Anda di halaman 1dari 23

MORFOLOGI BASA JAWA

Jinising Tembung Basa Jawa

Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum


Tujuan Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan Pembelajaran:
Mahasiswa mampu berkomunikasi dan menyampaikan ide
dalam bahasa Jawa secara terampil baik lisan maupun tulis
dengan menggunakan kosakata dan tata bahasa yang sesuai
dalam konteks resmi dan tidak resmi berdasarkan kaidah bahasa
dan unggah-ungguh bahasa yang tepat setara tingkat C.
Mahasiswa saged mangertosi lan nganalisis jinising tembung
basa Jawa.
Materi Pokok
Pokok – pokok materi ing Jinising Tembung :

Tembung Tembung
Tembung aran Tembung kriya
kaanan sesulih

Tembung Tembung Tembung Tembung


panyilah panyeru wilangan katerangan

Tembung Rangkuman Tembung


panggandheng Materi ancer-ancer
Tembung Aran
Tembung aran yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang, barang
konkret apa dene abstrak (Padmosoekotjo, 1986: 108). Dene miturut
Poedjosoedarmo (1979) ngandharake tembung aran yaiku tembung kang
mandiri, ana ing sajroning ukara ora gumantung tembung liya, upamane:
manungsa, papan panggonan, barang. (Mulyana, 2007: 51).
Tuladhaning tembung aran yaiku koyo ing ngisor iki :
Tembung Aran katon (konkret) Tembung Aran tankaton (abstrak)

Meja, song-song, gendhis, lisah, Ngelmu, kapinteran, swarga, neraka,


linggis, kalpika, blabag, porong kasarasan, kabudayan
Tembung Aran
Tembung aran nduweni ciri sintaksis:
a. Bisa sumambung karo tembung dudu utawa ana. Tuladha: dudu obat, ana uwoh.
b. Ora bisa sumambung karo tembung ora
c. Bisa kawiwitan preposisi. Upamane: Ing sawah, saka omah, tumrap kowe
d. Bisa dadi jejer ing ukara. Tuladha: Komputer kuwi rusak (komputer ‘jejer’)
e. Bisa dijembarake kanthi muwuhake tembung sing + tembung kaanan, utawa sing
+ tembung kriya. Tuladha: patra sing seger, bocah sing mlaku
Tuladha tembung aran

Tembung Aran katon (konkret) Tembung Aran tan katon (abstrak)


Meja, song-song, gendhis, lisah, Ngelmu, kapinteran, swarga, neraka,
linggis, kalpika, blabag, porong kasarasan, kabudayan
Tembung kriya (kata kerja, verba)
Tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe utawa
nelakake lumakuning kaanan (Sasangka, 2011: 110). Tembung kriya bisa
kabedakake dari loro, yaiku: kriya tanduk lan kriya tanggap.

Kriya Tanduk Kriya Tanggap


Tembung Kriya Tanduk
Tembung kriya kang nuntut jejer (subyek) minangka paraga kang
nindakake pakaryan. Tembung kriya tanduk asale saka tembung lingga
kawuwuhan ater-ater anuswara. Kriya tanduk ana loro, yaiku mawa lisan lan
tanpa lisan.

Kriya Tanduk Kriya Tanduk


Mawa lisan Tanpa Lisan
Kriya Tanduk Mawa Lisan

Tembung kriya tanduk mawa lesan yaiku tembung kriya kang mbutuhake
ananing kateranan liya kang awujud lesan (objek).

Conto panggunaan tembung kriya tanduk mawa lisan


yaiku :
1). Ater-ater anuswara + tembung lingga + -ake
(m- + pethik + -ake  methikake)
2). Ater-ater anuswara + tembung lingga + -i
(n- + tunggu + -i  nunggoni)
Kriya Tanduk Tanpa Lisan
Tembung kriya kang ora mbutuhake ananing lesan (objek). Tembung iki
padatan kadhapuk saka tembung lingga kang sumambung ater-ater
anuswara (N-), ma-, utawa mer-.

