Anda di halaman 1dari 61

5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

ULANGAN HARIAN-WAYANG

Wayang

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 1/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ing Kahyangan Jonggring Saloka . Sang Hyang Pramesthi Guru, Ya Sang Hyang
Manikmaya , Sang Hyang Girinata, Trinetra, Caturbuja, Tuguwisesa, Jagad
Pratingkah, Jagadkarana, Siwahbuja, Kalawisesa, Kalawisaya, Nilakantha, lenggah
siniwaka ing Bale Marcukundha. Lenggah kaadhap tetuwangganing para jawata
ingkang bebisik Sang Hyang Naradha ya Sang Hyang Kanekaputra. Dereng
ngantos Sang Hyang Bathara Guru medhar sabda katungka sowane Nata gung
Ngastina Prabu Pandhudewanata, Ya Prabu Dewayana ingkang arepepeh-
repepeh pindha sata matarangan, sarwi anyembah sesedhokan ing ngabyantara
jawata kekalih.Punggelan janturan punika ngemot rerengganing basa….

entar

dasanama

rurabasa

saroja

yogyaswara

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 2/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Sultan Hamengku Buwana I ngripta Gandawerdaya ugi Jayasemedi spirit


kusumabangsa nyawiji Lakon iki ngemot semangat patriotisme sing ora
dibedakake saka epos Mahabarata,mligi/ khusus nyatakake patriotisme ksatria
Pandhawa sing mbela bebener, greged sengguh datan mingkuh klasik pakem
joged Mataram.Busana prasaja nengenaken anggegulang karakter wanda/mimik
muka penjiwaan para paraga.Beksa Wirama yasan 1918 dening empu beksa
kagladhi ugi sȇmbahan, sabȇtan, lumaksana, ngombak banyu, sarta srisig.Lakon
kababar wanci dalu 7 dumugi 8 jam.20 tiyang minangka paraga/pemain (kalebet
pria lan wanita);12 tiyang minangka musisi gamelan lan wiraswara/vokalis pria;2
tiyang minangka waranggana/vokalis putri; 1 pawongan dadi dhalang.Paraga
wanara ugi raseksa ngagem topeng kayu lajeng antawacana sampun pakem
klasik kapireng radi monoton.Seratan ing inggil minangka pratelan ngengingi seni
pertunjukan inggih menika...

Wayang Wong gagrak Yogyakarta

Wayang Wong gagrak Surakarta

Wayang Wong gagrak Jawa Timur

Wayang Kulit gagrak Yogyakarta

Wayang Kulit gagrak Surakarta

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 3/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

“Prekencong-prekencong waru dhoyong kali codhe sapa sing nggawe. Ngger,


Pandhu. Ketrucut ucap kita iku mau. Kita sawijining narendra gung,
pangayomaning para kawula. Ana bebasan Sabda brahmana raja. Sabdaning
pandhita, pangandikaning ratu kuwi sepisan mesthi kadadeyan. Dening Sang
Hyang Jagadnata jeneng kita boya nampa sot utawa supata, lha kok kita malah
ngucap kaya mangkono.Punika punggelan pangandikan paraga….

Narada

Kresna

Durna

Puntadewa

Werkudara

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 4/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

“Inggih, pukulun. Boten badhe kula selaki. Nadyan ing mbenjang pejah kula dados
intiping Kawah Candradimuka, badhe kula temah. Waton kula saged minangkani
pamothahing bojo kula pun Yayi Dewi Madrim”.Punika punggelan pangandikan
paraga….

Bathara Guru

Kresna

Pandhu Dewanata

Dhestrarastra

Yama Widura

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 5/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Mbarengi getering swasana ing jagad negara Wiratha gumelaring sayembara pilih
ingkang minangka kukubane sekaring kedhaton, yaiku Dewi Durgandini. Nalika
aku kautus nglamar Dewi Durgandini , bakal kanjeng ibu paring dhawuh yen
peputra kakung kudu dadi ratu ing negara Astina, aku nyaguhi. Kanjeng Ibu
paring dhawuh: “Lha iya kowe nyaguhi lha besuk turunmu?” Nganti aku mersapa
nglakoni wadat ora bakal palakrama. Tegese nggonku wadat dadi kurbane wong
tuwa aku ora papa waton wong tuwaku padha seneng. Kang mesthine duwe
wajib negara Hastina iku pun kaki”. Punika punggelan pangandikan paraga….

Bhisma

Dhestrarastra

Pandhu Dewanata

Yama Widura

Kresna

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 6/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Swuh rêp data pitana, anênggih nagri pundi ta ingkang minangka bêbukaning
carita. Nadyan kathah titahing jawata ingkang kasangga ing pertiwi kaungkulan
ing akasa kaapit samodra. Ngupaya satus tan antuk kalih sewu tan jangkep
sedasa, nanging ora kaya negara Wiratha Negara Wiratha ing titimangsa
kalenggahan punika sampun ngancik kalih welas abad. Yuswaning negari Wiratha
sampun ngancik kalih welas abad. Ora jeneng mokal lamun kinarya bebukaning
carita dhasar negara panjang apunjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi tata
karta raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra
wukir gunung. Negara Wiratha ngungkuraken pagunungan, ngeringake
bengawan, nengenaken pasabinan. Ngayunake bandaran agung. Gemah kathah
para nangkoda ingkang samya lumaku dedagangan anglur selur tan ana pedhote.
Aripah tegese kathah para janma manca negari ingkang samya katrem abebale
wisma, swasana ana ing negara Wiratha jejel apipit bebasan aben cukit

Janturan nagari Astina

Janturan nagari Wiratha

Janturan nagari Pancala

Janturan nagari Ngamarta

Janturan nagari Dwarawati

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 7/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Puntadewa :” Kula cadhong ing tangan kula kekalih, paring pangestu paduka
Kanjeng Kaka Prabu ing Dwarawati, kawula pundhi wonten ing mustaka
amiwahan bagya kayuwanan kula.Werkudara :” Haaaaaaa….. durung sawetara
rawuhe Jlitheng kakangku marang negara Wiratha, Werkudara ngaturake
sembah.”Punika tuladha ginem ingkang dipunginemaken paraga…

Pandhu Dewanata

Arya Widura

Baladewa

Kresna

Salya

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 8/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Garwanipun inggih menika Dewi Drupadi. kagungan putra satunggal ingkang


nama Pancawala. Rahipun pethak pramila watakipun sabar, jujur, nrima ing
pandum, boten gampil duka bok bilih boten nate duka, boten nate goroh,
wicaksana, adil, bekti mring Gusti. Minangka ratu ing Amarta kagungan pusaka
Jamus Kalimasada paringanipun Bathara Darma. Punika nyandra paraga….

Puntadewa

Sadewa

Nakula

Arjuna

Werkudara

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 9/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ing Lakon punapa Werkudara diloropake dening Pandhita Drona supaya tekaning
pati. Nalika ngupadi Kayu gung susuhing angin ing Gunung Candramuka, malah
antuk nugraha lan sesuluh saka Bathara Indra lan Bathara Bayu. Nalika ngupadi
Banyu Suci Perwitasari ing samodra, malah bisa ketemu Bathara Dewa Ruci, lan
antuk wejangan kawruh sangkan paraning dumadi….

Pandhu Swarga

Bale Sigala-gala

Semar Mbarang Jantur

Gojali Suta

Dewa Ruci

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 10/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Paraga ingkang migunaaken salam pambagyaharja “blegudhug monyor-monyor


emprit gantil buntute kisa, lole-lole. Lole-lole soma lole soma rante, woh gembol
monyor-monyor, inggih punika….

Bathara Guru

Bathara Narada

Bhisma

Begawan Durna

Semar

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 11/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Paraga pawakan dhuwur grana mancung minangka panakawan aran kanthong


bolong ingkang ngaturaken salam pakurmatan katur Prabu Puntadewa”Amit-amit
pasang aliman tabik tinebihna tulaksarik linuputna rubeda sapudhenda
dhumawahna tawang-towang, inggih punika….

Arjuna

Kresna

Semar

Gareng

Petruk

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 12/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Pratelan ngengingi antawacana kandha utawi catur ingkang leres inggih punika….

sabet=teknik nglakoaken wayang

pocapan=gamelan ingkang katabuh lirih

ginem=kawasisan wicantenan kanthi dipunluwih-luwihi

ompak-ompakan=basa ingkang dipunpocapaken dhalang tanpa dipuniringi gendhing

sirep=wicantenan antawisipun paraga wayang setunggal kaliyan paraga sanesipun

Batalkan pilihan

Ingkang kalebet ciri-ciri ringgit gagrak Ngayogyakarta Hadiningrat inggih


menika….

lema,andhadhap,drenjemen

samparan seredan ngajeng

dewa ngagem sepatu, makutha

wanara socanipun setunggal

siten-siten abrit dipun lis emas

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 13/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Pratelan ingkang leres minangka jinisipun wayang inggih punika….

Wayang Madya, wujudipun lulang ingkang sinungging, mendhet lampahan cariyos


Panji.

Wayang Purwa, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Mahābhārata lan Rāmāyana.

Wayang Beber, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.

Wayang Kancil, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet lampahan cariyos
menak menawi ing Jawa lan Mahābhārata menawi ing tanah Pasundan.

Wayang Golek, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi gegambaran
sato kewan. Mendhet lampahan cariyos para kewan.

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 14/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu
nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene
sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep
ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya asor, watekmu ala, melik
barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet
pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok,
lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun
ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.

