Anda di halaman 1dari 4

Teks Drama

Kelompok 6 :
- Arlisa Nurmalia / 08
- Fitrah Sugesti R. / 14
- Novia Rizky A. / 25
- Rakha Ilham / 30

SMA Negeri 15 Surabaya


Jl. Dukuh Menanggal Sel. No.103, Dukuh Menanggal, Kec. Gayungan, Kota SBY, Jawa
Timur 60234
Gawe Teks Drama
Kelompok 6
........................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

1. Tema : Sekolah
2. Paraga :
a) Nur , wewatekane cerewet ( Protagonis ) Arlisa Nurmalia / 08
b) Rama , wewatekane seneng nesu ( Antagonis ) Fitrah Sugesti R. / 14
c) Indah , wewatekane seneng takon ( Protagonis ) Novia Rizky / 25
d) Pak Aripin , wewatekane teges ( Tritagonis ) Rakha Ilham / 30
3. Alur : Maju
4. Latar wektu : Wektu istirahat
Latar panggonan : Lobi lan ruwangan Pak Aripin
5. Pesen moral : Kita kedah numuti terus bab kagiyatan sekolah amargi punika kewajiban
dados siswa siswi Libels kangge numuti sarangkean kagiyatan lan tumut
lebeting ngramekaken kagiyatan ingkang dipunwontenaken sekolah.
6. Naskah :

Esuk dina kang cerah ing SMAN 15 Surabaya. Kring... Kring... bel ngaso wis muni. kabehing
siswa metu saka kelase amarga wis ngleboni wayah e istirahat. Nur lan Indah lumaku bareng
pinuju lobi sekolah.
Indah : Eh Nur, krungu-krungu sekolah e awake dhewe arep ngadakno kagiyatan?
Nur : Kagiyatan opo Ndah?
Indah : Aku ora ngerti Nur, mangkane aku takon menyang kowe kagiyatan kang arep
diadakno karo sekolah awake dhewe.
Nur : Aku yo ora sak piro ngerti, nanging aku krungu saka kanca-kanca kelasku yen
mengkone arep ana kagiyatan Liberty.
Indah : Liberty...?
Nur : Ayo Ndah, kegiatan pungkasane OSIS kayane.
Indah : Yen oleh ngerti kepanjangan saka Liberty iku opo Nur?
Nur : Dadi kepanjangan saka Liberty iku “ Libels party “.
Indah : Party? Wahh kayane seru yo Nur...
Nur : Iyo Ndah, aku uga penasaran banget ngenani kegiatan Liberty.

Rama kang dadi anggota OSIS tanpo sengojo ngliwati Nur lan Indah ing lobi sekolah.
Indah : Kuwi Rama anggota OSIS yo?
Nur : Iyo, kepriye yen awake dhewe takok menyang Rama ngenani Liberty?
Indah : Iyo setuju aku karo kowe Nur .

Rama lagi lumaku ing lobi sekolah ngarah menyang ruang guru, karo nggawa berkas-berkas
map abang.

Indah : Assalammualaikum Rama.


Rama : Waalaikumsalam Ndah, Kowe lagi ngomongke opo kok asik banget.
Nur : Awake dhewe niki kados tiyang kebingungan.
Indah : Sekolah badhe ngawontenaken kegiatan Liberty nggih?
Rama : Iyo Ndah, dadi kowe kabeh iki siswi Libels sing ora ngerti kagiyatan kang arep
dianakne karo sekolah ?
Nur : Kirang nuruti bab informasi kagiyatan ing sekolah.
Rama : Kowe kabeh iku kepriye toh, ngisin-ngisini banget dadi bebrayan Libels
Indah & Nur : Ngapunten ingkang katah Ram.
Rama : Kowe kabeh wis kelas 12, wis dadi mbakyu yen mengkone kowe kabeh ditakoni
adek kelas ngenani kagiyatan sekolah, kepriye yen ora iso njawab?
Indah : Iyo Nur ono benere, yen mengko ditakoni karo wong liya kang dudu bebrayan
Libels pitakone ngenani kagiyatan sekolah, yen ora iso njawab kepriye Nur...
Rama : Adhuh! Apa iki kang pantes sinebut bebrayan Libels?
Nur : Lhah kok sampeyan dados srengen dateng awake dewe, awake dewe sampun wonten
usaha damel taken.
Indah : Nggih leres awake dewe saestu mboten ngertos nanging awake dewe sampun enten
usaha damel taken.
Rama : Iyo Ndah, Nur.
Nur : Kados pundi niki Ram?
Rama : Dadi ngene...
Indah : Sttttt tenanan iki Nur (ndelok menyang Nur)
Nur : (ngguyu)
Rama : Yawes ngene saiki ben kowe paham kagiyatan Liberty, luwih apik kowe kabeh melu
aku menyang ruwangan Pak Aripin saiki. Kowe kabeh ora iso guyon!
Pungkasane sawise ngomong ing lobi sekolah, Rama, Nur lan Indah lumaku pinuju ruwangan
Pak Aripin kanggo nakokake terusan kagiyatan sekolah.

Rama : ( ndodok lawang ) Assalammualaikum Pak Aripin, sugeng siyang Pak. Pangapunten
nganggu wekdalipun.
Pak Aripin : Waalaikumsalam nak, nggih ono kaperluan opo Ram?
Rama : kados menika Pak kulo mbekta kalih siswi rencang kulo piyambakipun kirang
mangertos kagiyatan sekolah kita Pak inggih punika liberty, piyambakipun sedaya
badhe taken Pak Aripin.
Pak Aripin : Mengkene anak-anak ku kagiyatan taunan kang tansah ana ing sekolah awake
dhewe, kagiyatan iki yaiku kagiyatan gedhe ing sekolah awake dhewe amarga kanggo
meriahake, biyasane awake dhewe ngundang penyanyi kang bener bener kondhang.
Kagiyatan iki gedhe lan kudu di meriahake dening saindenge bebrayan Libels.
Nur & Indah : Ooohhh.. Kados puniku nggih Pak, kulo mangertos sanget Pak. Matur sembah
nuwun nggih pak inggil info nipun. Matur suwon nggih Ram.

Pungkasane Nur lan Indah penasaran maneh ngenani kagiyatan liberty lan ora ragu gawe
njawab nalika ana pitakonan lan Rama seneng banget ngrewangi dheweke kabeh.

Anda mungkin juga menyukai