Anda di halaman 1dari 3

(29) Adab Nampi Informasi ( ‫) اﻵداب ﻓﻰ ﺗﻠﻘﻰ اﻟﺧﺑر‬

Ngrukem, 31 Agustus 2018

‫اض‬ِ ‫ َو َﺣﱠﺮَم اﻟﻈﱡْﻠ َﻢ ِﰱ اﻟ ﱢﺪ َﻣ ِﺎء َو ْاﻷ ْﻋَﺮ‬، ‫ﺐ اﻟْ َﻌ ْﺪ َل ِﰱ ُﻛ ﱢﻞ ْاﻷَ ْﺣ َﻮ ْال‬ ِ‫ِ ﱠ‬
َ ‫ اَ ْﳊَ ْﻤ ُﺪ ﷲ اﻟﺬ ْى أَْو َﺟ‬، ْ‫اَ ْﳊَ ْﻤ ُﺪ ﷲ‬
.‫اﳊُُﻘ ْﻮ ِق َو ْاﻷ ْﻣ َﻮ ْال‬ ْ ‫َو‬
‫ َوأَ ْﺷ َﻬ ُﺪ أَ ﱠن‬، ‫ﺎف َوَو ِاﺳ ُﻊ اﻟﻨﱠـ ﱠﻮ ْال‬ ِ ‫ َﻛ ِﺎﻣﻞ ْاﻷَوﺻ‬، ‫وأَ ْﺷﻬ ُﺪ أَ ْن َﻻ إِﻟﻪ إِﱠﻻ اﷲ وﺣ َﺪﻩ َﻻ َﺷ ِﺮﻳﻚ ﻟَﻪ‬
َ ْ ُ ْ َْ ُ َْ ُ َ َ َ
. ‫ﻀ ْﺎل‬ َ ْ‫اﻹﻓ‬ ْ ‫ﲔ ِﰱ اْ َﻟﻌ ْﺪ ِل َواﻟْ َﻔ‬
ِْ ‫ﻀ ِﻞ َو‬ ِ ِ َ َ‫ اَﻟﱠ ِﺬى ﻓ‬، ‫ﺳﻴﱢ َﺪﻧَﺎ وﻧَﺒِﻴﱠـﻨَﺎ ُﳏ ﱠﻤ ًﺪا ﻋﺒ ُﺪﻩ ورﺳﻮﻟُﻪ‬
َ ْ ‫ﺎق َﲨْﻴ َﻊ اﻟْ َﻌﺎﻟَﻤ‬ ْ ْ ُ َ َ ُ َْ َ َ َ
ِ ‫ﺐ وأ ْﺷﺮ‬ ٍ َ ‫ َﺧ ِْﲑ‬، ‫ﺻ ْﺤﺒِ ِﻪ‬ ِِ ٍ ِ
‫ف‬ َ َ ‫ﺻ ْﺤ‬ َ ‫ﺻ ﱢﻞ َو َﺳﻠﱢ ْﻢ َوﺑَﺎ ِرْك َﻋﻠَﻰ َﺳﻴﱢﺪﻧَﺎ َوَﻣ ْﻮَﻻﻧَﺎ ُﳏَ ﱠﻤﺪ َو َﻋﻠَﻰ آﻟﻪ َو‬ َ ‫اَﻟﻠّ ُﻬ ﱠﻢ‬
. ‫ﺎن إِ َﱃ ﻳَـ ْﻮِم اْﳉََﺰ ِاء َﻋﻠَﻰ اْﻷ َْﻋ َﻤ ْﺎل‬
ٍ ‫ وﻣﻦ ﺗَﺒِﻌﻬﻢ ﺑِِﺈﺣﺴ‬،‫آ ْل‬
َ ْ ْ َُ ْ ََ
ِ ِ ِ َ‫ اِﺗﱠـ ُﻘﻮا اﷲ ﺗَـﻌ َﺎﱃ ﺑِﻄَﺎﻋﺘِ ِﻪ وﻃ‬، ‫ اِﺗﱠـ ُﻘﻮا اﷲ‬، ‫ ﻓَـﻴﺎ أَﻳـﱡﻬﺎ اﻟﻨﱠﺎس‬... ‫أَﱠﻣﺎ ﺑـﻌﺪ‬
َ‫ َوَﻣ ْﻦ ﻳُﻄ ِﻊ اﷲ‬، ‫ﺎﻋﺔ َر ُﺳ ْﻮﻟ ْﻪ‬ َ َ َ َ َ ْ ْ َ َ ُ َْ
. ‫َوَر ُﺳ ْﻮﻟَﻪُ ﻓَـ َﻘ ْﺪ ﻓَ َﺎز ﻓَـ ْﻮًزا َﻋ ِﻈْﻴ ًﻤﺎ‬
Poro sederek, jamaah Jumah Rahmakumullah..