Kresna Duta

Pandhu Swarga

Sumantri Ngenger

Sembadra Larung

Karna Tandhing

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 15/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing


busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping,
gelang, porong, lan kuku Pancanaka.Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus.
Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun.
Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun
manjing jroning angga sang bungkus.

Antareja Takon bapa

Bima bungkus

Suryaatmaja Maling

Petruk dadi Ratu

Srikandhi Maguru Manah

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 16/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

“Nadyan namung kepanggih wonten ing margi kaka prabu, ri paduka ing
Ngawangga ngaturaken sumungkeming pangabekti kula, mawantu-wantu konjuk
pada paduka Kaka prabu ing Dwarawati”Punika punggelan pangandikan paraga….

Adipati Karna

Abimanyu

Antareja

Gathutkaca

Bambang Priyambada

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 17/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Nalika sanjata Kunta metu lan digegem dening Adipati Karna, Gathotkaca
ngendhani kanthi cara mabur ngangkasa, karepe supaya ora ketaman sanjatane
Karna. Meruhi krenahe Gathotkaca iku, Karna dadi bingung amarga dheweke
mesthiake sanjatane ora bakal bisa ngenani Gathotkaca.Ananging Karna tetep
nglepasake Kuntawijayadanu ngener ayang-ayang werna ireng ing akasa. Kunta
ngeplas saka gandewa. Jitma Kalabendana meruhi playune sanjata Kunta lan
banjur nyekel sanjatane Karna iku lan kagawa tumuju Gathotkaca sing ndhelik
aling-aling mega. Kuntawijaya nubles pusere Gathotkaca. Getih nyembur
kadidene udan, nelesi pabaratan Baratayuda.

Bale Sigala-gala

Begawan Ciptaning

Suryatmaja Maling

Gojali Suta

Gathutkaca Sraya

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 18/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Paraga iku sawijining paraga Mahabharata. tegese ‘’bisa nguwasani awake


dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom nganggo jeneng Pinten. Pinten iku
sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Paraga
mau lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Bathara Aswi , dewane tabib. Satriya
iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa utawa
Tangsen. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, paraga lan Sadewa iki mijil
saka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki
lair saka padharan kang suwek dening keris.

Samba

Gathutkaca

Aswatama

Antareja

Nakula

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 19/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ing taman Mandraka, Arjuna bisa sapatemon kalawan durjana kang singidan
nedya ndhusta Surtikanthi putrine Prabu Salya ing karaton Mandraka. Arjuna kasil
mangerteni jati dhirine duratmaka sing ora liya Suryaputra. Wusana Arjuna lan
Suryaputra banjur andon yuda, adu kasekten. Nanging Suryaputra kasor ing yuda
tandhing Arjuna lan uga kasil dirangket. Suryaputra banjur dipasrahake katur
Prabu Salya. Sawise kasil ngalahake Prabu Karnamandra lan ngejeki krajan
Awangga, krajan sing tansah ngreridhu lan ngganggu gawe katentremane
Mandraka. Suryapurna utawa Karna banjur sinengkakake ngaluhur, dadi raja ing
Awangga jejuluk Adipati Karna lan andhaup Surtikanthi.

Suryatmaja Maling

Begawan Ciptaning

Bale Sigala-gala

Gathutkaca Sraya

Bima Bungkus

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 20/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Resi Durna lajeng nimbali Bima,kanthi ancas ngluhurakne asmanipun Pandhawa,


dpunutus pados toya Tirtaprawita dhateng Harga Candradimuka. Bima sagah
lajeng bidhal punika kapendhet saking lampahan ringgit purwa inggih punika....

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 21/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Nalika geni murub ngalad-alad, Bima minangka panenggaking Pandhawa,


mbopong sadherek-sadherekipun saha ibunipun punika kapendhet saking
lampahan ringgit purwa inggih punika....

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 22/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajahsena, putra sang bathara ingkang
awujud gajah, kangge mbikak si bungkus saengga saged dados sejatining
manungsa punika kapendhet saking lampahan ringgit purwa inggih punika....

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 23/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ilmu peprintahan ingkang kedah dipungadhahi raja supados rakyat saged gesang
tata tentrem karta raharja ingkang dipunsebat “HASTHA BRATA”. punika
kapendhet saking lampahan ringgit purwa inggih punika....

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 24/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Saking tiga satriya punika, namung setunggal ingkang saged pikantuk wahyu,
inggih punika Raden Abimanyu. Amargi Raden Abimanyu saged mrenata hawa
nepsunipun, punika kapendhet saking lampahan ringgit purwa inggih punika....

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 25/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

“Yen peteng aja liwung,yen padhang aja mbungahi,wong kibir iku larangan“Ature
Prabu Tong-tongsot.Tegesipun ingkang boten sami kaliyan kibir inggih punika.....

sombong

nggedhe

sumakeyan

sumbar

sereng

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 26/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Gambar punika trep kaliyan pratelan....

