Modul Bahasa Jawa Kelas Xi Semester Gasal Tembang Pocung Novel Sesorah Upacara Adat Jawa Aksara Rekan Endah Kirana Suryandari
Modul Bahasa Jawa Kelas Xi Semester Gasal Tembang Pocung Novel Sesorah Upacara Adat Jawa Aksara Rekan Endah Kirana Suryandari
K e l a s : XI
SEMESTER
GASAL
TEMBANG POCUNG
NOVEL
SESORA
AKSARA REKAN
TEMBANG POCUNG
Serat Wedhatama kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A)
Mangkunegara IV ing Pura Mangkunegara Surakarta.Piyambake kang jumeneng minangka Pangageng
Pura Mangkunegara kang kawentar minangka Pujangga Agung ing Surakarta.
Serat Wedhatama isine wedha (panuntun) marang kautaman.Kautaman ing serat kasebut
dibabar lumantar satus pada kang kagelung dadi limang pupuh. Dene pupuh lan pada kasebut kaya
ing ngisor iki :
Saiki semaken tembang Pocung kang ditembangake dening Bapak utawa ibu gurumu! Sabanjure
tembangna bebarengan karo kanca kancamu sakelas!
Pocung
Pada I Pada IX
Ngelmu iku kalakone kanthi laku uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Lekase lawan kas yen Kabul kabuka
Pada II Pada X
Angkara gung neng angga agung gumulung Basa ngelmu mupangate lan panemu
Gegolonganira pasahe lan tapa
Triloka lekere kongsi yen satriya tanah jawa
Yen den umbar ambabar dadi rubeda kuna-kuna kang ginilud tri prakara
Pada III
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama
Pada IV
Taman limut durgameng tyas kang weh limput
Kerem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda sahardi gengira
Pada V
Yeku patut tinulad-tulad tinurut
Sapitudhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi dhiri
rapal makna
Pada VI
Durung pecus kesusu keselak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak
gunaning jalma
Pada VII
Kang kadyeku kalebu wong ngaku-ngaku
Akale alangka
Elok jawane den mohi
Paksa ngangkah langkah met kawruh ing
mekah
Pada VIII
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh
Lumeketing angga
Anggere pada marsudi
Kana kene kaanane nora beda
Semaken tembang pocung ing dhuwur mau,sabanjure ayo digoleki guru gatra,guru wilangan
lan guru lagune.kanggo pangeling eling guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.guru wilangann
yaiku cacahing wanda saben sagatra.lan guru lagu yaiku tibaning swara ig pungkasan gatra.Dene
watake tembang pocung yaiku duwe surasa sakepenake ,sembrana parikena.gunane tembang
pocung kanggo sembranan,cangkriman lan nyenengake ananging tembang pocung uga kerep di
gunakake kanggo menehi piweling luhur kang becik.
Gladhen :
Tindakna kegiyatan ing ngisor iki ,gaweya kelompok, saben kelompok bisa 3-4 siswa !
Temtokna tegese tembung utawa tembung liyane tembung – tembung ing jero tembang
pocung kasebut!
Tuladha :
Pada Tembung Basa Indonesia Tegese /tembung
I liyane
Ngelmu Mencari ilmu Golek ilmu
Laku Cara perbuatan ………………..
Lawan Dengan ………………..
Kas Teguh dalam niat ………………..
Setya Setia ………………..
Budya Akal budi ………………..
Pangekese Mengalahkan ………………..
Dur angkara Perbuatan jahat ……………….
1. Tembung ngelmu iku kang murwani pupuh pocung ing pada I kasebut apa karepe?
2. Apa tegese tembung ka sing pada I pupuh pocung kasebut?
3. Ing pada II disebutake apa Manawa diumbar bisa bakal dadi rubeda?
4. Apa tegese paribasan durung pecus keselak besus ing pada VI?
5. Apa karepe gatra luruh ala ardane ginawe gada ?
Gaweya pitakonan kang gegayutan karo isine pupuh pocung migunakake basa krama!
Karma cacahe lima bae sabanjure ijolno pitakonan mu mau karo kancamu sabangku utawa
ngarepmu!Wangsulana pitakonan pitakonan mau !Manawa wis rampung anggone mansuli
pitakonan ,tumpuken marang Bapak /ibu gurumu kareben diteliti lan dibiji!
