Anda di halaman 1dari 10

‫‪Edisi : 019/MT PDM Bantul/ 2023‬‬ ‫‪22 Desember 2023 M / 9 Jumadats Tsaniyyah 1445 H‬‬

‫‪Toleransi Ingkang Sayektos‬‬


‫‪Khutbah Ingkang Sepisan‬‬
‫َّ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ ُ ْ ُ َ َ ْ ْ َ ّ ُ ْ َ ُ َ َ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬
‫اﺬﻟي أرﺳﻞ رﺳﻮﻪﻟ ﺑِﺎلﻬﺪى و ِدﻳ ِﻦ اﺤﻟ ِﻖ‪ِ ،‬ﻴﻟﻈ ِﻬﺮه ﻰﻠﻋ‬ ‫ﷲ ِ‬ ‫اﺤﻟﻤﺪ ِ‬
‫ﺣ َﺪهُ‬‫َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ ًْ َْ َ ُ َ ْ‬ ‫ّ ْ ُّ ََ َ‬
‫ﷲ ﺷ ِﻬﻴﺪا ‪ ،‬أﺷﻬﺪ أن ﻻ ِإﻪﻟ ِإﻻ اﷲ و‬ ‫ﺪﻟﻳ ِﻦ ﻠﻛِ ِﻪ و�ﻰﻔ ﺑِﺎ ِ‬ ‫ا ِ‬
‫َ ْ َ َ ُ َ َ ْ َ ُ َ َّ ُ َ َّ ً َ ْ ُ ُ َ َ ُ ْ ُ ُ َ َّ ُ َّ َ ّ َ َ‬
‫ﺮﺷ�ﻚ ﻪﻟ وأﺷﻬﺪ أن �ﻤﺪا �ﺒﺪه ورﺳﻮﻪﻟ ‪ ،‬الﻠﻬﻢ ﺻ ِﻞ ﻰﻠﻋ‬ ‫ﻻ ِ‬
‫ﻤﺟﻌ ْ�‪َ،‬‬ ‫ﺤﺎﺑﻪ أَ ْ َ‬‫ﻰﻠﻋ آﻪﻟ َوأَ ْﺻ َ‬ ‫ُ َ َّ َ َ َ‬
‫�ﻤ ٍﺪ و‬
‫ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ِِ‬
‫� ب َت ْق َوى ا� َ� َقدْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ّ‬ ‫َ‬
‫صي�م و�ف ِ ْ ِ‬ ‫أما �عد‪� :‬يا عِباد ا� أو ِ‬
‫ا� َعن َّا� ِْ� َن لَمْ‬ ‫ََ َ َ َْٰ ُ‬
‫ٮ� ُم ّٰ ُ‬ ‫َ َ ْ ُ َّ ُ ْ َ َ َ َ‬
‫فازالمتقون‪ .‬وقال ا� �عا�‪� � :‬نه‬
‫ِ‬
‫� ْم ّم ِْن دِيَار ُ� ْم ا َ ْن تَ َ ُّ‬
‫� ْو ُهمْ‬ ‫ّْ ََْ ُْ ُ ْ ُ‬ ‫ْ‬ ‫َُ ُْ ُ‬
‫ِ‬ ‫�قات ِلو�م ِ� ا�ِي ِن ولم � ِرجو‬
‫َ‬ ‫َ ُ ْ ُ ْٓ َ ْ ْ َّ ّٰ َ ُ ُّ ْ ُ ْ ْ‬
‫س ِط� ‪.‬‬ ‫سطوا ا ِ� ِهمۗ ا ِن ا� �ِب المق ِ‬ ‫و�ق ِ‬
‫‪1‬‬
Jama’ah jum’at rahimakumullah.
Pujo puji pangelambana namung mligi
konjuk dhumateng Allah SWT, ingkang sampun
kepareng paring sih nugraha iman saha taqwa,
ingkang tansah kajiwa kasarira, saweneh
nikmat sehat wal afiat saha saged nindaki
ngibadah jumat kados dinten menika.
Shalawat saha salam mugi tansah katur
