Anda di halaman 1dari 8

Khutbah I

‫الَحْم ُد ِهلِل اَّلِذ ْي َخ َلَق الّز َم اَن َو َفَّض َل َبْع َض ُه َع َلى َبْع ٍض َفَخ َّص َبْع َض‬
‫ َأْش َهُد‬. ‫الُّش ُهْو ِر َو اَألَّياِم َو اَللَياِلي ِبَم َز اَيا َو َفَض اِئَل ُيَع َّظُم ِفْيَها اَألْج ُر والَحَس َناُت‬
‫َأْن َال ِإَلَه ِإَّال ُهللا َو ْح َد ُه َال َش ِر ْيَك َلُه َو َأْش َهُد َأَّن َس ِّيَد نا ُمَحَّم ًد ا َع ْبُد ُه َو َر ُس ْو ُلُه‬
‫الَّد اِع ى ِبَقْو ِلِه َو ِفْع ِلِه ِإَلى الَّر َش اِد‬
‫الّلُهَّم َص ِّل َو َس ِّلْم عَلى َع ْبِد َك َو َر ُس ْو ِلَك ُم َحّمٍد َو َع َلى آِله وأْص َح اِبِه ُهَد اِة‬
‫ فَيا َأُّيَها الَّناُس اَّتُقوا َهللا َتَع اَلى ِبِفْع ِل‬، ‫ أَّم ا بْعُد‬. ‫اَألَناِم في َأْنَح اِء الِبَالِد‬
‫ ِإَّن ِع َّدَة الُّش ُهوِر ِع ْنَد ِهَّللا اْثَنا‬: ‫الَّطاَع اِت َفَقْد َقاَل ُهللا َتَع الَى ِفي ِكَتاِبِه اْلَك ِر ْيِم‬
. ‫َع َش َر َش ْهًرا ِفي ِكَتاِب ِهَّللا َيْو َم َخ َلَق الَّس َم اَو اِت َو اَأْلْر َض ِم ْنَها َأْر َبَع ٌة ُحُر ٌم‬
‫َأَّم اَبْعُد‬
Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Alhamdulillah, puja lan puji syukur dhumateng
ngarsanipun Allah Swt atas sedaya kenikmatan saha
peparing ingkang sampun kaparingaken dhumateng
kita sami.
Sholawat -salam…
Washiyat TAQWA……
Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
mboten kraos bilih kita wonten ing ahad akhir wulan
jumadil akhirlan mbenjang SENIN WAGE, 23 JANUARI
2023, SAMPUN ING wulan ingkang mulya yakni wulan
Rojab 1444 H. kanthi mapak dathengipun wulan mulyo
meniko, khotib khutbah kanthi judul
PRESTASI-PRESTASI IBADAH LAN AMAL SHALIH ING
WULAN ROJAB, KANGGE NINGKATAKEN IMAN TAQWA
DATENG ALLAH SWT.
Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Wulan Rajab inggih punika salah satunggaling wulan
ingkang dipun mulyaaken wonten agami Islam. Kados
ingkang dipun dhawuhaken Allah Swt wonten Q.S at-
Taubah: 36, ingkang surahosipun mekaten:
‫ِاَّن ِع َّدَة الُّش ُهْو ِر ِع ْنَد ِهّٰللا اْثَنا َع َش َر َش ْهًرا ِفْي ِكٰت ِب ِهّٰللا َيْو َم َخ َلَق الَّس ٰم ٰو ِت‬
‫َو اَاْلْر َض ِم ْنَهآ َاْر َبَع ٌة ُحُر ٌم ۗ ٰذ ِلَك الِّدْيُن اْلَقِّيُم ۙە َفاَل َتْظِلُم ْو ا ِفْيِهَّن َاْنُفَس ُك ْم‬
Artosipun: “Saestunipun cacahing wulan midherek
Allah inggih punika kalih welas wulan, saklebetipun
ketetapan Allah ing wekdal piyambakipun ndamel
langit lan bumi, ing antawisipun wonten sekawan
wulan haram/mulya. Punika lah (ketetapan) agami
ingkang lurus, mila sampun ngantos sampeyan perilaku
zhalim/nganiaya wonten saklebetipun (wulan ingkang
sekawan) puniku.”
