Anda di halaman 1dari 5

Majelis Pendidikan Dasar Dan Menengah

Pimpinan Daerah Muhammadiyah Kabupaten Pati


SMA Muhammadiyah 3 Kayen
Penilaian Tengah Semester (PTS) Gasal
Tahun Pelajaran 2021/2022
Nama : Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
No Tes: Hari/ Tanggal : Selasa / 14 September 2021
Kelas : X IPA/IPS Waktu : 07.30 – 09.00 WIB
I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e ing sangarepe wangsulan kang trep!
1. Ana ing serat Wedhatama pupuh Pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi
pathokaning kanggo manungsa yaiku ….
a. Kawicaksanaan sejati
b. Pemimpin teladan
c. Tumindak ngati-ati
d. Rasa sukur marang Gusti Allah
e. Sopan santun
Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 2-7 !
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
2. Ukara “Mingkar mingkuring angkara” ndhuweni teges ….
a. Diwadhahi kaendahan geguritan
b. Dipaes supaya katon endah
c. Yen arep gulawenthah putra
d. Ngendhani saka angkara
e. Supaya kagayuh elmu luhur iki
3. Ukara “Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung” guru lagu lan guru wilangane, yaiku ….
a. 12/u
b. 11/i
c. 7/a
d. 8/u
e. 8/i
4. Tembang macapat ing ndhuwur kalebu jinis tembang …..
a. Gedhe
b. Tengahan
c. Kidung
d. Alit
e. Geguritan
5. Larik kaping telu “sinuba sinukarta” saka tembang ing dhuwur, tegese ….
a. Diwadhahi kaendahan geguritan
b. Dipaes supaya katon endah
c. Agama dirasuk raja
d. Ngendhani saka angkara
e. Supaya kagayuh elmu luhur iki
6. Ukara “agama ageming aji” ndhuweni teges ….
a. Diwadhahi kaendahan geguritan
b. Dipaes supaya katon endah
c. Agama dirasuk raja
d. Ngendhani saka angkara
e. Supaya kagayuh elmu luhur iki
7. Ukara “sinuba sinukarta” guru lagu lan guru wilangane, yaiku ….
a. 12/u
b. 11/i
c. 7/a
d. 8/u
e. 8/i
8. Unen-unen utawa tembungan kang ajeg penganggone duwe teges entar, nanging ora ngemu
surasa pepindhan diarani ….
a. Bebasan
b. Paribasan
c. Saloka
d. Pepindhan
e. Plutan
9. Kalebu tembung yogyaswara, kajaba ….
a. Guyup rukun
b. Dewa-dewi
c. Hapsara-hapsari
d. Yaksa-yaksi
e. Mudha-mudhi
10. Yogyaswara duweni teges ….
a. Swara kang becik
b. Ngudhari
c. Sakbenere
d. Salah
e. Mbenerake
11. Guru lagu lan guru wilangane tembang Kinanthi yaiku ….
a. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
b. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
c. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
d. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
e. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
12. Tembung bapa biyung tegese ….
a. Para bapak
b. Para ibu
c. Bapak ibu
d. Salah sedaya
e. Benar sedaya
13. Crita cekak yaiku karangan cekak sing wujude ….
a. Puisi
b. Prosa
c. Geguritan
d. Crita
e. Kidung
14. Dene urut-urutane cerita saka awal tekan rampung diarani ….
a. Alur
b. Latar
c. Setting
d. Penokohan
e. Amanat
15. Wektu lan kedadeane cerita, diarani ….
a. Alur
b. Latar
c. Setting
d. Penokohan
e. Amanat
16. Perangan sing nerangna papan utawa wektu kelakone kedadeyane ing crita diarani ….
a. Alur
b. Latar
c. Tema
d. Gaya basa
e. Amanat
17. Underaning perkara sing sipate umum diarani ….
a. Latar
b. Tema
c. Plot
d. Amanat
e. Babak
18. Cerkak yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti
pungkasan kanthi ….
a. Cekak wae
b. Dawa banget
c. Ngayawara banget
d. Sakepenake wae
e. Crita sambung
19. Kang mangaribawani (memengaruhi) dianggite sawijning cerkak saka unsur ekstrinsik iku
antarane kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a. Paraga
b. Ekonomi
c. Agama
d. Sosial
e. Status sosial wektu crita digawe
20. Pokok masalahe crita utawa lelandhesane crita arane ….
a. Amanat
b. Paraga
c. Tema
d. Alur
e. Babak
21. Paraga iku kaperang dadi telu, dene paraga mungsuh iku uga diarani ….
a. Antagonis
b. Protagonis
c. Tritagonis
d. Artagonis
e. Protesis
22. Rantamane crita sing sinambungan mbangun crita arane ….
a. Amanat
b. Paraga
c. Tema
d. Alur
e. Latar
23. Wong kang nulis cerkak diarani ….
a. Pengarang
b. Arkais
c. Novel
d. Penulis
e. Pujangga
24. Sing ngarang cerkak “ Kersane kang Paring Urip” yaiku ….
a. Suparta Brata
b. Nur Hidayanti
c. Supardi Djoko Damono
d. Nur Hidayati
e. Nini Klenyem
25. Gambaran papan kedadean, wektu, lan swasana uga diarani ….
a. Latar
b. Bloking
c. Layar
d. Kelir
e. Amanat
II. Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi patitis!
1. Jinising tembang bisa kaperang dadi telu, sebutna!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………...
2. Golekana tegese paribasan ngisor iki!
a. Adigang, adigung, adiguna
b. Tulung menthung
c. Yitna yuwana lena kena
Wangsulan : …………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………
3. Jelasna sing diarani klimaks!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………
4. Sebutna tembung-tembung kang klebu katrangan wektu!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………
5. Apa cirine sudut pandang wong kapisan?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………..
.…………………………………………………………………………………………………

Anda mungkin juga menyukai