Anda di halaman 1dari 3

Kartika Candra Dewi / 15 / XI IPA 1

Ati-Ati Marang Katresnan

Ing sawijining dina, ana Irzan lan Salsha ingkang lagi nyambung katresnan. Nanging ing
jero hubungan katresnan iku Irzan ngekang Salsha kanthi impianne Salsha ancur merga Irzan.
Dina Minggu Salsha pamit Irzan arep menyang lunga karo kanca-kancane.

“Zan, aku arep menyang dolan karo kancaku.”

“Yawis kono, nanging aja lalli ngabari aku ya.”

Ing tempat makan Salsha lali ngabari Irzan, amarga hpne dicas ing tempat kuwi. Irzan
khawatir karo Salsha banjur nyusul Salsha ing tempat makan. Nanging ing jero ruangan kuwi
Irzan delok Salsha gojegan bareng kanca-kancane, salah sawijining saka kancane Salsha ana
sing seneng karo Salsha. Irzan seng cemburu banjur nyedhaki Salsha lan Salsha digeret metu.

“Kok kowe ora ngabari aku ? Jebul ana Adit to ?” Irzan nesu.

“Aku jaluk ngapuro, aku lali ngabari amarga hpne aku cas.”

“Alah alesan…… omong wae nek kowe lagi karo Adit” Irzan emosi banjur nampar
Salsha neng mobil.

“PLAK…..”

“Iki ora kaya sing tok delok Zan.” jare Salsha karo nangis.

Dina sesuke Irzan menyang lunga karo Salsha menyang taman. Neng taman Irzan lan
Salsha seneng-seneng bareng. Wayahe wis sore, Salsha jaluk bali. Pas neng mobil Salsha
crita karo Irzan.
“Zan aku meh crita.”

“Crita apa ?”
“Ngene lho Zan, mau bengi bapakku muni nek aku karo kowe ora oleh nyambung
katresnan.” Irzan banjur minggirke mobile.

“PLAK…..” Irzan nampar Salsha saking emosine.

“Njuk saiki piye ? Merga apa bapakmu nglarang aku ro kowe ?” Irzan takon karo jambak
rambute Salsha. Salsha mung bisa meneng karo nangis, amarga ora wani muni apa-apa.

Seminggu sakwise, Salsha penasaran marang Irzan kenapa Irzan kerep nglakokake
kekerasan marang Salsha. Banjur Salsha ngrencanakake meneng-meneng neng omahe Irzan.
Ing omahe Irzan, Salsha ngerteni nek Irzan ditampar lan ditendang karo ibune saka jendela.

“Kowe ngapa ora manut karo ibu ?!” Ibune bentak.

Irzan meneng wae karo nangis, Salsha sing delok saka jendela mung iso meneng,
nangis. Pas ibuke lunga, Salsha banjur mlayu marani Irzan sing nangis. Nanging, Irzan malah
ngejak lunga metu saka omahe kuwi.

Ing dalan Irzan crita kenapa ibune kaya ngana neng Irzan.

“Ibuku nglakokake kaya ngana merga pergat karo bapakku, makane ibuku nglampiaske
neng aku. Jare ibuku aku ora oleh dadi lanangan sing lemah.” crita Irzan.

“Saranku to Zan, mending kowe omong alon-alon karo ibumu. Aku mesakke karo kowe
Zan.”

“PLAK….PLAK… KOWE MUDUN SAIKI !” bentak Irzan.

“Aku ora pengen ibumu ora nyakiti kowe meneh Zan.”

“MUDUN SAIKI SAKA MOBILKU !!!”


Banjur Salsha mudun saka mobil karo nangis ing pinggir dalan. Pas Salsha nangis ing
pinggir dalan. Salsha dikonangi karo kancane. Banjur kancane Salsha kuwi nyedhaki Salsha
lan nakoni Salsha.

“Kowe ngaapa Sal nangis ning kene ?”

Banjur Salsha langsung nyritakake sak kabehe marang kancane kuwi. Kancane sing ora
trimo banjur nelfon polisi.

Polisi langsung goleki keberadaane Irzan. Cukup cepet polisi goleki Irzan, sesuke Irzan
kecekel polisi ing omahe dhewe. Banjur Irzan digowo ing kantor polisi lan jelaske ning kono.
Seminggu sakwise, keputusan sidang yaiku Irzan dipenjara 5 taun. Akhire Irzan urip ning
penjara selama 5 taun lan nyesel nglakokake perbuatane, Salsha seneng isa urip tentrem lan
isa dadi pelajaran kanggo dekne. Hubungan Irzan lan Salsha wis ora nyambung katresnan.

Anda mungkin juga menyukai