Anda di halaman 1dari 14

TRADHISI RONTEK WONTEN ING KABUPATEN PACITAN PROVINSI JAWA

TIMUR

Proposal Panaliten

Dipunaturaken dhumateng Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah

Fakultas Bahasa,Seni, dan Budaya

Universitas Negeri Yogyakarta

Dening :

Raras Sekar Arum Wijilingtyas

NIM : 21205241037

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA,SENI, DAN BUDAYA

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

MARET 2023
BAB I

PURWAKA

A. Dhasaring Panaliten

Kabupaten Pacitan inggih menika kabupaten ingkang gadhah maneka werni


kabudayan. Kabudayan menika kalebet bab ingkang wigatos sanget. Lumantar
kabudayan, Kabupaten Pacitan gadhah identitas utawi titikan ingkang mlihi, saengga
ngantos wekdal samenika saged misuwur ing masyarakat wiyar. Kabudayan menika
minagka gegambaraning corak utawi ragam khas ing salebeting perang an
pagesanganipunmanungsa. Saged dipunmangertosi bilih ragam kabudayan menika
wujudipun kathah sanget, ing antawisipun ingkang awujud upacara adat,adat istiadat
kesenian lan sanes-sanesipun.

Kabudayan ugi minangka warisan leluhur ingkang kedah dipunlestantunaken


kawontenanipun amrih mboten sirna. Amargi ewah gingsiripun jaman saged
ndadosaken ewahipun kabudayan wonten ing masyarakat, amargi kabudayan menika
sipatipun dinamis. Bab menika jumbuh kaliyan ingkang dipunaandharaken dening
Richard King lumantar Herusatoto 92008: 14) bilih kebudayaan bukan entitas atau
esensi yang homogen dan statis,tetapi kebudayaan lebih sebagai proses yang
berkembang secara historis.

Salah satunggaling wujud kabudayan ingkang taksih lumampah kanthi sae ing
Kabupaten Pacitan nggih menika tradhisi. Prelu dipungatosaken bilih njagi saha
ngleluri tradhisi warisan leluhur menika boten gampil. Kathah ingkang suka pamrayogi
bilih tradhisi menika kalebet bab ingkang kina utawi ketinggalan jaman. Prekawis
menika saged kedadosan amargi kirangipun pangertosan masyarakat ngengingi kawruh
saha ginanipun tradhisi utawi budaya kasebut. Kadosta tradhisi wonten ing Kabupaten
Pacitan.

Tradhisi menika sampun kalampahan dangu saha dados tradhisi wajib ingkang
dipunlampahaken wanci ramadhan. Kesenian rontek dados setunggaling kabudayan
ingkang wujudipun kompleks kagiyatan saking manungsa salebeting masyarakat.
Upaya kagem nglestantunaken kabudayan menika kekajengan saged ndongkrak wisata
wonten ing kabupaten Pacitan. Pamarintah kabupaten pacitan ngawontenaken lomba
rontek ingkang awujud festival.

B. Identifikasi Perkawis
Saking latar belakang menika, identifikasi masalah ingkang badhe dipunpundhut inggih
menika :
1. Sejarah kawontenanipun tradhisi ronthek ingkang dipunadani ing Kabupaten
Pacitan
2. Lampahing tradhisi ronthek ingkang dipunadani ing Kabupaten Pacitan
3. Paedahing tradhisi ronthek ingkang dipunadani wonten Kabupaten Pacitan.

C. Watesaning Perkawis

Saking identifikasi masalah ingkang sampun dipunandharaken, dipun damel


batasan supados saged langkung fokus. Wondene fokus saking panalitenipun inggih
menika :

1. Asal-usul kawontenanipun tradhisi ronthek ingkang dipunadani wonten ing


Kabupaten Pacitan.
2. Prosesi lampahing tradhisi ronthek ingkang sampun kalampahan dumugi
samenika wonten ing Kabupaten Pacitan.
3. Paedahing tradhisi ronthek ingkang dipunadani wonten Kabupaten Pacitan
tumrap warga panyengkuyungipun.