Wayang Golek, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet lampahan cariyos
menak menawi ing Jawa lan Mahābhārata menawi ing tanah Pasundan.

Wayang Kancil, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi gegambaran
sato kewan. Mendhet lampahan cariyos para kewan.

Wayang Purwa, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Mahābhārata lan Rāmāyana.

Wayang Madya, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.

Wayang Beber, wujudipun lulang ingkang sinungging, mendhet lampahan cariyos


Panji.

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 27/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga klentik. Nanging sapunika blencong
dipungantos mawi lampu bolam ( 200 W ).

geber

cempala

keprak

blencong

cempurit

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 28/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

1. Balakānda, nyariosaken lelampahanipun prabu Dasarata.2. Ayodhyakānda,


nyariosaken lelampahan alitipun Rāmā ngantos sayembara Sinta lan dhaupipun
Rāmā kaliyan Sinta.3. Aranyakānda, nyariosaken lelampahan Rāmā, Sinta, lan
Lakshmana ing madyaning wana, lan cariyos Rahwana nyulik Sinta.4.
Kiskhindhyakānda, nyariosaken lelampahanipun Subali lan Sugriwa.5.
Sundarakānda, nyariosaken lampahan Rāmā tambak lan cariyos Anoman
obong.6. Yuddhakānda, nyariosaken lampahan perang antawisipun Rāmā lan
Rahwana (Dasamuka).7. Uttarakānda, nyariosaken lampahan saksampunipun
perang lan cariyos Sinta obong.Jejer punika ing lampahan....

Ramayana

Mahabharata

Menak

Panji

Damarwulan

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 29/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ingkang boten kalebet nilai-nilai moral utawi budi pekerti ingkang saged
kapendhet saking cariyos wayang Ramayana?

Kedah tulung-tinulung marang sesami; kados Rama saha Lesmana ingkang mbiyantu
Resi Wiswamitra mejahi raksesa.

Boten pareng fitnah; boten pareng kados Sinta ingkang fitnah Anoman awit boten
purun nylametaken Sinta nalika dipunkunjara ing taman Asoka

Kedah sabar; kita kedah sabar kados Rama ingkang tetep sabar nalika tahtanipun
kedah dipunparingaken Bharata.

Ngurmati tiyang sepuh; kados Rama ingkang ngurmati Prabu Dasarata.

Boten pareng ngapusi; boten pareng kados Kalamarica ingkang ngapusi Lesmana,
inggih memba dados kijang kencana.

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 30/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Tetandhinganipun Adipati Karna saha Raden Janaka wonten ing TegalKurusetra.


Adipati Karna ingkang sampun siaga sigra nglepasaken jemparing.Boten kintun
Raden Permadi ugi sampun siaga lepas saking jemparing.Sang Permadi siaga
sainggiling kreta ingkang dipunkusiri (sais) PrabuKresna. Dados mongkog ing
penggalih sang Permadi dupi engkang rakapun Prabu Kresna purun dados kusire
perang tetandhingan lawan AdipatiKarna.Adipati Karna majeng ing payudan kreta
den kusire Prabu Salyakapernah marasepuhipun. Kanti raos kepeksa tali kuda
dipunkekang jrantal,kreta majeng ing tengahe peperangan. Adipati Karna sigra
siaga sampundipunarahaken wonten jangganipun sang Permadi. Mulad Prabu
Salya kendali kuda dipunsigeg kreta dipunjejak jula kuda catur ponang panah
mleset,namung nyerepet kenging sainggile mustaka.Senopati kekalih anggenya
bandhayudha kados satriya kembar. Permadisigra ngunus Kyai Pulanggeni boten
kintun Raden Suryoatmaja ngunus KyaiJalak anggenipun bandhayudha dangu tan
wonten engkang ketingal kalindhih yudha. Selot dangu Raden Suryoatmaja
ketingal keseser yudanipun.Permadi sigra wrangkakaken Pulanggeni wonten
jajanipun Suryoatmaja, gugur Adipati Karna.Punika ing wayang babon
Mahabharata ngemot irah-irahan....

Suryatmaja Maling

Karna Tandhing

Parta Krama

Samba Juwing

Duryudana Lena

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 31/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Sinten nama paraga punika!

