Anda di halaman 1dari 2

Nama : Estha Meyla Eka D.

Kelas : XI MIPA 8
No : 11

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Parapinisepuh ingkang dahat kinabekten


Para sesepuh ingkang dahat kinurmatan
Para rawuh kakung samawana putri ingkang kinurmatan,
Mangga sesarengan muji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, ingkang
tansah paring Rohmat dhateng kitasami. Nyuwun pangapunten dhateng
sagunging para tamu, kapareng kula badhe matur wonten ngarsanipun Bapak
Darmadi sekaliyan.
Bapak Darmadi sekaliyan ingkang satuhu kula kurmati, kaparenga kula matur
nuhoni atur penjenenganipun Bapak Kusnadi sekaliyan.
Lumantar Kula Bapak Kusnadi ngaturaken salam kawilujengan konjuk
dhumateng Bapak Darmadi sekaliyan mugi-mugi tansah sinandhing ing
karahayon saha kabagyan saking ngarsanipun Allah.
Kula sarombongan sowan ndherekaken calon penganten kakung inggih Ezar
Ziad Ramdhan Baraka Mugi Bapak Darmadi kapareng nampi saha
manggihaken kaliyan Estha Meyla. Ingkang punika Ezar Ziad Ramadhan
Baraka kula pasrahaken dateng Bapak Darmadi.
Kairing sesanti mugi rahayu wilujeng panggihing penganten sarimbit sedya
utami mugi kaleresan bebrayanipun, lestantun anggenipun bebesanan.
Mbok bilih kula sarombongan anggenipun sowan kirang tata krami saha
trapsila, kula suwunaken pangapunten.

Cekap semanten atur pasrah kula, kirang treping subasita anggen kula matur
nyuwun pangapunten.

Wasana rahayu ingkang sami pinanggih.


Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai