Anda di halaman 1dari 39

MAKNA SIMBOLIK APEM SALEBETING TRADHISI WAHYU KLIYU

WONTEN DHUSUN KENDAL DESA JATIPURO KECAMATAN

JATIPURO KABUPATEN KARANGANYAR

KACA IRAH-IRAHAN

PROPOSAL SKRIPSI

Dipunmajengaken minangka Syarat Jejangkeping Panyeratan Skripsi Wonten

Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah

Dening:

SUGIYANTO
NIM 1650900017

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH


FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS VETERAN BANGUN NUSANTARA
SUKOHARJO
2023
KACA PASARUJUKAN PROPOSAL SKRIPSI

Irah-irahan Proposal Skripsi : Makna Simbolik Apem Salebeting Tradhisi


Wahyu Kliyu Wonten Dhusun Kendal Desa
Jatipuro Kecamatan Jatipuro Kabupaten
Karanganyar
Nama : Sugiyanto

NIM : 16509000017

Program Studi : Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah

Fakultas : Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan

Sampun dipunsarujuki dening Dosen Pembimbing I saha Dosen Pembimbing II


minangka syarat jejangkeping panyeratan skripsi wonten ing Program Studi
Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan,
Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo.

Dinten :
Surya :

Dosen Pembimbing I Dosen Pembimbing II

Dr. Nurnaningsih, M.Hum. Harsono, S.S., M.Hum.

NIP. 19761219 201401 2 209 NIP. 19821107 201401 1 211

Mangertosi,

Pangarsa Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah

Dr. Agus Efendi, S.Sn., M.Sn.

i
PRATELAN ISINING PROPOSAL SKRIPSI

KACA IRAH-IRAHAN............................................................................................i
KACA PASARUJUKAN PROPOSAL SKRIPSI....................................................ii
PRATELAN ISINING PROPOSAL SKRIPSI.......................................................iii
BAB I PURWAKA...................................................................................................1
A. Larah-Larahing Perkawis..................................................................................1
B. Thinthinganing Perkawis..................................................................................3
C. Watesaning Perkawis........................................................................................4
D. Underaning Perkawis........................................................................................4
E. Ancasing Panaliten............................................................................................5
F. Paedahing panaliten..........................................................................................5
G. Tatacara Panyeratan..........................................................................................6
BAB II LANDHESANING TEORI........................................................................7
A. Landhesaning Teori...........................................................................................7
B. Panaliten Ingkang Jumbuh..............................................................................22
C. Cengkoronganing Pamikir..............................................................................24
BAB III METHODE PANALITEN.......................................................................26
A. Papan saha Wekdal Panaliten..........................................................................26
B. Jinising Panaliten............................................................................................26
C. Data saha Tuking Data...................................................................................27
D. Cara Ngempalaken Data.................................................................................27
E. Cara Ngesahaken Data...................................................................................29
F. Cara Ngolah Data............................................................................................30
KAPUSTAKAN.....................................................................................................33

ii
BAB I
PURWAKA
A. Larah-Larahing Perkawis
Miturut Koentjaraningrat (salebetipun Soelaeman, 2001) budaya
inggih punika wujud gagasan, konsep, pamanggih, lelampahan ingkang sami
sasrawungan kanthi ngginakaken piranti satemah dados asil cipta, raos ugi
karsa manungsa ingkang saged dipun tingali utawi dipun observasi.
Larah-larahing perkawis etnis Jawi dipun pendhet amargi kanthi cetha
nggambaraken kalungguhan utawi peran wigatos nenek moyang utawi tiyang
ingkang dipun anggep wigatos ing sawijining wewengkon kasebat. Kathah
tradhisi kabudayan utawi ritual ingkang dipun anggep wigatos ing sawijining
wewengkon, tradhisi punika kanthi turun temurun taksih sipun tindakaken
dening pabrayan agung. Kapitadosan asring dipun anut dening pabrayan
agung kanthi adedhasar raos saha nglestantunaken kabudayan ingkang taksih
wonten ing wewengkon punika.
Pabrayan agung Jawi ingkang gesang wonten dhusun-dhusun,
salebeting panggesanganipun taksih kathah dipun panggihaken maneka warna
jinis-jinis tradhisi ingkang benten-benten ginanipun kangge mujudaken
sesambetan antawis pabrayan agung dening Gusti ingkang damel gesang,
pabrayan agung kaliyan pabrayan agung, utawi pabrayan agung kaliyan
kawontenan sakiwa tengenipun.
Tradhisi pabrayan agung antawis setunggal wewengkon kaliyan
wewengkon sanesipun benten-benten. Tradhisi dumadi saking tumindakipun
manungsa salebetipun pagesangan saha mboten saged dipun pirsani saking
sesambetan purwa miwah wusananipun, ananging saking sesambetan antawis
manungsa kaliyan kahanan sakiwa tengenipun manungsa punika gesang.
Miturut Koentjaraningrat (2009) bilih sedaya tumindaking manungsa
punika sinebat kabudayan. Satunggaling watak ingkang langkung ketingal
saking manungsa inggih punika tumindaking kabudayan. Sedaya pranata
pangesangan kaiket dening piwucalan-piwucalan ingkang sampun mapan
wonten pabrayan agung saha kedah purun dipun lampahi.

1
2

Olahing pamikir ing bab cipta saha yasan manungsa inggih punika
sinebat kabudayan ingkang ngrembaka wonten pabrayan agung. Pamikir saha
tumindak ingkang dipun lampahi dening manungsa kanthi ajeg saha
wusananipun dados tradhisi. Kanthi wontenipun jembaring kapitadosan,
tradhisi ingkang wonten ing pabrayan agung saged kaperbawa dening piwucal
agama ingkang ngrembaka. Tradhisi wonten sesambetanipun kaliyan
kabudayan, kekalihipun mboten saged dipun pisahaken saha tradhisi punika
kalebet peranganipun kabudayan.
Salah satunggaling tradhisi ingkang taksih mlampah dumugi ing jaman
punika saha boten congkrah kalihan budaya sanesipun inggih punika Tradhisi
Wahyu Kliyu wonten Dhusun Kendal mapanipun wonten Desa Jatipuro,
Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar. Wonten salebeting dhusun
punika taksih anggadhahi adicara tradhisi ingkang dipun urip-urip dening
masyarakat kanthi turun temurun. Pabrayan wonten Dhusun Kendal pitados
bilih sedaya ingkang wonten gegayutanipun kalihan tradhisi kasebat
nggadhahi paedah saha ncas dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.
Tradhisi Wahyu Kliyu ingkang taksih dipunlestantunaken dening wargi
mliginipun Dhusun Kendal Kecamatan Jatipuro Kabupaten Karanganyar.
Tradisi punika dipunlampahaken saben sasi Sura tanggal 15. Saben keluwarga
kedah wajib nyumbangaken apam. Upacara adat dipunlampahaken kanthi cara
mbalang apem setunggal baka setunggal dhateng papan ingkang sampun
dipunsedhiakaken panitia upacara adat. Benten kalihan sebaran apem ingkang
limrahipun dipunlampahaken, ing Wahyu Kliyu apem ingkang dipunangge
punika diiris kados rupi lan namung ukuran saageng mripat arta gobang
ingkang lajeng ditutup kalihan ron gedhang.
Wahyu Kliyu punika saleresipun mula-buka saking tembung ya hayyu
ya qayyum ingkang ancasipun kangge nyuwun gesang lan kekiyatan dening
Gusti Allah saha nyuwun katentreman saha kalumberan berkah. Lampahan
Tradhisi Wahyu Kliyu dipun urip-urip lan dipun urmati kanthi nglibataken
gotong royong sedaya pabrayan agung. Sedaya kala wau jalaran pabrayan
3

agung nggadhahi kapitayan kanthi nindakaken tradhisi kala wau pabrayan


agung dipun tebihaken saking pageblug.
Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kenal, Desa Jatipuro, Kecamatan
Jatipuro, Kabupaten Karanganyar punika narik kawigatosan panaliti kangge
naliti amargi ngemot prosesi, makna simbolik ingkang kakandhut salebeting
Apem, saha nilai-nilai pendhidhikan kangge kawruh gesang pabrayan.
Adhedhasar larah-larahing perkawis wonten ing inggil paneliti nggadhahi
ancas supados mangertosi babagan tradhisi punika, panaliti ingkang trep
nggadhahi irah-irahan “Makna Simbolik Apem Salebeting Tradhisi Wahyu
Kliyu Wonten Dhusun Kendal Desa Jatipuro Kecamatan Jatipuro Kabupaten
Karanganyar”

B. Thinthinganing Perkawis
Adhedhasar larah-larahing perkawis ingkang sampun kababar punika
wonten pinten-pinten perkawis ingkang saged dipun dadosaken panaliten,
inggih punika:
1. Dumadining Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro,
Kabupaten Karanganyar.
2. Sejarah Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro,
Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
3. Prosesi Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro,
Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
4. Pangertosan dhasar lan budaya Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal,
Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
5. Pikajenganipun diwontenaken tradhisi wahyu kliyu wonten Dhusun
Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
6. Makna simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe Apem salebeting
Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan
Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
4

7. Nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun


Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.

C. Watesaning Perkawis
Adhedasar larah-larahing perkawis ingkang sampun dipun andharaken
wonten nginggil, kangge ngrembag perkawis kanthi gambling kedah
wontenipun wos ingkang dipun taliti. Dados perkawisipun dipun watesi kados
mekaten.
1. Prosesi Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro,
Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
2. Makna simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe Apem salebeting
Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan
Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
3. Nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun
Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.

D. Underaning Perkawis
Adhedasar watesaning perkawis ingkang sampun dipun andharaken
wonten nginggil, pramila saged dipun taliti underaning perkawis kados
mekaten.
1. Kados pundi prosesi Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa
Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar?
2. Kados punapa makna simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe
Apem salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa
Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar?
3. Kados pundi nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu ing
Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro Kabupaten
Karanganyar?
5

E. Ancasing Panaliten
Saking panaliten punika wonten ancas ingkang badhe dipun gayuh
panaliti, ancasing panaliten badhe dipun gayuh kados mekaten.
1. Mangertosi prosesi upacara Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal,
Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.
2. Mangertosi makna simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe Apem
salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro,
Kecamatan Jatipuro Kabupaten Karanganyar.
3. Mangertosi nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu ing
Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro Kabupaten
Karanganyar.

F. Paedahing panaliten
Kekajengan saking paedah panaliten punika piyambak inggih punika
punapa-punapa ingkang badhe dipunangsal mbokbilih panaliten kasebat
sampun kelaksanan. Panyerat nglampahi panaliten mesthinipun sampun
anggadhahi satunggaling gambaran ngengingi paedah punapa ingkang badhe
dipun angsal sasampunipun panaliten.
Paedah ingkang saged dipun pundhut saking panaliten punika kados
mekaten.
1. Munpangat Teoritis
Dipunajeng-ajeng asil saking panaliten kasebat saged dipun
dadosaken dados bahan acuan lebeting nyinaoni adat tradhisi wahyu kliyu,
tradhisi adat kados mekaten dipunajeng-ajeng saged miyar-aken saha
saged nambah kawruh bab kabudayan jawa saha adat istiadat jawa dados
perangan saking budaya bangsa Indonesia ingkang kanthi lajeng sampun
nyepeng gesang social, budaya, lan ngrembakaning pendidikan
tumprapipun bebrayan agung. Kajawi punika panyerat ngajeng-ajeng
saged nyukani ilmu ingkang mupangat tumprap lelampahan pendidikan.

2. Mupangat Praktis
6

Dipunajeng-ajeng asil panaliten punika saged langkung


nggampilaken kengge pamaos kangge sumerep saha magertosi bab lan
nilai-nilai luhur ingkang kakandhut salebetipun adat tradhisi wahyu kliyu
punika, langkung fokusipun wonten bab makna simbolik apem. Saha
paring motivasi dumateng masyarakat kangge gadhah peran saha
nyengkuyung lan ngurip-ngurip budaya-budaya daerah ingkang pantes
dipun urip-urip, kanthi cara nyukani pangertosan bab budaya jawa,
mliginipun bab makna simbolik apem salebetipun tradhisi wahyu kliyu.

G. Tatacara Panyeratan
Sasampunipun perangan analisa data dipunlajengaken panyeratan
kanthi jangkep kaliyan tatacara panyeratan kados mekaten.
BAB I : Purwaka kanthi isinipun inggih punika larah-larahing
perkawis, thinthinganing perkawis, watesaning perkawis,
underaning perkawis, ancasing panaliten, paedahing
panaliten, lan tatacara panyeratan.
BAB II : Landhesaning teori kanthi isinipun inggih punika
landhesaning teori, panaliten ingkang jumbuh,
cengkoronganing pamikir.
BAB III : Metode panaliten kanthi isinipun inggih punika papan
Wekdal panaliten, jinising panaliten, data saha tuking
data, cara ngempalaken data, cara ngesahaken data, cara
ngolah data.
BAB II
LANDHESANING TEORI
A. Landhesaning Teori

1. Kabudayaan
a. Pangertosan Kebudayaan
Kabudayan punika sawijing konsep artosipun anggadhahi
pinten-pinten jinis. Tembung kabudayan wiwit abad 19 dipun
ginakaken kangge sastra, filsafat, seni rupa, ngelmu alam, saha musik,
ingkang nedhahaken sangsaya ageng ngrumaosi menawi seni saha
ngelmu pangertosan kawangun dening bebrayan social.
Tembung kabudayan asalipun saking basa Sansekerta buddayah
inggih punika wujud saking buddi ingkang artosipun “budi” saha
“akal”. Dados kabudayan punika saged dipun artosaken “babagan
ingkang wonten sesambetanipun kaliyan akal”. Sarjana sanes ingkang
ngrembag tembung budaya dados sawijining ewahan saking tembung
limrahipun budi-daya ingkang artosipun “daya saha budi”, pramila
dipun dibentenaken “budaya” saha “kabudayan”. Dados “budaya”
inggih punika “daya’ saha “budi” ingkang awujud cipta, karsa saha
raos. Wodene “kabudayan” inggih punika asil saking cipta, karsa saha
raos. Salebetipun tembung “antropologi-budaya” bentenipun punika
mboten diwontenaken. Tembung budaya saha kabudayan sayektosipun
artosipun sami (Koentjaraningrat, 2009).
Tembung culture inggih punika tembung ingkang asalipun
mboten saking basa jawa ingkang anngadhahi artos sami kaliyan
kabudayan. Asalipun saking tembung latin colere ingkang artosipun
punika nggarap, ngolah. Limprahipun saged dipun jlentrehaken ngolah
siti utawi sesabit. Saking artos punika culture saged dipun artosaken
inggih punika “sedaya upados sarta tumindaking manungsa kangge
ngolah siti utawi bumi ngewahi donya” (Koentjaraningrat, 2009)

7
8

Kathahipun kabudayan wonten ing saben wewengkong bumi


nuswantara ingkang dipun urip-urip saha dipun ajab saged dados
pamecut dening gegayuhan bebrayan bangsa Indonesia ing jaman
ngajeng. Kabudayan Indonesia nedhahaken piwucal luhur turun
temurun ingkang kedah dipun jagi, dipun urip-urip, dipun gulawentah
saha dipun ngrembakakaken kangge ngiyataken kapribaden bangsa
(Depdikbud, 2000).
b. Wujud Kabudayan
Kabudayan miturut (Koentjaraningrat, 2009) dipun udhar dados
tigang wujud, inggih punika:
1) Wujud kabudayan dados kompleks sawijining ide-ide, gagasan,
nilai, norma, angger-amgger lan sapituruipun.
2) Wujud kabudayan dados kompleks sawijining lelampahan sarta
tumindaking manungsa salebetipun bebrayan agung.
3) Wujud kabudayan dados piranti-piranti asil yasan manungsa
Wujud ingkang kaping setunggal inggih punika wujud ideal
saking kebudayaan, wujud punika dipun sebat system budaya,
anggadhahi watak abstrak, mboten saged dipun foto utawi demok.
Manggenipun wonten ing alam pamikiran pabrayan agung ingkang
sesabetan kaliyan kabudayan punika gesang. Kabudayan punika asring
dipun sebat tata-tumindak, dipunginakaen dados ngatur, ngontrol, ugi
maringi arah dhateng manungsa salebetipun pabrayan agung wonten
ing donya.
Wujud ingkang kaping kalih saking kabudayan punika asring
dipun sebat system social, saking tumindak-tumindak manungsa
ingkang sami sesrawungan, sesambetan, saha bebrayan setunggal
kaliyan sanesipun ingkang adhedasar adat tata tumindak. Wujud
kabudayan punika dados reroncening lampahan manungsa salebeting
bebrayan agung. System social punika awujud kongkrit, saged dipun
observasi, dipun foto saha dipun dokumentasi ingkang kadadosan
wonten ing lingkungan gesang manungsa.
9