dhumateng junjungan kula lan penjenengan
sami, nun inggih Nabi Agung Muhammad SAW,
sumrambah garwa putra, para sahabat, lumeber
dhumateng sedaya kaum muslimin muslimat
ingkang tansah miderek sunah sunnah-ipun
dumugi puputing zaman.
Lan mboten kesupen mangga kula lan
penejenengan sedaya, sareng sareng mbudidaya
amrih mindakipun raos taqwa dhumateng Allah
SWT. Inggih tansah nglampahi sedaya dhawuh
saha nebihi sedaya awisanipun.
Jama’ah jum’at rahimakumullah.
Ing wekdal pungkasaning warsa masehi,
sampun dados padatan kados dene tansah
wonten perkawis perkawis gegayutan kaliyan
2
toleransi utawi tasamuh. Mila asring kula lan
penjenengan pireng wontenipun pitakenan, ing
babagan kadospundi hukumipun paring
“UCAPAN SELAMAT NATAL saha TAHUN BARU
dhumateng sederek sederek non muslim?
Perkawis menika lajeng dados diskusi saha
pirembagan ingkang maneka warni, sae ing
majlis taklim saha ing media sosial sanensipun.
Saweneh kaum muslim ugi lajeng mamang,
kepara wonten ingkang kagungan pemanggih :
“halah kuwi mung perkara sepele, mung ucapan
wae kok, ora ana kaitan karo keimanan”. Saking
menika estu kedah kula lan penjenengan paring
pepadang saha pepeling gegayutan kaliyan
pengendikan menika. Wontening paugeran
agami Islam bilih kanthi pengendikan sak
klimah, menika saged ndadosaken jaler lan estri,
ingkang sewau ngajeng haram dados halal,
jalaran akad nikah. Mekaten ugi kanthi setunggal
klimah, ingkang sampun palakrama suami istri,
saged pepisahan inggih namung mawi setunggal
klimah. Tuladha sanesipun, ingkang sewau
ngajeng taksih kafir, lajeng ikrar syahadat
inggih dipun reken sampun Islam, semanten ugi

