Anda di halaman 1dari 3

Ujian Praktik Bahasa Jawa ( Sesorah )

Shakira Natasya Aya W / XII IPA 4

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Salam kasugengan saha karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kita

sedaya. Amin. Ibu kepala sekolah SMA IT Abu Bakar Yogyakarta ingkang dahat kinurmatan.

Bapak ibu guru saha staf karyawan SMA IT Abu Bakar Yogyakarta ingkang kula hormati.

Saha kancakanca ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti

Ingkang Maha Agung. Awit saking kemirahanipun, kita sedaya tasih dipunparingi kesehatan

saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika tanpa alangan

setunggal menapa. Wonten ing pepanggihan menika tema ingkang badhe kula aturaken

inggih menika Pendidikan kegem nglestariaken kabudayaan jawa.

Pendidikan menika gadahi andil ingkang ageng anggenipun nglesatriaken

kabudayaan jawa, jalaran saking pendidikan kebudayaan menika kita saged paring ilmu saha

pituduh menapa-menapa kemawon ingkang wonten ing kebudayaan jawa. Kabudayaan jawa

menika sakmenika sampun wonten ing jurang kepunahan, jalaran sampun sekedik generasi

nem ingkang tertarik lan nglestariake kabudayaan jawa. Kabudayaan-kabudayaan ingkang

badhe ical menika saged dipun slametaken kanthi peran saking sekolah ingkang gadahi

peranan ageng kagem pengkaderan generasi nem ingkang gadahi kemampuan wonten ing

kabudayaan-kabudayaan jawa utaminipun kabuayaan ingkang badhe ical. Kanthi dipun

biyantu kaliyan peran saking para siswa, insya Allah kabudayaan jawi menika saged lestari .
Pendidikan budaya menika saged dipun dadosaken pembekalan para siswa babagan

kabudayaaan jawa. Saengga para siswa lulusan sekolah menika gadahi bekal babagan

kabudayaan jawa saha siap terjun wonten ing tengah-tengah masyarakat kagem nglestariaken

budaya jawa. Para siswa ugi saged nularaken ilmu ingkang sampun katampi saking bangku

sekolahan dumateng masyarakat ingkang tasih awam babagan kabudayaan jawa saha siswa

ugi saged ngangsu kawruh babagan kabudayaan jawa ingkan dereng dipunajaraken saking

sekolahan. Saengga para siswa menika saged nampi pasinanon kabudayaan jawa saking kalih

sumber inggih menika pendidikan formal utawi sekolahan saha saking masyarakat. Mugi-

mugi lewat pendidikan budaya menika generasi nem saged paring pambiyantu ingkang ageng

kagem usaha anggenipun budaya jawa menika tetep lestari.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula

nyuwun agunging samudra pangaksami.Matur nuwun .

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Guruku

Guruku ….
Wingi naliko sikil iki
Tumapak sahdhuwure bumi

Lumakuning srengenge wis ganti


Panyawangku dadi padang terawangan
Rasaku sangsaya ora isa dak gambarake
Sih tresnamu na bet janget
Sajro ning atiku

Lamun tanpa panjenengan


Bisa apa aku nepaki bumi iki
Leladimu marang aku
Ora timbang karo piwalesku

Bu guru... Pak Guru….


Jangkahku isih adoh
Uripku isih nyamut-nyamut
Sethithik setetes bun esuk iku wis cukup

Lepasen laku ku
Lilakno labuh Labetmu
Ndak umbare gagasanku
Sedyakukasembadan
Donga pangestumu
Nuntun margning sedyaku

Anda mungkin juga menyukai