Monggo kito tansah ningkataken anggen kito taqwa dumateng Gusti Allah, kanti toat
nglampahi perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Sinten ingkang estu
toat maring Allah lan Rasulipun, yekti deweke bejo kanti kabekjan ingkang ageng.

Poro sederek ingkang kawulo hurmati.

Kito gesang sakmeniko wonten zaman ingkang serba canggih, alat-alat komunikasi
sanget berkembang sahinggo gampil sanget kito nampi informasi. Peristiwa ingkang
terjadi wonten tebeh mawon saged langsung kito mangertosi mawi alat-alat meniko.
Sedanten tiyang sakmeniko sami beto alat komunikasi ingkang arupi HP. Kanti HP
meniko, kito saged mangertos informasi nopo kewawon senajan kito namung
wonten griyo.

Gampilipun informasi meniko sejatosipun gadahi manfaat ingkang ageng menawi


kito saged ginaake kanti sahe, ananging kenyataanipun kadang malah dasosaken
perkawis ingkang boten sahe. Informasi-informasi ingkang sumebar meniko kadang
boten leres, boten sesuai kalihan kenyataanipun, kadang ugi dereng jelas
hakikatipun. Zaman sakmeniko kathah berita-berita ingkang goroh tur menipu
ingkang dipun wastani hoax lan kathah ugi berita ingkang leres nanging dereng jelas
hakikatipun. Menawi kito boten ngatos-atos anggenipun nampi berita, asring
dadosaken kerisakan, dadosaken saling curiga, prasongko olo, dasosake pisahipun
kekancan, retakipun keluwargi, dadosaken permusuhan wonten masyarakat,
ngantos saged dadosake risakipun tatanan bongso lan negoro.

Poro rawuh ingkang minulyo.


Al-Quran sampun paring pitedah supados kito ngatos-atos anggenipun nampi
informasi. Allah sampun dawuh:

ٍ ِ ِ ِ ِ‫ﱠ‬
ْ ُ‫ﻳﻦ آَ َﻣﻨُﻮا إِ ْن َﺟﺎءَ ُﻛ ْﻢ ﻓَﺎﺳ ٌﻖ ﺑِﻨَﺒَﺈٍ ﻓَـﺘَﺒَـﻴﱠـﻨُـ ْﻮا أَ ْن ﺗُﺼْﻴﺒُـ ْﻮا ﻗَـ ْﻮًﻣﺎ ﲜَ َﻬﺎﻟَﺔ ﻓَـﺘ‬
‫ﺼﺒِ ُﺤﻮا َﻋﻠَﻰ َﻣﺎ‬ َ ‫ﻳَﺎ أَﻳـﱡ َﻬﺎ اﻟﺬ‬
(6 :‫ﲔ )اﳊﺠﺮات‬ ِِ
َ ‫ﻓَـ َﻌ ْﻠﺘُ ْﻢ ﻧَﺎدﻣ‬
Artosipun kirang-langkung: He wong-wong kang podo iman, lamun ono wong fasik
teko gowo berita, mongko priksoho disik, supoyo siro kabeh ura nglarani kaum kanti
ura bener sahinggo siro kabeh podo gelo amargi tumindakan kang wes dilakoni.

Wonten ayat meniko, Gusti Allah paring pitedah adabipun angsal informasi utawi
berita:

1. Kedah dipun prikso rumiyin berita meniko, leres nopo boten, bener nopo
goroh. Misalipun kito angsal berita bilih rencang kito ngarani olo maring kito,
mongko berita meniko ampun keseso dipun tampi, nanging dipun prikso
rumiyin, leres nopo boten.
2. Ugi kedah dipun prikso rumiyin, kepriye sejatosipun berita meniko. Umpami
pancen leres berita bilih rencang kito ngarani olo, mongko kedah dipun prikso
rumiyin kepriye jluntunge, sopo ngerti jebule namung geguyon, boten estu
ngarani olo.
3. Ampun keseso mbales, nopo meleh nyebarake berita ingkang dereng jelas
meniko, keranten saged dadosake gelo naliko kito sampun bales, ananging
jebule boten leres.