3
kosok wangsulipun menawi wonten muslim
inggih ugi mawi setunggal klimah samangke ugi
langsung mbenten status dados kafir. Setunggal
klimah saged dados jalaran tiyang niku mlebet
suarga menapa dene kejlomprong wonten
neraka.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.
Agami Islam sampun wonten paugeran
saha piwucal ing babagan toleransi, bilih
ingkang dipun maksud toleransi inggih menika
paring kelonggaran saha kamardikan umat
sanes badhe nglamapahi ritual agami-nipun,
kalebet perayaan perayaan agami. Islam
kagungan cecepengan ingkang gumathok inggih
menika :

َ َ ْ ُ ُ ْ ُ َ
,‫ِين‬
ِ ‫ل�م دِين�م و ِ� د‬
Jawinipun : “Kanggomu agamamu lan
kanggoku agamaku". (QS Al Kafirun ayat 6.)
Toleransi ugi kagungan pangertosan
mboten badhe meksa umat sanes supados
ngrasuk agami Islam. Kados pengendikanipun
Allah ing surat Al-Baqarah ayat 256 mekaten :

4
ّ َ َ ْ َٓ
‫ِين‬
ِ �‫� إِكراه ِ� ٱ‬
Jawinipun : “Ora ana paksaan kanggo
ngrasuk agami Islam”
Sina-asa mekaten sampun ngantos lajeng
tuwuh pemanggih bebas paring ucapan selamat
awit hari raya saha perayaan keagamaan agami
sanes. Hari Raya menika kalebet syiar utawi
simbul ingkang gegayutan kalih paugeran agami.
Saking menika Islam paring paugeran sampun
ngantos umat Islam miderek saha damel
grengsengipun perayaan agami sanes. Kepara
saweneh ulama paring pemanggih bilih
ngaturaken sak klimah ucapan selamat hari raya
dhumateng umat sanes menika, damel ringkih
saha drawasi, saged kepleset saha medal saking
aqidah Islam, menawi dipun lambari mawi
kapitadosan damel syiar agami sanes, saha
ngakeni bilih Nabi Isa a.s menika putra dalem
Allah. Kados ingkang Kaserat ing al quran surat
Maryam ayat 88-90 mekaten :
ُ‫الس ٰم ٰوت‬ ُ َ َ ًّ ٔ ً ْ َ ْ ُ ْ ْ َ َ ً َ َ ُ ٰ ْ َّ َ َ َّ ُ َ َ
َّ ‫اد‬ �‫جئتم شيـا ا ِدا ۙ ت‬ ِ ‫وقالوا ا�ذ الر�ن و�ا ۗ لقد‬
ًّ َ ُ َ ْ ُّ َ َ ُ ْ َ ْ ُّ َ ْ َ َ ُ ْ َ ْ َّ َ َ َ
ۙ ‫ا�بال هدا‬ ِ ‫�تفطرن مِنه وتنشق ا�رض و�ِر‬
5
Ingkang jawinipun kirang langkung
mekaten: “Wong akeh padha celathu : “(Allah)
Kang Maha welas asih wus mupu anak.”. Temen
kowe kabeh wus nyebar prastawa kang banget
mungkare. Amerga ucapan iku, meh wae langit
pecah, bumi sigar, lan gunung-gunung padha
jugruk/ ambyar . (Q.S. Maryam : 88-90).
Jama’ah jum’at rakhimakumullah.
Rasulullah SAW paring piwucal ing babagan
toleransi menika, bilih prayoga saben saben
muslim damel kebecikan dhumateng umat
sanes, asal mboten hal-hal ingkang magayutan
kalih pengibadahan. Ing bab menika sampun
wonten paugeran ingkang dipun tindak-aken
kanjeng Nabi Muhammad SAW inggih menika
kados ingkang sampun kaserat ing Q.S. Al-
Mumtahanah ayat 8 (wolu) mekaten :
ْ‫َولَم‬ ْ ّ ْ ُ ْ ُ َ ُ ْ َ َ ْ َّ َ ُ ّٰ ُ ُ ٰ ْ َ َ
‫� �نهٮ�م ا� ع ِن ا�ِ�ن لم �قات ِلو�م ِ� ا�ِي ِن‬
ّٰ
َ�‫ا‬ َّ ْ ْ َ ْٓ ُ ْ ُ َ ْ ُ ْ ُّ َ َ ْ َ ْ ُ َ ْ ّ ْ ُ ْ ُ ْ ُ
‫سطوا ا ِ� ِهمۗ ا ِن‬ ِ ‫� ِرجو�م مِن دِيارِ�م ان ت�وهم و�ق‬
َ�ْ ‫سط‬ ْ ُ ْ ُّ ُ
ِ ِ ‫�ِب المق‬
Jawinipun : Allah ora nglarang sira nglakoni
barang apik lan padha adil sira marang wong
6
wong kang ora merangi sira ing urusan agama
lan ora nundung sira saka kampung halaman-ira.
Setuhune Allah tresna marang wong wong kang
tumindak adil. (Q.S. Al-Mumtahanah 8 )
Ibnu Katsir ngaturaken saking ayat ing
nginggil mekaten : “Allah Ora nglarang sira
padha agawe kebebcikan marang wong non
muslim, kang ora merangi sira kayatha gawe
becik marang wong wadon lan wong-wong kang
ringkih antarane wong akeh mau. Prayoga sira
agawe ngamal becik lan adil kerana Allah iku
tresna marang wong kang adil.” (Tafsir al quranil
adhim 7 ; 247)
Jamaah jumah rakhimakumullah
Komisi Fatwa MUI rikala 7 Maret 1981
sampun ngedalaken fatwa ing bab haram
hukumipun kangge umat Islam miderek
“Perayaan Natal Bersama” lan ugi supados umat
Islam mboten kejlomprong ing perkawis
syubhat saha awisanipun Allah SWT. Estu
prayogi supados nebihi saha nilar miderek
perayaan Natal. Rasulullah SAW paring dhawuh
mekaten :

