Anda di halaman 1dari 2

Pak Bayan Gagal Nyaleg

Babak 1
Pagi ini Pak Bayan disibukkan dengan amplop yang berisi kertas merah yang perlu dihitung
Pak Bayan : siji,loro,telu,papat,limo,enem,aduhh...,siji,loro,siji,loro
Bu Bayan : Pak...! Pak....
Pak Bayan : "Heeeeee?(kaget langsung nyembunyikne jutaan uangnya)"
Bu Bayan : " Gelooo,emasku wes teyengen,panci ku wes borot kabeh,benges ku yowes
entek,pupur yo wis mbluduk opo kon dempulan gae gamping pie?aku ki tumbasne to pak pak,
mbok yo nyenengne ati bojone
Pak Bayan : " Opo to buk buk,ngerti bojone lagi sibuk ,mbok yo digae ne teh teh ngunu,malah
teko teko ngageti wae, bapak kerjo digae sinten? njenengan kan?
Bu bayan:" Wis mesti bojo njaluk setaun pisan wae ora dituruti,wis mangan aspal ae kono! Ra
arep masak pokok e (Bu Bayan mutung)
Pak Bayan :"Yo ojo ngono to buk buk yen ora kowe sing masak ne ,bapak maem opo?krikil? yowes
ngene ae yen sesuk longgar ayo neng pasar golek benges"
Bu Bayan:"Opo? Pasar?! mbok yo keren sitik to pak pak Solo paragon ngunu"
Pak Bayan :" Yowis neng Solo Solo kui manut.. Gek ndang kono bapak dimasakne."
Bu Bayan:" Yowis nggih Bu Bayan masak riyin ,monggo kang mas (Bu bayan pergi masak
meninggalkan pak bayan)"

Pak Bayan lanjut menghitung uangnya dan kemudian tiba tiba anaknya datang

Pak Bayan :"Ealah bojo lagi siji,lagi siji ae wes kyok bledek.Mbendino enek e mung ngumyengne
ae . Opo maneh loro hahahhaah.
Janet: "Pak aku pengen tuku kae pokok e"
Pak bayan :"Wis kui opo maneh anak siji podo mbok e"
Janet :" Aku tukokne laptop sing enek gambar e apel krowak kae pak,lagi jaman ngono kui, Terus
kui barang hp seng enek tulisan bbm e"
Pak Bayan :"Omong opo? Pak e lagi sibuk,sok mben tukune! kowe kui sinauo ben pinter koyok
bapakmu iki"
Janet:"Alaahhhh bapak i ojo medit medit ,sibuk ngopo wong ngitung abang abang kui,mbok
dicripati siji,ning ping sepuluh."
Pak Bayan :" Duit...duit opo.mudeng mudeng men duit. Wis ora."
Janet:" Loooo pak,nik ngunu wegah aku lak mbo kongkon njabuti uwan mu."
Pak Bayan :" Husss.nyooooh iki duwik e(Memberikan uang 10 ribuan"
Janet :" Asikk. Loo kok sepuluhan.Aku gelem e sing abang."
Pak Bayan:"La kui werna ne opo abang to. Wes kono bapak sibuk"
Janet:"Abaang pinginku sing atusan. walah yowes nak ngunu tak tinggal metu."

Pak Bayan merasa ditekan oleh istri dan anaknya dengan permintaan yang aneh aneh.Akhirnya
anaknya pergi ke tempat temennya yang bernama Meley. Temen dari TK yang sampai sekarang
masih terlihat akrab dan rukun
Meley:"Hey net delok en klambi ku anyar. Merk e apik ning kw sih.Hahahaha raopo sih tapi digae
mejeng mejeng yo keren.
Janet :"Aku mbok yo gelem.Kw kw sing penting merk. Tapi aku diutangi sik. La pakku util e
raumum."
Meley:"Kon lengser wae pakmu,yo gampanglan net ngko tak golekne utangan hahahaha."
Janet:"Yen lengser lengser aku mbok kon mangan opo,aku kui njaluk iphone iphone nde pakku
sing lagi ngetren saiki ,pokok sak duwur e hape mu lah hahah."
Meley:"O iyo awakmu jadul men to net,mbok wis kowe trimo nganggo hape nokia layar kuning
kui lho.Hp ne ora mbok cas sesasi jek murup. mbo jegurne banyu yo jek murup. Rasah gaya melu
aku ndudul ndudul. Bener pak mu ae hhahaha
Janet:"halah yo ben to aku pengen gaya sitik."
Meley:" Yo wis karepmu.aku luwe i.aku pengen nyobo pried chicken wi lho."
Janet:" Heh Fried chicken mbo inggris sitik ngunu lho."
Meley:"Halah yo ben ilat e wes cithak ngene gak londo2an"
Janet:" Wes wes ayo ndang runu aku selak luwe."
Meley:"ayo wes"

Meley dan janet pun pergi ke tempat makanan.

Anda mungkin juga menyukai