Anda di halaman 1dari 7

KELAS : XII MIPA 5

KELOMPOK : TARI MODERN

BEDA TAMBAH MANJILA

Sinopsis
Cerita tentang dua murid SMA yang berprestasi disekolahnya mereka selalu menyumbang
banyak piala untuk sekolah serta tak jarang membuat guru-guru bangga. Karena berasal dari
ekstrakulikuler tari yang berbeda menyebabkan mereka menjadi rival. Citra berasal dari ekstrakurikuler
tari tradisional sedangkan Zika berasal dari ekstrakurikuler tari modern. Sama-sama menjabat sebagai
ketua eskul, keduanya selalu berseteru merebutkan mana yang lebih baik dan yang lebih unggul.
Di ruang latihan eskul tari tradisional Citra sedang merenung sehingga membuat teman-
temannya khawatir. Ternyata ia sedang memikirkan mengapa tari tradisional itu selalu dipandang remeh
oleh generasi sekarang padahal itu adalah warisan budaya leluhur kita. Anak zaman sekarang lebih
menyukai tari modern. Ia sedikit sedih akan hal itu. Teman-temannya berusaha menyemangati Citra
agar tidak sedih lagi dan lebih percaya diri. Mereka bertekad untuk latihan lebih rajin dan giat agar terus
mendapatkan prestasi yang lebih banyak. Sehingga bisa mengalahkan eskul tari modern.
Suatu hari keduanya dikejutkan dengan mendapatkan pengumuman lomba video tari tingkat
provinsi. Dengan hadiah yang sangat besar tentu mereka tertarik untuk mengikuti lomba tetapi
sayangnya diketerangan poster lomba tertulis setiap sekolah hanya mengirim satu tim perwakilan lomba
saja. Alhasil mengetahui hal tersebut Citra dan Zika bergegas daftar ke Bu Sari selaku guru tari
sekolahnya. Tetapi karena ada kesalahpahaman yang terjadi. Zika tanpa pikir panjang melabrak
ekstrakurikuler tari tradisional bersama temannya Jasmine. Sesampainya Zika di ruang latihan eskul
tari tradisional ia tanpa salam langsung memanggil-manggil Citra. Disana keadaan begitu kacau karena
kedua eskul itu tengah adu mulut mengunggulkan dan membanggakan tarian mereka satu sama lain.
Selang beberapa menit Raka dan Gilang teman satu eskul Zika, datang ke ruang latihan tari
tradisional dengan membawa Bu Sari sebagai penengah diantara perkelahian kedua eskul tersebut.
Sebenarnya adanya perbedaan seharusnya bisa menjadi hal yang istimewa apabila disatukan. Jadi
apakah bisa Bu Sari melerai kedua eskul yang sedang berseteru tersebut?. Siapakah diantara keduanya
yang menjadi perwakilan sekolah?.
BEDA TAMBAH MANJILA

PEMERAN :
Citra : Valencia Meisa P. (34)
Putri : Dhini aulia h. (07)
Zahra : Firda nur Kumala (10)
Diana : Tsabitha Haura S. (33)
Bu Sari : Imala (15)
Zika : Erlisya Fitria H. (09)
Jasmine : Fransisca Adinda Utomo (12)
Gilang : Ryo Putra Ma’arif (30)
Raka : Moh. Hidayatul Amin (17)