Ayat wonten ing inggil mengindikasikan wontenipun
sekawan wulan mulia kangge umat Islam ingkang
kedah dipun hormati, nebihi saking sedaya
kemaksiatan, nginggahaken prestasi-prestasi ibadah
lan amal shalih.
Sak lajengipun Baginda Nabi Muhammad saw sampun
paring penjelasan kanthi rinci saking sekawan, kasebat
wonten lebetipun setunggaling hadits saking Abu
Bakrah ingkang diriwayataken dening Bukhari lan
Muslim, kanjeng Rasul Muhammad saw dhawuh
mekaten:
‫ الَّس َنُة اْثَنا َع َش َر‬، ‫الَّز َم اُن َقِد اْسَتَد اَر َك َهْيَئِتِه َيْو َم َخ َلَق الَّس َم َو اِت َو اَألْر َض‬
، ‫ َثَالَثٌة ُم َتَو اِلَياٌت ُذ و اْلَقْع َد ِة َو ُذ و اْلِح َّج ِة َو اْلُم َح َّر ُم‬، ‫ ِم ْنَها َأْر َبَع ٌة ُحُر ٌم‬، ‫َش ْهًرا‬
‫َو َرَج ُب ُم َضَر اَّلِذ ى َبْيَن ُج َم اَد ى َو َش ْع َباَن‬
Artosipun: “Sawarsa (setahun) muter kados dene
kawontenanipun, arikala Gusti Allah ndamel langit lan
bumi. Sawarsa (setahun) punika wonten kalih welas
wulan. Ing antawisipun wonten sekawan wulan haram
(suci). Tigang wulanipun, runtung-runtung, inggih
punika Dzulqa’dah/Apit, Besar lan Sura. (Sak wulan
malih inggih punika) Rejeb mudhar ingkang papan
manggenipun antawis Jumadil (akhir) lan Ruwah. ” (HR.
Bukhari no. 3197 lan Muslim no. 1679).
Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Dados, angsal dipun simpulaken bilih sekawan wulan
suci (haram) kasebat inggih punika: (1) Dzulqa’dah; (2)
Besar ; (3) Sura ; lan (4) Rejeb.
Wondene definisi Rejeb, midherek basa, gadhah artos
‘menghormati’. Midherek Syekh Abdul Qodir al-Jailani
lebeting Kitab al-Ghuniyah, Rejeb madeg saking tigang
aksara, inggih punika Ra’, Jim, Lan Ba’. Ra’ inggih
punika Rahmatullah (Rahmat Allah), Jim inggih punika
Judullah (Kegampilan Allah), lan Ba’ inggih punika
Birrullah (Kesahenanipun Allah). Tegesipun, wiwit awal
ngantos akhir Wulan Rejeb, Allah Swt ngelimpahaken
tigang anugerah dhateng hamba-hambanipun, inggih
punika limpahan rahmat, kegampilan, lan kesahenan
saking Allah Swt.
Wulan Rejeb inggih punika wulan kaping pitu saking
penanggalan Hijriyah. Ing pundi kathah peristiwa
bersejarah, ing antawisipun, peristiwa Isra lan Mi’raj
Nabi Muhammad saw, wonten perintah kadamel umat
Islam supados anglampahi shalat wajib gangsal wekdal.
Wonten malih pembebasan Masjid Al-Aqsha dening
Sultan Shalahuddin Al-Ayyubi, ugi kedadosan wonten
ing Wulan Rejeb, leresipun 27 Rejeb 583 Hijriyah. Sak
lintunipun malih inggih punika, Perang Tabuk ugi
kalampah ing Rejeb warsa kaping sanga Hijriyah.