Wujud ingkang kaping tiga saking kabudayan asring dipun sebat


kabudayan fisik, kabudayan punika sedaya dados asil fisik saha
lampahan, tumindak saha yasan sedaya manungsa wonteng bebrayan
agung. watakipun nyata (kongret) saha awujud piranti-piranti ingkang
saged dipun demok, dipun tingali, saha dipun foto. Amargi wujudipun
ingkang nyata limprahipun wujud kabudayan punika awujud piranti-
piranti ingkang dadosaken ciri kas salebeting wewengkon. Piranti-
piranti punika saged awujud piranti-piranti produksi, kesenian saha
sanesipun.
Wujud kabudayan ingkang sampun dipun andharaken wonten
nginggil punika sayektosipun pangesangan pabrayan agung ingkang
mboten saged dipun pisahaken setunggal kaliyan sanesipun. Tumindak
saha yasan manungsa ngasilaken piranti-piranti kabudayan fisik.
Kebudayan fisik punika ngrembaka wonten ing sawijining papan
gesang ingkang samsaya dangu samsaya ngedohaken manungsa
saking lingkungan alamipun, satemah ugi saged ngaruhi tumindak,
saha ngaruhi cara pamikiran wonten lingkungan.

c. Unsur Kabudayan
Para sarjana antropologi ingkang limprah nanggepi setunggaling
kabudayan (umpaminipun kabudayan Minangkabau, kabudayan bali,
utawi kabudayan Jepang) dados sawijining ingkang terintegrasi, nalika
nganalisis sedayanipun punika dados pinten-pinten perangan ingkang
dipun sebat “perangan-perangan kabudayan universal” utawi cultural
universal. Tembung universal punika nedahaken menawi perangan-
perangan kala-wau anggadhahi watak universal, dados perangan-
perangan punika wonten lan saged dipunangsal wonten salebetipun
sedaya kabudayan saking sedaya bangsa wonten pundikemawon.
10

Miturut Koentjaraningrat (2009), pitu perangan ingkang saged dipun


sebat dados isi saking kabudayan inggih punika.
1) Sistem basa,
Basa inggih punika sarana kangge manungsa ngebaki kebetahan
sosialipun kangge berinteraksi utawi sesambetan kalih
sesamanipun. Salebeting elmi antropologi, studi babagaan basa
dipun sebat istilah antropologi linguistik. Miturut Keesing,
kesagahan manungsa salebeting yasa tradisi budaya, ndamel
pangertosan bab fenomena sosial ingkang dipun-wedhar kanthi
simbolik, lan dipun tularaken dhateng generasi anak turunipun
sanget gumantung ing basa. Mila saking punika, basa nglenggahi
porsi ingkang wigatos salebeting analisa kabudayan manungsa.
2) Sistem kawruh,
Sistem kawruh salebeting kultural universal sesambetan kalihan
sistem pirantos gesang lan teknologi amargi sistem kawruh gadhah
sipat abstrak lan awujud wonten lebeting ide manungsa. Sistem
kawruh wiyar sanget watesanipun amargi nyakup kawruh
manungsa bab pinten-pinten unsur ingkang dipunagem salebeting
gesangipun. Kathah suku bangsa ingkang mboten kiyat nglampahi
gesang menawi piyambakipun sedaya mboten sumerep kalihan
tlatos ing mangsa-mangsa napa pinten-pinten jinis ulam pindhah
dhateng hulu lepen. Kajawi punika, manungsa mboten angsal
ndamel pirantos-pirantos menawi mboten sumerep lan tlatos
titikanipun bahan mentah ingkang saged piyambakipun agem
kangge ndamel pirantos-pirantos kasebat. Saben kabudayan tansah
anggadhahi setunggaling himpunan kawruh bab alam, tumbuh-
tumbuhan, kewan, benda, lan manungsa ingkang wonten ing kiwa
tengenipun.

3) Organisasi sosial
11

Unsur budaya arupi sistem kekerabatan lan organisasi sosial


inggih punika usaha antropologi kangge mangertosi kados pundi
manungsa mbentuk masyarakat nglangkungi pinten-pinten
kelompok sosial. Miturut Koentjaraningrat saben kelompok
masyarakat gesangipun dipunatur dening adat istiadat lan aturan-
aturan ngengingi pinten-pinten macem kesatuan wonten salebeting
lingkungan wonten pundi piyambakipun gesang bebrayan lan
tetepangan saben dintenipun. Kesatuan sosial ingkang sanget
celak/caket lan dhasar inggih punika sadherekipun, inggih punika
keluwargi inti ingkang celak/caket lan sadherek ingkang sanes.
Salajengipun, manungsa badhe dipun-golongaken dhateng lebeting
tingkatan-tingkatan lokalitas geografis kangge mbentuk organisasi
sosial salebeting gesangipun.
4) Sistem piranti gesang saha teknologi
Manungsa tansah ngudi kangge mertahanaken gesangipun mila
piyambakipun ajeng ndamel pirantos utawi benda-benda kasebat.
Kawigatosan awal para antropolog mangertosi kabudayan
manungsa adhedhasar unsur teknologi ingkang dipunangge
setunggaling masyarakat arupi benda-benda ingkang
dipundadosaken dados pirantos gesang kanthi wujud lan kagunan
ingkang taksih prasaja. Saengga, rembag bab unsur kabudayan
ingkang kelebet pirantos gesang lan teknologi inggih punika
rembag babagan kabudayan fisik.
5) Sistem pendamelan,
Pendamelan utawi aktivitas ekonomi setunggaling masyarakat
dados fokus kajian wigatos etnografi. Panaliten etnografi
ngengingi sistem pendamelan ngaos kados pundi cara pendamelan
setunggaling kelompok masyarakat utawi sistem perekonomian
piyambakipun sedaya kagem nyekapaken kebetahan gesangipun.

6) Sistem religi,
12

Mula bukanipun bab prakara fungsi religi saklebeting masyarakat


inggih punika wontenipun pitakenan kenging punapa manungsa
pitados dhateng wontenipun setunggaling kekiyatan gaib utawi
supranatural ingkang dipunanggep langkung inggil saking
manungsa lan kenging punapa manungsa puniku nglampahaken
pinten-pinten cara kagem komunikasi lan madosi gandheng
cenengipun kaliyan kekiyatan-kekiyatan supranatural kasebat.
Sarana kagem medhar pitakenan dhasar ingkang dados sabab
medalipun asal muasal religi kasebat, para ilmuwan sosial
anggadhahi panemu menawi religi suku-suku bangsa wonten jawi
eropa inggih punika trah saking wujud religi kina ingkang dipun
anut dening sedaya umat manungsa ing jaman semanten nalika
kabudayan piyambakipun sedaya taksih primitif.
7) Kesenian
kawigatosan ahli antropologi ngengingi bab seni wiwit saking
panaliten etnografi ngengingi kegiatan kesenian setunggaling
masyarakat tradisional. Deskripsi ingkang dipunkempalaken
saklebeting panaliten kasebat anggadhahi isi ngengingi wujud-
wujud utawi artefak ingkang ngewrat unsur seni, kados patung,
ukiran, lan hiasan. Penyeratan etnografi ingkang wiwit bab unsur
seni ing kabudayan manungsa langkung ngarah ing teknikteknik
lan proses pandamelan wujud seni kasebat. Kejawi puniku,
deskripsi etnografi awal kasebat ugi neliti perkembangan seni
musik, seni tari, lan seni drama lebet setunggaling masyarakat.
d. Ciri-ciri Kabudayan
Miturut Suhandi (salebeting Gunawan, 2000) ngandharaken
kabudayan punika anggadhahi ciri-ciri umum inggih punika:
1) Kabudayan dipunsinaoni,
2) Kabudayan dados tilaran utawi dipunlajengaken,
3) Kabudayan punika gesang wonten salebeting masyarakat,
4) Kabudayan dipunkembangaken lan ewah,
13

5) Kabudayan puniku terintegrasi.


ciri umum kabudayan puniki wonten lebeting saben masyarakat
dadosaken pendukung kebudayan, mila wonten pundikemawon
masyarakat gesang anggadhahi ciri mliginipun kabudayan ingkang
bentenaken kalihan kabudayan masyarakat sanesipun.

e. Kaginaanipun Kabudayan
Kaginaanipun kabudayan inggih punika kangge ngatur
manungsa supados saged mangertosi babagan sosialisasi kados pundi
samesthine tumindak saha nemtokaken watak menawi badhe wicanten
kaliyan tiyang sanes. Miturut (Koentjaraningrat, 2009) kaginaanipun
kabudayan inggih punika kangge pangraket antawi piyambak utawi
pabrayan agung, wadah kangge nyaluraken pamikiran ing pagesangan,
kangge nyengkuyung pagesangan saha kangge bentenaken antawis
manungsa kaliyan kewan.

2. Tradhisi
Tradhisi mboten ical saking konteks kabudayan. Kabudayan punika
sedayanipun tumindak ingkang kedah dipun pikantuk kanthi cara sinau,
saha sedayanipun punika kasusun wonten pagesangan pabrayan agung
(Koentjaraningrat, 2009). Saking punika mboten wonten pabrayan agung
ingkang mboten gadhah kabudayan. Mboten wonten ugi kabudayan tanpa
pabrayan agung, ingkang kaginaanipun kangge wadah panyengkuyung
utama. Tradhisi inggih punika kabiyasaan ingkang dipun warisaken saking
sawijining generasi tumuju generasi salajangipun kanthi turun-temurun,
nyakup jinis-jinis piwucal budaya kayata adat-istiadat, sistem kapitadosan,
saha sanesipun (Depdikbud, 1990).
Miturut Koentjaraningrat (1984) tembung tradhisi asalipun saking
basa Latin tradition inggih punika dilajengaken. Pangertosan ingkang
langkung sederhana, tradhisi inggih punika samukawis ingkang sampun
dipun lampahi awit dangu saha dados peranganing saking pagesangan
sawijining kelompok pabrayan agung. Salebetipun pangertosan tradhisi
14

punika hal ingkang langkung mendasar saking tradhisi inggih punika


wontenipun informasi ingkang dilajengaken saking generasi tumuju
generasi, mliginipun kanthi kaserat utawi mboten kaserat pramila kanthi
mboten wontenipun punika sawijining tradhisi saged punah. Tradhisi ugi
saged dipun artosaken kabiyasaan sesarengan wonten pabrayan agung,
ingkang kanthi spontan saged ngaruhi aksi saha reaksi pagesangan
padintenan para warga pabrayan agung punika.
Pangartosan tradhisi miturut Purwanto (2007) inggih punika
kahanan kompleks ingkang ngemot ilmu pengetahuan, kepercayaan, seni,
moral, hukum, adat istiadat, saha sanes-sanesipun ingkang wonten
gegayutanipun kalihan kemampuan saha kebiasaan manungsa gesang ing
masyarakat. Lajeng, tradhisi kangge masyarakat inggih punika perkawis
ingkang sakral sanget saha dipunwontenaken dening masyarakat saha
dipunuri-uri utawi dipunlestantunaken dumugi sakniki.
Miturut pamanggihipun Soerjono Soekanto (1990) tradhisi inggih
punika tumindak ingkang dipunlampahi kanthi bola-bali salebeting wujud
utawi kahanan ingkang sami. Dene, miturut Daliman (2012) tradhisi
inggih punika manifestasi pamikiran, simbol, saha nilai minangka
ungkapan kejiwaansaha tindak tanduk manungsa. Lajeng, miturut
pamanggihipun Muhaimin (2001) tradhisi inggih punika kawruh, doktrin,
kebiasaan, praktek, saha sanes-sanesipun ingkang sampun dipunwarisaken
kanthi turun temurun.
Miturut pamanggih-pamanggih ing nginggil, saged dipunpendhet
dudutan bilih tradhisi punika warisan kabudayan ingkang dipunuri-uri
utawi dipunlestantunaken dumugi wekdal sapunikasaha sampun dados
perangan ing pabrayan.

3. Makna Simbolik
15

Makna inggih punika sesambetan antawis basa kalihan basa Jawa


ingkang dipun mupakati dening panganggem basa pramila saged sami-
sami dipun mangertosi (Aminuddin, 2003). Watesan makna piyambak
awrat sanget dipuntemtukaken amargi saben panganggem basa nggadhahi
kesagahan lan cara ninggali ingkang benten lebeting memaknai
setunggaling tembung.
Salebeting linguistik wonten kawruh ingkang dipunwastani kalihan
semantik saha semiontika. Semantik inggih punika salah satunggaling
cabang ngelmu lingistik ingkang nyinau babagan tandha, lambang, utawi
makna. Objek kajian semantik inggih punika makna ing salebeting basa.
Semiontika inggih punika salah satunggaling cabang ngelmu ingkang
nyinau babagan makna utawi lambang. Ingkang dados objek kajian
semiontika inggih punika makna ing salebeting sedaya sistem lambang lan
tandha. Miturut pamanggihipun Hornby (salebeting Sudaryat, 2009)
makna inggih punika punapa punapa ingkang dipunartosaken dening
manungsa. Lajeng miturut Poerwadarminta, makna inggih punika artos,
teges, utawi werdi.
Miturut Benny H. Hoed (2014) semiontika saged dipun ginakaken
kangge ngaos kabudayan. Pramila panaliten punika ngginakaken salah
satunggaling cabang ngelmu linguistik inggih punika semiontika amargi
badhe ngrembag babagan makna ing salebeting kabudayan. Kabudayan
punika dipuntingali ngginakaken pendekatan semiontika amargi dados
salah satunggaling sistem tandha ingkang wonten sesambetanipun kalihan
cara mangertosi makna ing salebeting kabudayan.
Tembung simbol utawi lambang artosipun tetenger utawi tanda
ingkang maringi pangertosan punapa-punapa dhateng tiyang sanes.
Miturut Herusatoto (2008) nyatakaken menawi simbol utawi tanda inggih
punika setunggaling pangertosan dados pengantar subjek kalihan objek.
Kaleresan sami kalihan pamanggihipun Pradopo (2008) nyatakaken
menawi simbol inggih punika sedaya punapa-punapa arupinipun pocapan,
16

tanda, lan sanesipun ngrujuk ing setunggaling bab ingkang ngewrat teges
tertamtu.
Miturut Satoto (salebetipun Haryanto, 2013) salebeting bab budaya
jawi simbol inggih punika setunggaling pirantos kangge sarana nyerataken
sedaya jinising wujud pesen kawruh dhateng masyarakat. Simbol-simbol
ingkang wonten anggadhahi tujuwan supados saged ninggali, mireng,
ngemut-emut saengga pungkasanipun saged mangertosi sedaya ingkang
kekandhut wonten salebeting simbol-simbol kasebat.
Adhedhasar pangertosan makna lan simbol wonten ing inggil
punika saged dipun pendhet dudutan menawi makna simbolik inggih
punika pralambang ingkang anggadhahi makna dados komunikasi ide
kangge dipun sanjangaken kanthi boten langsung supados saged dipun
mangertosi utawi dados tuladha tumindak kangge tiyang sanes.

4. Nilai-Nilai Pendhidhikan
a. Pangartosan Nilai
Nilai-nilai pendhidikan miturut etimologis kaperang dados
kalih tembung, inggih punika tembung nilai saha tembung
pendhidhikan. Tembung nilai asalipun saking basa latin, vale’re
ingkang tegesipun nggadhahi paedah, pramila nilai dipunartosaken
dados punapa-punapa ingkang dipuntingali becik, mupangat lan paling
leres miturut kapitayan salah setunggaling tiyang utawi sekelompok
tiyang. Nilai inggih punika kualitas saking perkawis ingkang
ndadosaken perkawis punika dipunremeni, dipunkajengi, dipunurmati,
dipunaosi, nggadhahi mupangan saha saged ndadosaken tiyang-tiyang
ingkang menghayati dados bermartabat (Adisusilo, 2012).
Miturut Chabib Thoha (1996) nilai inggih punika sipat ingkang
melekat ing punapa-punapa (sistem kepitadosan) ingkang sampun
sesambetan kalihan subjek ingkang nyukani artos (manungsa ingkang
temenan saestu). Dados nilai inggih punika punapa-punapa ingkang
mupangat lan nggadhahi piguna kangge manungsa dados acuan
17

anngenipun nglampahi gesang. Nilai inggih punika punapa-punapa


ingkang nggadhahi sipat abstrak, ideal, nilai sanes wujud konkrit,
sanes fakta, mboten namung bab leres lan lepat ingkang nuntut
pembuktian empirik, ananging sosial penghayatan ingkang
dipunkehendaki, dipunremeni, lan mboten dipunremeni (Mansur Isna,
2001).

b. Pangertosan Pendhidhikan
Pendhidhikan boten saged uwal saking nilai-nilai, kadosta
kualitas kecerdasan, nilai ilmiah, nilai moral, saha nilai religi.
Tembung pendhidhikan asalipun saking basa Yunani Paedagogie
ingkang tegesipun pendhidhikan, lajeng paedagogiek tegesipun elmu
pendhidhikan. pedagogik utawi elmu pendidikan inggih punika elmu
kawruh ingkang nyelidiki, merenungkan babagan tandha-tandha
lampahan mucal (Purwanto, 2011).
Pendhidhikan asring dipunartosaken dados usaha manungsa
kangge mbina kepribadianipun ingkang trep kalihan nilai-nilai wonten
salebeting masyarakat lan kabudayan. Salebeting kemajenganipun,
tembung pendhidhikan utawi paedagogie nggadhahi teges paring
pambyantu utawi pitulungan ingkang dipunsukakaken kanthi sengaja
dening tiyang ingkang sampun sepuh supados piyambakipun dados
sepuh (Hasbullah, 2009)
Pendhidhikan nggadhahi pangertosan ingkang wiyar, ingkang
nyakup sadayaning lampahan utawi sedaya usaha saking generasi
sepuh kangge mengalihkan nilai-nilai saha melimpahkan elmi kawruh,
pengalaman, kecakapan, saha katrampilan dhateng generasi
salajengipun, dados pangudi kangge nyiapaken piyambakipun sedaya,
babagan jasmani kados puniku ugi ruhani (Salim & Kurniawan, 2012)
Saking pamanggih-pamanggih ing nginggil saged dipunpendhet
dudutan bilih nilai-nilai pendhihikan inggih punika kegiatan ingkang
dipunlampahaken kanthi sadar supados angsal elmi kawruh lan
18

ngembangaken potensi ingkang dipun-gadhahi pramila saged piguna


kangge agami, bangsa, lan nagari.

c. Jinsing Nilai Pendhidhikan


Jinising nilai-nilai pendhidhikan wonten sekawan, inggih
punika:
1) Nilai Religius
Religi inggih punika setunggaling kesadaran ingkang tuwuh
salebeting manah manungsa gesang dados human nature. Nilai
religius boten namung babagan gesang lahiriah mawon, ananging
ugi gegayutanipun kalihan dhiri pribadi manungsa salebeting
sesambetan dhateng keesaan Gusti Ingkang Maha Kuwaos
(Rosyadi, salebeting Amalia, 2010). Nilai-nilai religius nggadhahi
tujuwan kangge mucal supados manungsa langkung sae
midherekaken tuntunan agami lan tansah emut dhateng Gusti.
Semi (1993) ugi nambahaken, tiyang gesang mboten
mangertosi asil kebudayaanipun, kejawi bilih tiyang gesang punika
mangertosi saha pitados babagan agami ingkang dipunanut. Religi
langkung miyos ing manah, panggalih, saha pribadi manungsa
puniku piyambak. Saking pinten-pinten pendapat kasebat saged
dipunpendhet dudutan menawi nilai religius ingkang langkung
inggil punika kerohanian saha bersumber ing kepitadosan utawi
keyakinan manungsa.

2) Nilai Moral
Miturut Uzey (2009) nilai moral inggih punika
setunggaling perangan saking nilai, inggih punika nilai ingkang
nangani lampahan sae utawi awon saking manungsa. Moral tansah
sesambetan kalihan nilai, nanging mboten sedaya nilai inggih
punika nilai moral. Moral inggih punika makna ingkang kekandhut
salebeting karya seni, ingkang dipunlantaraken salebeting criyos
saha moral saged dipuntingali dados tema salebeting wujud
19

ingkang prasaja, nanging boten sedaya tema saged dados moral


(Kenny salebeting Nurgiyantoro, 2005).
Miturut Hasbullah (salebeting Amalia, 2010) nilai moral
inggih punika nilai ingkang nedahaken aturan-aturan babagan
patrap utawi solah bawanipun manungsa. Nilai moral ingkang
kaandhut salebeting upacara adat nggadhahi ancas kangge
mendidik utawi gula-wenthah manungsa supados mangertosi nilai-
nilai etika, sae saha awonipun tumindak, punapa kemawon ingkang
kedah dipuntebihi saha punapa kemawon inghkang kedah
dipunlampahi. Dadosaken hubungan ingkang sae antawisipun
manungsa kalih lingkunganipun.

3) Nilai Budaya
Nilai budaya inggih punika konsep-konsep babagan punapa
kemawon ingkang gesang salebeting manah saperangan ageng
gesang bebrayan salebeting masyarakat ngengingi punapa ingkang
piyambakipun sedaya anggep aos lan wigatos salebeting gesang,
pramila saged berfungsi dados setunggaling pangemut-emut
salebeting gesang bebrayan wonten masyarakat (Koentjaraningrat,
2009). Sanadyan nilai budaya berfungsi dados pedoman gesang
manungsa salebeting masyarakat, nanging minangka konsep,
setunggaling nilai budaya punika gadhah sipat umum sanget.
Pramila nilai-nilai budaya salebeting kabudayan wonten sambung-
rapete kalihan emosional saking alam jiwa para individu ingkang
dados warga saking kabudayan kasebat.
Miturut pamanggihipun Abdul Latif (2007) nilai budaya
punika asipat langgeng, boten gampil ewah utawi dipun-gantosaken
kalihan nilai budaya ingkang sanesipun. Nilai budaya punika
intinipun kabudayan. Saged dipun artosaken bilih nilai budaya
inggih nilai ingkang nggadhahi peranan ingkang wigatos ing
20

kabudayan saha dipunandharaken lumantar patrap utawi solah


bawa.

4) Nilai Sosial
Miturut pamanggihipun Robin Wiliams (salebeting Alfan,
2013) nggadhahi pamanggih menawi nilai sosial inggih punika
setunggaling bab ingkang sesambetan kalihan kamulyan ing
panggesangan, pramila nuwuhaken nilai-nilai sosial ingkang
dipunjunjung dening kathah tiyang. Miturut Woods (salebeting
Waluya, 2007) nggadhahi pamanggih menawi nilai sosial inggih
punika pedhoman umum ingkang rumaket wonten tengahing
masyarakat ingkang sampun mlampah dangu, ingkang ngarahaken
tindak tanduk saha raos marem ing panggesangan saben
dintenipun.
Nilai sosial punika nggadhahi fungsi umum ing pabrayan.
Fungsi-fungsi punika antawisipun nilai-nilai saged manjurung
piranti kangge pedhoman pabrayan salebeting penggalih saha
tindak tanduk pabrayan (Drs. Suparto Salebeting J. Dwi Nurwoko
& Bagong Suyanto, 2004). Adhedhasar pamanggih ing inggil saged
dipunpundut dudutan menawi nilai sosial inggih punika supados
manungsa sadar bilih wigatos sanget gesang ing lingkungan
pabrayan.

5. Wahyu Kliyu

Wahyu kliyu kalebet adicara tradhisional pabrayan agung Jawi


ingkang dipun wontenaken setunggal tahun sepindhah. Upacara adat
puniki dipunpengeti saben wulan suro tanggal gangsal welas (15), wonten
pundi dipun wontenaken dalu tabuh kalih welas (12) ing wanci wulan
purnama. Saben keluwarga kedah nindakaken nyumbangaken apem.
Upacara adat dipunlampahaken kanthi mbalang apem setunggal baka
21

setunggal dhateng papan ingkang sampun dipusadhiyakaken panitia


upacara adat. Benten kalih sebaran apem ingkang limrahipun
dipunlampahaken, ing wahyu kliyu apem ingkang dipunangge puniki diiris
lan namung dados saageng mripat arta gobang ingkang selajengipun
dipuntutup kalihan ron gedhang. Wiwit tabuh 19.00 wib sedaya warga
tumuju dhateng papan ingkang dipundadosaken papan kangge
nglampahaken upacara.
Upacara dipunwiwiti ing tengahing dalu kalihan maos Bismillah
lajeng ngaturaken tembung wahyu kliyu kalih mbalang apam setunggal
baka setunggal. Tembung wahyu kliyu puniku saking ukanten ya hayyu ya
qayyum, tegesipun nyuwun gesang lan kekiyatan dhateng Allah, nyuwun
katentreman lan berkah ingkang lumeber saha ngiras tansah
nglestantunaken budaya.
Pabrayan agung taksih nindakaken wahyu kliyu saking jaman
leluhur dumugi jaman milenial punika. Wahyu kliyu kedah
dipunwontenaken supados sedayanipun pabrayan agung saged wilujeng
saha dipunparingi berkah saking Gusti ingkang Maha Agung. Kedah
dipunwontenaken wahyu kliyu amargi pabrayan agung Dhusun Kendal,
Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar punika
sampun pitados bilih wahyu kliyu saged nebihaken sedaya lelara ugi
babagan ingkang boten sae kangge gesang pabrayan agung wonten ing
alam dunya.
22

B. Panaliten Ingkang Jumbuh


Sakathahing panaliten saha asil-asil pamikiran ingkang magepokan
kalihan Tradhisi Wahyu Kliyu saged dipunwedharaken, inggih punika:

1. Jurnal panaliten ingkang dipunlampahi dening Marlia Ika Asiha & Atiqa
Sabardilab (2022) Implementasi nilai dalam Wahyu Kliyu di masyarakat
Desa Kendal Kecamatan Jatipuro Kabupaten Karanganyar dening
mahasiswa Universitas Muhammadiyah Surakarta. Panaliten punika
ingkang dados objek panaliten sami sami ngrembag babagan Tradhisi
Wahyu Kliyu. Panaliten punika sami ngginakaken metode panaliten
deskriptif kualitatif saha analisis data kanti kualitatif pramila saged
jumbuh kalihan panaliten panyerat. Sinaoso wonten ing panaliten punika
sami-sami jumbuh, nanging wonten bentenipun. Panaliten ingkang
langkung rumiyin punika fokus ngrembag babagan implementasi nilai
dalam Wahyu Kliyu di masyarakat Desa Kendal Kecamatan Jatipuro
Kabupaten Karanganyar dene panaliten panyerat fokus ngrembag babagan
makna simbolik apem salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu.
2. Jurnal panaliten dening Monica Rosiana Dewi dan Dr. Marzuki, M. Ag
(2019) Transformasi Nilai-Nilai Moral Dalam Tradisi Wahyu Kliyu Di
Dusun Kendal, Jatipuro, Karanganyar, mahasiswa Universitas Negeri
Yogyakarta. Panaliten punika ingkang dados objek panaliten sami sami
ngrembag babagan Tradhisi Wahyu. Panaliten punika sami ngginakaken
metode panaliten deskriptif kualitatif saha analisis data kanti kualitatif
pramila saged jumbuh kalihan panaliten panyerat. Sinaoso wonten ing
panaliten punika ingkang dados objek panaliten saha metode ingkang
dipunginakaken sami, ananging wonten ingkang beda. Panaliten punika
nggadhahi tigang ancas panaliten, inggih punika ngandharaken
transformasi nilai-nilai, medharaken wigatosipun nilai-nilai moral supados
ajeg dipunurip-urip, ngandharaken upaya pewarisan nilai-nilai moral
salebeting tradisi wahyu kliyu. Panaliten panyerat nggadhahi tigang ancas
panaliten, inggih punika mangertosi prosesi, makna simbolik ingkang
23

kakandhut wonten uba rampe apem, saha nilai-nilai pendhidhikan


salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu. Underaning perkawis panaliten punika
mboten ngrembag babagan prosesi Tradhisi Wahyu Kliyu, saha makna
simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe apem. Panaliten Monica
Rosiana Dewi dan Dr. Marzuki, M. Ag ngrembag babagan transformasi
nilai-nilai, medharaken wigatosipun nilai-nilai moral supados ajeg
dipunurip-urip, ngandharaken upaya pewarisan nilai-nilai moral salebeting
tradisi wahyu kliyu.
3. Skripsi Nur Ngaifah (2019) Makna Simbolik Dalam Tradisi Sebaran Apem
Keong Mas di Pengging, Banyuyondo, Boyolali, mahasiswa IAIN
Surakarta. Panaliten punika ingkang dados objek sami sami babagan
tradhisi, ngrembag babagan prosesi, saha ngrembag babagan makna
simbolik pramila saged jumbuh kalihan panaliten panyerat. Bentenipun
panaliten punika boten ngrembag babagan nilai-nilai pendhidhikan saha
panaliten punika nggadhahi kalih ancas panaliten, inggih punika prosesi
sebaran apem, saha ngadharaken makna simbolik tradhisi. Panaliten
panyerah nggadhahi tigang ancas panaliten inggih punika mangertosi
prosesi, makna simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe apem, saha
nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu.
4. Skripsi Apri Pranata Tia Ningtias (2015) Tradisi Langkahan dalam
Upacara Pernikahan Adat Jawa di Desa Sugihan Kecamatan Toroh
Kabupaten Grobogan, mahasiswa Universitas Veteran Bangun Nusantara
Sukoharjo. Panaliten punika ingkang dados objek panaliten sami sami
ngrembag babagan Tradhisi, ngrembag babagan prosesi Tradhisi, saha
ngrembag babagan makna. Panaliten punika sami ngginakaken metode
panaliten deskriptif kualitatif saha analisis data kanti kualitatif pramila
saged jumbuh kalihan panaliten panyerat. Sinaoso wonten ing panaliten
punika ingkang dados objek panaliten tradhisi saha metode ingkang
dipunginakaken sami, ananging wonten ingkang beda. Panaliten punika
nggadhahi sekawan ancas panaliten, inggih punika prosesi tradhisi
langkahan, suraos saha kaginan tradhisi, uba rampe ing tradhisi, suraos
24

saha kaginan uba rampe ing tradhisi langkahan ing Desa Sugihan.
Panaliten panyerat nggadhahi tigang ancas panaliten, inggih punika
mangertosi prosesi, makna ingkang kakandhut wonten uba rampe apem,
saha nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu.
Underaning perkawis panaliten punika mboten ngrembag babagan nilai-
nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi. Panaliten Apri Pranata Tia Ningtias
ngrembag babagan prosesi, suraos saha kaginan tradhisi saha uba rampe
ing Tradhisi Langkahan.

C. Cengkoronganing Pamikir
Panaliten punika fokusipun ing prosesi Tradhisi Wahyu Kliyu, makna
simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe apem, saha nilai-nilai
pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal Desa
Jatipuro Kecamatan Jatipuro Kabupaten Karanganyar. Dados sedaya ingkang
boten wonten sesambetanipun kalihan panaliten sakpunika boten
dipunrembag. Pramila dipun-ginakaken cengkorongan pamikir.
Panaliti nindakaken observasi utawi ningali kanthi langsung Tradhisi
Wahyu Kliyu saha ngawontenaken wawancara kalihan narasumber utawi
informan ingkang mangertosi babagan Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun
Kendal. Sakbibaripun nindakaken observasi saha wawancara, asilipun
dipuncathet punapa kemawon ingkang wonten gegayutanipun kalihan prosesi,
makna simbolik ingkang kakandhut wonten ing uba rampe apem salebeting
Tradhisi Wahyu, saha nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu
Kliyu ing Dhusun Kendal Desa Jatipuro Kecamatan Jatipuro Kabupaten
Karanganyar. Cengkorongan pamikir saged dipuntingali saking bagan wonten
ing ngandhap punika.
25

Cengkoronganing Pamikir

Prosesi Tradhisi
Makna Wahyu
simbolik
Kliyu
ingkang
Kabudayan
kakandhut ing uba rampe Apem
Nilai-nilai Pendhidhikan

Tradhisi

Tradhisi Wahyu Kliyu ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar

Dudutan
BAB III
METHODE PANALITEN
A. Papan saha Wekdal Panaliten
Papan saha wekdal panaliten inggih punika wekdal saha papan
panyerat nglampahi panaliten ing objek ingkang badhe dipunteliti. Panaliten
punika katindakaken ing Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro,
Kabupaten Karanganyar. Papan punika dipuntunjuk panyerat dados papan
panaliten sabab wonten ing papan punika Tradhisi Wahyu Kliyu
dipunwontenaken. Wekdal panaliten punika dipunwiwiti tanggal 13 Agustus
2022.

B. Jinising Panaliten
Panaliten punika lumebet ing panaliten deskriptif kanthi ngginakaken
metodhe kualitatif. Panaliten punika dipunwedharaken kalihan metodhe
deskriptif amargi panaliten punika nggadhahi sipat nggambaraken
setunggaling prastawa ingkang nggadhahi tujuwan kangge ngambaraken ciri-
ciri tertamtu salebeting setunggaling fenomena. Miturut Moleong (2013), data
deskriptif inggih punika data ingkang arupi tembung-tembung, gambar lan
sanes lumebet wicalan.
Miturut Sutopo (2002), panaliten kualitatif inggih punika saged
nggambaraken proses saking wekdal ing wekdal sajroning kaanan alami boten
digawe-gawe panaliti, saha saged ngandharaken sesmbetan ingkang wajar
antawis panaliti saha informan. Panaliten punika ngginakaken metodhe
panaliten deskriptif kualitatif amargi data ing salebeting panaliten punika
awujud tembung-tembung ingkang wonten ing wawancara, saha nggadhahi
ancas kangge ngandharaken, nedahaken, saha nganalisi data ingkang
langkung faktual saha akurat babagan Makna simbolik Apem Salebeting
Tradhisi Wahyu Kliyu Wonten Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan
Jatipuro, Kabupaten Karanganyar.

