Anda di halaman 1dari 3

Nggiring Sumpena

Aku arek basket teko sekolah SMAN 9 Sidomundur, aku seneng nemen karo basket,
mulai cilik nganti saiki aku tetep dolan basket amarga melu ekstrakurikuler basket. Aku mulai
melu ekstrakurikuler mulai kelas 7 SMP. Lan aku ngelanjutno hobiku saiki ing SMA.
Pas aku mlaku nang kantin aku ketemu Ryan
“Yan, ndak kerasa awak dewe wes kelas 12, awak dewe wes dadi senior wae ya”
omonge aku nang Ryan karo ngguyu.
“Junior e awak dewe pisan tambah akeh Ki, awak dewe pisan tambah akeh ngajari lan
ndampingi Junior e awak dewe”, Jare Ryan.
“iyaa pisan seh”, jare aku.
Sak marine prei semester 2 seng lumayan suwih, akhire wes mulai maneh kagiatan
ekstrakurikuler basket ing SMAN 9 Sidomundur. Lan adik-adik kelas 10 mulai ngerasakno
basket ing SMAN 9 Sidomundur. Teko kunu Ryan mulai ngajari lan ndampingi para junior e,
yaapa carane main basket seng bener.
Wayahiku dino wes sore pas jadwal ekskul basket latihan wes mlaku entuk 1 wulan,
pelatih ngumumno lek bakal onok event basket SMA Award setingkat kabupaten.
PRIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIIT!
“Ayo ndang ngumpul nang Tengah lapangan” bengok pelatih basket ing tengah
lapangan.
Pas kabeh wes ngumpul, arek-arek pada bingung apaa dikumupulno ing Tengah
lapangan.
“Mariki bakal ana event basket ing kuta ne awak dewe yaiku SMA Award, event e
mayan bergengsi dadi wakmu kabeh kudu nyiapno wakmu dewe gawe event iki. Gawe
pembentukan tim seng melu tanding ing event iki bakal tak bentuk dino-dino ngarep, Wakmu
paham ora?” Jare pelatihku.
“SIAP PAHAM COACH!” Bales e arek-arek kompak.
Terus arek-arek balik ngelanjutna latihan e ing lapangan kayak biasane, tapi Rizki
nyidek i Ryan.
“He, Yan nggletek e mariki ana event basket iku, wes pokok e yaapa carane
awakdewe kudu kepilih terus melu event iku”. Jareku.
“Ya mestilah Ki, awak dewe iku yo wes kelas 12 dadi awakdewe kudu melu event iku
amarga iki tahun terakhir e awak dewe nang sekolah iki bro”.
Lan akhire arek-arek nggetu latihan isuk nganti maghrib ben iso kepilih ing tim basket
karo latihan dribble, lay up, shooting lan liyane.
Sawise pirang-pirang dina kaliwat, wayahiku pas mulih sekolah ana jadwal latihan
basket, arek-arek basket pada gembruduk mara kanggo latihan Teknik lay up, shooting, cross
over lan liyane. Pelatih basket teka, arek-arek basket mulai persiapan kangge ngelakoni
pemanasan disek sak durunge latihan. Lan mulai wes arek-arek basket entuk arahan dating
pelatih basket gawe ngelakoni Gerakan- Gerakan kangge nguwatna awake arek-arek. Pas
latihan e mlaku pirang-pirang menit, pelatih basket nyeluk kabeh anggota basket kangge
ngumpul ing Tengah lapangan kangge ngumumna sapa sing bakal melu mewakili sekolah
gawe tanding ing event SMA Award satingkat kabupaten.
PRIIIIIIIIIIT
“Yo yo ayo ndang ngumpul nang Tengah lapangan!” Teges e pelatih basket
Anggota basket pada mlayu lan ngumpul ing Tengah lapangan. Kabeh anggota basket
pada wanti-wanti dina iki amarga dina iki dina seleksi tim kangge mlebu sebagai perwakilan
majun ang SMA Award.
“Dina iki iku dina seng mbok wanti-wanti, dadi seng melu mewakili sekolah iki yaiku
Rizki, Ryan,…, dadi mek 10 arek tok seng tak tunjuk, gawe kabeh seng ora kepilih aja nesu
paling tahun ngarep awakmu iku seng bakal kepilih lan aja lali luwih pateng maneh Latihan
e. Paham ga rek?”.