7
َّ َ ْ ْ َ ْ َ ْ َ َ َ ْ ْ ََ ُْ ُ َْ َ
‫اﻤﻟﺮﺸ ِ�� ِﻲﻓ ﻛﻨﺎ� ِ ِﺴ ِﻬﻢ ﻳﻮم ِ�ﻴ ِﺪ ِﻫﻢ ﻓ ِﺈن‬
ِ ‫ﻻ ﺗﺪﺧﻠﻮا ﻰﻠﻋ‬
ْ‫ﺨ َﻄ َﺔ ﺗَ ْ� ُل َﻋﻠَﻴْﻬﻢ‬
ْ ُ
‫الﺴ‬
ِ ِ
Jawinipun : aja pisan pisan sira mlebu ing
gereja gereja wong non muslim rikala perayaan
perayaan deweke. Kerana wektu iku lagi tumuran
bendu seko ngarsane Allah. (HR Al Baihaqi).
Tiyang muslim dipun awisi miderek
perayaan hari raya sanese Islam, Allah SWT
sampun paring piwucal dhumateng umat Islam
sampun wonten dinten riyaya ing gih idul fitri
saha idul adha. Sahabat Anas paring
pangertosan mekaten :
َْ َ ََ َْ َّ ُ ُ َ َ َ
‫ الﻤ ِﺪﻳﻨﺔ وﻷﻫ ِﻞ‬-‫ﺻ� اﷲ ﻋﻠﻴﻪ وﺳﻠﻢ‬- �‫ا‬ ِ ‫ﻗ ِﺪم رﺳﻮل‬
ْ‫�ﻢ‬ُ ََ ْ ُ َْ َ ُ ْ َ َ ََ َ َ ََُْ َ َْ َ َْ
‫ﻴﻬﻤﺎ �ﻘﺎل » ﻗ ِﺪﻣﺖ ﻋﻠﻴ�ﻢ وﻟ‬ ِ �ِ ‫ﺎن ﻳﻠﻌﺒﻮن‬ ِ ‫الﻤ ِﺪﻳﻨ ِﺔ ﻳﻮﻣ‬
ُ َ َ ْ َ ْ َ َ َّ َّ َ َ
َ‫� ْﻢ ﻳَ ْﻮ َﻣ ْ� َﺧ ْ�ا ً ﻣﻨْ ُﻬﻤﺎ‬ َ ََُْ ََْ
ِ ِ ‫ﻴﻬﻤﺎ ﻓ ِﺈن ا� ﻗﺪ أﺑﺪﻟ‬ ِ �ِ ‫ﺎن ﺗﻠﻌﺒﻮن‬ ِ ‫ﻳﻮﻣ‬
ْ َّ َ ْ َ َ ْ ْ َ ْ َ
‫ﻳﻮم اﻟ ِﻔﻄ ِﺮ و�ﻮم اﻨﻟﺤ ِﺮ‬
Jawinipun : rikala Nabi Muhammad SAW
rawuh ing Madinah, tiyang tiyang Madinah
sampun kagungan kalih dinten ingkang sampun
dipun damel kangge ngedalaken raos suka cita.
Mila lajeng Rasulullah SAW paring dhawuh : “
8
Ingsun tumeka marang sira, rikala sira nduweni
rong dina kangga suka cita lan bungah bungah
ing dina iku. Mangerti-a Allah SWT wus ngganti
rung dina kasebut kanthi rong dina kang luwih
becik, yaiku dina Idul Fitri lan Idul Adha” (HR Abu
Dawud, Ahmad).
Mugi mugi Allah SWT tansah maringi ing
kula lan penjenengan sami, hidayah taufiq,
satemah mboten gampil kabujuk saha
nglampahi perkawis perkawis ingkang damel
ringkih-ipun aqidah. Mekaten khutbah ingkang
ringkes menika mugi manfaat.
ُ ََ ْ َ ُ ْ َ ْ ََ َ ٰ ْ َْ َُُْ
ْ َ‫ ﻓ‬،‫� ْﻢ‬
َ‫ إﻧَّ ُﻪ ُﻫﻮ‬،‫ﺎﺳﺘَ ْﻐﻔ ُﺮ ْو ُه‬
ِ ِ ‫أﻗﻮل ﻗﻮ ِ� ﻫﺬا وأﺳﺘﻐ ِﻔﺮ اﷲ ِﻲﻟ وﻟ‬
َّ ‫اﻟْ َﻐ ُﻔ ْﻮ ُر‬
ُ.‫الﺮ ِﺣﻴْﻢ‬

Khutbah Kaping Kalih


َ َّ ُ َ َ َ ْ َ َ َ ْ ُ َ َ َ ُ َ َّ َ ُ َ َّ َ َّ ُ ْ َ ْ َ
‫ وﻻ ﺣﻮل وﻻ ﻗﻮة‬،‫ﷲ‬ ِ ‫� والﺼﻼة والﺴﻼم ﻰﻠﻋ رﺳﻮ ِل ا‬ ِ ِ ‫اﺤﻟﻤﺪ‬
ُ‫ﻪﻟ َوأَ ْﺷ َﻬﺪ‬
َُ ‫ﻚ‬
َ ْ َ َ َُ ْ َ
�‫ﺮﺷ‬
َّ َ َ َ ْ َ ُ َ ْ َ َ َّ
ِ ‫وأﺷﻬﺪ أن ﻻ ِإﻪﻟ ِإﻻ اﷲ وﺣﺪه ﻻ‬. ‫ﷲ‬ ِ ‫ِإﻻ ﺑِﺎ‬
َّ َ ُ َ َ ْ َ َ ْ ِّ َ َ ِّ َ َّ ُ َّ َ ُ ُ ْ ُ َ َ ُ ُ ْ َ ً َّ َ ُ َّ َ
‫ﺎرك ﻰﻠﻋ �ﻤ ٍﺪ‬ ِ �‫الﻠﻬﻢ ﺻﻞ وﺳﻠﻢ و‬. ‫أن �ﻤﺪا �ﺒﺪه ورﺳﻮﻪﻟ‬