Nyumerepi kados puniki lah, tamtu Wulan Rejeb sanes


wulan limrah/biasa, nanging estu wulan ingkang
nggadhahi keutamaan utawi fadhilah-fadhilah ingkang
kekandhut saklebetipun ingkang kedah kita
mangertosi, lan usaha manfaataken kaliyan sedaya
bentuk ibadah-ibadah kanthi maksimal.

Jama’ah Shalat Jum’at Rahimakumullah

Salajengipun, punapa kautamaan ingkang wonten


saklebeting Wulan Rejeb ingkang kasebat?

Wondene, antawisipun kautamaan ingkang wonten


lebeting Wulan Rejeb inggih punika:
1. Bulan haram ingkang diremeni Gusti Allah
Wulan Rejeb inggih punika wulan ingkang mulia amargi
kelebet wonten wulan haram sareng tigang wulan
sanesipun, inggih punika Dzulqa’adah, Besar , lan Sura.
Kanthi ngrujuk dhateng al-Qur’an surat at-Taubah ayat
36, ing wulan haram, umat islam dipun larang
tumindak aniaya (zhalim). Ing wulan punika ugi
mboten angsal nglampahaken perang. Saben
lampahan dosa dipun sukani wangsulan ingkang
langkung ageng. Sakwangsulipun, saben amalan
ingkang shalih ugi dipun wangsuli ganjaran langkung
ageng ugi.
Rasulullah saw sampun dhawuh:
‫َرَج ُب َش ْهُر ِهللا َو َش َعَباُن َش ْهِر ْي َو َر َم َض اُن َش ْهُر ُأَّمِتْي‬
Artosipun: “Rajab iku wulane Gusti Allah, Sya’ban iku
wulanku, lan Ramadhan iku wulane umatku.” (Jami’ul
Ahadits, no. 12682)
2. Peristiwa Isra’ Mi’raj
Ing Wulan Rejeb niki wonten peristiwa wigatos kangge
Nabi Muhammad saw lan umat Islam. Ing dalu kaping
27 wulan Rejeb, Kanjeng Nabi Muhammad
nglampahaken perjalanan Isra’ lan Mi’raj. Wonten
saklebetipun perjalanan spiritual sak dalu puniku, Nabi
Muhammad tumuju ing langit kaping pitu utawi
Sidratul Muntaha. Imam an-Nawawi sampun nyebat
menawi ing dalu Isra’ lan Mi’raj, Nabi dipun utus utawi
dipun perintah supados nglampahi ibadah shalat
gangsal wekdal.
3. Wulan taubat lan ngathah-ngathahaken amal
kesahenan
Gusti Allah mbikak kanthi wiyar ampunanipun kanggo
sinten mawon ingkang nyuwun pangapura kanthi tulus.
Pramila, sumangga sami ngathah-ngathahaken taubat
kelawan istighfar. Salah setunggalipun istighfar ingkang
dipun anjuraken inggih punika Sayyidul Istighfar utawi
Rajanipun Istighfar. Mahos Istighfar saged mbikak
ampunanipun Gusti Allah, nggampilaken marginipun
utawi mlampahipun rezeki, lan dipun busek saking
kesisahan.
Wondene donga Sayyidul Istighfar inggih punika:
‫َالَّلُهَّم َأْنَت َر ِّبْي اَل ِإَلَه ِإاَّل َأْنَت َخ َلْقَتِنْي َو َأَنا َع ْبُد َك َو َأَنا َع َلى َع ْهِد َك َوَو ْع ِد َك‬
‫ َو َأُبْو ُء‬. ‫ َأُبْو ُء َلَك ِبِنْع َم ِتَك َع َلَّي‬. ‫ َأُع ْو ُذ ِبَك ِم ْن َش ِّر َم ا َص َنْع ُت‬. ‫َم ا اْسَتَطْع ُت‬
‫ َفاْغ ِفْر ِلْي َفِإَّنُه اَل َيْغ ِفُر الُّذ ُنْو َب ِإاَّل َأْنَت‬. ‫ِبَذْنِبْي‬
Kados dene katerangan ing sak lebeting kitab Lathaifut
Thaharah wa Asrarus Shalah anggitanipun Mbah
Sholeh Darat, Bab 83-88 “Bab Fadlilah Rejeb”, Nabi
dhawuh: “Sinten mawon ingkang mahos ‫ُس ْبَح اَن اْلَحُّي‬
‫ اْلَقُّيْو ُم‬kaping 100, saben dinten, wonten ing sedasa
dinten wiwiting Rejeb (tanggal 1-10), mahos ‫ُس ْبَح اَن اَاْلَح ُد‬
‫ الَّص َم ُد‬kaping 100, saben dinten ing sedasa dinten
kaping kalih (tanggal 11-20), lan mahos ‫ُس ْبَح اَن الَّر ُؤُف‬
‫ الَّر ِح ْيُم‬sakathah kaping 100, saben dinten ing sedasa
dinten kaping tiga (tanggal 21-30), mangka mboten
wonten tiyang ingkang saged ngetang pahalanipun”.
Saklintunipun punika, ugi dipun anjuraken dhumateng
umat Islam inggih punika ngathah-ngathahaken mahos
dzikir, tasbih, tahmid, lan bersalawat, saha bersedekah.
Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah
Duginipun wulan Rejeb ateges saya caketipun wekdal
Wulan Pasa. Sak sampunipun Wulan Rejeb, badhe
wonten Wulan Sya’ban, lajeng Wulan Ramadhan.
Punika donga ingkang dipun anjuraken ngathah-
ngathahaken mahos, ing Wulan Rejeb.
‫الَّلُهَّم َباِرْك َلَنا ِفْي َرَجَب َو َش ْع َباَن َو َبِّلْغ َنا َر َم َض اَن‬
Artosipun: “Duh Gusti Allah, Panjenengan paringi
barakah kula (kita) wonten ing Wulan Rejeb lan Wulan
Sya’ban, lan Panjenengan panggihaken kula (kita)
kaliyan Wulan Pasa.”
Mugi-mugi kita dados pribadhi-pribadhi ingkang tansah
pikantuk barakah, pikantuk pitedah, lan dipun
panjangaken umuripun ngantos saged manggihi pasa
Ramadhan. Aamiin Yaa Rabbal ‘Aalamiin.