Tuladha :
Pitakonan : Punapa tegesipun tembung ka sing gatra kaping tiga pada I pupuh pocung?
Menehi tanggapan iku panemu utawa panyaruwe marang sawijining bab utawa
prastawa.Tanggapan utawa panemu mau bisa tanggtanggapan sarujuk ,bisa uga ora sarujuk.Sing
baku tanggapan Iku kudu di kantheni aalesan kang mathok.Kudu did eling eling ,tanggapan mau kudu
migunaake basa lan ukara kang sopan ,tumata lan ora gawe larane ati wong kang di tanggapi.
Tanggapana bab-bab kang gegayutan karo isine Serat Wedhatama Pupuh pocung ing ngisor
iki migunakake basa ngoko ! Sabanjure owahana nganggo basa Krama !
1. Ing pada II diandhharake manawa hawa napsu lan tumindak angkara murka iku diopeni
utawa ditindakake terus bakal bisa nuwuhake kasengsaran urip.
Panemuku :………………………………………………………………………………………………………….
Pamanggih kula :…………………………………………………………………………………………………..
2. Ing pada III Kita bisa ngendhaleni watak kang ala ,kita bisa sabar lan iklas menehi
pangapura
marang liyan kang natoni kita.
Panemuku :…………………………………………………………………………………………………………..
Pamanggih Kula :…………………………………………………………………………………………………
Manawa kita arep ngarang sawijining tembang macapat kudu kita mangerteni paugeran
utawa aturan kang gumathok utawa mesthi .Dene paugerane utawa aturan kang mesthi kaya
kasebut ing ngisor iki :
Isine bebas nanging sing baku kudu nggatekake isine tembang pocung mau kudu pas karo watak lan
gunane tembang pocung kasebut!
Ulangan padinan
a. K.G.P.A.A Mangkunegara IV
b. K.G.P.A.A Mangkunegara V
c. K.G.P.A.A Mangkunegara VI
d. K.G.P.A.A Mangkunegara VI
e. K.G.P.A.A Mangkunegara VII
2. 2.Saliyane pujangga agung paraga kang ngangggit serat Wdhatama iku uga jumeneng
minangka……..
a. Bupati Anom
b. Bupati Mandrapura
c. Bupati Praja Mangkunegaran
d. Punggawa Parentah Kraton Pura Mangkunegaran
e. Pangaggeng
3. Serat Wedhatama pupuh pocung dumadi saka………………..
a. 10
b. 15
c. 18
d. 20
e. 12
4. Cacahe gatra ing tembang pocung ana…….
a. 4
b. 5
c. 8
d. 10
e. 12
5. Angkara gung neng angga agung gumulung.Tembung liyane angga yaiku……………
a. Watak
b. Ati
c. Awak
d. Sirah
e. Gulu
6. Tembung ing ngisor iki minangka tembung liyane besus yaiku………………….
a. Pinter
b. Sregep
c. Seneng tetulung
d. Seneng nglarani
e. Seneng dandan
7. Nora weruh rosing rasa kang rinuruh.Tembung liyane rinuruh yaiku……………………..
a. Gelem
b. Ayem
c. Gela
d. Seneng
e. Salah
8. Gancaran setya budya pangkese dur angkara yaiku ………………………
a. Tansah tumindak becik
b. Setya marang watak ala
c. Mbudi daya supaya keenak uripe
d. Tumindhak kanthi bener
e. Mempeng anggone ngendhaleni
9. Gancaran sarwa sareh saking mardi martotama yaiku………………..
a. Tindake sarwa grusa grusu
b. Tindake ora kesusu lan sabar
c. Tindake sarwa ora grusa grusu amarga tansah ngupaya kautamanlan lembah manah
d. Tindake sarwa ora grusa grusu lan alon alon supaya ora salah
e. Tindake sarwa tansah grusa grusu lan sarwa kesusu
10.Gancarane beda lamun kang wus sengsem reh ing asamun yaiku……..
a. Beda yen wis lagi nepsu
b. Beda nalika lagi nepsu
c. Beda tumindhake Manawa lagi kesengsem
d. Beda tumindhake yen nepsune wis lerem
e. Beda sipate yen lagi nepsu
B.Golekana guru gatra guru wilangan lan guru lagune uga isine tembang pocung ing ngisor iki !