D. Underaning Perkawis

Adhedasar andharan wonten ing nginggil, saged dipunpundhut perkawis


ingkang badhe dipunrembag antawisipun :

1. Kados pundi asal-usul kawontenanipun tradhisi ronthek ingkang dipunadani


wonten ing Kabupaten Pacitan?
2. Kados pundi prosesi tradhisi ronthek ingkang sampun kalampahan dumugi
samenika wonten ing Kabupaten Pacitan?
3. Menapa paedahing tradhisi ronthek ingkang dipunadani wonten Kabupaten
Pacitan tumrap warga panyengkuyungipun?

E. Ancasing Panaliten
1. Ngandharaken asal-usul kawontenanipun tradhisi ronthek ingkang dipunadani
wonten ing Kabupaten Pacitan.
2. Ngandharaken prosesi tradhisi ronthek ingkang sampun kalampahan dumugi
samenika wonten ing Kabupaten Pacitan
3. Ngandharaken paedahing tradhisi ronthek ingkang dipunadani wonten
Kabupaten Pacitan.

F. Paedahing Panaliten
Panaliten menika kaajab supados suka manfangat, sae menika teoritis menapa
dene praktis.
1. Paedah Teoritis
Asiling panaliten menika saged nambahi seserepan ing bab wawasan saha
pengetahuan kabudayan, mliginipun ing bab tradhisi Ronthek. Salajengipun,
panaliten menika ugi saged dados referensi kangge panaliten-panaliten sanes
ingkang badhe naliti bab tradhisi.
2. Paedah Praktis
Asiling panaliten menika saged suka informasi saha dokumentasi tumrap para
pamaos ngengingi bab tradhisi Gumbregan. Kangge masarakat, panaliten menika
saged suka pangaribawa dhateng masarakat bilih tradhisi Ronthek menika wigatos
saha gadhah paedah tumrap masarakat panyengkuyungipun, pramila
kawontenanipun kedah dipunlestantunaken supados tansah ngrembaka saha boten
sirna.
BAB II

GEGARAN TEORI

A. Kabudayan
Kabudayan asalipun saking basa Sansekerta buddhayah, inggih menika wujud
jamak saking buddhi ingkang tegesipun “budi” utawi “akal”. Pramila kabudayan saged
dipunwastani perangan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan akal (Koentjaraningrat,
1985: 181). Miturut ngelmu antropologi lumantar (Koentjaraningrat, 1985: 180)
kabudayan inggih menika sedaya sistem gagasan, tindakan, saha asil karyanipun
manungsa ing pagesanganipun ingkang sampun dados gadhahanipun masarakat. Bab
menika ugi dipunsengkuyung kaliyan pamanggihipun Poerwadarminta lumantar
Moertjipto, dkk (1996/1997: 1), kabudayan inggih menika asil kegiyatan saha
pangriptaning batos (akal utawi budi) manungsa, kados dene kapitadosan, kesenian,
adat istiadat, lan sapanunggalanipun. Pramila, tembung kabudayan saged
dipunartosaken bab menapa kemawon ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan akal
saha budining manungsa.

Koentjaraningrat lumantar Herusatoto (2008 : 11-12) ngandharaken bilih


kabudayan menika nggadahi tigang wujud inggih menika:

a. wujud kabudayan sebagai suatu kompleks dan ide-ide, gagasangagasan, nilai-


nilai, norma-norma, peraturan dan sebagainya; wujud ini berada pada alam
pikiran dari warga masyarakat atau dapat pula berupa tulisan-tulisan,
karangan-karangan warga masyarakat yang bersangkutan.
b. wujud kebudayaan sebagai suatu kompleks aktivitas kelakuan berpola dari
manusia dalam masyarakat yang bersangkutan.
c. wujud kebudayaan sebagai benda-benda hasil karya manusia, ia berupa
kebudayaan fisik yang berbentuk nyata yang merupakan hasil karya
masyarakat yang bersangkutan.