Duryudana

Burisrawa

Dursasana

Durmagati

Citraksi

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 32/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Raden Samba,semedi wonten ing wana Ganggawirayang, Wahyu Cakraningrat


mlebet ing angganipun Raden Samba.Tapanipun Raden Samba jugar awit boten
ngadhahi manah ingkang adil nalika wonten pawongan kalih nedya ndherek
ngabdi ing Dwarawati. Pawongan ingkang setunggal kakung sampun aki-aki
(sepuh), gesang kasrakat saestu mbetahaken pakaryan kangge nyambung umur.
Lajeng pawongan ingkang setunggalipun wanodya tasih timur lan sulistya ing
warni, gesangipun kacekapan ing dhusun. Raden Samba namung kersa nampi
setunggal kinarya abdi inggih menika wanodya kalawau, amargi manawi dados
abdi taksih conggah, rosa ugi canthas. Tenaganipun taksih migunani ing sadaya
pakaryan.Amargi Raden Samba pilih sih boten ngutamaaken watek adil Pramila
Wahyu Cakraningrat lajeng oncat saking angganipun Raden Samba …Adhedhasar
andharan punggelan cariyos wayang Wahyu Cakraningrat, katemtoaken ajaran
moral saking watakipun Raden Samba inggih menika….

kadang konang

nggugah macan turu

bathok bolu isi madu

kontul diunekake dhandhang

emban cindhe emban ciladan

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 33/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Adhedhasar teks antawacana ing inggil katemtoaken nama paraga A lan sinten
nama paraga B, inggih menika....

A:Dewa Ruci saha B:Bima

A:Dewa Ruci saha B:Antareja

A:Bima saha B:Dewa Ruci

A:Bima saha B:Gathutkaca

A:Gathutkaca saha B:Dewa Ruci

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 34/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Punika saking wesi inggih punika wesi wonten ing kothak wayang kangge ngisi
swasana kaliyan maringi aba-aba,winastan....

keprak

cempala

kothak

kelir

cempurit

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 35/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Yaiku wayang sing kegawe saka kayu. beda karo wayang golek sing mirip karo
boneka, wayang iki nduwe bentuk pipih kaya wayang lulang. wayang iki ping pisan
diciptakan saka Pangeran Pekik, adipati Surabaya, saka bakal lulang lan berukuran
cilik dadine luwih kerep karan karo wayang krucil. Kegawe saka kayu, anggitan
Sunan Pakubuwana II banjur menciptakan wayang klithik sing kegawe saka kayu
sing pipih (loro dimensi). tangan wayang iki digawe saka lulang sing ditatah. beda
karo wayang liyane, wayang klithik nduweni gagang sing kegawe saka kayu. Yen
pentas mungel "klithik, klithik" sing dipitayai dadi asal ngugah bebasan
penyebutan wayang klithik. neng Jawa tengah wayang klithik nduweni bentuk
sing mirip karo wayang gedhog. Tokoh-tokohnya nganggo dodod rapekan,
nduwe keris, lan nggunakne irah-irahan jamang (kipas). Neng Jawa Timur tokoh-
tokohnya memper wayang purwa, raja-rajane ngangge kuluk lan nganggo praba.
Neng Jawa Tengah, tokoh-tokoh rajane gelung Keling utawi Garuda Mungkur
wae. Repertoar cerita wayang uga beda karo wayang lulang. Repertoar cerita
wayang lulang dijupuk saka wiracarita Ramayana lan Mahabharata, repertoar
cerita wayang iki dijupuk saka siklus cerita Panji lan Damarwulan. Cerita sing
kanggo jero wayang klithik umumnya njupuk saka zaman Panji Kudalaleyan neng
Pajajaran nganti zaman Prabu Brawijaya neng Majapahit. Wayang krucil nganggo
cerita wayang purwa utawi Babad Tanah Jawi.Gamelan sing dikanggokake
kanggo ngiringi tunjukan wayang iki banget sederhana, berlaras slendro lan
berirama playon bangomati (srepegan). Kadhangkala wayang klithik
nggunakaken gendhing ageng, pramila winastan wayang....

Gedhog

Potehi

Klithik

Wahyu

Beber

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 36/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Batalkan pilihan

Wujudipun lulang ingkang sinungging, mendhet lampahan cariyos Panji, sinebut


wayang....

Beber

Klithik

Kancil

Krucil

Potehi

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 37/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Resi Bhisma dikalahake paraga wayang punika ing prang Bratayudha amarga
nalika perang ragane diangslupi Sukmane Dewi Amba, sinten paraga wayang
punika....

Larasati

Mustakaweni

Dursanala

Srikandhi

Nagagini

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 38/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Lae mblegeg ugeg-ugeg sakdulita mel-mel, eh bebasan iladuni cinepakna ing


kahyuwanan tinebihna ing sambikala.Eh Den, katitik saking gumelaring Paduka
kados jagadkalinglingan grahana surya, peteng ndhedhet lelimenganDen.
Mangga den katuran ngendika, ampun menangmeneng kaya watu anteng kados
banyu Den. Mbokmenawi anggen kula matur keladuk kurang deduga,kapotonga
sumangga jangga Den.Punika antawacana utawi ginem paraga sinten?