26
27

C. Data saha Tuking Data


Data ingkang dipunginakaken kangge panaliten punika kadosta ing
ngandhap punika.
1. Data
Data saking panaliten punika awujud prosesi tradhisi Wahyu
Kliyu, makna simbolik ingkang kakandhut wonten uba rampe Apem
salebeting tradhisi Wahyu Kliyu, saha nilai-nilai pendhidhikan
salebeting tradhisi Wahyu Kliyu ugi saged awujud tembung-tembung,
frasa, utawi ukara ingkang dipun pikantuk saking wawancara kaliyan
informan ingkang sesambetanipun kaliyan makna simbolik Apem
salebeting tradhisi Wahyu Kliyu kanthi dipun cathet utawi dipun rekam.

2. Tuking data
Miturut Lofland (salebeting Moleong, 2013) tuking data utami
salebeting panaliten kualitatif inggih punika tembung-tembung, lan
lampahan, langkungipun inggih punika tambahan kados dokumen lan
sanesipun. Tuking data panaliten punika saking sesepuh Dhusun,
narasumber, saha partisipan ingkang mangertosi babagan Tradhisi Wahyu
Kliyu saha makna simbolik Apem salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu
Wonten Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten
Karanganyar.

D. Cara Ngempalaken Data


Cara ngempalaken data inggih punika cara-cara ingkang badhe dipun
gayuh panaliti supados pikantuk data satemah data-data ingkang dipun
ginakaken dados sampurna saha saged dipun tanggel jawabaken. Saking
panaliten punika, cara ngempalaken data ingkang dipun ginakaken inggih
punika:
1. Observasi
Observasi inggih punika teknik ngempalaken data ingkang
dipunginakaken supados pikantuk data saking tuking ingkang awujud
28

papan, lelampahan, piranti utawi rekaman gambar. Kanthi ngginakaken


teknik observasi saged dipun tingali saha saged dipun uji kaleresanipun
babagan dumadining prastawa utawi lelampahan (Nugrahani, 2010).
Panyerat ningali langsung ing papan ingkang dados obyek panaliten
supados pikantuk data ingkang gamblang. Papan ingkang dados obyek
panaliten inggih punika wonten Dhusun Kendal, Desa Jatipuro,
Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar, papan ingkang dipun
ginakaken kangge adicara Tradhisi Wahyu Kliyu.
2. Wawancara
Teknik wawancara inggih punika sawijining teknik ingkang
langkung kathah dipun ginakaken salebetipun panaliten kualitatif. Miturut
Yusuf (2014), wawancara inggih punika setunggaling kedadosan utawi
proses interaksi antawis tiyang ingkang paring pitakenan kaliyan sumber
informasi utawi tiyang ingkang dipunwawancara kanthi komunikasi
langsung utawi nyuwun pirsa langsung ngengingi setunggaling objek
ingkang dipunteliti.
Wawancara dipun tindakaken kanthi cara dialog antawis tiyang
ingkang paring pitakenan kaliyan informan kangge pikantuk informasi
babagan Makna Simbolik Apem salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu Wonten
Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten
Karanganyar. Wawancara kedah dipun lampahi kanthi efektif, artosipun
ing wekdal sawetawis saged pikantuk data sakathah-kathahipun.
3. Dokumentasi
Miturut Sugiyono (2018), dokumentasi inggih punika setunggaling
cara ingkang dipun ginakaken kangge angsal data lan informasi lebeting
awujud buku, arsip, dokumen, seratan wicalan lan gambar ingkang
arupinipun laporan saha katrangan ingkang saged nyengkuyung
panyeratan panaliten. Studi dokumen inggih punika piranti saking metode
observasi utawi wawancara langkung saged dipunpitados utawi nggadhahi
kredibilitas ingkang inggil bilih dipunsengkuyung dening foto-foto utawi
karya seratan.
29

E. Cara Ngesahaken Data


Cara ngesahaken data utawi Validitas data inggih punika jaminan
kangge dudutan utawi asil pungkasan saking panalitcn. Pramila,
ngrembakaning validitas data kedah dipuntindakaken. Keabsahan data saged
dipun-gayuh ngangge proses pengumpulan data kanthi teknik triangulasi data.
Miturut Sugiyono (2015) triangulasi data inggih punika teknik ngempalaken
data ingkang sifatipun nggabungaken pinten-pinten data lan sumber ingkang
sampun wonten. Kanthi mekaten wonten triangulasi sumber, triangulasi teknik
pengumpulan data, lan wekdal. Salebeting panaliten punika panyerat namung
ngangge triangulasi sumber data lan triangulasi teknik pengumpulan data
supados angsal data ingkang valid. Paneliti nglampahaken nglempakaken data
kanthi triangulasi sumber, pramila saleresipun peneliti ngempalaken data saha
nguji kredibilitas data, inggih punika mriksa kredibilitas data kalihan pinten-
pinten teknik pengumpulan data lan pinten-pinten sumber data.
Triangulasi sumber nedahaken panaliti supados ngginakaken sumber
data ingkang sampun kacawis nalika ngempalaken data. Panaliti
nandhingaken punapa ingkang dipunandharaken tiyang sanes kalihan punapa
ingkang dipunandharaken piyambak, saha nandhingaken asil wawancara
kalihan isi utawi wos dokumen ingkang wonten gegayutanipun kalihan
lelampahan kagiyatan utawi prosesi Tradhisi Wahyu Kliyu saha makna
simbolik Apem salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu Wonten Dhusun Kendal,
Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar kanthi langsung.
Triangulasi sumber wonten langkah-langkahipun, inggih punika:
1. Ngecek data-data ingkang sampun dipunkempalaken saking informan
kanthi cara miterang babagan keabsahan data utawi infomasi dhumateng
informan setunggal kaliyan informan sanesipun. Triangulasi sumber
nedahaken panaliti supados ngginakaken sumber data ingkang sampun
cumawisrikala ngempalaken data.
2. Sasampunipun data-data kalawau dipunkempalaken, data-data saking
observasi saha wawancara kaliyan narasumber punika
30

dipundheskripsikaken. Panaliti ndheskripsikaken data-data saking


narasumber babagan Tradhisi Wahyu Kliyu kanthi gamblang.
3. Data ingkang sampun dipundheskripsikaken salajengipun
dipunkelompokaken. Data ingkang sami dipunkelompokaken dados
setunggal. Semanten ugi data ingkang benten kaliyan observasi saha
wawancara ugi dipunkelompokaken dados setunggal.
4. Panaliti nandhingaken punapa ingkang dipunandharaken tiyang sanes
kaliyan punapa ingkang dipunandharaken piyambak, saha nandhingaken
asil wawancara kaliyan isi uławi wos dokumen ingkang wonten
gegayutanipun kaliyan kadadeyan kanthi langsung.
5. Ing pungkasan, panaliti mendhet dudutan babagan prosesi Tradhisi Wahyu
Kliyu, makna ingkang kakandhut wonten uba rampe Apem, saha nilai-nilai
pendhidhikan saking data-data ingkang sampun dipunkelompokaken
kalawau.

F. Cara Ngolah Data


Ngolah data nggadhahi makna pemisahan utawi pamriksan ingkang
teliti. Saged dipunpahami menawi analisis inggih punika upaya menganalisa
utawi mriksa kanthi teliti dening punapa-punapa. Salebeting panaliten,
analisis data saged dipunartosaken dados kegiatan mbahas lan mangertosi
data kangge manggihaken makna, tafsiran lan dudutan tertamtu saking
sedayanipun data salebeting panaliten. Analisis data saged ugi dipunartosaken
dados proses nyikapi data, nyusun, memilah lan mengolah dados setunggaling
susunan ingkang sistematis lan nggadhahi makna (Sirajuddin saleh, 2017).
Cara ngolah data ingkang dipun-ginakaken ing panaliten punika cara ngolah
data model mengalir, ingkang kaperang dados tigang komponen, inggih
punika:

1. Reduksi Data
Reduksi data inggih punika setunggaling proses ngringkes utawi
milih bab-bab ingkang pokok. amargi data ingkang dipunangsal saking
lapangan jumlahipun kathah, pramila kedah dipunserat kanthi tlatos lan
31

rinci. Runtutan punika data ingkang dipunserat wonten salebeting uraian


sampun dipunjlentrehaken. Saking data-data ingkang sampun dipunserat
saking asil wawancara babagan prosesi Tradhisi Wahyu Kliyu saha makna
simbolik Apem salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu Wonten Dhusun Kendal,
Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten Karanganyar kasebat,
łajeng dipunringkes data punika, Data-data ingkang sampun dipunringkes
punika namung data ingkang wonten gegayutanipun kalihan perkawis
ingkang badhe dipunanalisis.

