Anda di halaman 1dari 3

Sekolah : SMK Tujuh Lima 2 Purwokerto

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas/ Semester :X/2
Materi Pokok : Paramasastra (jinising tembung)

Sumangga saged dirangkum kangge sinau.


1. Jinising tembung bisa kaperang dadi 10 :
1 Tembung Aran yaiku tembung sing nerangake kabeh barang sing wujud utawa ora
wujud .
a Wujud : tembung aran sing bisa ditampa panca indra
Tuladha : sepatu
b Ora wujud : tembung aran sing ora bisa ditampa karo panca indra
Tuladha : agama ,pikiran
2 Tembung Kriya
tembung kang nerangke pagawean utawa tembung  ingkang mratelake solah
bawa atau dalam bahasa Indonesia Tembung kriya adalah kata kerja
Kaperang dadi 6 :
a Tembung kriya lingga
Tembung kriya sing esih wujud lingga
Tuladha : lungguh,lunga ,mangan
b Tembung kriya tanduk
Tembung kriya sing oleh ate rater hanuswara
Tuladha : mulang,nandur,nyapu
c Tembung kriya tanggap
Tembung kriya sing oleh ater ater tripurusa lan seselan in
Tuladha : dakgawa,kogawa,digawa,ginawa
d Tembung kriya rangkep
Tembung kriya sing awujud rangkep
Tuladha : geguyonan,mlaku mlaku ,mangan mangan
e Tembung kriya transitif
Tembung kriya sing mbutuhake lesan
Tuladha : Poniman tuku buku gambar
f Tembung kriya intransitive
Tembung kriya sing ora mbutuhake lesan
Tuladha : Sumantri lagi turu

3 Tembung wilangan
Tembung wilangan dierang dadi 4 :
a Tembung wilangan sing baku ,tuladha siji,loro,sarupiyah,saringgit
b Tembung wilangan pecahan,tuladha seprapat,separo,seperwolu lsp
c Tembung wilangan pepangkatan,tuladha kapisan,kapitu,nyatus
d Tembung wilangan sing during genah ,tuladha
sepira,semono,sethithik,akeh,sawetara,sebagian
4 Tembung Kaanan
Sakabehing tembung sing mratelakake kaanane utawa watake(sifate) barang.
Neng basa jawa anggone tembung kaanan neng samburine tembung aran.
Tuladha : kembang abang,umah cilik,bocah nakal
5 Tembung katrangan
Tembung katrangan yakuwe sakabehing tembung sing mratelakake katrangan
maring tembung kriya,utawa tembung saliyane tembung aran.
Tuladha : mlayu banter ,mangane alon alon,turu ngleder lsp
6 Tembung Tetenger
Sakabehing tembung sing dienggo kanggo nyandangi tembung aran,panganggone
ana sangarepe tembung aran lan ora ana tegese apa apa.
Tuladha : Si,Sang,Hyang,para,pun,poma
7 Tembung ancer ancer
Sakabehing tembung sing dienggo nggandeng
8 Tembung panyambung
Sakabehing tembung sing kanggo nyambung ukara siji lan ukara liyane neng
ukara rangkep/camboran
Tuladha :
sarta,lan,nuli,kejaba,banjur,jalaran,sebab,dadi,awit,mulane,terkadhang,wasana,den
e,nanging,malah,mulane
9 Tembung sesulih
Sakabehing tembung kanggo nyulihi/ngganti jeneng barang utawa wong supaya
ora bola bali nyebut barang mau.
Tuladha : sesulih wong (aku,insun,kula,kowe,sampeyan,dheweke
Tuladha : sesulih barang (iki,juwe,iku,kae,nika,punika,
Tuladha : sesulih pinangka pitakon(apa,endi,sapa,kapan,kepriwe)

10 Tembung Panguwuh
Tembung panguwuh yaiku mratelakake ngudarasa/penggalih
Tuladha : adhuh,ah,eh,e,lho,tobat,emm,busyet lsp

Gladhen
Ukara ukara neng ngisor kiye golekana jinising tembunge !
1. Mau bengi Bapak maos ariwarti Parikesit
2. Ibu lagi nulis layang kanggo Mas Handoko
3. Milawati diutus Bapak maring Bandung
4. Whe lo Adhine pinter,nanging kok kangmase malah bodho banget
5. Punika dhik,ingkang asmanipun Nurhaningsih bocaeh ayu tenan to

Anda mungkin juga menyukai