Anda di halaman 1dari 6

Form 01 - POS 7.5.1.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN


(RPP)

Nama Sekolah : SMK Tunas Harapan Pati


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kompetensi Keahlian : Semua Kompetensi Keahlian
Kelas / Semester : XI / II
Pertemuan Ke :5
Alokasi Waktu : 1 x 45 menit
Standart Kompetensi : Mampu membaca dan memahami bacaan sastra
maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa
dengan berbagai keterampilan dan teknik
membaca.
Kode Standart Kompetensi : 3
Kompetensi Dasar :  Membaca nyaring naskah berita.
Indikator : 1.  Menemukan pokok-pokok isi berita
2. Membaca naskah berita dengan lafal, intonasi,
dan irama yang tepat
3. Menceritakan kembali isi berita dengan
bahasa sendiri

A. Tujuan Pembelajaran :
Setelah mengikuti proses pembelajaran, diharapkan siswa dapat menemukan
pokok-pokok isi berita.

B. Materi Pembelajaran :
Maca pawarta kaya kang dilakokake panggiyar ( penyiar), kagolong jenising
maca kanggo wong liya. Mula pamacane pawarta kudu cetha, supaya isine
pawarta katampa wutuh kanggone sing ngrungokake lan ora dadi kleru ing
panampa.
Mula saka kuwi, ana babagan kang kudu dinggatekake pamaca pawarta yaiku :
1. Pamaca pawarata kudu nguwasani isine pawarata kanga rep diwaca.
Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu wis maca naskah luwih dhisik lan
naliti menawa ana sing kleru.
2. Pelafalan utawa kedale fonem, konsonan utawa vocal kudu cetha supaya
ora dadi samar karepe amarga anane tembung-tembung sing arep padha
pangucapane
3. Unjal napas utawa jeda kudu pener.Semono uga karo dawa lan cendhake
jeda.Biasane pamaca pawarata migunakake tandha ( / ) kanggo mandheg
sedela,tandha ( // ) kanggo mandheg suwe, tandha ( - ) kanggo pungkasan
baris sing ora kena mandheg.
4. Wirama utawa dhuwur cendhek swara selang-seling supaya gampang
dibedakake antarane bagian kang penting lan ora penting
5. Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo kang
cepet banget ngangelke anggone nampa, suwalike menawa rendhet banget
bakal mbosenake sing ngrungokake.
6. Bantere swara cukup, saengga cetha ditampa.
7. Menawa maca pawarta dipajang, sikep pamaca kudu katon wajar, ora kaku,
utawa ora sakarepe dhewe. Pandeleng ora kena mung katuju marang
nasakah. Iku sabenere pamaca pawarata ing TV migunakake teleprompter,
yaiku alat kang mirip TV sing isine teks pawarata. Alat iki diselehake ing
ngisor kamera saengga pamaca pawarta kaya-kaya mung delengi kamera
lan katon apal teks pawarta.

C. Metode Pembelajaran :
1. Ceramah,
2. Tanya jawab,
3. Penugasan,
4. Diskusi.

D. Kegiatan Pembelajaran :
1. Kegiatan Awal (10 menit)
a. Guru menyampaikan tujuan dan topik pembelajaran tentang naskah berita.
b. Memberikan penjelasan tentang materi yang akan dipelajari.
c. Pengetahuan prasyarat : mengajukan pertanyaan kepada peserta didik : ”
Yen miturutmu, kepiye carane maca pawarta sing trep?”
2. Kegiatan Inti (30 menit)
a. Eksplorasi
1) Guru mengajak peserta didik secara displin menyimak penjelasan
mengenai berita
2) Peserta didik secara disiplin menyimak praktik guru dalam cara
membaca berita.
3) Peserta didik mandiri dan bertanggung jawab mempelajari trik
membaca berita.
b. Elaborasi
1) Peserta didik secara demokratis membentuk kelompok untuk
membahas teks berita yang telah disediakan oleh guru.
2) Peserta didik secara mandiri dan bertanggung jawab berkelompok
menemukan pokok-pokok isi berita.
c. Konfirmasi
1) Guru dan peserta didik secara kreatif menyimpulkan bersama-sama
dengan demokratis dari apa yang sudah dipelajari.
2) Guru memberi motivasi kepada peserta didik yang belum berpartisipasi
aktif.
3. Kegiatan Akhir (5 menit)
a. Guru bersama dengan peserta didik mengadakan refleksi terhadap proses
dan hasil pembelajaran.
b. Penenangan.
c. Guru memberi tugas terstruktur dan tidak terstruktur sebagai pengayaan
materi tentang berita (soal terlampir).

