Anda di halaman 1dari 5

Handout Basa Jawa Kelas 5 Genap

Tahun Ajaran 2021/2022

Kompetensi dasar :
3.2 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya bahasa (basa rinengga)
dalam konteks komunikatif
4.2 Menulis teks dengan basa rinengga sesuai dengan kaidah dan konteksnya

Basa Rinengga
(Panyandra, Panyendhu, Pepindhan, lan Parikan)

Basa rinengga nate disinaoni ing wulangan semester 1 (gasal). Carane maesi basa rinengga
antara liya migunakake tembung panyendhu, panyandra, lan pepindhan.

A. Tembung Panyandra
Panyandra iku asale saka tembung candra, tegese nggambarake utawa nyritakake
kahanan utawa wujud. Dadi panyandra iku ukara sing ngemu teges mirip utawa memper.
Lumrahe sing dicandra iku :
1. Perangane awak manungsa
Tuladha :
a. Drijine mucuk eri
b. Idepe tumengeng tawang
2. Solah bawane manungsa
a. Lakune kaya macan luwe
b. Jogede kayak merak kesimpir

B. Tembung Panyendhu (Panacad)


Tembung panyendhu yaiku tembung sing sipate nacad, sindhiran kanthi tujuan supaya luwih
apik (maju).
Tuladha :
1. Lastri iku biyen bembeng bangkekane, saiki dadi ramping sawise seneng olahraga
2. Aja kalah karo mbah Mardi, sanajan thuyuk-thuyuk lakune, saben esuk mesthi mlaku-
mlaku.
C. Tembung Pepindhan
Pepindhan yaiku unen-unen sing surasane irib-iriban utawa emper-emperan.

Tuladha :
1. Watake bocah loro iku beda banget kaya bumi karo langit
2. Putrane Pak Anton sing wadon ayune kaya Dewi Ratih

D. Parikan
Yaiku unen-unen kang cacahe rong gatra, kedadean saka sampiran lan isi.
Tuladha :
Kedadean saka 4 wanda + 4 wanda :
a. Wajik klethik gula Jawa
Luwih becik sing prasaja
b. Tawon madu, ngisep sekar
Golek ngelmu, kudu sabar

Kedadean saka 4 wanda + 8 wanda :


a. Kembang mlathi, ganda arum warna peni
Putra-putri, kudu gemi lan nastiti

Ciri-cirine parikan yaiku :


1. Kedadean saka 2 ukara
2. Saben ukara dumadi saka 2 gatra
3. Ukara kapisan minangka pambuka (sampiran), ukara kapindho minangka isi (surasane).
Daftar Rujukan
1. https://www.youtube.com/watch?v=cQI1l8Nq6FU

Anda mungkin juga menyukai