Anda di halaman 1dari 5

Tuladha analisis geguritan

Ature Simbah

Carang-carang kang aking

Amarga tanpa tumuruning tirta amerta

Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki

Jun-jun kang sumendhe wis asat kawit wingi-wingi

Sambat tangis anggegirisi sumebar

Ing salumahe bawana

Jebul bener ature simbah wingi

Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi

Banjur saiki coba delengen

Ijo royone gunung kidul omah kae

Kaganti dening jangkar-jangkar

Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki

 Struktur Fisik:

Tipografi: menggunakan tipografi rata kiri, tidak ada bentuk perbait.

Diksi: Aking, kata ’aking’ ini menggantikan kata ‘garing’ yang berarti kering. Tirta, nama lain
(dasanama) dari air. Ketiga ngerak, maksudnya yakni musim kemarau yang sangat panjang.
Bawana, nama lain (dasanama) dari bumi atau tanah. dan Jangkar-jangkar, maksudnya yakni
ranting-ranting pohon yang sudah kering

Imaji: imajinya ialah suara, ditunjukkan dalam kalimat “ sambat tangis anggegirisi sumebar”.

Kata konkret: terdapat pada kata-kata seperti aking, ketiga, dan asat yang menjelaskan bahwa
pada puisi tersebut dibuat sedang mengalami musim kemarau yang sangat panjang.
Gaya bahasa: Majas personifikasi pada kalimat "tumuruning tirta amerta", "Jun-jun kang
sumendhe", dan "Salumahe bawana". Majas metafora pada kalimat "aja kok ganti rambute bumi
kanthi wesi kang njangkar bumi" dan "Pencitraan berhubungan dengan alat indera manusia"

 Struktur Batin:

Tema: tema sosial yang mengungkapkan tentang pesan dan nasihat dari simbah atau nenek
tentang musim kemarau panjang yang tengah melanda desa.

Rasa: rasa prihatin terhadap kekeringan yang terjadi dimana-mana akibat dari musim kemarau
yang terlalu panjang kemudian banyak terjadi kekeringan dimana-mana.

Nada: nada mengajak untuk bekerja sama dengan pembaca guna memecahkan masalah
kekeringan.

Amanat: semua perkataan orang tua itu baik, dan tentunya apa yang dikatakan orang tua itulah
yang paling benar. Meskipun kebenarannya tidak secara Iangsung terbukti, tapi suatu saat pasti
kita menyadari akan kebenaran tersebut.

Pembahasan

Berikut ini isi dari geguritan bahasa jawa yang berjudul "Ature Simbah".

 Carang-carang kanga king


 Amarga tanpa tumuruning tirta amerta
 Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki
 Jun-jun kang sumendhe wis asat kawit wingi-wingi
 Sambat tangis anggegirisi sumebar
 Ing salumahe bawana
 Jebul bener ature simbah wingi
 Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
 Banjur saiki coba delengen
 Ijo royone gunung kidul omah kae
 Kaganti dening jangkar-jangkar
 Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki
GEGURITAN NGAPAK

1. WEDI

kadang nyong sing ditekani rasa wedi..


apa kudu mlayu..
umpetan ng keleke waktu..
padahal kwe kudu diadepi..
padahal kwe kudu dilakoni..
rasa mangmang sing kadang ngampiri..
misiki ning kuping kiwa..
apa kudu iya apa kudu ora..
sewu prasaan mangmang karo wedi..
akhire tak taleni dadi siji..
tak balangna kentir ning kali..
seminggah sing adoh hei perasaan wedi..
seminggah sing adoh hei perasaan mangmang..
urip kudu diadepi..
urip kudu ditaklukkan…..

PENGAREPAN
ning matane kowen ana sergenge..
madangi ati-ati kiye..
pengarepan sINg wis mati separo..
merga “stroke”
diantem watu2 sing nyumpel dalane getih penguripan..
merga kelangan sINg dicolong paksa..
lendek2 “ati-ati” sg gelem ngadeg..
dejak mlaku alon2..
dituntun kowen..
ngliwati ademe udara sing ngresiki paru-paru
“sing wis bebel merga kakeyan nyedot mambune “polusi…”
tumplekane gas hasil serakahe menungsa….

SEDULUR LANANG TUWA


sanajan nyong belih bakal kober…
tak belek waktu nggo nemoni rika…
khusus nggo rika..
sedulur lanang tuwa…
sing bakal tak panggul ning gegere nyong…
kasih sayange rika sing umeb ning getih…
dadi pangeling…
waktu nyong lara…
waktu nyong dadi gedibal…
rika sing ngreyok nyong…
rika sing ngekepi nyong…
sedulur lanang tuwa sing nglorod luh banyu matane nyong…
nyong ning kene kepengin ngambung tangane rika…

KAYALAN (rifki)
angen-angen sing klendangan..
nongkrong ning pucuk-pucuke uwit..
kepengin nyengget wulan..
kepengin nyengget lintang..
ujug-ujug ngedeblug..
nyong sing keplesed..
nyong sing tiba..
nyong sing ning kene njengkangkang..
nyong sing isin karo lemah..
atine nyong pecah kaya talawengkar..
KREKELAN
ning ngisore jaman..
menungsa sing diedek-edek..
menungsa sg pada krekelan ning uwit atine jaman..
nyengget manise uwohe kasih sayang..
kasih sayange jaman..
tapi udan barat karo gludug sing ngampar2..
nglorod sikil-sikil sing lagi krekelan..
uwoh sing akhire ora bisa ke unduh..
tetep kleleran..
tetep diedek-edek..
jaman sing pancen ora tau bala ..
dadi musuh selawase….

KANGEN
ning endi kangen kiye pan tak benahi..
ari rasa wis ora bisa dejak umpetan..
kowen sing lunga kegawa angin ora gelem dejak balik..
lawang kiye saprene megin ngeblag..
megin ngeblag..
nyong ngadeg ning kene..
ning watese batin sing keronto-ronto..
ngenteni kowen..

Anda mungkin juga menyukai