Anda di halaman 1dari 2

Teks Khutbah Jumat Dalam Bahasa Jawa Terbaru 2023, Mengenai Pentingipun Bantu-

Binantu ingdalem Kesaenan

‫ َو َع َلى آِلِه‬،‫ َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد اْبِن َع ْبِد ْهللا‬،‫ َو الَّص َالُة َو الَّسَالُم َع َلى َر ُسوِل ِهللا َوُم ْص َطَفاْه‬.‫ َو َهاِد ْي َمِن اْسَتْهَداْه‬،‫َالَحْم ُد ِهلل ُمِع ْيِن َمِن اْسَتَع اَنْه‬
‫ َقاَل‬. ‫ َفَقْد َفاَز المُــَّتُقوْن‬،‫ ُاِص ْيُك ْم َو َنْفِس ْي ِبَتْقَو ى ْهللا‬،‫ َأَّم ا َبْعُد َفَيـا َأُّيَها اْلَح اِض ُرْو َن َر ِح َم ُك ُم ْهللا‬.‫َو َص ْح ِبِه َو َمِن اْسَتَّن ِبُس َّنِتِه َو اْهَتَدى ِبُهَداْه‬
‫ َو اَل َتَع اَو ُنوا َع َلى‬،‫ َو َتَع اَو ُنوا َع َلى اْلِبِّر َو الَّتْقَو ى‬: ‫ ِبْس ِم ِهللا الَّرْح َمِن الَّر ِح ْيِم‬، ‫ َأُع ُو ُذ ِباِهلل ِم َن الَّش ْيَطاِن الَّر ِج ْيِم‬، ‫ُهللا َتَع اَلى ِفْي ِكَتاِبِه اْلَع ِز ْيِز‬
‫ ِإَّن َهَّللا َش ِد يُد اْلِع َقاِب‬،‫ َو اَّتُقوا َهَّللا‬، ‫اِإْل ْثِم َو اْلُع ْد َو اِن‬

Poro hadirin, jamaah sholat jumat ingkang minulyo, monggo kito tansah
ningkataken ketaqwaan dumateng Allah subhanahu wa taala. Ateges ngelampahi sedoyo perkawis
ingkang dipun perintahaken dening Gusti Allah, soho nebihi sedoyo awisanipun.

Hadirin jamaah sholat jumat ingkang dipun mulyaaken Allah. Salah setunggalipun sikap ingkang
paling penting lan dados kesempurnaan wonten ing agami Islam inggih punika sikap peduli utawi
tolong-menolong dateng sesami.

Bantu-binantu ingdalem ngelampahi kesaenan. Sami ugi puniko arupi bantuan materi, pikiran, utawi
tenagi. Awit kito sedoyo dipun titahaken dening Allah dados makhluk sosial ingkang mesti
betahaken bantuanipun tiyang sanes.

Kagem dahar misalipun, kito betahaken petani ingkang nanem pantun, nanem brambang bawang,
lombok, sayuran, lan sakpanunggalanipun.

Kagem nyandang kitho ugi betah tiyang ingkang nanem kapas, ingkang nenun, ugi tiyang ingkang
ahli njahit.

Tiyang miskin betahaken pendamelan saking tiyang ingkang gadah lapangan pendamelan.

Sakwangsulipun tiyang ingkang dados pengusaha ugi mesti betah tenagaipun buruh.

Tiyang ingkang sakit betahaken ilmunipun dokter, tiyang bodo betahaken ilmunipun poro ulama,
lan tasih katah conto lintunipun, ingkang sedoyo nedahaken bilih kito sedoyo meniko saling
betahaken setunggal dateng sanesipun.

Kados dawuhipun gusti kitho kanjeng Nabi Muhammad shallahu’alaihi wasallam:

‫الُم ْؤ ِم ُن لْلُم ْؤ ِم ِن َك الُبْنَياِن َيُش ُّد َبْعُضُه َبْع َض ًا‬

Artosipun: “Tiyang mukmin setunggal dateng tiyang mukmin lintunipun puniko kados setunggal
bangunan ingkang saling nguwataken.” (Muttafaqun ‘Alaih).

Keranten meniko, Islam sanget merintahaken dateng kito sedoyo supadhos gadhahi sikap peduli,
remen bebantu dateng sesami, khususipun dateng anak yatim, fakir miskin, tiyang jompo, utawi
ingkang nembe kenging musibah.

