Anda di halaman 1dari 1

SUGUH SESAJI 1

Pinongko amiwiti pagelaran lelampahan jaranan sak mangke, kados dene padatane,
dipun bukani dening suguh sesaji..!!

Swuhh rep sirep doto pitono...Anenggih negari pundi to ingkang mboten kareko
edi doso purwo. Edi linuwih, doso sepuluh, purwo wiwitan. Senadyan bebasan
satus tan antuk kalih, sewu tan antuk sedoso

Rep sirep sidem permanem datan wonten obahe walang kumlisik silire barat lan
naruto. Mbok bilih puniko pinongko berbawane risang bopo anggenipun bade
angleksanani suguh sesaji.

Sampun kapiarso ing tengahing gelanggang, maneko warno ubo rampen sesaji
pinongko tinggalane poro leluhur ing tanah jowo. Suasono lan kahanan tengahing
gelanggang tansoyo endah anane kukuse dupo kumelun kang mblabar sak alun
alun, arum gandane kadyo sekare gadung.

Sak untawis sang bopo memuji mring gusti kang murbehing dumadi. Kalamun
cinondro kadyo poro brahmono lan poro resi kang lagi semedi ing sak jroning
sanggar pamujan. Bebasan dipun wastani netro batin netro ati, hamung siji kang
ono, yoiku mring marganing gusti ang murbehing dumadi. Sesanti…memuji,
mugio tansah den pinaringono gasar lancar sugeng rahayu widodo lelampahan
jaranan sak mangke ngantos paripurno. Mugio datan wonten samubarang kawis
kang bade sandung srimpet lan biso kalis sekathahing lir ing sambikolo…

Rep sirep…sirep buono tidem permanem. Kang hanguripi cikal bakal babad
pekarangan dusun mriki. Kawulo minto srono ujuding sesaji. Ugi kawulo sranani
kukusing dupo kang kumelun kelun. Pangirup doyo api buono, joyo kawiijayan lir
ing sambikolo poro madyo lan wasono tinebihno saking beko rencono..Hayu
rahayu sagung dumadi

Sansoyo dalu araras kang lintang ambyor kang gumedap…lan wancine soyo
wengi…

Anda mungkin juga menyukai