A. Mangsuli pitakon
B. Gawe Pitakonan
Gaweya Pitakonan cacahe lima kang jumbuh karo isine pethikan novel “iramaning
Kasetyan Djati “
Novel iku kalebu kasusastran gagrak anyar.Ing novel ana unsure-unsur pembangun kang
nyengkuyung lakune crita novek kasebut.Unsur unsure iku kayata :
1. Tema ( underan ) : gagasan baku kang digunakake kanggo ngarang karya sastra
2. Alur (Plot ) : lakune crita /urut-urutane crita
3. Setting ( latar ) : katrangan ngenani papan wektu lan swasana.
4. Penokohan : paraga kang ana ing novel
5. Sudut Pandang :pandangane panganggit kang ngetrepake awake ing jero crita.
6. Amanat (piweling ) :nilai-nilai luhur kang kaandhut ing novel
U l a n g a n padinan
A.Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan sing paling bener!
Dina Minggu esuk wayah jam pit ing pakebonane sldhah R.Ng.Kartamardika ana bocah
nonnoman kang manganggo sarwa bregas bebed lan ikete sawitan ,klambine sutra cina
bukaan,dhasine sutra biru,selope gilap,cedhak kaaro olehe ngadeg. Martini ing sandhinge
bapake.Satemene Martini wis ora seneng nemoni tekane bocah nom-noman mau yaiku Sindu.Dene
kang diarep-arep.Martini mung si Endra.Nanging ing wektu kuwi si Endra lunga menyang desa golek
padon dagangan krambil gebigan (koprah)lan niti agen-agene ,apa yambut gawe kalawan
bener.Sindu tansah nglawan marang martini wae.lan sedela-sedela ndeleng tanduransladhahkang
pancenthukule durung gedhe.
B.NEGESI TEMBUNG
Sawise maca teks sesorah ing ngarep,mesthi ana tembung tembung sing durung kokngerteni
tegese,sabanjure gladhena tembung –tembung kasebut ! Golekana tegese tembung—tembung ing
njero kothak ngisor iki! Gunakna Kamus utawa bausastra!
NO Tembung ing teks sesorah Tembung liyane Tembung ing basa indonesia
1 Sinu darsana Di conto,kanggo tuladha Dicontoh
2 Mirunggan ………………………………. Khusus
3 Praja ………………………………. Negara
4 Mawantu-wantu ……………………………… Selalu,sering
5 Murwani …………………………….. Memulai
6 Pepuntoning ……………………………. Akhir
7 Pangaksami …………………………….. Maaf
8 Ngrenggani …………………………….. Dipajang
9 Pungkasan ……………………………. Memenuhi
10 Pejah ……………………………….. Meninggal,mati
11 Nedha ………………………………. Makan
12 Trap-trapan ……………………………….. Tingkatan
13 Kriyanipun …………………………….. Kerja
14 Usada ……………………………… Obat
15 Sarikat-rikaipun …………………………….. Secepat-cepatnya
16 Seserepan …………………………….. Intonasi,pengetahuan
17 Mutah ……………………………. Muntah
18 Nyumadyaaken ……………………………… Menyediakan
19 Andhahan ……………………………. Penjelasan
20 nggegirisi ……………………………. Berbahaya
Gawe pitakon pitakon kang gegayutan karo isine Teks Sesorah
Tuladha :
Pitakon
Basa Ngoko : Sapa kang dadi pamiyarsa teks sesorah ing
ngarep ?
Basa Krama : Sinten ingkang dados pamiyarsa teks sesorah
wonten ngajeng?
Wangsulan : Pamiyarsa sesorah kasebut inggih menika ibu-ibu
PKK tingkat desa Sidowaras.