E. Alat dan Bahan, Sumber Belajar :


1. Alat dan Bahan :
a. Laptop
b. LCD
c. Power Point
d. Teks berita
2. Sumber Belajar :
a. Dr. Sudi Yatmana dkk, Kabeh Seneng Basa Jawa 1 SMA Kelas X,
Yudhistira, Semarang.
b. Modul.
c. yuyunsaja. Blogspot.com
d. www. tvborobodur.com
e. www.suaramerdeka.com
F. Penilaian :
1. Kecakapan non akademik meliputi kecakapan sosial,
kemampuan berkomunikasi, kemampuan beradaptasi sesama teman, berani
mengungkapkan pendapat dan menjawab pertanyaan dari guru
2. Kecakapan akademik meliputi tugas kelompok maupun individu
dan ulangan harian

Pati, 15 Juli 2013


Mengetahui,
Kepala Sekolah Guru Pengampu

Ir. Eny Wahyuningsih, M.Pd Dika Agung Marlianto, S.Pd


Tugas Terstruktur dan Tidak Terstruktur
KD Membaca nyaring naskah berita.

A. Tugas Terstruktur
Pawarta ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas kanthi trep!
Pawarta 1.
Kadang tani mliginipun ing tanah Jawi, menawa badhe wiwit nanem ing sabin
tansah nindakake Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara punika minangka
panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanem
ing mangkenipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern punika,
mbok bilih sampun kathah warga ingkang boten mangertasi ngengingi tradisi punika.
Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunkangkuyung dening mahasiswa
ISI Ngayagyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi Bupati Bantul,
Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking satunggaling sabin
kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara
Wiwitan punika dipunlajenoraen wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih
punika miturut tradhisi rumiyin dipunbagekaken dhumateng sedaya kadang tani
ingkang dipungendhong dening sesepuhipun dhusun. Wonten ing lapangan
Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajenoraen dhahar tumpeng lan sekul Wiwitan.
Sekul Wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang sasampunipun dipundongani,
lajeng kabagi dhumateng lare-lare. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami
rebatan sekul Wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kangge Adicara
Ruwatan sawahsalajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping
acara Merti Sawah. Kajawi punika, masyarakat ugi dipunlipur dening maneka warna
seni lan pameran kerajinan.
Nalika kancamu maca pawarta, coba biji kanthi paugeran ing ngisor iki!
Kriteria
No Aspek Katrangan
1 2 3 4
1. Ekspresi
2. Intanasi
3. Jeda
4. Pelafalan
5. Solah Bawa/ Gerak

B. Tugas Tidak Terstruktur


Pawarta 2.
Gedhong cagar budaya Bale Pemuda ing Jl. Gubernur Surya Surabaya
kobong, dina Selasa 21 September 2012 wingi. Miturut paseksene wong-wong
kang kebeneran ana ing kiwa tengene lokasi, geni kang asale saka mburi gedhong
iku wiwit murub watara jam 17.00. Kanthi cepet geni ngobar wuwungan ing Bale
Pemuda sarta mbesmi tilas kios wartel. Wali Kota Sirabaya, Tri Rismaharini, kang
mertinjo menyang lokasi kobongan melu gupuh. Apa maneh merga dalan gedhe
sangarepe gedhong iku macet motar kloneng pemadham kebakaran rekasa
nyedhaki papan panggonan kobongan. Tujune geni enggal bisa dikuwasani dening
petugas saengga jam 19.00 wis sirep. Nadyan ora nganti ludhes, nanging nganti
70% wewangunan kang madeg ing taun 1902 lan asring digunakake kanggo
pameran lukisan uga resepsi iku rusak. Kapolrestabes Surabaya, Kombes Coki
Manurung, nduga menawa penyebabe kobongan merga pletikan geni saka listrik
kang konslet.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar pawarta 2!


1. Apa tegese gedhong cagar budaya?

2. Apa sebabe gedhong cagar budaya Bale Pemuda kobong?

3. Jam pira geni wiwit ngobong wuwungan gedhong lan jam pira geno sirep?

4. Ing ngendi papan dununge gedhong cagar budaya Bale Pemuda Surabaya?

5. Ing jaman biyen, gedhong kuwi kanggo parepatan para pemudha berjowang
njaluk kamardikan marang kolonialis, ning saiki kanggo apa gedhong kuwi?

Anda mungkin juga menyukai