Anda di halaman 1dari 1

JUDUL CERITO

MBUCAL RESEK WONTEN PANGGENANIPUN

Assalamu ‘alaikum wr, wb.


Ingkang kulo hormati poro dewan pambiji dalah poro hadirin sedoyo ingkang minulyo
Nami kulo Annisa saking SDN 1 Widoro keparengo wonten kalodangan meniko bade ngaturaken
cerito babakan mbangun sikap urip sehat kanthi judul “ MBUCAL RESEK WONTEN
PANGGENANIPUN ”

Sekolahan kulo sampun dangu anggenipun nggalak aken Program Hidup Bersih dan Sehat.
Meniko cocok kalih programipun pemerintah ingkang ugi nggalak aken Program Hidup Bersih
dan Sehat. Sahinggo sekolah kulo tansah ketawis resik lan endah. Lare-lare nggih sampun
kathah ingkang ngertos lan mbiasak aken resik an kersane sami sehat.
Salah setunggaling kegiatan inggih meniko mbucal resek mboten wonten sembarang
panggenan, nanging kedah wonten panggenanipun resek.

Wonten ing salah setunggaling dinten, kulo sumerep wonten konco ingkang taksih mbucal resek
mboten wonten panggenanipun resek.
Selajenge kulo criyosi ; “ Hee Dea….menowo ngguwang resek ojo sak nggon-nggon ngono to.
Ngguwang resek kuwi benere neng panggonane resek kono. Ngono kuwi marakne sekolahane
awak e dadi reget “
Dea malah mangsuli…” Yo bene…kan wis enek petugase sing tukang nyapu karo ngguwangi
resek “

Wancine niku Lita dugi malah tumut mbelo dateng Dea, terus criyos…” Bener Dea to Nis,
sekolah kan wis enek petugas kebersihan. Lha nyapo penggaweane petugas kebersihan lek ora
nyapu karo ngguwang resek ?”

Saklajenge konc-konco niku kulo criyosi…” Pancen bener sekolah wis enek petugas kebersihan.
Nanging tanggung jawab nglestarek ake njogo kebersihan sekolah kuwi yo dadi tanggung
jawabe warga sekolah kabeh. Bapak Ibu guru, poro murid-murid lan ugo petugas kebersihan
sekolah. Sahinggo sekolah tansah resik, ora marakne penyakit lan wargane podho sehat kabeh .

Dea lajeng criyos…” Tak pikir-pikir pancen bener kandamu Nis, menowo sing tanggung jawab
ming petugas kebersihan sekolah wae, sekolah malih akeh reseke lan marakne akeh penyakit.
Awak e dewe yo kudu melok-melok njogo resik e sekolah. “

Lita tumut-tumut criyos…” Yo wis aku yo melok njogo. menowo enek konco-konco sing
ngguwang resek sembarangan tak omongane, menowo ngguwang resek neng panggonane
resek “

Alhamdulillah konco-konco sampun sami ngertos pentingipun njagi resik lan kesehatan. Mugi-
mugi sekolah kulo tansah resik lan wargane sami sehat sedoyo. Amin.

Cekap semanten cerito kulo, mbok bilih wonten kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten
ingkang sak ageng-agengipun

Tuku geneman neng nggone Pak Paiman


Enak rasane marai tuman
Kebersihan pangkal kesehatan
Ngguwang resek ojo sembarangan

Wassalamu ‘alaikum wr, wb.

Anda mungkin juga menyukai