Anda di halaman 1dari 7

TUGAS BASA JAWA

LAPORAN WAWANCARA

Dening :
M. Ammar Farrasy
8E/22

SMPN 22 Surabaya
Jl. Gayungsari Barat X/38, Surabaya, Jawa Timur
Rincian Data Wawancara

Narasumber : Bapak Rino Priyanto


Media wawancara : Video Call via Whatsapp
Wektu Wawancara : Jumat, 26 November 2021. Jam 15.00 – 15.30 WIB
Maksud wawancara : Kapengin mangertine bab lelang ning Indonesia.
Asil Wawancara

Kula : Assalamualaikum Pak


Pak Rino : Waalaikumsallam
Kula : Ngapunten Pak, Kula badhe ngajengaken pitakon punapa bapak kersa?
Pak Rino : Oh, iyo le
Kula : Naminipun sinten ?
Pak Rino : Jenengku Rino Priyanto, kulina diceluk Pak Rino
Kula : Napa pedamelanipun?
Pak Rino : Pegawai negri
Kula : Wonten pundi?
Pak Rino : Aku kerja ning Kantor Pelayanan Kekayaan Negara dan Lelang utawa KPKNL
Kula : KPKNL tugase napa mawon nggih Pak?
Pak Rino : KPKNL iku macem-macem tugase. Ngurus Piutang Negara, nilai aset-aset
negara, ngelola aset-aset negara, lan lelang. Bapak tugase ning bagian
lelang .
Kula : Lelang niku napa nggih Pak?
Pak Rino : Lelang yaiku dodolan barang kanggo umum kanthi tawaran rega sing tertulis
lan /utawa kanthi lisan bisa nambah utawa nyuda supaya entuk rega paling
dhuwur didisiti karo pengumuman lelang.
Kula : Wiwit kapan lelang wonten teng Indonesia?
Pak Rino : Wiwit taun 1908
Kula : Sinten mawon ingkang saged nindakake lelang?
Pak Rino : Ning Indonesia, sing nduweni wewenang kanggo nindakake lelang yaiku Pejabat
Lelang sing ditunjuk dening Menteri Keuangan. Ana Petugas Lelang Kelas I
(Pejabat Lelang Pemerintah) lan Petugas Lelang Kelas II (Pejabat Lelang
Swasta).
Kula : Kenging punapa barang dilelang?
Pak Rino : Kanggo entuk rega jual sing optimal. Ana lelang sing dianakake kanggo
ngleksanakake keputusan pengadilan utawa ngleksanakake pranata ing
hukum lan peraturan, diarani Lelang Eksekusi. Ana lelang sing dianakake amarga
diatur dening hukum lan peraturan kudu didol liwat lelang, diarani Lelang Non-
eksekusi Wajib. Ana lelang sing dianakake kanggo ngedol barang-barang
milik swasta, individu utawa badan hukum/badan usaha sing dilelang kanthi
sukarela, diarani Lelang non Eksekusi Sukarela.
Kula : Sinten mawon ingkang saged nderek lelang?
Pak Rino : Wong utawa badan hukum sing wis nyukupi syarat kanggo melu Lelang.
Kula : Pripun caranipun menawi badhe nderek lelang?
Pak Rino : Ndaftar, nyetor Jaminan Lelang, lan ngajukake penawaran rega lelang.
Kula : Menawi asil lelang kagem sinten?
Pak Rino : Asil lelang nggo sapa iku tergantung jenis lelange. Yen lelang sukarela ya asil
lelang kanggo pemohon lelang. Yen lelang eksekusi, misale eksekusi
barang sitaan terdakwa korupsi, asil lelange disetor menyang Kas Negara.
Kula : Oh, ngoten nggih Pak. Matur nuwur sanget, kula dados ngertos bab lelang.
Pak Rino : Ya le, padha-padha.
KESIMPULAN

Lelang yaiku dodolan barang kanggo umum kanthi tawaran rega sing tertulis lan /utawa kanthi

lisan bisa nambah utawa nyuda supaya entuk rega paling dhuwur didisiti karo pengumuman

lelang. Lelang ning Indonesia wis ana awit taun 1908. Ingkang berwenang nindhakake lelang

yaiku Pejabat Lelang sing ditunjuk dening Menteri Keuangan. Ana Petugas Lelang Kelas I

(Pejabat Lelang Pemerintah) lan Petugas Lelang Kelas II (Pejabat Lelang Swasta). Barang

dilelang kanggo entuk rega jual sing optimal. Ana lelang sing dianakake kanggo ngleksanakake

keputusan pengadilan utawa ngleksanakake pranata ing hukum lan peraturan, diarani Lelang

Eksekusi. Ana lelang sing dianakake amarga diatur dening hukum lan peraturan kudu didol

liwat lelang, diarani Lelang Non-eksekusi Wajib. Ana lelang sing dianakake kanggo ngedol

barang-barang milik swasta, individu utawa badan hukum/badan usaha sing dilelang kanthi

sukarela, diarani Lelang non Eksekusi Sukarela. sing bisa melu lelang yaiku wong utawa badan

hukum sing wis nyukupi syarat kanggo melu Lelang. Carane yen arep melu lelang yaiku ndaftar,

nyetor Jaminan Lelang, lan ngajukake penawaran rega lelang. Asil lelang nggo sapa iku

tergantung jenis lelange. Yen lelang sukarela ya asil lelang kanggo pemohon lelang. Yen lelang

eksekusi, misale eksekusi barang sitaan terdakwa korupsi, asil lelange disetor menyang Kas

Negara.
LAMPIRAN

Foto Video call wawancara

Anda mungkin juga menyukai