Petruk

Gareng

Semar

Bagong

Bawor

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 39/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ing gambar punika wonten Gajahsena klangenannipun Bathari Uma kaliyan


patihipun Dewa inggih punika Bathara Narada sami badhe ngupiya amrih babar
gajih satenggok punika, ing cariyos wayang winastan lakon...

Gathutkaca Lair

Lairing Kurawa

Bima Bungkus

Lairing Antareja

Wisanggeni Mijil

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 40/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Pradondi Prabu Dasalengkara ingkang ngalap ndhaup Dewi Siti Sendari minangka
calon garwa Raden Abimanyu. Dewi Suradewati inggih punika rayi saking Prabu
Dasalengkara ingkang lajeng dipunutus caos lamaran Dewi Siti
Sendari.Sedyanipun Dewi Suradewati saged dipunalang-alangi dening Srikandhi
satemah Suradewati kawon tandhing kaliyan Srikandhi.Katitik saking dudutan
wayang orang gagrag Ngayogyakarta Hadiningrat, kanthi irah-irahan….

Parta Krama

Srikandhi Suradewati

Semar Boyong

Sri Suwela

Pragolamurti

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 41/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Kasetitekna katrangan gambar punika! Sumbadra dhawah wonten jurang inggih


punika setunggaling carangan bab ndhusta Sumbadra dening setunggaling raja
saking seberang, prabu Jathayeksa. Burisrawa ingkang gandrung kaliyan
Sumbadra ngupaya ngrebut saking sang raja. Sasampunipun punika Burisrawa
nedya melik nggarwa Dewi Sumbadra nanging kaping kalih ipun mboten kasil ,
amargi sang putri mlajar saking para duratmaka. Apesipun Dewi Sumbadra
dhawah dhateng setunggaling jurang ingkang lebet sanget. Antereja, putra
werkudara patutan Pertalawati, kepanggih kunarpaning Sumbadra ing salebeting
jurang.Lajeng Antareja ingkang nembe madosi ramanipun inggih punika
Werkudara caos waluya Dewi Sumbadra kanthi sarana netesaken toya
prewitasari. Katutup kanthi pepanggihan antawis Sumbadra kaliyan Arjuna.
Adhedhasar katrangan gambar, kasebatna punapa lakon cariyos wayang kasebut!

Pragolamurti

Rama Nitik

Semar Boyong

Sri Suwela

Sembadra Larung

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 42/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Lakon Srikandi gladhen jemparingan minangka lakon carangan ingkang


nyriyosaken bab icalipun Srikandhi saking Cempala. Nyababaken Prabu Drupada
goreh sanget bab nasib puterinipun puniki. Ing lakon Partakrama kacariyos
Srikandhi kayungyun nalika ningali Arjuna saestu bagus jatmika, pramila Srikandi
nilaraken perayaan perkawinan. Alesan Srikandhi nilaraken Cempala inggih
punika supados saged kepanggih kalih ksatria gantilaning manah inggih punika
Arjuna kanthi cara nyantrik gladhen jemparingan saking sang ksatria.
Sasampunipun nglampahaken tirakat, lajeng nampi pitutur saking Bhatara Guru,
ingkang nyriyosaken menawi paring pangestu Srikandhi dhaup kaliyan
Arjuna.Srikandhi memba-memba dados raseksa malihan swargi Prabu
Kandhehawa, kinen tandhing kaliyan Arjuna. Adhedhasar katrangan gambar
kasebatna punapa lakon cariyos wayang punika!

Pragolamurti

Pregiwa Pregiwati

Srikandhi Maguru Manah

Sri Suwela

Sembadra Larung

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 43/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Palakrama Arjuna ingkang nggambaraken dhaup Arjuna (parta) kaliyan dewi Wara
Sumbadra, rayinipun Prabu Kresna. Nanging mekaten Arjuna kaliyan para
sadherek Pandhawa kedah tandhing Burisrawa (sadherek ipe prabu Suyudana lan
prabu Baladewa) saha prabu Surya wasesa saking Ngendracana. Peperangan
Pandhawa tandhing prabu Suryawasesa satemah Pandhawa saged mimpang.
Adhedhasar katrangan gambar kasebatna punapa lakon cariyos wayang punika!

Pragolamurti

Rama Nitik

Semar Boyong

Sri Suwela

Parta Krama

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 44/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Lakon puniki carangan saking wiracarita Mahabarata nggambaraken


pengembaraan kalih tiyang putri kembar Arjuna ingkang sesulih Endang Pregiwa
lan Endang Pregiwati ingkang lajeng dados patah sakembaran ing upacara
manten: sepisan, samudana putri kembar puniku ngupaya kepanggih kaliyan
ramanipun inggih punika Arjuna; kaping kalih, dados patah ing palakrama
Angkawijaya kaliyan Siti Sundari; lan kaping tiga palakrama Pancawala putra
Yudistira dhaup kaliyan Pregiwati. Lakon puniki ugi nyriyosaken tresna antawis
Gathutkaca kaliyan Pregiwa, saha Bambang Irawan kaliyan dewi Titisari (putri
Kresna). Adhedhasar katrangan gambar kasebatna punapa lakon cariyos wayang
punika!