Tuladha soko tembung kriya tanpa lisan yaiku:


mbledhos, nangis, maujud, merdhayoh.
Tuladha Tembung Kriya Tanduk
Tuladha panganggoning tembung kriya tanduk liyane, bisa katemokake
ana ing sawijining wacana lagu Jawa, kang irah-irahane Lumbung desa.
Supaya langkung jelas, dak aturi nyemak lagu punika:
Tuladha Tembung Kriya Tanduk
Menawa dijinggleng kanthi premati, tembung – tembung kriya kang ana ing
cakepan tembang iku racake kabeh kalebu tembung kriya tanduk, yaiku jejer
(subyek) minangka paraga kang nindakake pakaryan. Akeh-akehe nggunakake ater-
ater anuswara. Coba waspadakna pangrimbage tembung kriya ing sabanjure iki :

Tembung kang oleh ater-ater anuswara: Tembung kang oleh seselan –um-
Makarya = m- + pakarya Maju = aju + -um-  umaju  maju
Njupuk = n- + jupuk Tumandang = tandang + -um-
Nata = n- + tata
Nyandhak = ny- + candhak
Nuli = n- + tuli
Nosoh = n- + sosoh
Kesimpulan Tembung Kriya Tanduk

Saka udharan pangrimbage tembung, bisa dikandhakake dene cakepan


tembang iku racake kabeh kalebu tembung kriya tanduk, amarga nggunakake
ater-ater anuswara lan seselan –um-. Ater-ater anuswara lan seselan –um-
pancen duweni kabisan ndhapuk sawijining tembung lingga dadi tembung
kriya tanduk.
Tembung Kriya Tanggap
Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang kang jejere kapatrapan
pakaryan utawa jejer (subyek) dadi sasaran (penderita). Tembung iki
kadhapuk saka tembung lingga kapatrapan ater-ater tripurusa, ka-/ke-,
seselan –in-, panambang –ake.
Tuladhaning tembung kriya tanggap yaiku diantarane kaya ing ngisor iki :

Ditulis = saka tembung lingga tulis kapatrapan ater ater -di


Katulis, = saka tembung lingga tulis kapatrapan ater ater -ka
Tinulis, = saka tembung lingga tulis kapatrapan seselan -in
Tulisake = saka tembung lingga tulis kapatrapan panambang -ake
Tembung kaanan (kata sifat, adjektiva)
Tembung kaanan yaiku tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak
sawijining barang utawa bab (Sasangka, 2011: 114). Tembung kaanan miturut
Wedhawati (2006: 181) nduweni ciri sintaksis kaya ing ngisor iki:

• Bisa sumambung karo tembung dhewe, paling, luwih, banget, utawa rada.
Tuladha: bagus dhewe, paling anteng, luwih seneng, loma banget, rada
clingus.
• Bisa ngisi fungsi predikat ing tataran ukara.
Tuladha: Pendhidhikan iku penting tumrap para generasi mudha
Tembung Katrangan (kata keterangan, adverbia)

Tembung kang aweh katerangan tumrap tembung liya. Tembung


katerangan bisa nerangake tembung aran, kriya, kaanan, wilangan, lan
tembung katerangan iku dhewe (Sasangka, 2011: 116).

Tuladhaning tembung katrangan iku koyo ing ngisor iki:


arep, durung, uwis, lagi, ora, dudu, meh, rada, wae.

Dene tuladaha tembung katrangan ing ukara yaiku :


Dimas arep mancing neng sawah
Dimas lagi golek suket neng pinggir kali
Tembung sesulih (kata ganti, pronomina)
Tembung sesulih yaiku tembung kang digunakake minangka sesulihing
uwong, barang, utawa apa wae kang dianggep barang (Sasangka, 2011: 119).
Tembung sesulih ana 6 jinis, yaiku:
Sesulih Purusa kang di Sesulih Panuduh dibagi
bagi dadi 3 yaiku : Sesulih Pandarbe yaiku dadi 3 yaiku :
(kata ganti empunya),
Utama Purusa, tuladha: -ku, -mu, -e/- Panuduh lumrah,
Madyama Purusa, ne. Panuduh papan,
Pratama Purusa Panuduh sawijining bab