Prolog
Citra minangka siswa SMA Negeri 19 Surabaya. Dheweke dadi murid sing luar biasa prestasine ing
sekolah lan asring nyumbang piala kompetisi kanggo sekolah kasebut. Citra nduweni hobi nari, sing
ndadekake dheweke dadi ketua eskul tari tradisional ing sekolah. Citra duwe saingan sing sak sekolah
karo dheweke jenenge Zika sing dadi ketua eskul tari modern. Kekarone tansah saingan sengit,
apamaneh masalah nari.
Dina Senen iku dinane Citra kanggo latihan ekstrakurikuler tari tradisional, Citra lagi ngobrol karo
kanca-kanca ekstrakurikulerne sawise latihan.
Putri : “Cit lapo kok ngelamun ae, ana masalah ta?”
Citra :” Hmm aku kok ngerasa arek jaman saiki wis jarang sing seneng tari tradisional ya?”
Diana :”Iya Cit padahal iku warisan teka budayane awakdhewe”
Putri :” Iya rek, kudune generasi saiki kui ngelestarikna tari tradisional”.
Zahra :” Eskul tari modern kui mesti ngeremehna awakdhewe”
Diana :” Wes-wes gak usah nelangsa, awakdhewe kui kudu bangga karo tari tradisional “
Citra: “ Bener Diana, ayo mulai saiki awakdewe latihan sing temenan ben gak dianggap remeh,”
Zahra :” Buktikna awakdhewe isa luwih apik teka eskul tari modern”
Kabeh :” Setujuuuu”
Ing sawijining wektu, Citra mlaku-mlaku ing koridor sekolah karo kanca-kanca ekstrakurikulerne,
Putri, Zahra, lan Diana menyang kantin. Ujug-ujug mripate ndelok poster sing ditempelake ing tembok
sekolah.
Diana: “Hmm tumbas opo yo engkok ning kantin?”
Zahra :” Bakso wae gak seh, wes suwe gak tuku bakso”
Citra :“He he mandeko rek, iki loh onok woro-woro lomba nggawe rekaman video tari seleksi tingkat
provinsi.” (ndelok mading)
Putri : “Wah ayo melu, iki kesempatan e awakdhewe gawe ngebuktino lak tari tradisional iku yo iso
menang”
Zahra :”Gede banget hadiah e lumayan iki iso gawe tuku iPhone”.
Diana:” iPhone iPhone gundulmu”
Putri : “sek sek kok onok tulisan, sekolah cuma ngirim perwakilan 1 tim yo? “
Diana :”lohh lak koyok ngono awakdewe kudu cepet-cepet daftar ning Bu Sari rek”
Zahra :”bener din, ben gak kedisik an eskul tari modern, dheweke kabeh kan mesti sakarep e dewe”.
Citra :”yowes ngkok aku sing daftar ning Bu Sari”
Dene ing ruang latihan tari modern. Kayadene Citra, Zika uga tau nampa kabar babagan lomba tari.
Zika lagi ngrembug kompetisi karo kanca-kanca kelas tari modern. Dumadakan, Zika lan kanca-
kancane kaget oleh kabar saka Bu Sari.
Jasmine :”rek-rek sido kan melu lomba e sing wingi”
Zika :” sido lahh, aku wes daftar ning Bu Sari”
Jasmine :” Tapi lho, kok ono tulisan sekolah ngirim perwakilan 1 tim ning poster e?”
Gilang :” 1 tim? Loh sekolah e awakdewe onok loro eskul tari terus piye?”
Zika : “ harus awakdhewe lah seng maju, pokok e ojok sampek tari tradisional sing dadi perwakilan”.
Raka : “ayo bahas konsep tari e gawe lomba”.
Jasmine : “ iyo ayo”.
tingg swara notif hp Zika
Zika : “ Hah rek opo iki, Bu Sari sektas ngechat aku sing dadi perwakilan sekolah e awakdhewe iku tari
tradisional “
Jasmine: “ loh yo gak adil lak koyok ngene”.
Zika : “ayo awakdewe ngelabrag eskul tari tradisional ”
Jasmine : “ayoo, pasti dheweke kabeh nggawe cara licik ben iso dadi perwakilan sekolah”
Raka : “ ngomong apik-apik rek ojok asal ngelabrag”
Zika : “ ga iso ka, kudu teges awake dhewe kui”.
Raka : “ Rek ojok kesusu mutusi bek e iku berita salah”
Gilang: “ iyo bener Raka lho iso wae iku salah paham”
Zika : “ gak mungkin lah, wong iki teko bu Sari langsung”.
Raka :” aku gak melu melu yo, wedi kenek masalah aku”
Gilang :” aku sisan gak melu melu yo rek”
Jasmine :” yowis aku ae karo Zika, pancene awakmu kabeh iki gocik an“
Zika lan Jasmine metu nemoni arek tari tradisional.
Raka:” he Lang”
Gilang : “onok opo Ka”
Raka : “gak popo ta iki di Jarno Zika karo Jasmine”
Gilang :” ya gustii aku sek ket ileng Jasmine kan atlet taekwondo yo ”
Raka: “ waduh gawat iso tugel kabeh iki arek arek “
Gilang: “ ayo lapor Bu Sari wae”
Raka : “ yo yo ayo”
Raka lan gilang nemoni Bu Sari ing ruang guru.
Raka : “ Bu Kula badhe wenehi informasi”
Bu Sari :” ana apa le?”
Gilang :” Zika kalih Jasmine nglabrag tari tradisional bu”
Bu Sari: “lho pasti iki gara-gara masalah lomba yo le, Yowes ibu sing ngatasi suwun infone le”.
Raka :”nggih bu sami-sami”

