Anda di halaman 1dari 3

KEKANCAN SAKLAWASE

Jenengku Dea, aku nduwe konco kang jenenge sharia. sharia iku konco ku awet aku
cilik. Sharia iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sharia ngundang aku tukang
ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes
biasa dadi yo gak tak gowo ati.

“Duwar…itik-itik suarane sharia ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku
wae, nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang
Sharia.

Ngapurane lah ya, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani
mengko karo pak guru-guru balas sharia marang aku. Sak uwise iku aku lan sharia
mlebu kelas bareng-bareng.

Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo Sharia bali bareng, naning
tekan setengah perjalanan aku karo Sharia kepisah amergo Sharia lagi arep mampir
mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko
buku sek tak gowo tibo “bruukkkk” ditabrak bocah cilik.

“Sepurane mas aku gak sengojo e'”

“Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek mlaku kui seng ati-ati ya
dek”

“Enggeh mas”
Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah pitu, yo koyo biasane aku melu
pelajarane pak guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora koyo biasane, Sharia kok
gak ketok sedino kie, dadeake khawatir maring pikiran aku, aku mutuske bali sekolah
maring omahe sharia.
Tekan ngarep omahe anggun yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo
gak ono uwong. Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule sharia ora nek
omah kono alias pindah anyar.
Bali seko omahe sharia kepikiran loh kenopo kok Sharia pindah kok ora neng kono
wae? Yo kenopo kok Sharia gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku
dadi bingung dewe karo Sharia.

Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sharia sek anyar.
1 jam luih jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu
omahe Sharia batinku. Aku kaget tekan ngarep omahe Sharia seng biasane urip enak
lan kepenak saiki malah urip nek tempat sek kumuh lan sempit.

“Asssalamualaikum..” Aku kang ngucap salam nek ngarep omahe Sharia


“Waalaikumsalam” Bales Sharia pas buka lawang
Ora basa-basi Sharia langsung ngajak aku mlebu marang omahe. Sharia banjur cerito
marang kabeh kepindahane, jebule keluargane iku nduwe utang marang bank naming
sayange keluargane iku gak sanggup bayar akhire omahe kui dadi di sita karo pihak
bank.

“Yo wes ikk gak usah sedih terus, iseh ono aku koncomu kok, aku bakal tetep dadi
koncomu maring kesedihan lan seneng awakmu.” Omongan aku gawe nenangake
Sharia seng gek sedih

“Alhamdulillah de aku bersyukur banget marang gusti Allah, soale Alah uwes
ngewenehi konco koyo awakmu..”

“Ngene wae ik adewe gawe perjanjian yen dewe kui bakal selalu bareng-bareng ora
bakal kepisah masio adewe adoh amergo jarak”
“Siap,, janji yo kekancan sak lawase de”
Sakwise kui aku karo sharia banjur golek panganan karo nikmati kaindahan kota
madiun.
Ora lali mampir neng alun alun madiun karo tuku es degan saking senengku karo
sharia sampe ora eruh wektu nek iki wes bengi.banjur aku bali ngeterne sharia lan aku
bali menyang omahku dewe.

Anda mungkin juga menyukai