Saking pamanggih ing nginggil saged kaandharaken bilih tiga-tiganipun wujud


kabudayan menika cetha bilih wujud ingkang sepisan kaliyan wujud ingkang kaping
kalih menika minangka asiling akal saha budi manungsa, sanajan wujud ingkang kaping
tiga menika minangka asiling pakaryan manungsa. Salajengipun Koentjaraningrat
lumantar Herusatoto (2008 : 12) ngandharaken bilih kabudayan gadhah pitung unsur
ingkang sampun nyekapi sadaya kabudayan manungsa. Unsur-unsur menika kababar
makaten:

1. sistem religi dan upacara keagamaan,

2. sistem dan organisasi kemasyarakatan,

3. sistem pengetahuan,

4. bahasa,

5. kesenian,

6. sistem mata pencaharian hidup,

7. sistem teknologi dan peralatan

Rantamaning unsur-unsur kabudayan universal kados ingkang kaserat ing


nginggil saged dipundamel kanthi sengaja kangge nggambaraken unsur-unsur ingkang
pundi ingkang langkung awrat anggenipun ewah. Saking rantamaning unsur kabudayan
menika, ingkang langkung inggil menika minangka unsur ingkang langkung awrat
anggenipun ewah tinimbang unsur-unsur wonten ing sangandhapipun. Sistem religi
menika panci langkung awrat anggenipun ewah tinimbang unsur sanesipun, amargi
menika sipatipun warisan. Warisan menika awrat sanget dipunewahi, amargi sampun
dados adat utawi pakulinan.

B. Folkor
Miturut Danandjaja (1986: 1), tembung folklor menika kapethik saking basa
Inggris Folklore ingkang kadhapuk saking tembung folk kaliyan lore. Tembung folk
tegesipun kolektif utawi kebersamaan, folk saged ugi dipunartosaken minangka
satunggaling kelompok tiyang ingkang gadhah tandha-tandha fisik, sosial, saha
kabudayan, saengga saged dipunbedakaken antawisipun kelompok satunggal kaliyan
kelompok sanesipun. Tandha fisik menika antawisipun saged awujud werni kulit
ingkang sami, wujuding rikma ingkang sami, tataran pendidikan ingkang sami, jinising
pakaryan ingkang sami, basa ingkang sami menapa dene agami ingkang sami. Wondene
tembung lore inggih menika tradhisi folk, tegesipun perangan kabudayan ingkang
dipunwarisaken turun temurun lumantar lesan menapa dene lumantar satunggaling
tuladha ingkang dipunkantheni mawi gerak isyarat menapa dene pirantos bantu
pangemut-emut (Danandjaja, 1986: 1-2).

Purwadi (2009 : 1) ngandharaken bilih folklor inggih menika tradhisi kolektif


bangsa ingkang dipunsebaraken mawi lesan menapa dene gerak isyarat, saengga saged
lestantun saking generasi dumugi generasi salajengipun. Pamanggih ingkang sami ugi
dipunandharaken dening Danandjaja (1986 : 2) bilih. Definisi folklor secara
keseluruhan adalah sebagian kebudayaan suatu kolektif, yang tersebar dan diwariskan
turun-menurun di antara kolektif macam apa saja secara tradisional dalam versi yang
berbeda baik dalam bentuk lisan, maupun contoh yang disertai dengan gerak isyarat
atau alat pembantu pengingat.

