Anda di halaman 1dari 4

BudayakuLanBudayamu

MutiaraCindarbumi
XI MIA 2 / 23

Budayaku Lan Budayamu


Dening : Mutiara Cindarbumi
XI MIA 2

Sekar, bocah ndesa kelas 2 SMP iki seneng banget karo tari-tarian tradisional. Ibune,
asmane Sri ndukung lan seneng yen anake Sekar bisa dadi penari. Pendhak dina, Sekar urip
karo ibu lan adhine. Adhine jenenge Dodit kelas 3 SD. Bapakne, asmane Karyadi. Bapakne
pamit lunga kerja lan ora ngerti kabare nganti saiki. Sri bingung menawa anak-anake takon
kapan bapakne bali. Saking suwene Karyadi ora bali-bali, Sri nganggep Karyadi wes mati. Sri
nggedheke anak-anake ora sembarangan. Dheweke pingin anak-anake bisa sukses kabeh.
Sanajan bayare Sri ora seakeh pegawe negeri, Sekar tetep dileske tari ana ing Sanggar Tari
Pustaka ingkang kawentar ana ing kota.

Sekar biasane dikenal bocah ingkang sopan, sregep, lan pinter. Ana ing sanggar tari
Pustaka kuwi Sekar ketemu kanca-kanca sebakat liane. Sekar lan kanca-kancane bisa
ngubengi donya amarga nampilake tarian tradisional khas Indonesia. Diantarane yaiku ing
Negara Amerika, Malaysia, Filipina, Belanda, lan Jerman.

Durung suwe iki, dianakake lomba antar pelajar SMP. Diantarane lomba nyanyi, tari
tradisional, tari modern, maca puisi, lan lomba olahraga kaya badminton, silat, taekwondo,
lan liane. Sekar melu lomba nari kang uwis dadi bidange. Lomba dilakasanakake ing Negara
Singapura. Hadiah lombane lumayan akeh. Pikire sekar yen menang, supaya bisa kanggo
tambahan modal usaha ibune. Hasil pengumuman juara dilayangake seminggu sauwise
lomba ana ing sekolah.

Urip kui ora sewangi ambune kembang. Ana ing SMP, Sekar kerep diece karo kanca-
kancane sing sugih kang ora gelem kekancan karo bocah sing ora saderajat. Ditambah
amerga seneng karo tarian tradisional, Sekar dadi diadohi karo kancane. Kancane sing sugih
kuwi seneng banget karo budaya luar negeri kayadene k-pop lan liane.

“Seneng kok nari tradisional,.. ihhhh RA LEVEL !” , kandha Angel

“OMG hello! Jaman wis saya maju kaya dene, Girls Generation, EXO,. .kui lagi keren”
,tambahane Clara

“Super Junior, 2PM, SMASH, ..” , tambahane Oca

“SMASH kuwi Indonesia , elik ah..” , jawabe Angel maneh

“yoben toh.. aku seneng kok .” , jawabe Oca maneh

“Sik penting ora koyo tarian-tarian sing ndesa kuwi.. Hahahahaha ” , sautane Clara
karo ngguyu.
BudayakuLanBudayamu
MutiaraCindarbumi
XI MIA 2 / 23

Saben diece, Sekar gur bisa meneng. Dheweke ora gelem wangsulan supayane ora
salah ngomong lan nglarakke atine kancane. Nanging ya ana kanca sing ora mandang arta
lan rupa salah sijine yaiku Mia. Mia kuwi atlit taekwondo. Dheweke kerep melu lomba-
lomba. Mia melu lomba kayadene lomba pelajar SMP ing Singapura kui. Mia kerep juara
nganti tingkat nasional lan menang nggawa jeneng sekolahe. Mia mesti mbelani Sekar
pendak diece. Nanging pendak dibelani, Sekar ngleremke atine Mia supaya ora nganti pada
gelut.

“Hei Sekar, ayo dibales wae!”, wangsulane Mia ora trima.

“Woi kowe kabeh cah-cah sombong! Maju nek wani, ora gur cangkeman thok!” , Mia
karo emosi.

“Uwis-uwis tahan emosimu, ora perlu gelut ”, Sekar ngleremake atine Mia.

“Ayo jajan wae, kae ki gur gerombolan bocah sing pada ngeleh.. *ehh hihhii ”,
guyonan Sekar lirih nyedhaki kupinge Mia.

Saiki dina Senin, pas seminggu sauwise lomba. Siswa-siswi bondong-bondong tumuju
lapangan. Kabeh pada baris tertib lan rapi siap-siap upacara bendera. Kepala sekolah kang
dadi Pembina upacara, ngumumake asile juara lomba pelajar SMP Minggu wingi. Asil lomba
diumumke wektu bagian acara lain-lain ing upacara bendera.

Bapak kepala sekolah banjur nyeluk jeneng-jeneng sing menang lomba supaya maju.
Jenenge Sekar lan Mia katut. Sekar lan Mia kaget campur seneng. Gerombolan Clara, Oca,
Angel lan liane malah pada ngrasani ana ing bagian barisan mburi.