2. Purwa basa
Isine adangiyah minangka lambaran wosing atur
Tuladha :
Ing pepanggihan menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke
ngrenggani maneka warni kalawarti.Sesakit Ebola limrah kasebut EVD (Ebola Virus Disease) utawi
EHF (Ebola Hemorrhagig Fever ) Seseakit menika mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos
nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitanipun sesakit menika
wonten ing sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo.Virus menika katemokaken
sepisanan rikala taun 1976
3. Surasa basa
Isine ngeneni intoning sesorah
Tuladha :
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasmpunipun tiyang kaserang virus
menika kanthi tandha tandha ( gejala )ndhorong (demam ) sakit ing gurung (tenggorokan )sakit ing otot
bayu ( nyeri otot )lan sakit ing sirah.Umumipun kasusul mungkuk-mungkuk (mual ) muntah lan mencret
(diare ) ugi sudanipun kriyanipun manah (liver) tuwin ginjel.Dumugi trap-trapan menika tiyang ingkang
kenging Ebola lajeng ngalami pandarahan.
4. Dudutan
Isine ngenani pitungkas utawa pangajak marang kang padha rawuh.
Tuladha :
Para rawuh ingkang binekten.
Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun.Pramila mangga kita sami nyengkuyung
supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita sedaya.Kangge nyegah lan nyingkiri
sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang saestu.Kita ugi kaajab sregep pados katrangan
katrangan ngengingi gegayutan kaliyan sesakit Ebola saking televis,radhio,Koran lan pepanggihan –
pepanggihan kados mekaten menika.
5. Wasana basa
Isine atur panutupkanggo mungkasi atur lan salam panutup.
Tuladha :
Ingkang pungkasan,cekap smanten anggen kula matur.Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit
kawigatosaan panjenengan sedaya.Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andharan
menika,kula nedha agunging samudra pangaksami.Pepuntoning atur kula ,bilahittaufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh
Sadurunge nulis teks sesorah nimbang lakune kaya ing ngiso iki :
ULANGAN padINAN
a.Wenehana tandh ping ( X ) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan sing bener !
Ing kawruh kasepuhan kang lumadi ing tanah jawa ana gegaran baku tumrap wong
urip.Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka pralaya.Uripe
manungsa kaperang dadi telu yaiku madu basa,madu rasa dan madu brata.
Madu basa tegese ngudi ing reh kabisan ing bab basa.Manungsa wiwit lair kudu nyinau basa
utawa sesambungan karo manungsa liyane migunake basa.Trap-trapan kapisan iki prastawa wigatine
yaiku nalika bocah dislameti rikala lair,diupacarani mawa upacara tedhak siten lan di bancaki ing
saben dina klairane.Dene pungkasane yaiku nalika bocah ditetaki utawa disunat minangka
pralambang si bocah wis resik lair lan batine sarta siyaga njangkah ing tataran urip kang luwih
dhuwur.Udakara bocah umur limalas taun sibocah kaajab wis trampil ngrakit basa ngoko lan karma
manu kahanane.
Trap-trapan kapindho diarani madu rasa.Madu rasa tegese ngudi rasa rumangsa yaiku
dhasar sesambungane manungsa karo manungsa liyane.Pasrawungan ing jagad cilik wujud
bale somah kudu tansah selaras.semono uga pasrawungan ing jagad gedhe wujude bebrayan
agung.Siyagane manungsa napaki bebrayan mau kalambangake sarana prastawa dadi manten,urip
jejodhohan antarane wong lanang karo wong wadon kang mangun urip bebarengan.Sakloron kudu
urip selaras supaya nurunake wiji manungsa kang utama minangka panerus sejarahe kulawarga.
Trp-trapan kang pungkasan yaiku madu brata.Madu brata yaiku ngudi kawruh lan ngamalake
panembah marang Gusti Kang Murba Dumadi manut satatane agama kang
rinasuk.Panembah mau wujude ora mung rikala ngibadah manut tuntuane agama
wae,nanginguga tindak-tanduk ing saben dinane supaya selaras karo dhawuh lan pepacuhe agama.