9
‫� ُﻢ اﷲُ‬ ‫ََ ْ َ َ َْ َْ َ َ َ ُْ ْ َْ َ َْ َ ُ‬ ‫َ ََ‬
‫ﺎﺮﺷ الﻤﺴ ِﻠ ِﻤ� أرﺷﺪ‬ ‫آﻪﻟ وأﺻﺤﺎﺑِ ِﻪ أﻤﺟ ِﻌ�‪ ،‬ﻣﻌ ِ‬ ‫وﻰﻠﻋ ِ ِ‬
‫ﺎزال ْ ُﻤ َّﺘ ُﻘ ْﻮ َن ‪ ،‬أَ َّﻣﺎ َ� ْﻌﺪ؛ُ‬ ‫ﺎي ﺑﺘَ ْﻘ َﻮى اﷲ َ� َﻘ ْﺪ ﻓَ َ‬ ‫� ْﻢ َو�ﻳَّ َ‬ ‫ُْ ْ ُ‬
‫أو ِﺻﻴ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫آﻣﻨُﻮاْ‬ ‫اﻨﻟﻰﺒ ﻳﺂ ا َ ُّ� َﻬﺎ َّاﺬﻟ ْ� َﻦ َ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ُّ‬ ‫َ‬ ‫ُ‬ ‫ََُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َّ‬
‫ِ‬ ‫ِإن اﷲ ومﻶﺋِ�ﺘﻪ ﻳﺼﻠﻮن ﻰﻠﻋ ِ‬
‫َ ُّ ْ َ َ ْ َ َ ِّ ُ ْ َ ْ ْ ً َ َّ ُ َّ َ ّ َ َ ُ َ َّ َ َ َ‬
‫آل‬‫ﺻﻠﻮا ﻋﻠﻴ ِﻪ وﺳﻠﻤﻮا �ﺴ ِﻠﻴﻤﺎ‪ .‬الﻠﻬﻢ ﺻ ِﻞ ﻰﻠﻋ �ﻤ ٍﺪ وﻰﻠﻋ ِ‬
‫َْ َْ ََ ْ ََ‬ ‫ُ َ َّ َ َ َ َّ ْ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ َ‬
‫ﺎرك ﻰﻠﻋ‬ ‫آل ِإﺑﺮا ِﻫﻴﻢ‪ .‬و� ِ‬ ‫�ﻤ ٍﺪ ﻛﻤﺎ ﺻﻠﻴﺖ ﻰﻠﻋ ِإﺑﺮا ِﻫﻴﻢ وﻰﻠﻋ ِ‬
‫ﻰﻠﻋ آل إﺑْ َﺮا ِﻫﻴْﻢ ‪َ،‬‬ ‫ُ َ َّ َ َ َ َ ْ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ َ‬ ‫ُ َ َّ َ َ َ‬
‫ِ ِ‬ ‫آل �ﻤ ٍﺪ ﻛﻤﺎ ﺑﺎر�ﺖ ﻰﻠﻋ ِإﺑﺮا ِﻫﻴﻢ و‬ ‫�ﻤ ٍﺪ وﻰﻠﻋ ِ‬
‫َّ َ َ ْ ٌ َ ْ ٌ‬
‫�ﻴﺪ‬ ‫ﻤﺣﻴﺪ ِ‬ ‫ِإﻧﻚ ِ‬
‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫َ ُْ ْ َْ َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َ َّ ُ َّ ْ ْ ْ ُ ْ ْ َ َ ْ ُ ْ‬
‫ﺎت‬ ‫ﺎت والﻤﺴ ِﻠ ِﻤ� والﻤﺴ ِﻠﻤ ِ‬ ‫الﻠﻬﻢ اﻏ ِﻔﺮ لِﻠﻤﺆ ِﻣ ِﻨ� والﻤﺆ ِﻣﻨ ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َّ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َّ َ َ ْ ٌ َ ْ ٌ ُ‬ ‫َ‬ ‫َ َْ ُْ ْ َْ َْ‬
