Anda di halaman 1dari 4

Contoh Pacelathon Bahasa Jawa Tata Cara Membuat Brem Madiun

Paraga
Tino : Anak Kelas 5 SD Usia Sekitar 11 tahun
Mbah Dipo : Kakek Tino, Pengusaha Brem, Usia 61 tahun
Topik Pembahasan : Sejarah Brem Makanan Khas Madiun
Tino
Assalamualalaikum wr wb, sugeng sonten, Mbah.
Mbah Dipo
Waalaikumsalam we wb. Iya, Le. Rene-rene pinarak kene.
Tino
Nggih, Mbah. Matur nuwun.
Mbah Dipo
Ana apa, Le.. Kok kadingaren banget sampeyan dolan mrene sore-sore.
Tino
Ngeten, Mbah. Niki kula pikantuk tugas saking sekolahan. Tugasipun ndamel tulisan ngenani
pripun tata caranipun ndamel brem. Sarehne kula boten ngertos. Lajeng kula badhe nyuwun pirsa
dhumateng panjenengan, Mbah. Punapa pareng?
Mbah Dipo
Wah ya entuk ta, Le. Malah kebeneran. Sore iki simbah bakale masak brem. Timbangane
awakmu mung entuk critane wae. Becike sampeyan sisan praktek langsung tata carane nggawe
brem.
Tino
Horee..... matur nuwun nggih, Mbah.
Mbah Dipo
Ayo saiki awake dhewe menyang mburi. Banjur acara nggawe breme enggal diwiwiti.
Tino
Inggih, Mbah.
Mbah Dipo
No, sampeyan wis ngerti durung bahan dasar nggawe brem kuwi apa?
Tino
Ketan, Mbah.
Mbah Dipo
Bener, seratus kanggo sampeyan. Banjur cara nggawene piye?
Tino
Wah menawi niku kula ingkang dereng ngertos, Mbah.
Mbah Dipo
Yen saiki durung ngerti ora apa-apa, No. Sing penting mengko yen wis ngerti aja nganti lali lho,
ya!
Tino
Inggih, Mbah.
Mbah Dipo
Dadi ngene ya, Le. Bahan dhasar kanggo nggawe brem iku pancen bener ketan. Sadurunge ketan
dimasak, ketane kudu dikum suwene kira-kira rong jam.
Sawise kuwi ketane dientas lan digrujug nganggo banyu sing resik. Rampung kuwi ketane
didang nganti mateng.
Tino
Dimasake ndamel magicom nggih, Mbah?
Mbah Dipo
Sejatine kena wae dimasake nganggo magicom, nanging sarehne cacahe ketan sing dimasak
akeh. Simbah milih nganggo cara tradisional.
Tino
Masak ndamel cara tradisonal menika pripun, Mbah?
Mbah Dipo
Masake nganggo kayu, Le. Alate iki (Bisa dijelasne alat sing dienggo masak kanthi
sebutan/dialek Madiun)
Tino
Punapa wonten keunggulanipun, Mbah. Saengga simbah langkung remen masak ndamel cara
tradisonal?
Mbah Dipo
Ana, Le. Kaluwihan masak nganggo cara tradisonal yaiku saliyane panase luwih rata uga merga
ndadekake masakane duwe aroma kang khas. Suwene masak ketane kira-kira sajam nganti rong
jam.
Tino
Waduh kita ngrantose dangu nggih, Mbah?
Mbah Dipo
Tenang, awakmu ora prelu sumelang. Jalaran simbah wis duwe ketan sing mateng.
Tino
Hore... lajeng pripun, Mbah?
Mbah Dipo
Yen wis mateng. Ketane dienteni adhem dhisik. Sawise kuwi lagi diwenehi ragi.
Tino
Wah jebule sami kaliyan ndamel tape nggih, Mbah?
Mbah Dipo
Bener, Le.
Tino
Rampung niku pripun, Mbah?
Mbah Dipo
Ketane sing wis diwenehi ragi dijarke suwene seminggu, dienteni nganti dadi tape dhisik.
Tino
Waduh ngrantose dangu nggih, Mbah.
Mbah Dipo
Pancen nggawe brem kuwi butuh wektu sing suwe, Le. Nanging kanggo dina iki awake dhewe
ora kudu ngenteni seminggu. Jalaran simbah wis ana ketan sing wis dadi tape.
Tino
Alhamdulillah... tata cara salajenge pripun, Mbah?
Mbah Dipo
Tapene banjur dipres supaya banyune metu kabeh. Nha, sing jenenge brem kuwi yaiku olahan
saka banyu tape kuwi, Le.
Tino
Tapi kok saged nggih, Mbah. Kamangka toyane rak nggih cuwer tapi kok malih saged padhet?
Mbah Dipo
Ya, kuwi merga diolah dhisik, Le.
Tino
Tata cara pangolahanipun pripun, Mbah?
Mbah Dipo
Banyu utawa sarine tape dipanasake nganti kenthel. Nha, sawise kenthel banjur diangkat lan
dilebokake cethakan lan dienteni nganti adhem. Yen wis adhem, brem wis dadi lan wis bisa
dipangan.
Tino
Wah, matur nuwun sanget nggih, Mbah. Saniki kula sampun ngertos caranipun ndamel brem
ingkang leres.
Mbah Dipo
Iya, Le. Padha-padha

Anda mungkin juga menyukai