Ing upacara mantu ana rong trap-trapan kang bakal dilakoni.Rong trap-trapan kasebut yaiku
madu rasa lan madu brata.Madu rasa tumrap pinanganten,dene madu barta tumrap kang gagunan
gawe mantu utawa mantokake putra-putrine.Si penganten perlu diupacarani supaya anggone napaki
dina-dina pasrawungane agung nemani rahayu.Tumrapkang duwe gawe mantu perlu diupacarani
minangka nindakake puji-puji,pangesthi lan dedonga supaya uripeputra-putrine tansah
karoba sih wilasaning Gusti Kang Mahakuwasa.Sakarone lelambaran anteping tekad,madhep
mantep nedya napaking urip kang luwih becik. Ora katalompe amarga manungsa urip bebarngan
mujudak bebrayan mau.mula saka iku upacara mantu uga ngrawuhake para sanak kadang,pamong
mitra,perlune kasuwun donga lan panestu supaya si temanten manggih rahayu anggone mangun
bale somahSemono uga upacara mantu mau pinaringan lancer,rancag lan rahayu.
Bab-bab kang ndayani ing upacara adat mau wujud wiwaha putra-putri minangka temanten
mujudake prastawa wigati.wigati tumrap si temanten,tumrap kang duwe gawe mantu lan tumrap
Pamuji supaya ing tembe buri si temanten resik lair lan batine sadurunge macaki dina dina
anyar.Ageman jarik sidomukti kang dianggo temanten kinanthenan pangesthi muga-muga
sitemanten besuke nemahi kamukten.Digunakake tetuwuhan tebu ing tarub minangka pralambang
anteping kalbu si temanten anggone arep bebadra urip bebarengan.Isih akeh ubarampe ing
upacara adat mantu kang ngandut pralambang-pralambang kang sarwa becik.Kabeh laku kang
ditindakake ing upacara mau dening masyarakat Jawa supaya kabeh antuk berkahing Gusti Allah.
Temtokna tegese utawa tembung liyane ing sajroning wacan “Adat Jawa Mantu”kanthi ndeleng
tegese tembung ing basa Indonesia kang sumadya!
No tembung Tembung ing basa Indonesia Tegese /tembung liyane
1 Kawruh Pengetahuan Elmu
2 Gegaran Petunjuk,pegangan
3 Pralaya Mati
4 Trap-trapan Tingkat-tingkatan
5 Udakara Kira-kira
6 kaajab Diharapkan
7 Ngrakit Menyusun
8 Ngudi Mencari
9 Bale somah Rumah tangga
10 Sujarah Sejarah
11 Rinasuk Masuk,dipakai,dipeluk
12 Rahayu Selamat
13 Pangesthi Pengharapan
14 Karoban Dipenuhi
15 Sih wilasa Belas kasihk
16 Ora katalompe Tidak lupa
17 Sanak kadang Sanak kadang
18 Pamong mitra Teman
19 Rancag Lancer
20 Miwaha Memestakan
Mangsuli pitakonan kang gegayutan karo isine wacan “upacara adat Jawa”
Wangsulana pitakonan pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!
1. Uripe manungsa kaperang dadi 3 trap-trapan.Apa bae telung trap-
trapan kasebut?
2. Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka pralaya.Apa
tegese tembung pralaya ing akara kasebut?
3. Apa kang diarani madu basa,madu rasa lan madu brata?
4. Prastawa wigati ing trap-trapan kapisan iku apa bae?
5. Calon penganten nindakake laku upacara siraman minangka apa?
Kawruh k a g u n a n b a s a
A.kerata basa
Keratabasa yaiku :cara njarwani (negesi ) tembung kanthi ngothak athik supaya
mathuk. Golekana surasane tembung tembung keratabasa ing ngisor iki !
B.dasanam a
Dasanama : tembung pirang pirang nduweni teges siji (maneka warna tembung liya kanggo ngganti
sawijining tembung jeneng,aran lan kahanan).