Pragolamurti

Pregiwa Pregiwati

Semar Boyong

Sri Suwela

Parta Krama

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 45/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Gamelan langkung alit inggil, radi rengket,ukiran naga ingkang langkung njlimet
ugi trawangan,warni kajeng prada emas,kesan alusan lan njlimet,mboten wonten
bonang panembung, kenong japan, kendhang penunthung lan bedhug, punika
titikan gamelan….

Bali

Yogyakarta

Surakarta

Sunda

Jawa Timur

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 46/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Debog punika nggambaraken bumi utawi bantala. Debog utawi batang taneman
pisang kangge nancepaken wayang ing ngandhap kelir. Debog punika wonten
kalih, debog inggil punika kangge nancepaken wayang raja utawi dewa ingkang
pangkatipun inggil lan debog ngandhap punika kangge patih utawi nayaka
dhayang abdi.Kapilih ingkang sinebut gambar debog!

Opsi 1 Opsi 2

Opsi 3 Opsi 4

Opsi 5

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 47/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Kain werni pethak kangge latar pagelaran wayang kulit nggambaraken


angkasa.Kapilih gambar kelir ingkang gagrag Ngayogyakarta Hadiningrat!

Opsi 1 Opsi 2

Opsi 3 Opsi 4

Opsi 5

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 48/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Cempala minangka piranti kangge nuthuk kothak wayang.Kapilih gambar


cempala!

Opsi 1 Opsi 2

Opsi 3 Opsi 4

Opsi 5

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 49/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Kapilih gambar ingkang trep kaliyan pratelan rias wanara rias wanara ngangge
make up karakter, aksesoris siung kaliyan rumbai rikma gagrag Surakarta!

Opsi 1 Opsi 2

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 50/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Opsi 3 Opsi 4

Opsi 5

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 51/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Antawacana , pagineman dialogipun antawis paraga wayang punika


monoton,sami,sakedhik.Wirama nadanipun mboten wonten ekspresi utawi
greged emosi ingkang kapireng.Pratelan ngengingi antawaca gagrag….

Yogyakarta

Surakarta

Bali

Jawa Timur

Banyumas

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 52/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Nalika semana wus sidhakep saluku tunggal, nutupi babahan hawa sanga
mandeng puncaking grana, mawas mahya menjinging buswa. Pancasila kesthi,
sekawan kang binungkas, sajuga kang sinidhikara, kinarya nut laksining brata.
Pranyata Hwu-ning sembada pralebeting patrap pangulah lenging subrata.
Mangkya sang parameng kayun, kang kayungyun angayomi ayahaning.
Paramatman, yayah wus umanjing turyan, sawang lena jroning urip, sang atma lir
lagnyana.Punika kandha catur dhalang ngengingi….

Janturan semedi

Janturan gegambaran kraton

Janturan gegambaran ratu

Janturan gegambaran nayaka praja

Janturan donga

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 53/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Lêng lêng ramya nikang sasangka kumênyar ,mangrêngga rum ning puri ,mangkin
ta pasiring ,halêp ikang umah mas ,lwir murub ing langit ,têkwan sarwa manik
,tawingnya sinawung ,saksat sêkar ning suji ,ungwan Banuwati yanamrêm mwang
nata Duryudana. Punika nyanyian dhalang. Punika pathêt Nêm Agêng kapethik
saking kakawin Sardulawikridita.Anggambaraken endahing swasana ratri ing
kraton Hastinapura, cakepan punika winastan….

tlutur

suluk

janturan

sendhonan

pathetan

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 54/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Sunggingan punapa ingkang minangka sunggingan bentuk titik-titik tumata


rerenggan hiasan ing satunggaling bidang sunggingan.Pratelan kasebat
minangka titikan sungging wayang babagan….

bludiran

drenjeman

seritan

tretesan

bubuk iring

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 55/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Sunggingan minangka gegambaran saking bentuk-bentuk sekar lan ron ingkang


dipunewahi bentukipun. Sunggingan puniki kaginaaken kangge ngisi bidang-
bidang sunggingan ingkang nggambaraken corek kain, kadosta: dodot,
selendhang, celana lan pasemekan. Pratelan kasebat minangka titikan sungging
wayang babagan ….

tretesan

drenjeman

seritan

bludiran

bubuk iring

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 56/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ringgit puniki meh memper kaliyan ringgit golek ingkang wonten ing Jawa Barat.
Nanging manawi ringgit golek mendhet babon saking Mahabarata lan Ramayana,
manawi ringgit ingkang kathah mbabar cariyos rakyat kados cariyos ringgit
gedhog (criyos krajan Majapahit) lan ringgit Menak (cariyos Panji saha criyos Para
Wali). Kejawi puniku wonten ugi ingkang nyariyosaken Serat Damarwulan.
Pratelan kasebat minangka titikan wayang….