Gusti Allah dawuh wonten kitab suci Al-Qur’an:

‫ ِإَّن َهَّللا َش ِد يُد اْلِع َقاِب‬،‫ َو اَّتُقوا َهَّللا‬، ‫ َو اَل َتَع اَو ُنوا َع َلى اِإْل ْثِم َو اْلُع ْد َو اِن‬،‫َو َتَع اَو ُنوا َع َلى اْلِبِّر َو الَّتْقَو ى‬

Artosipun: “Lan tulung-tinulungo siro kabeh ingdalem nglakoni keapikan lan ketaqwaan. Lan siro
kabeh ojo sampe tulung-tinulung ingdalem nglakoni dosa lan maksiat . Wedhiyo siro kabeh
maring Allah. Kerono setuhune Allah iku Dzat ingkang banget siksone.” (QS al-Maidah: 2)

Wonten ayat lintu gusti Allah dawuh:

‫ االية‬... ‫ َو اْلُم ْؤ ِم ُنوَن َو اْلُم ْؤ ِم َناُت َبْعُضُهْم َأْو ِلَياُء َبْع ٍض َيْأُم ُروَن ِباْلَم ْعُروِف َو َيْنَهْو َن َع ِن اْلُم ْنَك ِر‬B
Artosipun: “Lan tiyang-tiyang ingkang sempurno imane, kakung utawi estri puniko dados penolong
setunggal dateng sanese. Saling merintah nglampahi kesaenan lan nyegah nglampahi
kemungkaran.” (QS at-Taubah: 71).

Saking ayat-ayat meniko, kito sedoyo mangertos bilih tolong menolong dateng sesami, dateng
sederek, dateng tanggi, utawi dateng fakir miskin, meniko perintahipun gusti Allah, ingkang
menawi kito lampahi saget dados amal ibadah ingkang nyebabaken kito sedoyo pikantuk ganjaran
utawi piwales suwarganipun Allah subhanahu wa ta’ala.

Kejawi meniko, sikap peduli dateng sesami, termasuk sifatipun tiyang-tiyang ingkang iman,
ingkang dipun puji dateng Allah wonten ingdalem kitab suci Al Qur’an.

Kanti kito ngatahaken anggen tetulung dateng sesami, persaudaraan, kekompakan, ugi raos saling
mbetahaken dateng sesami bade langkung kukuh lan kiat. Sehinggo muncul persatuan ingkang solid
ingdalem tengah-tengah masyarakat.

Keribetan soho masalah-masalah sosial ingkang kulo panjenengan adhepi ugi dados ringan lan
gampil.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah. Keranten meniko, monggo kito tansah ningkataken anggen
tetulung dateng sesami, kanti nguwataken iman dateng gusti Allah, ugi tansah bagusi anggen
sesrawung dateng sesami.

Kejawi meniko, kito ugi kedah tansah rumaos bilih wonten dunyo meniko saling betahaken
setunggal dateng sanesipun. Tebihi sifat-sifat iri , hasud, sombong , saling musuhan lan sifat-sifat
ingkang saget ngrisak pasederean dateng sesami.

Menawi kito terus berusaha kelawan coro ngajeng wau, insyaallah kito badhe ngraos enteng kagem
bebantu.

Ingkang langkung penting malih, monggo kito ugi belajar ikhlas, ampun sampe anggen tetulung
dipun sarengi raos riya’, ujub, utawi ngundat-undat. Kito usahaaken supados kito sedoyo meniko
dados tiyang ingkang katah anggenipun paring manfaat dateng sesami.

Kados dawuhipun Gusti Kanjeng Nabi Muhammad shallahu’alaihi wasallam:

‫َخْيُر الَّناِس َأْنَفُعُهْم ِللَّناِس‬


Artosipun: “Sakbagus-baguse tiyang inggih puniko, tiyang ingkang paling katah anggenipun pareng
kemanfaatan dateng sesami.” (HR al-Qadha’i)

Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk taufiq soho pikuatan saking Allah, supados dados pribadi
ingkang remen biantu, saget manfaati dateng tiyang katah, ikhlas, lan mbenjeng wonten dinten
qiyamat dipun lebetaken suwarganipun Allah sareng-sareng kalian kanjeng Nabi lan tiyang-tiyang
sholeh. Amin, amin, allahuma amin.

Anda mungkin juga menyukai