Adhedhasar pamanggih ing nginggil saged kaandharaken bilih folklor menika


cariyos rakyat ingkang dipunwarisaken kanthi gethok tinular lesan wonten ing
masarakat ingkang gadhah cariyos ingkang beda-beda antawisipun tlatah satunggal
kaliyan sanesipun. Koentjaraningrat (1994 : 106) ngandharaken bilih. Kolektif itu
terjadi karena sejumlah warga dari suatu masyarakat tampak sebagai kesatuan
masyarakat berdasarkan suatu kompleks ciri-ciri yang mencolok. Selain itu kolektif
dalam suatu masyarakat yang tampak karena adanya suatu kebudayaan dengan adat-
istiadat, suatu sistem normanorma dan kadang-kadang suatu bahasa yang khusus
mengatur dan mengikat kehidupan warga dari kolektif-kolektif tersebut. Supados saged
mbedakaken folklor kaliyan kabudayan sanesipun kita kedah mangertosi rumiyin
tandha-tandha folklor. Miturut Danandjaja (1986 : 3-4) tandha-tandha folklor ingkang
utami kababar makaten:

a. Kasebaraken saha kawarisaken kanthi lesan, inggih menika saking gethok


tinular lesan ingkang dipunsarengi kaliyan gerak isarat saha piranti kangge
mbyantu pangeling-eling saking generasi satunggal dumugi generasi
salajengipun.
b. Folklor sipatipun radhisional, inggih menika dipunsebaraken kanthi wujud
ingkang tetep.
c. Folklor menika wonten versi-versinipun saha varian-varianipun ingkang beda-
beda.
d. Folklor asipat anonim, tegesipun nama panganggitipun sampun boten
dipunmangertosi tiyang.
e. Folklor biasanipun awujud rumus utawi gadhah pola. f. Folklor gadhah paedah
kangge pagesangan kolektif.
f. Folklor asipat pralogis, inggih menika gadhah logika piyambak ingkang boten
sami kaliyan logika umumipun.
g. Folklor minangka kagungan kita sadaya utawi kolektif.
h. Folklor umumipun asipat polos sarta lugu, sahengga asring katingalan kasar.

Saking tandha-tandha folklor ingkang sampun kaandharaken wonten ing


nginggil, saged dipunmangertosi bilih tradhisi ronthek menika kalebet folklor. Folklor
menika minangka salah satunggaling kabudayan ingkang dipunwarisaken turun
tumurun.

C. Tradhisi
Tradhisi inggih menika adat pakulinan ingkang turun temurun saking para
leluhur saha taksih dipuntindakaken dumugi wekdal samenika dening masarakatipun
(KBBI, 2002: 1208). Salajengipun miturut Nasution (2015: 82), tradhisi asalipun
saking basa Latin traditio “dipunlajengaken”, inggih menika samubarang ingkang
dipuntindakaken wiwit jaman rumiyin saha dados perangan saking pagesangan
kelompok masarakat, biasanipun saking negara, kabudayan, wekdal, utawi agami
ingkang sami. Bab ingkang langkung dhasar saking tradhisi inggih menika wontenipun
informasi ingkang dipunturunaken saking generasi satunggal dumugi generasi
salajengipun sae mawi sinerat menapa dene lesan.
Tradhisi saged ugi dipunsebut adat istiadat utawi adat tata tumindak, miturut
Koentjaraningrat lumantar Herusatoto (2008: 164-165). Tradisi dapat dibagi dalam
empat tingkatan, yaitu 1) Tingkat nilai budaya, berupa ide-ide yang mengonsepsikan
hal-hal yang paling bernilai dalam kehidupan masyarakat, biasanya berakar dalam
bagian emosional dan alam jiwa manusia; 2) Tingkat norma-norma, berupa nilai-nilai
budaya yang sudah terkait kepada peranan masing-masing anggota masyarakat dalam
lingkungannya. 3) Tingkat hukum, dan 4) Tingkat aturan khusus, mengatur kegiatan-
kegiatan yang jelas terbatas ruang lingkupnya dalam masyarakat dan bersifat konkret.
Dapat diambil kesimpulan bahwa tradisi adalah tata kelakuan berdasarkan ide-ide
sesuai norma-norma yang berlaku pada aturan setempat dan bersifat konkret.
Adhedhasar saking andharan-andharan ing nginggil, saged dipunpendhet
dudutan bilih tradhisi inggih menika samubarang ingkang dipunlampahi adhedhasar
adat saha tata cara ingkang lumampah ing salebeting masarakat saha dipuntindakaken
turun temurun wiwit rumiyin dumugi wekdal samenika sarta gadhah nilai utawi norma
tartamtu ing salebeting masarakatipun.