Golek

Menak

Thengul

Beber

Klithik

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 57/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ringgit ingkang para paraganipun kalukis ing geber, kain mori wiyar ingkang
wujudipun geber utawi tonil. Manawi pentas pagelaran nggelar geber ing saben
kain minangka setunggal babak ing cariyos. tuladha: Wayang punika wayang
saking kain mori ingkang dipungambari wayang dipuntontonaken sarana
dipunbeber (dipunbentangkan) lajengr dipungelar dening dhalang.Cariyos Jaka
Tarub, Raden Panji lan sapiturutipun. Pratelan kasebat minangka titikan wayang….

Golek

Beber

Menak

Thengul

Klithik

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 58/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Inggih punika ringgit awujud boneka kajeng utawi golek saking kajeng ingkang
dipunestuni muncul kaping sapisan wonten laladan Kudus ing jaman
pamarintahan Sunan Paku Buwana II. Sumber cariyos ringgit punika asalipun
saking kitab Menak, ingkang dipunserat dening Kanjeng Ratu Mas Balitar,
prameswari Sunan Paku Buwana I ing warsa 1717 m. babon induk saking kitab
Menak asalipun saking Persia, nyariyosaken Wong Agung Jayeng Rana utawi Amir
Ambyah. Pratelan kasebat minangka titikan wayang….

Dupara

Potehi

Thengul

Klithik

Menak

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 59/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Ringgit ingkang kadamel saking kajeng. Manawi ringgit Golek bentukipun


boneka. ringgit klitik awujud pipih kados ringgit purwa. Karipta dening Pangeran
Pekik, Adipati Surabaya, saking bahan kulit lan ukuran alit mila langkung asring
dipunsebat ringgit krucil. Kaperbawan ringgit Menak ingkang kadamel saking
kajeng, nyebabaken Sunan Pakubuwana II lajeng ndamel ringgit Klithik ingkang
kadamel saking kajeng ingkang pipih (kalih dimensi). Tangan ringgit puniki
dipundamel saking kulit ingkang dipuntatah. Wonten gagang, cempurit ingkang
kadamel saking kajeng. Menawi pentas ndadosaken ungel "klithik. Ing Jawa
Tengah ringgit bentukipun memper ringgit gedhog. Paraga ngangge dodot
rapekan, dhuwungan, lan ngangge tutup sirah tekes (kipas). Ing Jawa Timur
paraga kathah ingkang sarupi ringgit purwa.Ratu ngangge makutha ugi praba.
Ing Jawa Tengah ngangge gelung keling utawi garudha mungkur mawon.
Repertoar cariyos ringgit klithik dipunpendhet saking siklus cariyos Panji lan
Damarwulan. saking jaman Panji Kudalaleyan wonten Pajajaran ngantos jaman
Prabu Brawijaya wonten Majapahit ugi babad Tanah Jawi ngangge laras slendro
lan irama playon bangomati (srepegan utawi gendhing-gendhing ageng).Pratelan
kasebat minangka titikan wayang….

Klithik

Potehi

Thengul

Dupara

Menak

Batalkan pilihan

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 60/61
5/4/2021 ULANGAN HARIAN-WAYANG

Sarana dakwah lan tabliq ringgit purwa ingkang mentasaken lakon Para Wali
saking kraton Demak dumugi kraton Pajang. Paraga ringgit dhalang kaliyan niyaga
ngangge serban. Dados medium dakwah tauhid ingkang nuladhani Wali Sanga.
Wiwit dipunpentasaken kaping sapisan dening Suryadi ing warsa 1985 mbabar
lakon Ki Ageng Pengging ingkang ngewrat wucalan Tauhid kaemot ing cakepan
janturan, pagineman, syair gerongan, lan cakepan sulukan.Pratelan kasebat
minangka titikan wayang….

Sadhat

Wahyu

Suluh

Dupara

Menak

Batalkan pilihan

Kembali Kirim

Jangan pernah mengirimkan sandi melalui Google Formulir.

Konten ini tidak dibuat atau didukung oleh Google. Laporkan Penyalahgunaan - Persyaratan Layanan - Kebijakan
Privasi

 Formulir

https://docs.google.com/forms/d/e/1FAIpQLSfl3iy6z1_uOtXLo5dFQ8SpjLqGJ4I4B3kXT7zUT-Oq-KgNQw/formResponse 61/61

Anda mungkin juga menyukai