Tuladha :
Risang kartika abyor ingwiyat sinawang rising bayu lumaksita midid hamuwuhi edi asrining
pahargyaning dalu puniki
Dasanama
:
Risang : sang
Kartika :
lintang Wiyat : langit
Sinawang :
Ayu disawang
Lumaksita : angin : laku
Midid : sumrimbit
Edi : becik
Pahargyan : pawiwahan
Gladhen :
1.Golekana dasanamane tembung tembung ing ngisor iki kanthi milih tembung kang wis
a. Angin
cumawis :…………. pralaya
b. Bapak :…………. candra
c. Kethek :…………. agni
d. Emas :………….. maruta
e. Geni :…………. diwangkara
f. Iwak :………….. rama
g. Lintang :………… kencana
h. Mati :…………. wanara
i. Rembulan :…………. kartika
j. Srengenge :………… mina
k. Alas :…………. jenar
l. Bodho :………….. bawana
m. Bumi :………….. wana
n. Awak :…………… maesa
o. Kebo :…………… mudha
p. Kuning :…………… angga
q. Omah :…………… sasana
r. Putih :…………… jalma
s. Manungsa :…………… narendra
t. Ratu :…………… seta
2.Pilihen 5 tembung ing latihan 1,sabanjur gawea ukara saka tembung lan dasanamane mau
! Tuladha :
C. angkri m an
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek karepe,adhedasar dhapkan,surasa lan
wujude cangkriman bisa dibadakake kaya ig ngisor iki.
Cangkriman awujud tembung wancahan
Tuladha :
a. Burnaskopen,
batangane :bubur panas kokopen
b. Pakbomba Paklwa,Pakpiut
Batangane : tepak kebo amba,tepak lawa,tepak sapi ciut
c. Wiwawite lesbadhange karwa cake
Batangane ;uwi dawa uwite,tales amba godhonge,cikar dawa cracake.
Cangkriman kang ngemu surasa irib-iriban barang
Tuladha :
a. Emboke dielus-elus,anake
diidak-idak (andha)
b. Sega sakepel dirubung
tinggi(salak)
c.Pitik alik saba kebon ( sulak )
Cangkriman kang ngemu surasa blendheran
Tuladha :
d. Lawa lima kalong telu dadi pira ?
Candhakane :dadi wolu
b. Ana anak kapal disawat watu kerem,kira-kira gedhe
apane ? Candhakane : gedhe ngapusine
Cangkriman kang sinawung ing tembang
Tuladha :
Bapak pocung dudu watu dudu
gunung Sangkane ing sabrang
Ngo ingone sang bupati
Yen lumampah si pocung lembehan
grana
Batangane : gajah
Ulangan Padinan
Wenehana tandha ping (X) ing
aksara a,b,c,d utawa e wangsulan kang paling
bener !
1. Andharan wawasan kang pepuntone isi
pamrayogane diarani………………….
a. Hortarori
b. Realistis
c. Analistis
d. Argumentasi
e. Narasi
2. Andharan wawasan kang pepuntone isi
penegas sawijining panemu
diarani………………….
a. Narasi
b. Analistis
c. Eksplanasi
d. Deskripsi
e. Persuasi
3. Ageman jarik sidomukti kang dianggo temantenan kinanthenan pangestimuga-muga si temanten
besuke nemahi………….
a. Kamulyan
b. Katresnan
c. Kamakmuran
d. Kasenangan
e. Kamuktena
4. Digunakake tetuwuhan tebu ing tarub minangka pralambang…….si temanten.Tembung kang trep
kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku……………….
f. Rasa bungahe
g. Rasa tresnane
c. Anteping kalbu
d. Rasa sukure
e. Rasa senenge
5.Tembung –tembung ing ngisor iki minangka dasanamane tembung srengenge ,
kajaba…………………
f. Raditya
g. Dwiangkara
h. Bagaskara
i. Candra
j. Aruna.
Garapen manut prentahe!
1. Andharan apa kang diarani madu rasa,madu rasa lan madu brata!
AKSARA REKAN
AKSARA NGLEGENA
Aksara Nglegena cacahe ana 20. Aksara iki kabeh nglambangake fonem-fonem basa Jawa.
Saben aksara nduweni aksara pasangan. Ing ngisor iki wujude aksara Jawa lan pasangane.
Aksara Jawa
Pasangan
Sandhangan Swara
2 Pepet e
3 Suku u
4 Taling é
5 Taling tarung o
AKSARA REKAN
Aksara rekan kuwi aksara aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa cecag telu. Cecag tlu
iki karepe kanggo “ngreka” fonem-fonem saka basa manca , utamane basa arab, mula diarani aksara
rekan.
kha
Dza
Fa
Za
gha
Gladhen:
ULANGAN PADINAN
b.
c.
d.
e.
5. Panyeratan aksara jawa ing ngandhap punika ingkang leres inggih punika:
a.
b.
c.
d.
e.