“Paham coach” jawab e kabeh anggota basket serempak
Akhir e Latihan tambahan pun di tentukake yaiku dina sabtu lan minggu. Arek-arek
basket mulai Latihan luwih nggetu maneh ben isa menang lawan calon musuh-musuh e.
1 wulan sak marine pemilihan perwakilan tim basket e lan akeh latihan seng dilakoni,
tutuk wayahe dina sing di wanti-wanti. Rizki nyiapna dina iki kanti mateng lan semangat.
Rizki lan kanca se tim ngumpul ing panggon tanding yaiku SMAN 1 Morodadi.
Sempet deg-deg an wayah ate tanding tapi pelatih basket nasehati
“Rek aja sampe wakmu Latihan abot-abot mek gur kalah nang pertandingan pertama,
awas yo! SEMANGAT!”. Semangat e arek-arek munggah maneh lan wes wayahe tanding.
Lawan pertama e tim e Rizki iku SMK 2 Morodadi lan aku ditunjuk gawe melu main
ing quarter pertama. Pertandingan e lumayan sangar musuh e Tangguh podo pisan karo kene,
yaa…. Kurang Tangguh apa maneh wong kono maen e teratur pol. Pas aku nggiring bal aku
ndelok kanca tim ku ana pas ing nisor e ring basket.
“JO! TAMPANONO!” Rizki bengok nang Johan ben arek e isa nampani bal sing tak
oper
Untung e bal e isa Johan tampani lan di shoot mlebu ing ring basket. Akhire tim e
Rizki nambah poin.
Rampung wes pertandingan ing dina iku lan dimenangna karo tim e Rizki sing skor e
29-17, lumayan adoh lah.
Sesok e tim basket e Rizki lawan SMAN 1 Mlakumundur, Lawan e ecek-ecek ga
sesusah SMK 2 Morodadi lan ora sangar, tim basket Rizki luwih sae katimbang kunu lan
akhire ya tim basket e Rizki sing menang. Tim basket e Rizki entuk tiket kangge maju nang
final, final e mulai ing siyang dina. Mari rehat diluk akhire pertandingan e wes arep mulai,
aku ditunjuk maneh gawe maen pertama, ing final iki lawan e rada beda amarga Rizki
ngelawan tuan rumah yo sing nyekel juara 1 se kabupaten tahun wingi yaiku SMAN 1
Morodadi.
“Ki…. Mak kemlejer keringetku le, musuh e medeni ngunu”. Jare Ryan karo nada
cilik.
“Aku ya pada wak, menang ga seh?”. Jareku karo ragu-ragu
“Licik a, wes menang ping 2 duduk tambah pocol malah tambah ngacir, gas
wes…..menang kok rek”. Jare Johan karo mesem nang arek-arek
“Lek kalah?”. Yudha nyaut
“Ya….gari muter lapangan ping 15 kan jare coach?”. saut e Johan
“Arek mbanyol ncen ngene iki a”. saut ku.
Ya suwon ae amarga Johan ngomong ngunu suasana e malih cair lan semangat e arek-
arek balik maneh.
Tutuk wayahe tanding. Saben aku nggiring bal mesti dicegat i karo musuh salah rapet
maneh cegatan e. Aku akhire ngoper bal e nang Ryan rada suwih Ryan balik ngoper bal e
nang aku tak terusna ngoper nang anggota liya, oper-oper an iku lumayan suwih kangge
nggolek wayah sing pas gawe nyetak skor lan akhire ana celah, musuh e kurang was was pas
wayahe aku nggiring bal nyidek i ring lan akhire bal e masuk. Pertandingane lumayan seru
lan sengit amarga tim e kene bales-bales an nyetak skor karo tim kunu.
Sawise pertandingan iku akhire waktu entek lan skor tim basket e Rizki unggul
katimbang tim kunu. Kemenangan ana ing tim e Rizki, ya arek-arek langsung sorak-sorak
gembira amarga kemenangan iku ra nyangka bakal menang. Sing nyekel juara 1 akhire
pindah nang awakdewe teka SMAN 1 Morodadi.
2 dina wis liwat, arek- arek se tim lan Rizki diceluk kangge mundhut piala ing SMAN
1 Morodadi. Seneng e sik kegawa sampe dina iki, awakdewe sempet foto-foto karo coach lan
kepala sekolah.

Anda mungkin juga menyukai