Anda di halaman 1dari 3

5.

WATAKING MANUSA MITURUT PAARASAN KALAIRANE Ptung Paarasan (watak manusa) iku awewaton saka kumpul Neptuning dina lan pasaran (miturut ptung Pantja-Suda Asli). Manawa kumpul Nptu tinemu ; 7. Lakuning Bumi 8. Lakuning Geni. 9. Aras-Peksi utawa Lakunung angin. 10. Aras-Pepet utawa Lakuning Pandita Sakti. 11. Aras-Tuding utawa Lakuning Sjtan. 12. Aras-Kembang utawa Lakuning Djedjodohan. 13. Lakuning Lintang 14. Lakuning Rembulan. 15. Lakuning Srengng. 16. Lakuning Banju. 17. Lakuning Bumi Ged. 18. Lakuning Geni Ged. Dn watak-watak kapratlakak ing ngisor iki. 7. Lakuning Bumi, baji lair watak : amem meneng, tjugetan ati, tan darb sanak, tur ketul pikir wong iku, rada kanggonan demen sembranan lan wong stri. 8. Lakuning Geni, baji lair watak : panas baranan, ambangun prang, panastn, drengki, akeh kang pinragut, jn wadon sok aggung gaw bilahi. 9. Aras-Peksi utawa Lakunung angin, baji lair watak : meneng, mandita, omah-omah anggung alihan, demen ginunggung, nanging jn duw djapa ora mandi, mulan terandjalan nora djen-djem budin. 10. Aras-Pepet utawa Lakuning Pandita Sakti, baji lair watak : meneng, anggitan, jn winuruk nuli bisa, djero nepsun, sok kena tinakonan, bisa menjang padukunan, pamuwus sok umuk wong iku, djeneng misuwur lantaran sastra. 11. Aras-Tuding utawa Lakuning Sjtan, baji lair watak : wani angambah ing wengi, kendel, lan duw dandanan kudu dn dol kwala, lan tjalimut, mlik marang duwk tangga. 12. Aras-Kembang utawa Lakuning Djedjodohan, baji lair watak : tan derman lar punika, lan akh sanak, linulutan marang djalma djalu lan estri, gampang lamun nggraita lam maggaota, nanging lamun omah-omah (laki-rabi, teges duw bodjo). 13. Lakuning Lintang, baji lair watak : meneng, lembah manah, nanging tan darb sadulur, tan duw nepsu, lan betah melk lamun wengi, adol basan, takdir dagang, jn duw karep tan kena dipalangi. 14. Lakuning Rembulan, baji lair watak : sabarang panggawjan bangkit, lan sadla bisa mukti, jn winuruk gelis bisa, linulutan marang djanma, adjembar budin, nanging sungkanan lan nora sugih. 15. Lakuning Srengng, baji lair watak : pamitjaran manis, lan akh ma'lume, asor jn aduw padu, barang (apa-apa) katjipta, jen mangan tan kena ingaweran, kalebu tjatjad. 16. Lakuning Banju, baji lair watak : ing temb lar punika sok parntah samining djalmi, keras budin lan padun ika, nora gelem jn kurang mangan, djembar polatan jn omah-omah (laki-rabi) manggung tukaran, lamun tan djodo djinawi. 17. Lakuning Bumi Ged, baji lair watak : jn manggaota sok niwasi, rendah pangutjap, jn tutur sok wurung, sok ngekul padaning djalma, mula tan duwe sanak, nanging kandan jekti njata. 18. Lakuning Geni Ged, baji lair watak : panas baranan, ketuk angliwati, tjlatun ukur menga, ora njawang polataning wong, djuwet guyun, jn nepsu ora lana, padune wong djirh. '88

10. WATAKING MANUSA MITURUT DINA KALAIRANE 1. Ahad, Wong kang lair ing dina Ahad, watak : Samudana, teges: betjik mung ing lair ba, kelaju tiru-tiru, ambek nuwa. Prajogan nandura kan amrih uwit. 2. Senn, Wong kang lair ing dina Senn, watak : Semuwa, teges: kumudu betjik sabarang patrap lan sabarang gaw, nanging kerep kaluputan patrap. Prajogan nandura kan amrih godong. 3. Selasa, Wong kang lair ing dina Selasa, watak : Sudjana, teges: prajitna ing batin, ora lamba pemikir, datang andelan, butarepan, anggung kagtan. Prajogan nandura kan amrih kembang. 4. Rebo, Wong kang lair ing dina Rebo, watak : Sembada, teges: kumudu pantes sabarang gaw, njembadakak amrih patut, rada sembrana, nanging momot. Prajogan nandura kan amrih pentil. 5. Kemis, Wong kang lair ing dina Kemis, watak : Surasa, teges: sabarang karep kemudu dirasakak, lumuh kaungkulan atin. Prajogan nandura kan amrih uwoh. 6. Djum'at, Wong kang lair ing dina Djum'at, watak : Sutji, teges: kumudu resik sabarang patrap, gumunggung amrih ginuguwa. Prajogan nandura kan amrih ojot. 7. Sabtu, Wong kang lair ing dina Sabtu, watak : Kasumbung, teges: demen ngalem kang sarwa betjik lan mada kang sarwa ala, surakah barang karep, amrih tiniruwa. Prajogan nandura kan amrih dangkel.

'88

11. WATAKING MANUSA MITURUT PASARAN KALAIRANE 1. Legi, Wong kang lair ing pasaran Legi, watak : Mengku, teges: kumudu saguh lan nguwasani sabarang patrap, kalawan lega ngarep atin, mikir ala betjik. 2. Paing, Wong kang lair ing pasaran Paing, watak : Mlikan, teges: kumudu demen marang sabarang kang katon. 3. Pon, Wong kang lair ing pasaran Pon, watak : Pamr, teges: kumudu ngatokak donjan, ambek diri lan ngutuh. 4. Wag, Wong kang lair ing pasaran Wag, watak : Kentjeng, teges: kentjeng witjaran, kau, kakon atn. 5. Kliwon, Wong kang lair ing pasaran Kliwon, watak : Mitjara, teges: bisa nganggit basa, niteni ala betjik. Alamating Kanugrahan utawa Papa-sangsara 1. Legi, Wong kang lair ing pasaran Legi, manawa wus sarwa sabar sarh sumh, tanda bakal tumuli tampa kanugrahan. Godan jn kau lengus brangasan, tanda isih nemu papa-sangsara. 2. Paing, Wong kang lair ing pasaran Paing, manawa wus sarwa kukuh kentjeng marang iman, anut sjaraking Rasul, wedi marang sarngating Ratu, weruh tatakramaning nagara, tanda tumuli bakal tampa kanugrahan. Godan jn budi arda karem marang maksijatan, tanda isih nemu papa-sangsara. 3. Pon, Wong kang lair ing pasaran Pon, manawa wus sarwa sutji budin, tanda bakal tumuli tampa kanugrahan. Godan jn reged budin, tanda isih nemu papa-sangsara. 4. Wag, Wong kang lair ing pasaran Wag, manawa wis sarwa akh kangetan, demen melk mintiring budi, tanda bakal tampa kanugrahan. Godan jn kelaln dojan turu, tanda isih nemu papa-sangsara. 5. Kliwon, Wong kang lair ing pasaran Kliwon, manawa wis kawawa tjegah sanggama, arang mangan, tanda bakal tampa kanugrahan. Godan jn karem madon sarta mangani, tanda isih nemu papa-sangsara.

Di bog oleh

'88

Anda mungkin juga menyukai