“…. Juara 3 lomba nyanyi, Sekar Bumi Ayu Pertiwi juara 2 lomba tari, Dina
Sugitodiningrat juara 3 lomba badminton lan Mia Setyowati juara 3 lomba taekwondo”,
bapak kepala macakake jeneng-jeneng sing juara ingkang anai nglayang.

“Selamat nggih nduk ,” Bapak kepala sekolah nyerahke piala.

“Nggih pak, matur nuwun” , Balesan Sekar karo mesem.

“jepret jepret jepret ..” , Suarane foto kanggo kenang-kenangan.

Serah terima piala lan foto-foto rampung, Sekar diutus dadi perwakilan kanca juara
liane kalian bapak kepala supaya manehi pidato. Tujuan bapak kepala ngutus Sekar manehi
pidato yaiku supaya siswa-siswi liane termotivasi. Sekar banjur munggah mimbar ingkang
ana ing tengah lapangan. Dheweke deg-degan. Tangane adem anyep amerga atusan mata
mandangi dheweke. Wektune gur 5 menit kanggo nyepakake pidato kang arep
disampekake.

“ … Menawi mboten angsal restu saking bapak ibu guru lan kanca-kanca, kula boten
saget angsal kejuaraan punika. Sampun dados tugas kula naming saget mentasaken tarian
tradisional. Tujuanipun inggih menika kangge nglestariaken budaya Indonesia supaya
BudayakuLanBudayamu
MutiaraCindarbumi
XI MIA 2 / 23

mboten pindah tangan wonten negeri sanes. Sinten malih menawi mboten saking kita
sedaya. Kula mewakili kanca ingkang juara sanesipun ngucapaken matur nuwun kalian
sedaya mawon ingkang sampun paring donga lan dukunganipun...” , Bagian inti saka
pidatone Sekar.

“yeee prok prok prok prok…” , suara tepuk tangan para siswa.

Sekar meduni mimbar, banjur bali ana ing barisan kelase. Sekar lansung disambut
karo Mia lan kanca kelas liane. Kanca-kanca pada menehi selamat kajaba gerombolane
Clara, Oca, Angel.

“Selamat ya Sekar , Mia!” ,Kanca sekelas pada ngruyuk Sekar lan Mia.

“Pidatomu keren” , kandha kanca sekelas liane.

“Matur nuwun” , Balesane Sekar.

Upacara rampung. Pelajaran banjur diteruske. Pas wektu istirahat, gerombolane


Clara, Oca, Angel lan liane marani mejane Sekar. Gerombolan sombong kuwi ngira nek isi
pidatone Sekar mung kanggo nyindir.

“Hei Sekar! Apa maksud pidatomu mau?” ,kandhane Clara karo nyurung mejane
Sekar.

“Mesti mau kanggo nyindir awakdhewe ! ” , Oca mendelik karo menjeb.

“Terus apa masalamu nek awakdhewe seneng budaya njaba ? ”, Angel takon karo
mangkel.

“Weh maksudku ora ngonokui, aku….” , Sekar rung nganti rampung njawab wes
disemauri Oca

“Rasah kakean alesan!”, tanggepane Oca

“Ribut masalah apa iki ?” , Bu guru pas lewat ana ing ngarep kelas banjur mlebu.

“Menika, Oca, Angel, Clara mboten trima kalih isi pidatonipun mbak Sekar.
Piyambake ngira kangge nyindir bu” , wangsulan Mia

“Wis saiki ngene, tak jelaske. Maksude Sekar kuwi becik, pancen dadi tugas kita
budaya kuwi kudu dilestarikake. Nanging Oca, Angel, Clara kuwi salah pangerten karo
maksude Sekar. Orapopo yen mbak Oca, Angel, Clara seneng budaya njaba. Pancen
kasenengan kuwi asale beda-beda tapi aja nganti nglalekake budayane awakdhewe.”
Panjelasan bu guru.

“Oh ngoteniku.. ” , Clara, Oca, lan Angel banjur ngerti.


BudayakuLanBudayamu
MutiaraCindarbumi
XI MIA 2 / 23

“Nyuwun ngapunten Sekar, awakdhewe uwis salah paham ” , Angel makili kancane.

“Pada-pada ya.. ora salah kok, kan iki mung salah pangerten” , Sekar jawabe alus.

“Orasalah pie? Cetho pada nuduh sek ora-ora!” , Mia isih ora trima.

“Wis Mia aja nambahi masalah. Saiki wis pada apikan. Pesen ibu, kita dadi manungsa
kuwi urip ora mung dhewe. Supaya duwe kanca akeh, mula perlu bisa ngurmati kanca siji lan
liane. Dijaga komunikasine supaya ora salah paham maneh. Seneng to menawa kita duwe
kanca akeh?” , Welinge bu guru.

“Nggih bu… ” , Serontak sekelas kabeh bareng.

“Telet tolet tolelotttt.....” , Tandane bel mlebu pelajaran.

Pelajaran banjur dilangsungake. Saka kadadenan kuwi, Angel, Oca, Clara, Sekar lan
Mia dadi kekancan. Lan kahanan kelas dadi luwih akrab lan sarujuk, kabeh luwih bisa saling
ngurmati kanca siji lan liane.

Anda mungkin juga menyukai