D. Pangertosan Ronthek

Ronthek inggih menika setunggaling kesenian khas kabupaten Pacitan.


Tembung ronthek saking tembung Rondha lan Thethek. Miturut kamus bausastra
tembung “Rontek” tegesipun panji-panji, gendera alit ingkang kumlebet wonten
tombak (Kamus Bausastra Jawa Indonesia, 1980 : 149) “Ronda” inggih menika
mlampah mubeng-mubeng njagi keamanan; Berpatroli (Kamus Bausastra Jawa
Indonesia, 2012: 1181) salajengipun tembung “thethek” inggih menika nglampahaken
rondha kaliyan nabuh kenthongan (Kamus Bausastra Jawa Indonesia,1980: 283).
Saking pangertosan kalawau, saged dipundudut Ronthek menika setunggaling kegiatan
masyarakat Pacitan ingkang nembe nglampahaken rondha lan ngginakaken kenthongan
saking pring ingkang saged dipunsebat “thethek”.

Ronthek menika biasanipun dipuntindakaken wonten ing sasi ramadhan, dening


sedaya masyarakat Pacitan. Ginanipun inggih menika kangge gugah wanci sahur.
Kegiatan menika sakderengipun dipunlampahaken saking desa dhateng desa sanes,
mila ndadosaken konflik amargi sami adu tabuhan. Pawarta menika kepireng
pamarintah Pacitan, lajeng pamarintah ngawontenaken festival ronthek kangge
ngicalaken dampak negatif saking ronthek. Lajeng, kesenian tradisi menika sampun
berkembang dados miyos menarik, amargi sampun dados seni tetingalan ingkang
ngginakaken tema lan unsur pendukung kados ta tari, gamelan, dekorasi ugi kostum-
kostum ingkang sae.

E. Pangertosan Simbol
Tashadi (1993 : 96) ngandharaken bilih wonten ing simbol menika ngemot pitedah-
pitedah leluhur ingkang kedah saha wajib dipunlampahi dening anak putu
keturunanipun, sarta wonten ing simbol menika ngemot misi-misi luhur kangge
nglestantunaken nilai budaya. Manungsa wonten ing pagesangan menika kathah
ngginakaken simbol-simbol kangge makili pamanggihipun. Dados manungsa menika
saged kaandharaken minangka makhluk bersimbol. Herusatoto (2001 : 10)
ngandharaken bilih tembung simbol menika asalipun saking basa Yunani inggih
menika saking tembung symbolos ingkang gadhah teges tandha ingkang nedahaken
samubarang dhateng tiyang. Dene Poerwadarminta (1985 : 11) ngandharaken bilih
simbol saged dipuntegesi sami kaliyan lambang. Simbol menika minangka perangan
ingkang paling alit saking ritual/tradhisi. Saking andharan ing nginggil, saged
dipunpendhet dudutan bilih simbol inggih menika satunggaling tandha ingkang awujud
pesen-pesen saking para leluhur kangge generasi salajengipun ingkang ngandhut teges
utawi makna tartatu.
BAB III

CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten
Panaliten tradhisi Ronthek ing Kabupaten Pacitn menika ngginakaken metode
panaliten kualitatif. Miturut Moleong (2002 : 3) panaliten kualitatif inggih menika
panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif ingkang awujud tembung-tembung sinerat
utawi lesan saking tiyang-tiyang ingkang dipuntliti. Pamanggih ingkang sami
dipunadharaken dening Kirk dan Miller lumantar Moleong (2002 : 3) bilih panaliten
kualitatif inggih menika tradisi tertentu dalam ilmu pengetahuan sosial yang secara
fundamental bergantung pada pengamatan pada manusia dalam kawasannya sendiri
dan berhubungan dengan orang-orang tersebut dalam bahasanya dan dalam
peristilahannya.
Wonten panaliten kualitatif informasi ingkang kapendhet kanthi
ngawontenaken panaliten langsung saha wawan pirembagan (wawancara), saengga
panaliti kedah langsung wonten papan ingkang dipunteliti kangge mendhet saha
ngasilaken data-data ingkang dipunkajengaken. Panaliten ingkang migunakaken cara
kualitatif menika, ing pangajap supados saged suka gambaran-gambaran ingkang cetha
ngengingi lampahing tradhisi Ronthek gugah sahur saha saged mangretosi prosesi
lampahing tradhisi ronthek menika kanthi saestu.

B. Subjek lan Obyek Panaliten

Subjek panaliten wonten ngriki inggih menika Bapak Johan Perwiranto bidang
kebudayaan Kabupaten Pacitan, penabuh ingkang ndherek nglampahaken tradhisi
menika, ugi tiyang-tiyang ingkang sami mirsani adicara menika. Objek panaliten inggih
menika Asal-usulipun tradhisi ronthek wonten ing Kabupaten Pacitan saha kados pundi
prosesi ronthek ingkang dipunlampahaken dumugi samenika.
C. Cara Ngempalaken Data
Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten tradhisi Gusaran inggih menika
kanthi pengamatan berperanserta saha wawancara mendalam.
1. Pengamatan Berperanserta
Pengamatan berperanserta katindakaken kanthi ningali langsung
kawontenanipun tradhisi Ronthek tanggal 4 Februari 2023. Panaliti ndherek
langsung kangge mangertosi prosesi tradhisi ronthek saking acara kawiwitan
dumugi pungkasaning acara. Pengamatan berperanserta dipunlampahi kangge
madosi data ingkang dipunbetahaken. Data menika samangke dipunwujudaken
woten ing wujud cathetan lapangan observasi. Data-data ingkang sampun
wonten, lajeng dipunanalisis. Kanthi makaten paneliti saged pikantuk data
ingkang jumbuh kaliyan panaliten.
2. Teknik Wawancara Mendalam
Teknik wawancara inggih menika kangge madosi data kanthi cara wawancara
kaliyan para informan. Moleong (2002 : 135) ngandharaken bilih wawancara
adalah percakapan oleh dua pihak yaitu pewawancara (interviewer) yang
mengajukan pertanyaan dan yang diwawancarai itu (interviewer) yang
memberikan jawaban atas pertanyaan itu. Wonten ing panaliten menika
paneliti ngginakaken teknik wawancara kanthi pitakenan-pitakenan ingkang
dipundamel adhedhasar observasi ingkang sampun dipunlampahi. Wawancara
dipunlampahi kanthi tinarbuka, inggih menika wawancara ingkang
informanipun mangertos bilih piyambakipun saweg dipunwawancarani sarta
mangertos ugi menapa ancasing wawancara kasebat. Ancasipun supados
pikantuk data ingkang leres saking informan.
Paneliti anggenipun nglampahi wawancara menika langsung kaliyan
informan ingkang sampun dipuntemtokaken saderengipun, inggih menika
Narasumber saking bidang kebudayaan, masyarakat ingkang ndherek dados
penabuh wonten tradhisi menika, saha masyarakat ingkang mirsani adicara
menika. Moleong (2006:195) ngandharaken bilih. Wawancara mendalam
adalah percakapan dengan maksud menggali lebih dalam lagi tentang hal yang
dipersoalkan. Suatu topik tertentu yang sedang dipersoalkan dalam proses
wawancara digali lebih dalam melalui pertanyaan mendalam. Ancasing
metode wawancara mendalam menika kangge madosi data primer amargi data
ingkang dipunpendhet kanthi langsung saking masarakat kanthi cara nyuwun
pirsa dhateng tiyang ingkang gegayutan kaliyan prekawis ingkang dipunadhepi.
Wawancara mendalam dipunlampahi kangge madosi data babagan prosesi
tradhisi ronthek, ugi asal-usulipun tradhisi menika dados kalampahan dumugi
samenika

