Anda di halaman 1dari 7

Nama Kelompok : - Adelia Duwi Febiada (1)

- Afrida Senja (2)


- Ananda Riski (3)
- Arico Feren (4)
- Bambang (5)
- Desi Yunita (6)
- Dina Ariskawati (7)

Kelas : XII IPS 3

Bocah SMP Jaman Saiki

                Ing wektu isuk ,jam 6.15 ing SMP 2 Seneng.Suasana kelas nemen sepine tapi ana
siji bocah wis budhal menyang sekolah lan meneng dewe ing jero kelas karo maca
buku.Bocah iku mau yaiku jenenge Rumi,Rumi yaiku bocah kang teku ning belajare,tetapi
gak suwe mari iku ,ana salah siji konco reket e Rumi teko menyang kelas…

Angel    :”Hei Rumi….!(sambil melambaikan tangannya)

Rumi      :”Hei pisan Angel…..!”

Angel    :”Isuk-isuk wes maca buku ,dari pada maca buku mending ngerumpi Rum”

Rumi      :”Heee..ngerumpi??? Walah opo manfaat ngerumpi kui”

Angel    :”Manfaat e ngerumpi iku,kene bisa ngomentari berita sing dadi trending topik dino
iki. Contoh ne :Ngerumpi masalah e arek sing putus cinta,kan seru toh?”

( ora suwe Auliyah teko menyang kelas)

Auliyah :”Assalammualaikum….!”
Angel&Rumi:”Waalaikumsalam…”

Auliyah :”Onok opo rek? Koyok ane isuk-isuk kok wes kate debat  ae!”

Angel    : ”Ora onok opo-opo kok ,saking nyeramahi Rumi iloh,kambian penggaweyane umek
buku tok ae”

Auliyah :”Emmmmmm…..Eh wis siap to PR IPA karo conversation e?”

Angel    :”Alhamdulillah IPA ku mari ,OPO?? OMG…………. CONVERSATION?”

Rumi      :”Wealahdalah ,kecil…….atase Conversation ae, pastine awak dewe iki yo ora
isok.”

(Ketok teko adoan Rossi,Hendra,lan Pradana kate melbu menyang kelas)

Rumi      :”(tola-tole menyang arah e lawang)”

Angel    :”Hadehhhh kah,TRIO KWEK –KWEK.”

Aulyah  :”Iyo pengganggune teko.”

Rosi        :”Hai konco ,Yo opo kabare apik ora?”

Pradana:” Lapo Rossi nyopo arek-arek ngono-ngono iku.”

Hendra :”Babah wes jarno ,sebagai geng seng terkenal ning smp iki kene harus ramah tamah
marang konco-knco.”

Rosi        :”Pie penampilanku apik opo ora cah?"

Rumi      :” Apik apane, penampilan koyok preman ngono jarene apik ”


Rosi        :” LOH….LOH…LOH… Penampilan ngene koyok preman sorry ya neng ,lek tak
teliti argumene sampean iku keliru, sing bener iku penampilanku bagus tenan lan pantes”

Hendra :” Ros-Ros onok PR  loh salah e loro pisan PR ipa karo berdialog basa inggris”

Rosi        :” Whats…. Gak salah kerungu ta aku!!! Perasaan gak onok PR.Teko ngendi tekane
PR iku mau .”

Angel    :” Gak ngerjakno yo…….KUAPOK!!!”

Rosi        :”Sepunten ne nggeh Angel, lek kulo pasti mari PR e ………maksudte mari ngene.”

Pradana:”Ros mendingan saiki kene nyontoh Rumi ae cek oleh nilai 100.”

Rosi        :”Dungaren utekmu encer,lek ngono lets Go nyontoh nang Rumi ”

(Bel SekolahBerbunyi)

Rosi        :”Kurang asem bel e muni waduh yo opo iki?  ”

Pradana:”Wes jupuk en ae buku ne Rumi iku ros,terus contoh en. ”

Rosi        :”Oke-oke tak jupuk disek bukune”

Rosi        :“Rum endi buku mu aku kate nyontoh .”

Rumi      :”Lapo nyontoh!! Garap o dewe . ”

Rosi        :”Wadoh kesuen,kakean omong awakmu,Endi bukune!!  .”

Rumi      :”wooooohhh,…….kurang asem,awakmu iku Ros!!. ”


( PENGUMUMAN PANGGILAN KETUA KELAS 9 F)

Auliyah :”Onok pengumuman ,sek yo rek aku tak metu disek.( gak suwe mari iku, Auliyah
balik gawe ngumum no pengumumane)  ”

Auliyah :”Herek……..onok pengumuman rungokno diluk .”

Rosi        :”Opo pengumumane? .”

