Anda di halaman 1dari 2

Asalamualaikum.wr.

wb

Ingkang kinabekten bapak/ibu juri, ingkang pantes sinudarsana, saha sedoyo ingkang kinurmatan
bapak tuwin ibu karyawan, lan siswa saha siswi ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula panjenangan ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun
gusti Allah ingkang maha welas saha asih.

Salajengipun mugi-mugi sholawat lan salam tetep dipunaturaken dhumateng junjungan agung kita
nabi Muhammad SAW ingkang kita nantiaken syafaatipun ing Yaumul akhir mangke.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Inggris Tema About the Importance of Having Self Confidence
dan Terjemahannya

Salajengipun kula ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya, saged adamel
regenging swasana.

Para bapak, ibu sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Wigatosing tanggap wacana punika,
badhe dipun aturaken bab nguri-uri budaya Jawi. Amargi saniki katah budaya-budaya Jawi ingkang
sampun ditilaraken dhumateng tiyang Jawi.

Saniki budaya Jawi kadosipun sampun ditilaraken dhumateng tiyang-tiyang Jawi, amargi ngerembaka
jaman ingkang saya enggal, tuladhanipun lare-lare Jawi lankung remen dolanan PS utawi internet,
tinimbang dolanan tradisional kados layangan utawi dirdiran.

Saniki katah ugi tiyang Jawi ingkang mboten saged basa jawi, katah tiang Jawi ingakng milih ngagem
basa Indonesia tinimbang basa jawi. Remaja saniki ugi kathah ingkang milih budaya Barat tinambang
budaya kita budaya Jawi. Punika ingkang andamel trenyuh, amargai budaya jawi malah ditilaraken
dening tiyang jawi piyambak.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Bahasa Arab tentang Pentingnya Akhlak, Simak Lengkap dengan
Terjemahannya

Padahal, budaya Jawi punika wigati. Katah ugi tiyang ingkang kagum dening budya Jawi, amargi
budaya jawi punika benten saking budaya suku liyane. Ing Jawi, dipunajaraken tata karma, ugi
wonten unggah- ungguh basa, ingkang ngajaraken kepripun ngendika dhumateng ingkang langkung
sepuh, enom, utawi kalian sepadhanipun. Suku Jawi ugi gadah tarian- tarian tradisonal, lagu- lagu
tradisonal, ngantos dolanan- dolanan tradisonal ingakng mendidik.
Mula, sumangga kita sedya nguri-uri budaya jawi, supados budaya-budaya kita mboten ical, lan
budaya-budaya punika saged kita warisaken dhumateng putra-wayah kita mbenjang. Amargi pramila
sanes kita ingkang purun nguri-uri budya jawi sinten malih ingkang purun nguri-uri budaya punika?

Cekap semanten atur kula, mbok bilih katah kata-kata kula ingkang tebih saking tata karma, kula
nyuwun agungin pangaksami. Maturnuwun.

Anda mungkin juga menyukai