Dina iki ing SMA Negeri 1 Dampit ngadakake vaksin dosis 1 kuotane 500 uwong
acarane jam 8 isuk. Nanging amarga ana halangan ing dalan aku lan kancaku telat 15 menit, pas
wes tekan sekolah para siswa siswi podo desek desekan njupuk kartu antrian. Petugas seng ngerti
kahanan e wes ora kondusif langsung merintah para siswa lan siswi supaya baris sing tertib,
kabeh iku dilakoni supaya ora podo desek desekan lan supaya rapi. Aku seng ndelok iku banjur
meneng ing tengah lapangan karo mikir opo seng dilakoni siswa siswi. Pas weroh aku meneng
koncoku langsung narik tanganku karo muni " ayo nong ojo meneng ae selak antri dowo".
Ngomong ngomong ‘nong’ iku dijupuk teko kata 'Lenong' ngunu kancaku pada nyeluk aku.
Lanjut, sawise iku aku lan kancaku mau seng jeneng e Rahel mlaku menyang arah barisan siswa
siswi seng podo ngantri, tapi pas gek dalan aku ketemu karo salah sijine guru ing Sma Bu nizak
jeneng e "Wes rek tenang ae kabeh bakal kebagian vaksin, dadi masio rene awan tetep bakal di
suntik." ngendikane bu nizak, "Oh enggeh bu, kula ngantosi wonten kantin mawon." jawabku
karo mlaku nang arah kantin. Pas teko kantin aku karo Rahel lungguh ing salah sijine bangku
sekalian ngenteni kanca - kancaku seng dorong teko. "Sek nong aku tak mangan sego pecelku
maeng selak luwe." omonge Rahel karo ngetokake sego pecel seng dituku gek dalan sak
durunge menyang sekolah, "Biyuhh mangan tok ae rek. Yowes ndang entekno disek selak teko
arek- arek". Balesku ambek ndelok tiktok. Gak suwe kanca - kancaku teko, pas wes kumpul
kabeh aku karo kanca - kanca mlaku menyang petugas seng bagian data amarga arep njupuk
nomer antrian, "Terimakasih". omonge Dhesy pas wes dikek i nomer. "Nomer mu piro rek?"
takone amel, kanca kanca uga pada njawab nomer e dewe - dewe. "aku 330 rek. Iki kapan cobak
vaksin e lek nomer e sak mene akeh e, iso - iso mene kaet di vaksin". Jawabku, "Yo ora nong
kok, paling engkok awan yowes mari gak kiro sampek mene". Jawabe Rahel. Aku ngguyu pas
krungu jawaban e Rahel padahal niatku guyon malah ditenani. Sawise njupuk nomer antrian aku
karo kanca - kanca menyang kantin karo ngenteni giliran vaksin, ing kantin ora rame kaya
biasane amerga siswa siswi pada ngenteni ing ngarep e kopsis supayane krungu pas nomer e di
panggil. "Rek ayo tuku jajan timbang meneng ae" ajakku karo ngadek, "Ayo Len, tapi kate tuku
gek endi kantin e tutup ngene?". Bales e sonya, "Tuku gek kopsis ae ayo". Jawabku "Ayo wes".
jawabe Sonya karo narik tanganku, "Ganok sing titip a rek?". Takonku nang kanca kanca, "Gak
wes, engkok ae aku". Jawabe Amel. Sak banjure nakoni kanca - kanca aku lan Sonya uga mlaku
menyang kopsis. Pas ana ing tengah dalan aku mandek karo bingung nggoleki kontak sepedah
"Aduhhh.... Kontak ku nandi yo... apa di gawa Rahel". Kondo ku "Lehh ilang a kontakmu Len?".
Takon e Sonya "Emboh So lali aku tak deleh endi mau". Jawabku karo geledahi kesak, "Sek tak
takon Rahel yo?" lanjutku karo mlayu menyang kantin maneh. "Helll... Kontak e mau mbok
gawa a?". Takon ku karo ngatur napas amarga kesel mari mlayu, "Enggak i nong mau apa gak
awakmu seng terakhir nyekel?". Jawab e Rahel seng nggawe aku tambah binggung. "Ayo Hel
terno aku nggoleki kontak". ajakku karo narik tangan e Rahel, aku lan Rahel mbalek menyang
parkiran sepedah montor seng ana ing lapangan. Selamat kontak e isih mancep ana ing sepedah,
sawise iku aku uga mbalek menyang kopsis marani Sonya lan tuku jajan, Rahel uga mbalek
menyang kantin. Marine aku lan Sonya tuku jajan, aku lan kanca kanca pada pindah tempat
menyang ngarep e lab komputer amarga nomer e seng dipanggil wis sekitar 200 an.
"Aduhh tanganku anyes kabeh rek". Omonge Dhesy "Podo Dhes ndredek aku" jawab
Amel. Ing kunu aku lan kanca - kanca pada wedi amarga akeh isu seng ngomong vaksin iku lara,
tapi aku lan kanca - kanca pada saling ngeyakino. Nomerku lan kanca - kanca diceluk karo
petugas banjur kita pada maju ngekekno fotokopi KK utawa fotokopi KTP. Sawise ngekekno
aku lan kanca - kanca baris ing ngarep kelas amarga antri kate di cek tim medis. "Entenono rek
ojo ninggal" ucapku nang kanca - kanca amarga aku urutan terakhir, sak iki wayahku seng dicek
aku bener bener ndredek wedi lek loro. "Tangane dilurusno mbak". Perintahe tim medis "enggeh
bu". Jawabku. "Mbak duwe alergi obat? Alergi makan?" Takone "Mboten nggadah bu". Jawabku
, "ohh iya.... Samean tau gak iso mambu? Apa tau di pcr?". Takone maneh. "Emmm... Nate niko
mboten saget mambu. Tapi lek pcr mboten nate". Jawabku. "Omahe samean gek endi se mbak?".
Takone sing kaping telu, " ngriya kula ing Sitiarjo tapi wonten ing Rowo Tratene." Jawabku
"Ohh desa sing mari kenek corona iko tah?" Saut e tim medis sijine. "Enggeh bu". Jawabku,
pikiranku wes gak penak wedi gak oleh vaksin. "Bulan piro iko kenek e mbak?" "Bulan 6".
Jawabku karo ngeremes rokku, "Pas telu wulan iki yo opo oleh a?" Takon e tim medis seng
ngecek aku nang kanca sebelahe, "Gapopo wes". Saut e kancane. Sawise aku ditakoni macem
macem pertanyaan aku banjur metu saka ruang kelas iku lan pindah antri nang sebelah e. Antrian
e tambah dowo amarga akeh seng ora gelem mlebu amarga wedi di suntik, "Ayo rek maju disek
ndang mari ndang uwes". Ajakku nang kanca - kanca, banjur ngomong ngunu aku lan kanca -
kanca uga maju mentang ngarep dewe, ora suwe aku lan kanca - kanca dikongkon masuk gawe
vaksin pas lungguh ing njero tangan karo sikilku ndredek kabeh podo anyes. "Wedi a dek?"
takone bu dokter. "Mboten bu namung ndredek" jawabku karo ngguyu, aku banjur mbukak
seragamku terus di suntik karo bu dokter. 'Huhhh Lega' batinku tibak e vaksin iku ora lara. Atiku
rasane lega iso melok vaksin dosis 1 iki, banjur divaksin aku lan kanca - kanca mampir mangan
Kesehatan iku penting lan larang regane, dadi kanca kanca ayo pada niaga kesehatan karo