Anda di halaman 1dari 5

Nama :

No :
Kelas :

Crita Pungkasan Maling lan Babu

Bres. Mendhung kandel kang kasempyok barat gedhe sanalika sumuntak


ing bumi. Thathit kang pindha naga geni iku katon juwing-juwing
langit. Bledheg kang budhege talingan iku uga nyamber wit klapa ing
pakarangane Ludira. Tukang adhuk kang wus suwe nganggur, amarga
proyek bangunan padha macet rikala mangsa rendheng.

Deleng wit klapa kang rantas papah lan blarake, Ludira mung bisa
gresah. Amarga siji-sijine duweke kang bakal dituku Jomar itu wus
ora ana regane. Ing mripate Ludira, swasana awan iku katon peteng
dhedhet. Rikala Asih bojone ngandhake menawa beras sumbangan wong
tuwane wis nipis. Bumbon pawon mung kari brambang telung siung.
Gula, teh, lan kopine wus entek gusis.

"Sabar, Sih!" kandhane Ludira alon. "Mbok menawa awake dhewe iki
lagi antuk pacoban saka Gusti."

"Bola-bali mung kandha sabar." Asih katon jengkel. "Kudune wong


lanang bisa budidaya supaya butuhe wong omah-omah kacukupan. Aja
mung jagake proyek bangunan. Akeh gaweyan kang bisa ditandangi,
menawa Kang Ludira gelem metu saka omah."

Tanpa kandha-kandha, Ludira menyat saka kursi pring ing ruwang tamu.
Senajan udan isih riwis-riwis, Ludira nyengklak pit onthele. Menyang
omahe Daruna, kanca kenthele kang lagi mulya uripe. Amarga usaha
mebele lagi dadi-dadine. Akeh pesenan saka negara manca.

Rikala bisa ketemu Daruna, rasane Ludira bungah. Pangarep-arepe


Ludira, kanca kenthele iku bisa aweh pagaweyan. Nanging, kasunyatan
kang ditampa Ludira beda. Daruna ora bisa aweh pagaweyan, amarga
Ludira ora bisa nukang kayu, ngamplas, lan ngecet. Satemah, Ludira
mulih tanpa asil. Nasibe kaya layangan kang pedhot bolahe.

Rikala Ludira tekan ing kampung kang sepi, udan sumuntak saka
langit. Ludira ngenggoke pite tumuju sawijine omah saperlu ngiyup.
Sabadane nyetandharke pite, pikirane Ludira grambyang. Embuh iblis
ngendi kang ajak-ajak Ludira saperlu nyolong clana Jeans setengah
garing kang digantung ing emperan. Amarga pengin mulih gawa dhuwit,
Ludira ngranggeh hanger kang kanggo gantung clana Jeans iku. Apes.
Sadurunge Ludira nyengklak pite, lawang kabukak saka jero dening
wong lanang umur 30-an. "Maling! Maling! Maling!"

Sanalika wong-wong kampung kaya laron kang metu saka leng sabadane
udan deres. Rame-rame gebugi Ludira nganti babak bundhas sirahe.
Getih dlewer ing pipi, gulu, lan talingan. Sadurunge klenger, Ludira
diarak menyang kantor polisi. Dhekem sajroning krangkeng wesi.

Pitung sasi lawase, Ludira dikunjara. Ngepasi dina Minggu esuk,


Ludira kang wus bebas ukum iku mulih menyang omahe. Sawuse tekan
omah, Ludira kaget. Omah lan pekarangane digadheke Asih marang
Daruna. Dhuwit kang ditampa saka Daruna dipigunake Asih kanggo sangu
menyang luar negeri. Nyambutgawe dadi babu.

Tanpa mikir dawa, Ludira menyang omahe Daruna. Tujuan Ludira jaluk
kamurahan atine Daruna saperlu manggon neng omahe kang wus
digadheke. Amarga Daruna ora ngabulke, Ludira kalap. Mulasara Daruna
nganti klenger. Menawa ora antuk pitulungane wong-wong kang lagi
padha kerja ing perusahaan mebele, Daruna mesthi mung kari jeneng.

