Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr,Wb.

Alhamdulillahi rabbil’aalamiin, wash-sholaatu wassalaamu ‘ala isyrofil anbiyaa i walmursaliin,


wa’alaa alihi washohbihii ajma’iin ammaba’adu

sing tak hormati bapak ibu, dewan juri, kanca batir sebrayat sing tak mulyakna, ora ketinggalan
bapak ibu guru sing tak agungna

Yuh bareng pangucap syukur maring gusti Allah sing ngareksa awak kita sekabehane, sing
nguasai langit bumi saisine pisan. Moga Gusti Allah ngein rohmat karo hidayah maring awak
kita sekabehane, dadi neng dina kye awak dewek kabeh bisa kumpul neng acara Lomba Maca
Cerita Tegalan taun rong ewu telu likur

Sholawat salam aja klalen dicurahna maring Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Soale KAngjeng
NAbi wes nuduhna dalan sing bener maring enyong karo sampeyan kabeh yaiku agama Islam.

KAnca batir kabeh sing tak agungna

Kye aku ngadek neng ngarep pan crita dongeng asal usul daerah tegal ya kue RAndugungting.
Mulane di rungokna ya ..

Randugunting kue desa neng kecamatan tegal kidul, kota tegal. Di critakna sing gawe desa kue
arane mbah sewajaya. Mbah sewajaya dewek asline seka ungaran semarang sing dadi muride
Amangkurat 1 sing muride akeh.

Mbah sewajaya ninggal neng randugunting tuli dimakamna neng makam kemuning
randugunting dalan merpati. Diarani makam kemuning soale neng tengah dalan tukul wit
kemuning gede nemen trus angker jarene, buktine lagi taun 1930, wong arane darta nekad
negor wit kemuning kue, akhire edan .

Sadurunge dadi kecamatan, taun 1910 daerah kye dianggape desa dukuh cilik sing di arani
bekel kondor utawa bekel bolang .

Taun 1919, pedukuhan kue ambane anjog pekauman, kemandungan, krobokan. Kabeh mau
akhire di dadikna siji diarani bekel Daupan. Sing mimpin arane M. Setyowardoyo, terkenale
diarani bekel Mas Tja. Lagi kue nama PAtihe KAbupaten Tegal arane R. Sastrosudirdjo.

Taun 1925 bekel DAupan balik maning dadi desa cilik cilik. Kaya randugunting, pekauman ,
kemandungan, kraton, tegalsari.

Aran randugunting asale gara gara neng sebelah kulon makam kemuning ana wit randu
jumlahe loro, tukule wite kaya gunting. Ditebang taun 1920, padahal asline wit kue siji tanda
kanggo para nelayan nuduh na arah selatan.

Nah kaya kue bae crita sing enyong. Moga crita kye ngein manfaat kanggo enyong karo
sampeyan kabeh

Sedurung seuwise njaluk pangapura sing akeh mbokan ana salah ngomong salah awak

Wal taufik wal hidayah wassalamualaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai