Anda di halaman 1dari 3

Khutbah Jum’at tentang Syawal Bahasa Jawa: Istiqomah Ningkataken Iman Lan

Taqwa

Khutbah Kaping Pisan

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Sidang Jum’at ingkang dipun rahmati Allah Swt. Mangga sami tansah budidaya lan ningkataken iman lan
taqwa dhumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha
nebihi sedaya awisanipun Allah. Kanthi mekaten, kita Insya Allah badhe pikantuk kabekjan wiwit dunya
dumugining akherat samangke.
Sidang Jum’at Rahumakumullah.
Wulan syawal meniko kito sampun sareng-sareng ngrayaaken Idul Fitri. Inggih meniko sedoyo umat
Islam mugi-mugi angsal derajat taqwa lan angsal kamulyan saking Allah Swt. Keranten sampun angsal
derajat taqwa, monggo terus ningkataken ibadah lan amal sholih, ampun ngantos putus istiqomahipun.
Meniko sesuai kaleh makna syawal, inggih meniko wulan ningkataken sedoyo kesahenan. Nderek
dawuhipun Imam Ibnul ‘Allan asy Safi’i wonten ing kitab Dalilul Falihin li Syarh Riyadh al-
Shalihin ingkang sampun nerangaken.
“Nami wulan Syawal meniko dipundut saking kalimat Syaalat ai-ibil, ingkang artosipun onta niku
ngangkat utawi negakaken ekoripun. Syawal dimaknai maketan, sebab rumiyin tiyang-tiyang Arab
gantungaken alat-lat perang, karanten sampun cerak kalen bulan haram, inggih meniko wulan larangan
kangge perang”.
Makna Syawal meniko keranten sampun dados tradisi tiyang Arab. Manawi sampun manjing wulan
syawal dan wulan-wulan haram ( Dzulqaidah, Dzulhijjah dan Muharram), tiyang Arab sadar mboten
purun maleh perang, utawi genjatan senjata. Mboten wonten maleh musuhan kaleh suku dan qabilah
sanesipun.
Milo saking meniko, wonten wulan syawal monggo terus nindaaken dan istiqomah nglaksanaaken ibadah
lan amal sholih, sahinggo taqwa kito mboten putus, anangis malah tambah sahe dan tambah berkahipun.
Sampun diriwayataken saking Abu Hurairah, bileh Kanjeng Nabi Muhammad sampun dawuh.

“Sinten mawon ingkang puasa wonten ing wulan Ramadhan kerono iman dan ngarep-ngarep ganjarane
Allah, bakal dingapuro dosa-dosanipun ingkang sampun kalampah.”
Saking dawuh Nabi meniko, kito sampun suci, resik, ampun ngantos kotor dan kebak doso maleh.
Keranten meniko, sahe sanget menawi wulan syawal meniko dipun terasaken puasa sunnah syawal.
Nderek dawuhipun Nabi Muhammad SAW.

“Sinten mawon ingkang sampun nindaaken puasa Ramadhan, lajeng dipun terasaken puasa 6 dinten ing
wulan syawal, mongko tiyang niku angsal ganjaran kados tiyang ingkang puasa selami setunggal tahun.”
(HR Muslim).
Poro ulama sampun nerangaken, bileh puasa sunnah syawal meniko sanget sahenipun. Nopo maleh
menawi dipun laksanaaken sakba’danipun riyoyo Idul Fitri, utawi tanggal 2 Syawal langsung puasa
sunnah. Menawi mboten saget dipun laksanaaken kanti lumintu, saget ugi dipun laksanaaken dinten
sanesipun. Ingkang pokok tetep dipun laksanaaken wonteng ing sang lebetipun wulan syawal. Saget
mboten urut, ananging kedah genep 6 dinten ing wulan syawal.
Sidang Jum’at Rahumakumullah.
Wulan syawal meniko ugi sahe sanget kangge ningkataken tali silaturahim. Meniko nderek dawuhipun
Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

“Sinten mawon ingkang kepengen dipun jembaraken rizkinipun lan disranteaken ajalipun (utawi
dipanjangaken umuripun), monggo cepet-cepet silaturahim.”
Miturut Imam an-Nawawi ing Kitab Syarh Shahih Muslim, maksudipun “dijembaraken rizkipun” inggih
meniko rizki dados jembar lan tambah kathah. Ugi rizkinipun tambah berkah. Secoro lahir, rizkipun
dereng mesti nambah, ananging secoro batin, rizkinipun katah berkah, dadosaken urip bungah, tentrem
lan keluargo ingkang bahagia dunio dumugi akhirat.
Ing pungkasan, monggo wulan syawal meniko wekdal ingkang utami kangge ningkataken ibadah lan
amal sholih. Shalat fardhunipun dipun sempurnakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken lan shalat
jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid, langgar lan mushala dipun
makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang.
Infaq lan shadaqahipun dipun giyataken, shilaturahiminipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos
andhap ashor lan prasojo, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika mujudaken pikantuk
kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung lelamisan ing lathi lan boten namung pengangen-
angen, ananging i’tiqod ingkang sampun manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun
tindakaken kanthi amal ibadah. Mekaten punika pangerosan ideal wulan Syawal.
Khutbah II

Anda mungkin juga menyukai