Ngepasi wayah surup, Ludira dicidhuk polisi. Mlebu krangkeng wesi


maneh. Kumpul karo wong-wong kang pagaweyane apus-apus, nyopet,
maling, ngrampok, sartane ngrudapeksa wong-wong wadon. Turu
bebarengan karo wong-wong iku ing jubin tanpa slemekan klasa. Amarga
sanasib, rasane Ludira menawa wong-wong iku tan beda sedulur
sapetarangan.

Nyedhaki wektu setaun dikunjara, Ludira bakal bebas ukum. Mangerti


menawa telung dina meneh bakal metu saka krangkeng wesi, Ludira
katon susah. Amarga Ludira kang ora kepengin maneh nyawang marang
omah lan raine Asih kang miturut pawarta wus bali saka luar negeri
iku, rumangsa tentrem menawa bisa salawase manggon ing krangkeng
wesi. Pakunjaran kang rinasakake dening Ludira tan beda swarga kang
kagambarake ing kitab-kitab suci. [Sri Wintala Achmad]
Nama :
No :
Kelas :

Grahana Srengenge ing Langit Wukirsari

NASIBE manungsa lir lakune cakra manggilingan. Ratri aweh pratandha


menawa rina bakal dumadi. Mendhung kang kasapu lesus dadi sarana
tumurune udan lan jumedhule srengenge ing langit resik. Prahara kang
mawartakake menawa wayah suka pari suka bakal tumeka. Semono uga
kasangsarane Rinten kang matahun-tahun kasandhang kuwi saiki wus
paripurna. Rikala dheweke gelem dadi simpenane Salimun. Juragan
rongsokan kang yuswane wus lingsir.

Ing ruwang ngarep, Rinten nonton televisi anyar 20 in kang lagi wae
ditukokake Salimun. Siaran pawarta operasi garukan para pramunikmat
dening para aparat keparat kuwi ngelingake marang lelakone kang
kapendhem jero. Dheweke sanalika kelingan marang kanca-kancane kang
isih makarya dadi perek ing sacedhake stasiun.

Luh mrentul ing pipine Rinten. Wong wadon kang rikala cilike wis
ditinggal mati kunduran dening mbokne. Saengga ora ngerti bapakne
kang miturut mbokdhene tega ninggalke mbokne kang lagi bobot 3 sasi
iku mung bisa donga. Muga-muga kanca-kancane enggal ana kang gelam
ngentasake saka kedhung embel. Sadurunge pikirane nglambrang adoh,
Rinten krungu lawang ngarep dibukak sawijine pawongan. Ora luput
panggraitane, menawa Salimun kang bukak lawang.

"Isih sore kok wis nggilir Kang? Aku wedi menawa lelakon iki bakal
dikonangi bojomu. Aku ora pengin gawe perkara. Uripku wis kebak
perkara."

"Aku teka saperlu ngudhari perkara. Bojoku setuju menawa kowe resmi
dadi bojo nomku. Amarga dheweke nglenggana menawa ora bisa nurunake
anak kang bakal nyambung sejarah uripku. Sadurunge pletheking
srengenge kowe kudu mulih. Sorene aku bakal teka neng omahmu.
Nglamar karo wong tuwamu."

"Aku ora duwe wong tuwa, Kang. Sadurunge neng kutha iki, aku mung
urip karo Mbokdhe. Menawa kowe kepengin nglamar aku, nembunga karo
Mbokdhe. Dheweke wis dakanggep wong tuwaku dhewe."

"Aku manut." Salimun ngrogoh domphet kulit saka sake. Nglolos dhuwit
sepuluh lembar atusan ewon. "Tampanana dhuwit iki kanggo sangumu
bali sesuk neng desa!"
"Matur nuwun!" Rinten ngaras pipine Salimun. "Ngombe susu, Kang! Cap
Bendera apa cap Nona?"

"Babagan susu gampang. Sing wigati, aku kudu bali. Nyiapake ubarambe
kanggo lamaran. Enggal dikunci lawange, Ten! Aku ora pengin ana
lemut nggepok awakmu."

Rinten jiwit tipis bangkekane Salimun kang kesusu ninggalake omah


kontrakan kuwi. Senajan ora dikeloni Salimun, atine Rinten wengi
kuwi bungah banget. Dheweke bakal ketemu karo mbokdhene kang manggon
neng desa.