‫ َو أْد َخ َلَنا وِإَّياكم ِفي ُز ْمَرِة ِعَباِدِه‬،‫َجَع َلنا ُهللا َو إَّياكم ِم َن الَفاِئِز ين اآلِمِنين‬
‫ َيا‬: ‫ ِبْس ِم ِهللا الَّرْح ماِن الَّر ِح يْم‬، ‫ أُع وُذ ِباِهلل ِم َن الَّش ْيطاِن الَّر ِج يْم‬: ‫الُم ْؤ ِمِنْيَن‬
‫َأُّيَها اَّلِذ يَن آَم ُنوا اَّتُقوا َهَّللا َو ُقوُلوا َقْو اًل َسِد يًد ا بَاَر َك ُهللا ِلْي َو لكْم ِفي الُقْر آِن‬
‫ إّنُه َتعَاَلى َج ّو اٌد َك ِر ْيٌم َم ِلٌك‬. ‫ َو َنَفَعِنْي َو ِإّياُك ْم ِباآلياِت وِذ ْك ِر الَحِكْيِم‬، ‫الَعِظ ْيِم‬
‫َبٌّر َر ُؤ ْو ٌف َرِح ْيٌم‬
Baca juga: https://nutrenggalek.or.id/khutbah-jumat-
bahasa-jawa-hikmah-shalat-

Anda mungkin juga menyukai