.

6. Nagasari.

Gedang radja oetawa gedang gèpèng kang mateng


3 idji diirisi dadi 4.
Glepoeng beras 1 tjangkir pèrès, diewori santen kang
wis digodog V2 tjangkir, goela pasir 1 séndok, oejah
satitik, diemor nganti rata, bandjoer irisané gedang
ditjemploengaké ing djladrèn iki, sidji-sidji, diwoeng-
koesi ing godong, bandjoer dikoekoes.

38
7. Tjarang.
Gedang radja kang mateng 3 idji, diirisi tipis-tipis.
Endog 1 dioebleg karo goela djawa oetawa goela
pasir 2 séndok gedé, nganti rata, bandjoer disanteni
IV2 tjangkir, oejah satitik. Gedangé ditjemploengaké
ing kono, bandjoer diwoengkoesi tjilik-tjilik teroes di-
koekoes.
8. Kembang pala.
Krambil kang enom 1 diontjèki koelité, bandjoer
diradjang kang aktes, dikoembah kang resik, teroes
dietoes ing kalo.
Goela pasir / kati, digorèng ing wadjan kongsi
1
2

remamboet, radjangané krambil ditjemploengaké ing


kono, teroes digorèng, nganti asat; bandjoer dientas,
lan krambilé diglindingi tjilik-tjilik, toemoeli diepé
kongsi garing.
9. Rangin bakar.
Glepoeng / kati dioerab karo paroedan krambil 1,
1
2

lan goela pasir 2 oetawa 3 tjangkir, oejah satitik, kongsi


rata. Jèn wis rata, bandjoer dielèr ing lojang oetawa
pantji pankoek, kang tipis pangelèré bandjoer dibakar.
Jèn wis mateng diirisi tjilik-tjilik.

10. Pankoek tipis.


Endog 2 poetih lan koeningané dioebleg kongsi moem-
ploek, bandjoer diemori glepoeng 2 séndok gedé oe-
tawa Va tjangkir, dioebleg kongsi amor, bandjoer di-
tjampoeri banjoe manget-manget Va tjangkir, teroes
dioebleg kang rata.
Jèn wis dibakar ing pantji pankoek, pambakaré,
saka 1 séndok lan pantjiné dioesar-oesari mertéga
satitik.
Pamangané karo goela pasir aloes oetawa djoeroeh
goela djawa.

39
JI33HTOIJ8IJI 3JA#TM33>
<i<*:.*\ tt.Y w> vso*T
11. Ager-ager soesoe.
Ager-ager 1 dipara dadi 4, kang 1 pérangan di-
koembah resik, bandjoer digodog ing pantji karo. ba-
njoe 1 tjangkir, nganti adjoer ager-ageré, bandjoer di-
goelani pasir 1 séndok gedé. Jèn wis adjoer kabèh toe-
moeli disaring ing pantji kang resik, lan diesoki poehan
1 tjangkir, lan diwènèhi vanili satitik.
Iki kabèh digodog manèh kongsi oemob, bandjoer
dientas, teroes diesokaké ing tjitakan.
Tjitakané bandjoer diekoem ing tjemong kang ana
banjoené, soepaja ager-ageré gelis kentel lan kena di-
toemplak.
12. Poffertjes.
Endog 2 poetih lan koeningané dipisah.
Poehan / tjangkir, banjoe / gelas, mertéga /
1
2
1
2
1
2

séndok gedé, glepoeng gandoem 2 séndok gedé, oejah


satitik.
Koeningané endog dioebleg ing mangkok, jèn wis
rada poetih, diemori oejahé, teroes dioeblek kongsi
poetih. Jèn oewis, glepoengé diemoraké ngoebleg kono,
saka satitik, oega poehané lan banjoené pisan, kang
ngati-ati adja kongsi pating pringkil, nganti rata kabèh,
bandjoer mertégané diemoraké pisan. Poetihé endog di-
oeblek kongsi moemploek, bandjoer diemoraké ing
djladrèn maoe, dioebleg kang rata, bandjoer dibakar
ing tjitakané poffertjes. Pamangané karo goela pasir
kang aloes, oetawa djoeroeh goela djawa.

40
CENTRALE tl&UOTHEEK
K O N . INST. v.d. TROPEN
AMSTERDAM
DIKELOEARKAN OLÉH J. B. WOLTERS - GRONINGEN. BATAVIA

W . F. D O N A T H dan J. J. O C H S E
GAMBAR DINDING:

VITAMINE
BANGSAWANNJA Z A TM A K A N A N BOEAT
HINDI A-BELAN DA
AMAT PERLOENJA
Besarnja 82, X 112 cm

Berpinggir pita tinnen haiganja bersama dengan kitób


keteiangan f 4,90
Digambar dinding ini ada terloekis gambar-gambar berwarna daripada beberapa
barang makanan jaag mengandoeng Vitamine A, Bj. Bj dan C.

GAMBAR DINDING:
M AK A N -M A K A N A N J A N G
B A N J A K S E K A L I BERISI:
Z A T P O E T I H T E L O E R (EIWIT)
Z A T L E M A K ( G E M O E K , GADJIH)
ZAT GOELA DAN ZAT TEPOENG
ZAT-ZAT GARAM
DAN ASAM-ASAM
Berpinggir pita linnen harganja bersama dengan kitab
keterangan f 4,90

DIKELOEARKAN OLÉH J. B. WOLTERS - GRONINGEN. BATAVIA

Anda mungkin juga menyukai