Anda di halaman 1dari 1

Ijem Sekolah Kula, Nyaman Manah Kula

Nami kula Felly, siswa kelas VIII wonten SMP Tunas Bangsa. Kula bingah saged
sekolah wonten mriki . Nggih, sekolah menika kalebet sekolah pilihan nomer setunggal
wonten tlatah mriki.

Senaosa sekolah menika dipun arani sekolah ingkang nggadhahi fasilitas paling sae,
nanging miturut kula taksih wonten ingkang kirang. Kula mboten ngraosaken hawa sejuk,
menapa malih menawi siyang.

Kaitanipun bab menika kalawau, kalih wulan malih kula badhe ngawontenaken
program “Tanem 1000 wit”. Inggih, sakmenika kula dados ketua OSIS sekolah mriki. Kula
pikantuk kathah inspirasi saking siswa, kangge ndandosi sekolah mriki supados
lingkunganipun sangsaya sae. Dados Ketua OSIS punika mboten gampil. Kedah ndamel
kathah program kangge kemajuan siswa lan sekolah.

Enjang punika, kula enggal datheng wonten sekolah ningali samukawis ingkang
sampun berubah saking sekolah. Taman. Kathah taman ingkang sampun dipundamel.
Wonten ingkang dateng ngajeng sekolah, dateng ngajeng kelas, sedayanipun kebak taman.
Pancen sae, nanging kula taksih dereng marem. Kula nggadahi tekad menawi program
tanem 1000 wit kedah kelampahan.

Bel ngaso muni. Kula nyuwun tulung Lina sekretaris OSIS kapurih nimbali sedaya
anggota OSIS kangge ngawontenaken rapat. Saksampunipun sedaya ngempal, kula ngawiti
rapat. Kocap kacarito sedaya pengurus OSIS nyetujoni anggenipun ngrembag babagan
tanem 1000 wit kagem penghijauan. Kulo lajeng manggihi bapak Pembina OSIS ugi Bapak
Kepala sekolah kangge matur prekawis bab menika. Alhamdulillah, Bapak kepala sekolah ugi
Bapak Pembina Osis nyengkuyung program menika.

Mbenjingipun, kula ngempalaken sedaya anggota OSIS ugi ngawiti nyusun rencana.
Lajeng, kula ndamel pengumuman dipun tambahi kaliyan sosialisasi dateng sedaya anggota.
Saben tiyang kedah mbekta setunggal wit. Lajeng saben sonten, kita sedaya kesah dateng
sekolah kangge nanem wit punika sareng siswa sekolah sacara gantosan miturut kelasipun.
Kami ndamel jadwal perawatan. Kula ugi maringi pesen dhateng anggota OSIS kelas VII
kajengipun piyambake sedaya tetap nglajengaken program menika.

Inggih, pangajab kula mugiyo sekolah menika dados langkung rindang ugi asri.
Remen sanget manah kula, amargi sedaya guru lan rencang-rencang semangat
ngawujudaken program menika saenggo sekolah menika dados ijem royo-royo ndadosaken
ngresepaken ing manah kita sedaya. Andadosaken nyaman sanget.

Anda mungkin juga menyukai