Ing jaman modern, alam kasunyatan lan pangimpen tansaya ora ana
watese. Jam 10 esuk, Rinten wus tumekeng desa Wukirsari. Marang
mbokdhene, Rinten blaka. Menawa mengko sore dheweke bakal dilamar.
Krungu kandhane ponakane, wong wadon tuwa kuwi banjur atur-atur
marang tangga teparone saperlu nyekseni ponakane kang bakal dilamar
dening pawongan kutha.

Neng pawon, Rinten kang direwangi Bu Barjo lan Yu Semprul mangsak


lan gawe panganan kanggo nyuguh tamu saka kutha. Krungu wong
kulanuwun, Rinten tumuju ruwang ngarep. Kaget rikala nyawang Salimun
kang teka. "Durung jame kok wis teka, Kang?"

"Aku mrene bakal ngenehi dhuwit marang kowe. Dhuwit sayuta kang
wingi dakwenehake kowe kae ora cukup kanggo nyuguh rombonganku kang
bakal ngeterake aku mengko sore. Luwih saka 50 uwong. Tampanana
dhuwit limangyuta iki! Aku bali sikik."

Rikala ninggalake papan kuwi, neng latar Salimun ketemu mbokdhene


Rinten kang mulih saka atur-atur. Tanpa dimangerteni dening Rinten,
Mbokdhene ngunek-unekake Salimun. "Minggat Bajingan! Aja pisan-pisan
wani ngancik neng omahku! Najis!"

Lungane Salimun kang kamigilan kuwi, jalari Rinten takon marang


mbokdhene. "Kenging menapa Mbokdhe duka kalih tiyang kala wau?
Tiyang menika ingkang sampun ngukup kula saking jugangan uwuhe
kanistan. Menika wau Kang Salimun ingkang badhe nglamar kula mangke
sonten."

"Aku ora sarujuk. Bajingan kuwi kang ninggalake mbokmu kang lagi
mbobotake kowe. Nganti sadurunge kowe lair, mbokmu tak jak bali neng
Wukirsari. Ninggalake pakaryane dadi pemulung neng kutha."

Rinten kang bobot 2 sasi kuwi, napase ngangsur-angsur. Jantunge


karasa mandek ketege. Sumrepet pandelengane. Jagad katon peteng
lelimengan. Bareng kenthongan titir kang tinabuh dening wong-wong
rikala tumapake wektu grahana srengenge, Rinten ambruk ing jogan.
[Sri Wintala Achmad]
Nama :
No :
Kelas :

Salahé Pitiké Dolan


Ing sawijining ruangan kantor polisi... "Jenengmu sapa?" pitakoné pak polisi
"Hono pak" "Ming Hono tok?" "Nganggé wah" "Honowah ngono" pak polisi sajak
bingung "mboten pak..wahono" "ooo" *** "Ngerti kenapa awakmu digawa
mrene?" "lha mboten pak" "kowe tanggane bu ginem to?" "enggih..kula pépétan
gedhég kaliyan omahe mbokdé ginem" "kowe sing nyolong pitiké bu ginem yo?"
pak polisi nginterogasi maneh "hla..mboten kula pak..kula mboten nyolong
pitik..saestu wani sumprit kula" "nek kowe ra nyolong,kenapa iso barang buktine
pitike bu ginem ketemu ning omahmu?" "pancen enggih niku pitike ting griya
kula..tapi kula mboten nyolong..tenan niku pak..kula mboten goroh" wangsulane
hono sengol "lha trus piye critane?soale iki laporane bu ginem dhewe" pak polisi
tambah ora sabar "lha nggih niku to pak...wingi lak kula ngéwangi panen jagung
ting nggéne juragan Sapto...baline kula diparingi jagung..trus ndilalah karunge
jebol ning ngarep griya kula...." "trus. .." pak polisi tambah emosi "lha niku..trus
pitike mbokde ginem malah marani jagung sing kutah..lha nggih mpun kula sebar
mawon to jagunge..nganti tekan njero omah..lha pitike nututi sedaya,lha pas mpun
nglumpuk nggih kula kurungi mawon, nek woh-wohan mangklung ting griyane
tangga kan dados milike tangga..lha niki pitiké mbokde ginem nggih dolan
piyambak koq,mboten kula peksa,mboten kula maling..lak leres to pak..lha salahe
pitike dolan" "embuh....bocah nek udelé telu yo kaya kowe iku...&/&+%%
+#§€»¢]=¢¥»`=[>=«grrrhhhhhh" ----------------

Anda mungkin juga menyukai