Sesulih Pitakon, Sesulih Sadhengah


Sesulih Panyilah
tuladhane koyo : apa, Tuladha ne yaiku : apa-
tuladhane yaiku: kang,
sapa, endi, kepriye, apa, sapa-sapa, kabeh,
sing, ingkang
geneya, apa wae, sawijining.
Tembung wilangan (kata bilangan, numeralia)
Tembung wilangan yaiku tembung sing mratelakake cacah utawa urut-
urutan. Tembung wilangan kaperang dadi rong golongan, yaiku tembung
wilangan kang mratelakake cacahe barang lan tembung wilangan kang
mratelakake cacahe pepangkatan.
Tembung wilangan kapethak dadi 3 yaiku :
a. Wilangan babon. Tuladha: siji, loro, sewelas, selikur, satus, seket, sedaya
b. Wilangan susun. Tuladha: kapisan, kapindho, katelu, kaping sekawan
c. Wilangan pecahan. Tuladha: seprapat, telungprapat, karotengah, sejinah,
sewindu.
Tembung panggandheng (kata penghubung,)
Tembung panggandheng yaiku tembung kang dadi panggandhenge
tembung karo tembung, frasa karo frasa, klausa lan klausa, sarta klausa lan
ukara majemuk.

Tembung panggandheng kapethak dadi 2 yaiku :


a. Tembung panggandheng ukara majemuk sejajar Tuladha: lan,
sarta, dalah, tuwin, miwah, utawa, karo, apadene.
b. Tembung panggandheng ukara majemuk susun
Tuladha: jalaran, yen, sebab, karana, amarga, lajeng, banjur,
supados, saengga.
Tembung Ancer- Ancer (kata depan/preposisi)
Tembung ancer – ancer yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-
anceri, papan utawa tembung aran (Sasangka, 2011: 136). Tembung ancer-
ancer mapane ana ngarep tembung aran utawa tembung sifat.

Tuladha tembung ancer ancer yaiku: ing, saka, dhateng, nyang, marang,
nganti, saking, menyang, kanthi.
Tuladha ing ukara:
(1) Dheweke lagi wae mulih nglembara saka Surabaya.
(2) Mangga kula aturi ameng-ameng dhateng alun-alun.
Tembung Panyilah (kata sandang)
Tembung panyilah yaiku tembung kang kanggo nyilahake barang, patrap,
utawa sawijining bab (Sasangaka, 2011:137). Tembung iki padatan manggon
ing sakiwane tembung kang disilahi

Tuladha ing tembung yaiku : si, sang, kang, ingkang, para, sing.
Tuladha ing ukara:
(1) Si bothak iku saiki wis lunga menyang desa.
(2) Punapa ingkang rama sakpunika sampun tindak kaji?
Tembung Panyeru (Kata seru/interjeksi)
Tembung kang nggambarake rasa, yaiku antarane: rasa seneng, kaget,
kuciwa, rasa susah, lan rasa gumun

Tuladha ing tembung: adhuh, ah, eh, nah, wah, iyung, oalah.
Tuladha ing ukara yaiku :
(1) Adhuh biyung, larane sikilku!
(2) Wah elok tenan gambaranmu, persis kaya asline!
Rangkuman Materi
Tembung ing basa Jawa adhedhasar jinise bisa kabedakake dadi sepuluh, yaiku:
tembung aran (kata benda/nomina), Tembung wilangan (kata bilangan
tembung kriya (kata kerja/verba), /numeralia),
tembung kaanan (kata sipat/ Tembung panggandheng (kata
adjektiva), penghubung/ konjungsi),
tembung katerangan (kata tembung ancer- ancer (kata
keteranganderbia), depan/preposisi),
tembung sesulih (kata ganti/ tembung panyilah (kata sandang),
pronomina), tembung panyeru (kata seru/interjeksi).
Terima Kasih

Anda mungkin juga menyukai