Kejawi saking meniko, Allah ugi sampun nglarang kito seneng nyebarake berita olo
ingkang saged dadosake sumebare fitnah wonten masyarakat. Allah sampun
ngendiko:

ِ ِ ‫ﺎﺣﺸﺔُ ِﰲ اﻟﱠ ِﺬﻳﻦ آَﻣﻨﻮا َﳍﻢ ﻋ َﺬ‬ ِ ‫إِ ﱠن اﻟﱠ ِﺬ‬


ُ‫ﻴﻢ ِﰲ اﻟ ﱡﺪﻧْـﻴَﺎ َو ْاﻵَﺧَﺮةِ َواﻟﻠﱠﻪ‬
ٌ ‫اب أَﻟ‬
ٌ َ ُْ َُ َ َ ِ ‫ﻴﻊ اﻟْ َﻔ‬ ِ
َ ‫ﻳﻦ ُﳛﺒﱡﻮ َن أَ ْن ﺗَﺸ‬َ
(19 :‫ﻳَـ ْﻌﻠَ ُﻢ َوأَﻧْـﺘُ ْﻢ َﻻ ﺗَـ ْﻌﻠَ ُﻤﻮ َن )اﻟﻨﻮر‬
Ingkang artosipun kirang-langkung: Saktemene wong-wong kang seneng maring
sumebare perkoro olo ono ing masyarakat mukmin, mongko wong mou entuk sikso
kang banget larane ono dunyo lan akherat. Allah meniko moho mangertosi, dene
siro kabeh iku ura podo ngerti.

Wonten ugi setunggalipun hadis Nabi Saw ingkang ngendikaake:

(‫ث ﺑِ ُﻜ ﱢﻞ َﻣﺎ َِﲰ َﻊ )رواﻩ ﻣﺴﻠﻢ‬ ِ ِ


َ ‫َﻛ َﻔﻰ ﺑِﺎﻟْ َﻤ ْﺮء َﻛﺬﺑًﺎ أَ ْن ُﳛَ ﱢﺪ‬
Cukup dadi wong goroh, wong kang ngomongake kabeh sing dirungu.

Pramilo saking meniko, monggo kito sami ngatos-atos anggenipun nampi berita,
ampun ngantos kito gampil percoyo berita-berita ingkang dereng jelas hakikatipun.
Mugi-mugi kito dipun jagi dening Gusti Allah saking fitnah-fitnah ingkang sumebar
wonten zaman sakmeniko..Allahumma Amin..

ِ ‫ِ ﱢ‬ ِ ِِ ِ ِ ِ ِ
ُ‫ إِﻧﱠﻪ‬، ‫ﻴﻢ‬
ْ ‫ َوﻧَـ َﻔ َﻌ ِﲎ َوإﻳﱠﺎ ُﻛ ْﻢ ﲟَﺎ ﻓْﻴﻪ ﻣ َﻦ اْﻵﻳَﺎت َواﻟﺬ ْﻛ ِﺮ اْﳊَﻜ‬، ‫ﻴﻢ‬
ِ ِ
ْ ‫ﺑَ َﺎرَك اﷲُ ْﱃ َوﻟَ ُﻜ ْﻢ ﰱ اﻟْ ُﻘ ْﺮآن اْ َﻟﻌﻈ‬
. ‫ﻴﻢ‬ ِ ُ ‫ﻫﻮ اﻟﱠﺮُؤو‬
ْ ‫ف اﻟﱠﺮﺣ‬ ْ َُ
.. ‫ﲔ‬ ِِ ‫ب ا ْﻏ ِﻔﺮ وارﺣﻢ وأَﻧْﺖ ﺧﻴـﺮ اﻟﱠﺮ‬
ْ ‫اﲪ‬ ُ ْ َ َ َ ْ َ ْ َ ْ ‫َوﻗُ ْﻞ َر ﱢ‬

Anda mungkin juga menyukai