Bu Sari , Raka, lan Gilang marani ning ruang latihan eskul tari tradisional . Kanggo ngatasi masalah.
Ing ruang latihan eskul tari tradisional Zika mlebu ora nganggo salam.
Zika :” Nandi ketua eskulne “
Citra :” Ana apa Zik teko-teko gak salam kui”.
Putri :” Iyo gak sopan blas”.
Zika :” Aku gak terimo eskulmu sing ngewakili sekolah melu lomba” (nunjuk-nunjuk eskul tari
tradisional)
Diana : “ Ngawur ae eskulku daftar dhisikan ning Bu Sari “
Jasmine :” Pastine awakmu kabeh iki nggawe cara licik yo, ning Bu Sari ben iso melu lomba”
Diana : “Mbak fitnah iku marai duso loh mbak”
Zika : “ Kudune sing luwih pantes melu lomba tari iku teko tari modern”
Jasmine :”Bener Zik saiki iku jaman e modern, gak jaman tari tradisional wisan”
Citra :” Min opo maksudmu ngomong kaya ngono”
Jasmine :” benerkan nyatane kaya ngono”
Zahra :” masio tari tradisional iku lawas banget awakedhewe tetep tresna marang kebudayan Jawa”
Diana :” timbang awakmu malah seneng budaya barat gak duwe jiwa nasionalis”
Zika :” Tari tradisional boseni, mending tari modern luwih apik”
Ora suwi Bu Sari teka ing ruang latihan karo Raka lan Gilang. Bu Sari ndeleng ke loro eskul tari iku
tukaran akhire dipisah.
Bu Sari :” Wes-wes mandeg tukarane, iki salah paham maksud e Bu Sari iku loro eskul sing melu lomba
ora eskul tari tradisional tok dadine kolaborasi, Zika ora maca chat nganti rampung yo?” (Zika ngecek
hp ne)
Zika :” Kula nyuwun pangapunten nggih buk”
Bu Sari : “ Ayo Zika lan Jasmine njaluk pangapura marang Citra lan kanca-kancane pisan “
Zika :” Sepurane yo Cit aku salah”
Jasmine : “ Aku pisan njaluk sepura”.
Citra :” Iyo gapopo tak terimo nanging aja dibaleni”.
Raka :” Kan kandani aja kesusu mutusi “.
Gilang : “Isin kan kowe hahaha”
Raka :”Hustt kancane ana masalah lo, malah diguyu”
Gilang :”Hehe sorry-sorry”.
Bu Sari :” Nah sampeyan kan teka jenis tari sing bedo sijine tari tradisional sijine tari modern kudu
rukun lan ngurmati, aja tukaran wae”
Raka :” Indonesia ae bhinneka tunggal Ika berbedaa-beda tetap satu jua mosok awake dhewe ora iso”
Gilang:” Bener Ka setuju”
Raka :” Ayo rek awakedhewe kerjasama ben iso menang lomba dadi iso mengharumkan jeneng sekolah,
ngenten toh bu”
Bu Sari :” Bener le” (Bu Sari sumringah)
( Gilang nyemprot minyak wangi ning bed sekolah)
Raka :” Wes-wes mas aja ndagel iki duduk ludruk gak ngono konsep e”(kabeh ngguyu ndelok tingkahne
Gilang)
Zahra :” Yowis rek ayo latihan nari”
Bebarengan : ayooo
Sawise padha akur dheweke kabeh mikir konsep lan latihan nari, nalika preian sekolah nggawe video
kanggo kompetisi lan saiki wis wayahe ngumumake pemenang kompetisi.
Zika: “yo opo rek sopo sing menang?”.
Citra :” sik ta sabar” (ndelok hp)
Raka :”loh rek awakedhewe menang juara 1” (arek-arek heboh)
Gilang :”alhamdulillah ya Allah hadiahne iso digawe foya-foya”
Jasmine :”videone awakedhewe sing paling akeh like e”
Putri :” pasti gara-gara dipost nang Instagram e Diana iki folowers e akeh”
Zahra :” kok iso followers mu akeh?”
Diana :” iyo lah kan aku frendel”
Zahra :” friendlyy!!!” (Diana cengengesan)
Bu Sari: ” Alhamdulillah menang, ibu minangka guru tari bangga karo prestasi sampeyan”
Bebarengan : “matur nuwun buu”
Epilog
Akhir e arek-arek kui mau sadar yen podo-podo kudu ngajeni lan ngeregani siji lan liane , hal iki iso
digawe pembelajaran gawe awakedhewe masio saiki era e jaman modern sing lebih dikenal generasi Z
tapi awakedhewe ojok lali karo budaya e awakedhewe

Anda mungkin juga menyukai