Anda di halaman 1dari 3

‫الايثار بغري العبادة مطلوب‬

“MENTINGAKEN TIYANG LINTU INGDALEM SUWIJINIPUN PERKAWIS


SAK LINTUNIPUN IBADAH MENIKO TERMASUK PERKAWIS INGKANG
DIANJURAKEN”
(Mementingkan (Orang Lain) Pada Perkara Selain Ibadah Itu Adalah Hal Yang
Dianjurkan)

Santri kakung ugi santri estri ingkang tansah kawulo hormati.

Nalikanipun kulo lan panjenengan sedoyo nglampahi suwijinipun perkawis,


lajeng, moro-moro jenengan manggihi kaleh perkawis, kados ngonten meniko pripun ...?
jenengan tingali rumiyen sing setunggalipun niku perkawis bernilai ibadah lan
setunggalipun maleh mboten bernilai ibadah mangka ingkang didhisiaken panggeh
perkawis ingkang bernilai ibadah soalipun ingkang luwih penting katimbang lintunipun.
Contohipun kados ngenten : Jenengan sadean teng peken, lajeng, jenengan mireng
suaranipun adzan, ingkang panjenengan lampahi rumiyen niku nopo...? nglanjutaken
sadean nopo langsung bidal teng masjid...? panggah, ingkang kedah didhisiaken inggih
puniko langsung bidal teng masjid, nglampahi sholat rumiyen lajeng, nglanjutaken
sadean maleh. Keranten nopo...? keranten sholat niku perkawis ingkang bernilai ibadah
ingkang kedah dilampahi rumiyen, perkawis ingkang dinomer setunggalaken ingdalem
bendintenipun para menungsa ingkang beragami islam, mulo sadean meniko perkawis
sak lintune ibadah meniko kalah kaleh nglampahi sholat ingkang bernilai ibadah.
Contohipun maleh kados mekanten : Tilem niku ibadah mboten...? Sholat subuh meniko
ibadah nopo mboten...? ingkang didhisiaken tilem ee nopo sholat subuh eee...? Kedang
ingkang didhisiaken sholat subuh ee katimbang tilem eee, sakniki kang-kang lek mantun
jagi pos balik subuh, jenengan ngrantos adzan subuh nopo langsung mapan tilem...? kulo
husnudzon kang-kang ee mboten tilem, kang-kang ee ngrantos subuh lan kulo husnudzon
maleh kang-kang ee ngobrak santri lintunipun jama’ah sholat subuh.

Santri kakung ugi santri estri ingkang tansah dimulyaaken dening Gusti Allah SWT.
Perkawis sak lintune ibadah ingkang dianjuraken meniko nopo...? Katah sanget
perkawis-perkawisipun. Mulo teng kaidah ushul fiqih meniko sampun dijelasaken kaidah
nomer selangkung (25) ingdalem kitab Mabadi Awwaliyah karanganipun Syekh Abdul
Hamid Hakim halaman : ingkang arupi :

‫الايثار بغري العبادة مطلوب‬


Ingkang artosipun kirang langkung : “mentingaken tiyang lintu ingdalem suwijinipun
perkawis sak lintunipun ibadah meniko termasuk perkawis ingkang dianjuraken”

Perkawis sak lintunipun ibadah inggih puniko :

1. Mentingaken tiyang mlarat/tiyang miskin

Nalikanipun jenengan angsal rezeki saking pengeran ampun medit-medit nggeh


kang...mbak...jenengan sisihaken kedik damel shodakoh damel tiyag ingkang mlarat,
shodaqoh damel tiyang fakir lan miskin. Niku sanget dianjuraken keranten tiyang wau
meniko derajat ee mboten kadoos kulo lan panjenengan sedoyo, derajatipun meniko teng
andapipun kulo lan panjenengan sedoyo.

2. Mentingaken tiyang lintu kelawan pakaian/klambi

Nalikanipun jenengan gadah klambi kuatah tur sae-sae ampun disimpen teng
lemari truss, suwe-suwe mangke elek, bulak lan dipangan rayap. Mangka jenengan nek
kados mekanten jenengan shodaqohaken sebagian klambi jenengan utowo jenengan
tumbasaken klambi ingkang sae damel tiyang lintu itung-itung panjenengan shodaqoh
kagem nyukuri rezeki ingkang sampun diparingi kale Gusti Allah SWT

3. Mentingaken tiyang lintu kelawan panganan

Niki....jenengan nek gadah panganan katah panjenengan sedoyo ampun dimaem


piyambek, jenengan tingali kiwo tengenipun jenengan, nenengan nggeh nggadah tanggi,
jenengan nggeh gadah dulur lan jenengan urip nggeh kaleh tiyang lintu. Mangkane
nalikanipun panjenengan gadah turahan panganan jenengan bage-bageaken teng tiyang
lintunipun. Mulo perkawis-perkawis meniko sanget dianjuraken kagem kulo lan
panjenengan sedoyo keranten kulo lan panjenengan sedoyo meniko kedah mentingaken
kepentingan tiyang lintu katimbang kulo lan panjenengan sedoyo mentingaken
kepentingakenipun piyambek-piyambek menawi tiyang lintunipun meniko sanget-sanget
butuhaken kulo lan panjenengan sedoyo. Lan panjenengan ampun supe kale
kepentinganopun piyambek-piyambek ee. Mulo, Gusti Allah meniko nate ngendikan
ingdalem Al-Qur’an surat : Al-Hasyr ayat : songo ingkang arupi :

‫ون عَىَل َأنْ ُف ِسه ِْم َول َ ْو اَك َن هِب ِ ْم خ ََص َاص ٌة‬
َ ‫َويُْؤ ِث ُر‬
Ingkang artosipun kirang langkung : “lan sedoyo meniko ngutamaaken ingatase
awakdewenipun, senajanipun tiyang lintunipun ingdalem kesusahan.”

Santri kakung ugi santri estri ingkang tansah dirahmati dening gusti Allah SWT.

Cekap semanten anggene kulo matur sedoyo lepat kulo nyuwun pangapunten ingkang sak
katah-katahipun. Mugi-mugi kedik katah ingkang sampun kawulo sampeaken wau saget
ngasilaken ilmu ingkang bermanfaat, barokah, fid diini wad dunya wal akhiroh
aamiin...aamiiinn...aamiin...ya rabbal ‘alamiin...

Kulo pungkasi kalian do’a :

‫اخل‬....... ‫واب هلل التوفيق والهداية ومن رسول هللا‬

‫والسالم عليمك ورمحة هللا وبراكته‬

Oleh = M. KHAKIM MUNTAZHAR bin ALM. BP. SOBIRIN ( SIDOARJO )

Anda mungkin juga menyukai