Auliyah :”Pak Didik dino iki gak isok ngajar masalah e onok kepentingan keluarga. ”

Rosi        :” aha….aku duwe ide,Yo opo lek CONVERSATION e kene di gae kelompok loro-
loro utowo berpasangan, Aku kan arek pinter ,cerdas,gak onok seng nangdingi. ”

Angel    :”Preeeettttt………. Sombong temen awakmu,tapi……dungaren e idemu


buagus..!!!  ”

Auliyah :”Wes..wes ayo wes ndang di mulai conversation e pada sak konco ,aku karo Rumi
terus Angel karo Rossi, Pradana karo Hendra.  ”

Hendra :”Ayo Ros,awakmu disek ae,tunjukkan kehebatanmu,aku pendukungmu.”

( CONVERSATION  DI MULAI)

Angel    :” GOOD MORNING ROSI  ”

Rosi        :” GOOD ISUK Angel ”

Angel    :”Leh…..keliru iku seng bener iku,GOOD MORNING TOO Angel !!  ”

Rosi        :”Enggak i,gak keliru wong aku arek e pinter dewe gak onok tunggale..  ”

Rumi      :”Ojok megaya awakmu…?  ”


Angel    :”Yo mboh dadi arek guaya tok,wong gak pinter ae cek sombonge  ”

Rosi        :”LOH….gak ero ta awakmu kabeh lek aku iki seng paling pinter dewe sak kelas
iki.  ”

Angel    :”Saiki ngene ae yah, lek ancene awakmu pinter gak mungkin awakmu jawab salam
conversation ku gae Bahasa iku malah keliru kabeh,awkmu dadi arek ojok megedhe tala,opo
polae awakmu geng terkenal ngono ta adine sikap mu isok sombong koyok ngono . ”

Rosi        :” ( tertunduk isin/ mulut membisu) ”

Hendra :” ( tertunduk isin/ mulut membisu) ”

Pradana:”Halah ,kambian awkmu ros,cek sombonge ”

Rosi&Hendra:”Husss……menengo awkmu Dan ”

Rosi        :”yo,yo,yo aku jalok sepuro ,tak akoni ancene aku lemah dek pelajaran conversation
Bahasa inggris ”

Auliyah,Rumi,Angel:” Yo tak sepurani tapi ojok di baleni maneh…!!  ”

Rosi        :”Rum ,iki loh buku mu tak balek no ,terus saiki kene berteman yo,gak tukaran
maneh?  ”

Auliyah,Rumi,Angel:”(podo seneng lan mesem kabeh) BERTEMAN….. ”

                Pungkasane cerito TRIO KWEK-KWEK bubar lan saiki nyaman damai karo
swasana kelas nyaman,tentrem akeh rasa  pertemanan…….
Nitingi struktur drama sing judule " Bocah SMp Jaman Saiki"

- Orientasi
Ing wektu isuk, jam 6.15 ing SMp 2 Seneng suasana kelas nemen sepine tapi ana siji bocah
wis budhal menyang sekolah lan meneng dewe ing kelas karo maca buku.

- Komplikasi
Hendra :” Ros-Ros onok PR  loh salah e loro pisan PR ipa karo berdialog basa inggris”

Rosi        :” Whats…. Gak salah kerungu ta aku!!! Perasaan gak onok PR.Teko ngendi tekane
PR iku mau .”

Angel    :” Gak ngerjakno yo…….KUAPOK!!!”

Rosi        :”Sepunten ne nggeh Angel, lek kulo pasti mari PR e ………maksudte mari ngene.”

- Klimaks
Rosi        :” aha….aku duwe ide,Yo opo lek CONVERSATION e kene di gae kelompok
loro-loro utawa berpasangan, Aku kan arek pinter ,cerdas,gak onok seng nangdingi. ”

Angel    :”Preeeettttt………. Sombong temen awakmu,tapi……dungaren e idemu


buagus..!!!  ”

Auliyah :”Wes..wes ayo wes ndang di mulai conversation e pada sak konco ,aku karo Rumi
terus Angel karo Rossi, Pradana karo Hendra.  ”

Hendra :”Ayo Ros,awakmu disek ae,tunjukkan kehebatanmu,aku pendukungmu.”

- Resolusi
Rossi : "yoyo aku njaluk sepuro, tak akoni ancene aku lemah ning pelajaran conversation
bahasa inggris."
" Pungkasaning crito Trio Kwek Kwek bubar lan saiki damai kabeh karo swasana kelas
nyaman , ayem tentrem lan akeh rasa pertemenan"
- Koda
Dadi manungso iku ojo sombong lan ojo megedhe tala opo meneh ngrasa paling pinter
amarga iki ora ana uwong sing sempurna ing alam ndunya iki, kabeh manungsa kuwi podo
ing pandangane Gusti Allah.

Anda mungkin juga menyukai