D. Piranti Panaliten
Kangge nglancaraken panaliten menika, piranti ingkang dipunginakaken inggih
menika piranti ingkang awujud manual kados buku kangge nyerat asil obsevasi
lapangan, ugi wonten piranti ingkang awujud mekanik kados handphone kangge
ngrekam pawicanten utawi wawancara, saha mundhut gambar wonten ing prosesi
ronthek menika.

E. Cara Analisis Data


Analisis data inggih menika kangge madosi saha nata kanthi sistematis asiling
observasi, wawancara, saha sanesipun kangge ningkataken pemahaman panaliti bab
prekawis ingkang dipuntliti (Muhadjir, 2002: 142). Caranipun nganalisis data wonten
panaliten kualitatif menika migunakaken metode analisis induktif. Pandom ingkang
dipunginakaken kangge mangsuli pitakenan panaliten menika saking data ingkang
sampun dipunkempalaken saking asiling pengamatan berperan serta saha wawancara
mendalam ingkang sampun dipunserat ing salebeting cathetan lapangan, gambar, foto,
lan sapanunggalanipun.
Salajengipun data ingkang sampun kempal dipunanalisis kanthi induktif, inggih
menika data ingkang mligi saking laporan dipundadosaken satunggaling unit, lajeng
dipunkategorisasikaken (Muhadjir, 2002: 167). Endraswara (2006: 215) ugi
ngandharaken bilih analisis induktif menika kaangkah saged ndadosaken informasi
langkung cetha awit saking dipunlampahi proses unitisasi saha kategorisasi. Analisis
induktif dipunginakaken kangge mbiji saha nganalisis data ingkang sampun
dipunfokusaken wonten ing prosesi, asal-usulipun tradhisi, saha paedahipun tradhisi
ronthek tumrap masarakat panyengkuyungipun.
Cara ingkang dipunlampahi inggih menika, (1) Inventarisasi utawi
ngempalaken data asiling panaliten saking pengamatan berperan serta, identifikasi
saking data ingkang sampun kapundhut ingkang magepokan kaliyan topik panaliten;
(2) Klasifikasi, inggih menika data-data asiling wawancara mendalam
dipunkelompokaken, saengga pikantuk jawaban umum, saha (3) Inferensi, inggih
menika damel dudutan saking pungkasaning asil interpretasi ingkang sampun
katindakaken.

F. Cara Validasi Data


Keabsahan data utawi ngesahaken data menika kangge ngecek kaleresan data
ingkang pikantuk saking asiling panaliten. Kangge ngesahaken data panaliten menika
ngginakaken teknik triangulasi. Miturut Moleong (2002 : 178) triangulasi adalah
teknik pemeriksaan keabsahan data yang memanfaatkan sesuatu yang lain di luar data
tersebut untuk keperluan pengecekan atau sebagai perbandingan terhadap data yang
diperoleh.
Triangulasi ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih
menika teknik triangulasi sumber saha teknik triangulasi metode. Teknik triangulasi
metode wonten ing panaliten menika dipunlampahi kanthi cara nandhingaken data
asiling pengamatan saha data asiling wawancara. Data ingkang dipunpendhet inggih
menika data ingkang sami antawisipun wawancara, kaliyan pengamatan, lajeng
dipundamel dudutanipun.

Anda mungkin juga menyukai