‫�ﻴﺐ اﺪﻟﻋﻮ ِ‬
‫ات‪.‬‬ ‫ات ِإﻧﻚ ﺳ ِﻤﻴﻊ ﻗ ِﺮ�ﺐ ِ‬ ‫اﻷﺣﻴﺎ ِء ِﻣﻨﻬﻢ واﻷمﻮ ِ‬
‫ﻜ ْﻮ َ� َّﻦ ِﻣﻦَ‬ ‫َ َّ َ َ َ ْ َ َ ْ ُ َ َ َ ْ َّ ْ َ ْ ْ َ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ‬
‫ر�ﻨﺎ ﻇﻠﻤﻨﺎ ا�ﻔﺴﻨﺎ واِن لﻢ �ﻐ ِﻔﺮ ﻟـﻨﺎ وﺗﺮﻤﺣﻨﺎ ﻟـﻨ‬
‫ﺐ ﻟَـﻨَﺎ ﻣ ْﻦ ا َ ْز َواﺟﻨَﺎ َو ُذ ِّر ّٰ�تﻨَﺎ ﻗُ َّﺮ َة ا َ ْﻋ�ُ‬ ‫اﺨﻟٰﺮﺴ�ْ َﻦ‪َ .‬ر َّ�ﻨَﺎ َﻫ ْ‬ ‫ْ‬
‫ٍ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫اﺨﻟَﺎﺗ َﻤﺔ‪َ .‬ر َّ�ﻨﺎَ‬ ‫َّ ْ َ ْ َ ْ ُ َّ ْ َ َ ً َّ ُ َّ َّ َ ْ َ ُ َ ُ ْ َ ْ‬
‫واﺟﻌﻠﻨﺎ لِﻠﻤﺘ ِﻘ� ِاﻣﺎﻣﺎ‪ .‬الﻠﻬﻢ ِإﻧﺎ �ﺴﺄلﻚ ﺣﺴﻦ ِ‬
‫ْ ْ ََ ُُ ََ َ ْ َ ََ َْ َ ََّ ْ َْ َ َ َ َ ْ ُ ْ َ ََ‬
‫اﻏ ِﻔﺮ ﻨﻟﺎ ذﻧﻮ�ﻨﺎ و ِ�ﺮﺳا�ﻨﺎ ِﻲﻓ أم ِﺮﻧﺎ وﺛ ِﺒﺖ أﻗﺪاﻣﻨﺎ واﻧﺮﺼﻧﺎ ﻰﻠﻋ‬
‫ﺐ َﻨﻟَﺎ ﻣ ْﻦ أَ ْز َواﺟﻨَﺎ َو ُذ ّر َّ�ﺎﺗﻨَﺎ ﻗُ َّﺮ َة أَ ْﻋ�ُ‬ ‫‪.‬ر َّ�ﻨَﺎ َﻫ ْ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َْ ْ ْ َ‬
‫اﻟﻘﻮمِ اﻟﺎﻜ ِﻓ ِﺮ�ﻦ‬
‫ٍ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫اﺪﻟ ْ�ﻴَﺎ َﺣ َﺴﻨَ ًﺔ َّو� ْاﻻ ٰ ِﺧﺮ ِةَ‬ ‫� إ َﻣﺎﻣﺎ‪َ .‬ر َّ�ﻨَﺎ ٓ ٰاﺗﻨَﺎ ﻰﻓ ُّ‬ ‫اﺟ َﻌﻠْﻨَﺎ لﻠْ ُﻤ ّﺘَﻘ َ‬ ‫َ ْ‬
‫و‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِ‬
‫اﻟﻌﺎلَﻤ ْ�َ‬ ‫اﺤﻟ َ ْﻤ ُﺪ ﷲ َر ِّب َ‬ ‫َ َ َ ً َّ َ َ َ َ َّ ُ َ ْ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ﺣﺴﻨﺔ و ِﻗﻨﺎ ﻋﺬاب اﻨﻟﺎر‪ .‬و‬
‫‪Oleh : Ustadz Drs. Nur Idy, S.Ag‬‬
‫‪Group WhatsApp : https://chat.whatsapp.com/K870K3zWvVvLxtl17UW60E‬‬

‫‪10‬‬

Anda mungkin juga menyukai