Anda di halaman 1dari 2

MATERI 8 BHS.

JAWA KLS XI

2.UPACARA ADAT PENGANTENAN

Ing upacara adat pengantenan jawa lumrahe ngiwati tahapa-tahapan iki

a.nyiyagakake papan pawiwahan

b.nyiyagakake among tamu pawiwahan

c.metune pengantin putrid

d.meune penganten kakung

Adicara panggih : ijol ijolan kembang mayang,gantalan,nyideg antigo,singep sindur

Katrangan:

a.nyiyagakake papan pawiwahan

Gapuraning pawiwahan rinengga edining reregan inh pisang raja,cengkir gading,tebu wulung,par
sawuli,sekar serto wohing kapas,ron opo-opo suket alang-alang ,miwah rohing kawulih,ron waringin
sarencekipun,pangaron ingkangisi sekar setaman ingkang wasito sinandi, karepe nglambangake
kaweningan,mugaa sri temanten kang arep ngambah alam bebrayanduwe rasa sumelih,serto nengenake
kesabaran.

b.nyigyagakake among tamu paiwahan

Tamu-tamu kang diundang diajab rawuhe kanggo aweh dongo angestu marang penganten
sarimbit.tamu tamu kang adoh dadi sanak sangsayo sumanak.

C.metune penganten putri

Penganten putri metune dewe lan disiki tinimbang penganten kakung,banjur lunggoh ing
sarano ,panganten putrid ngagem busono kang sarwo emas kaya busananing garwo noto permaisuri,
katon pating gelebyar lan pating pancurat,sayo nambahi sulistaning sri penganten.

d.metune penganten kakung

Rawuhe penganten kakung binarengan pangiringe,mubyar-mubyar busanane kayo busananing


naendo,kadeleng sako kadohan merbawani lan siyogo dadi manggolo bale wismane, penganten kakung
didherekake pangiringe tumuju sasana rinenggo arep pinanggih penganten putrid.

ADICARA PANGGIH

a.Ijol-ijlan kembang mayang


Lumakune penganten kakungkandheng sawentaro, banjur ijol-ijolan kembang mayang, kembag mayang
cacahe sepasang digowo jejaka lan kenyo legan saka gawane penganten dewe-dewe.kang jejaka ngawo
kembang mayang lanang lan kenyo nggawa embang mayang putri, kembang mayang digawe saka
sawenehe gegodongan lan wit-witan saka pekarangan.

b.Gantalan

Ing kene dumadi balan-balangan gantal antarane penganten kakung lan putri,gantalan iku kang awujud
suruh temu rase dibuntel sarananing ganten, banjur ditaleni lawe putih.karepe suruh, kesusu selak
kepengin weruh klawan kurepe, nanging lamun giningit tunggal rasane, senajan jejer priyo lan mijil
wanita, kalamun wis nyawiji penggalihe, mulo bakal manunggal rasa cipto kerso karsane,temu rose :
temu ing raos tinalenan ing rara tresno kang suci, bakal pinasthi dadi juru kramane, pinasthi dadi
jodhone.

c.Ngideng antigo

Mudhun soko pasangan, kang sarimbit enggal marepeki antigo cinaket ing bokor kencana, minangko
wadhahing kembang setaman, sakolo antigo tipanak sukune penganten kakung,pyar pecah
sanaliko,penganten putri daya-daya anjengku sarwo semembah mring kakung,banjur amijiki samparane
keng raka klawan ranupodo, ranu iku toyo, banyu lan pada ateges samparan, keng putri mijiki
samparane keng rook kanthi sedyo ngatonake darma bektine mring garwo.

Toyo perwito kang minongko sarano pambusuning pada, manunggal mring kembang triwarna:
mawar,mlati miwah kenongo,gandhane kembang den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane
rising pinanganten,kuncara asmane,biso dadi tepo palupining brayat mudho.

d.Singep sindur

Sarampunge adicoro ngideng andigo, nuli jemeneng jajar putro panganten kaloro sandhing
gegandhengan tangan, satuhu sajajar drajating priyo lan wanito,sanadyan wanodyo ora nyingkur
kodrating wanito minangko garwo,rising pinanganten arep lumampah tumujo ing sarano rinenggo

Singep sindur kang awarno rekto lan seto dening bapak ibu, kanthi pangajab bebrayan putro sarimbit
tinuntun ing rehing kautaman, pinanggo ing budi rahayu linanbar rasa tresno, wani ing bebener, wedi
ing kadurakan lan kanistan.

Anda mungkin juga menyukai