Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikumwarahmatullahwabarakatuh.

Sugeng enjang, sugeng rawuh


Mugi Gusti Allah tansah paring berkah tumraping kita sedaya

kawontenan kulo wonten ing mriki mboten sanes , kejawi masalah ingkang sak
menika kita adhepi, kados ingkang sampun kita mangertosi wontening TV lan
media massa , manawi virus corona nyebar wonten tanah air.

Sakniki kita kedah wicaksana babagan virus corona niki, ing pundi virus niki
minangka virus enggal ingkang dereng dipun temokaken kangge vaksin , mila
kita kedah nyegah.
pencegahan saged dipun tindakaken kanthi ngumbah tangan sak derange lan
saksampune nindakaken kegiatan menapa kemawon, kita ugi kedah njagi
kekebalan awak kita., amargi virus menika saged mati piyambak amargi
kekebalan awak.
Supados kekebalan awak tansah terjagi , kedahe kita ugi njagi pola dhaharan
lan pola asupan gizi dhaharan ingkang sehat lan seimbang.
Sanes meniko ,kita ugi kedah tansah nerapaken utawi matuhi protokol
kesehatan , kados ingkang sampun dipun umumaken dining pemerintah.
inggih meniko kita kedah ngagem masker , njagi jarak , ngindari kerumunan ,
ngumbah tangan sak sampune lan sak derange kegiatan.
Kita kedah nyengkuyung aturan pemerintah meniko supados kita tansah
pinaringan sehat lan slamet .
Lan ampun supe tansah dedungo nyuwun dumateng Gusti Allah, mugi virus
corona menika enggal-enggal diangkat dining Gusti Allah ...aamiin Ya Rabbal
Aalamin

Mekaten ingkang saged kulo aturaken ,


wassalamualaikum warahmatullahwabarakatuh, sugeng enjang, salam sejahtera
dumateng kita sedaya.
Nuwun

Anda mungkin juga menyukai