2. Penyajian Data
Sasampunipun proses reduksi data, lampahan ingkang
dipunlampahaken peneliti inggih punika nglampahaken penyajian data.
Penyajian data inggih punika sekumpulan informasi ingkang tersusun
ingkang nyukani kemungkinan wontenipun penarikan dudutan lan
mendhet tindakan. Penyajian saged awujud uraian enggal, bagan, utawi
sesambetan antar kategori, nanging salebeting panaliten kualitatif
limrahipun dipunsajikaken kanthi naratif.
Penyajian data gadhah tujuwan supados peneliti saged mangertosi
punapa ingkang kedados salebeting ngrencanakaken lampahan
salajengipun ingkang ajeng dipunlampahaken. Saking runtutan punika,
data-data ingkang sampun dipuncakaken babagan prosesi Tradhisi Wahyu
Kliyu saha makna simbolik Apem salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu
Wonten Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten
Karanganyar, lajeng dipunsusun kanthi runtut supados saged
dipunmangertosi punapa kemawon data ingkang trep.

3. Dudutan utawi Verifikasi


Lampahan pungkasan salebeting ngempalaken data inggih punika
damel dudutan lan verifikasi. Lampahan saking wiwit ngempalaken data,
lajeng peneliti nglampahaken rangkuman salebetipun masalah ing
lapangan, selajengipun nglampahaken pencathetan ngantos damel dudutan.
Limrahipun dudutan ing wiwitan taksih nggadhahi sipat sementara lan
32

saged mawon ngalami ewah-ewahan salebeting proses ngempalaken data


taksih kelampahan. Nanging dudutan kasebat saged dados dudutan
ingkang kredibel bilih dipunsengkuyung dening data ingkang valid lan
konsisten (Rijali, 2018).
Panaliti nglampahi pamriksan data supados kasusun kanthi cara
sistematis saha jangkep, supados panaliti saged damel analisis data lajeng
dipunpendhet dudutanipun ingkang wonten gegayutanipun kalihan prosesi
Tradhisi Wahyu Kliyu, makna simbolik Apem salebeting Tradhisi Wahyu
Kliyu, saha nilai-nilai pendhidhikan salebeting Tradhisi Wahyu Kliyu
Wonten Dhusun Kendal, Desa Jatipuro, Kecamatan Jatipuro, Kabupaten
Karanganyar.
KAPUSTAKAN

Abdul latif. 2007. Pendidikan Berbasis Nilai Kemasyarakatan. Bandung: PT.

Refika Aditama.

Adisusilo, Sutarjo. 2012. Pembelajaran Nilai-Karakter. Jakarta: PT. Raja.

Grafindo Persada.

Muhaimin, AG. 2001. Islam Dalam Bingkai Budaya Local Protet Dari Cirebo.

Jakarta: PT. Logos Wacana Ilmu

Alfan, Muhammad. 2013. Pengantar Filsafat Nilai. Bandung: CV Pustaka Setia.

Amalia, Novita Rihi. 2010. Analisis Gaya Bahasa Dan Nilai-Nilai Pendidikan

Novel Sang Pemimpi Karya Andrea Hirata. Skripsi. Surakarta: Universitas

Sebelas Maret.

Aminuddin, 2003. Semantik Pengantar Studi tentang Makna. Bandung: Sinar

Baru.

Asih, M. I., & Sabardila, A. 2022. Implementasi nilai dalam Wahyu Kliyu di

masyarakat Desa Kendal Kecamatan Jatipuro Kabupaten Karanganyar.

Satwika: Kajian Ilmu Budaya Dan Perubahan Sosial, 6 (1), 62–72.

https://doi.org/10.22219/satwika.v6i1.19294.

Bagong, Suyanto & J. Dwi Narwoko. (2004). Sosiologi Teks Pengantar dan

Terapan. Jakarta: Kencana Media Group.

33
34

Daliman, A. 2012. Metode Penelitian Sejarah. Yogyakarta: Penerbit Ombak.

Depdikbud. 2000. Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan. Jakarta: Balai

Pustaka.

_______. 1990. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.

Dewi, M. R., & Marzuki. 2019. Transformasi Nilai-Nilai Moral Dalam Tradisi

Wahyu Kliyu di Dusun Kendal, Jatipuro, Karanganyar. Jurnal Pendidikan

Kewaraganegaraan dan Hukum Vol. 8 (2) 2019, 198-208.

Gunawan, Ary H. 2000. Sosiologi Pendidikan Suatu Analisis Sosiologi tentang.

Pelbagai Problem Pendidikan. Jakarta: Rineka Cipta.

Haryanto, Sindung. 2013. Dunia Simbol Orang Jawa. Yogyakarta. Kepel Pres.

Hasbullah. 2009. Dasar – Dasar Ilmu Pendidikan. Jakarta: Raja grafindo.

Persada.

Herusatoto, Budiono. 2008. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Penerbit Ombak.

Hoed, Benny H. 2014. Semiotik dan Dinamika Sosial Budaya. Depok: Komunitas

Bambu.

Isna, Mansur. 2001. Diskursus Pendidikan Islam. Yogyakarta: Global Pustaka

Utama.

Koentjaraningrat. 2009. Pengantar Ilmu Antropologi (Edisi Revisi). Jakarta:

Rineka Cipta.
35

_______. 1984. Kebudayaan Jawa. Jakarta: PN. Balai Pustaka.

Moleong, Lexy J. 2013. Metode Penelitian Kualitatif (Edisi Revisi). Bandung: PT.

Remaja Rosdakarya.

Ningtias, A. P. Tia. 2015. Tradisi Langkahan dalam Upacara Pernikahan Adat

Jawa di Desa Sugihan Kecamatan Toroh Kabupaten Grobogan. Skripsi.

Sukoharjo: Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo.

Nugrahani, Farida. 2010. Metodologi Penelitian Kualitatif: Teori dan Aplikasi.

Surakarta: UNS Press.

Nurgiyantoro, B. 2005. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: UGM Press.

Pradopo, Rahmat, Djoko. 2008. Beberapa Teori Sastra, Metode Kritik, dan

Penerapannya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Purwanto. 2011. Evaluasi Hasil Belajar. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

_______. 2007. Tradisi Masyarakat Jawa. Jakarta: Penebar Swadaya.

Rijali, Ahmad. 2018. Analisis Data Kualitatif. Jurnal Alhadharah, Vol 17 (33)

2018, 81–95. http://dx.doi.org/10.18592/alhadharah.v17i33.2374.

Saleh, S. 2017. Analisis data kualitatif. Bandung: Pustaka Ramadhan.

Salim, M. H., & Kurniawan, S. 2012. Studi Ilmu Pendidikan Islam. Yogyakarta:

Arruzz Media.

Semi, M. Atar. 1993. Metode Penelitian Sastra. Bandung: PT. Angkasa.


36

Soekanto, Soerjono. 1990. Sosiologi Suatu Pengantar. Jakarta: Raja Grafindo.

Persada.

Soelaeman, Munandar. 2001. Ilmu Budaya Dasar. Bandung: Refika Aditama.

Sudaryat, Yayat. 2009. Makna dalam Wacana (Prinsip-prinsip Semantik dan.

Pragmatik). Bandung: Yrama Widya.

Sugiyono. 2018. Metode Penelitian Kuantitatif. Bandung: Alfabeta.

_______. 2015. Metode Penelitian Kuantitatif, Kualitatif, dan R&D. Bandung:

Alfabeta.

Sutopo, H. B. 2002. Pengantar Penelitian Kualitatif. Surakarta: UNS Press.

Thoha, Chabib. 1996. Kapita Selekta Pendidikan. Yogyakarta: Pustaka Belajar.

Uzey. 2009. “Macam-macam Nilai”. Dalam

http://uzey.blogspot.com/2009/09/pengertian-nilai. Diakses 24 Desember

2022; 20.04 WIB.

Waluya, Bagja. 2007. Sosiologi. Bandung: PT Setia Purna Inves.

Yusuf, A. M. 2014. Metode Penelitian: Kuantitatif, Kualitatif & Penelitian.

Gabungan. Jakarta: Prenadamedia Group.

Anda mungkin juga menyukai