cacat sikil pincang, nuduhake menawa wong urip tansaha kebak ing pangati-ati salawase
lumaku sajroning alam rame.
tangan cekot duweni makna, menawa wong urip tan bisa ngowahi kang wus dadi kodrate
Gusti.
mripat kero ngemu piwulang, menawa wong urip kudu deleng marang kahanan sakiwa-
tengene.
raga kang sarwa dawa ngemu pralambang luhur. Petruk duweni pikiran kang dawa,
saengga sawernane tumindak tansah linandhesan panglimbang-limbang kang jero.
Supados gampil anggenipun ngapaleken tokoh wayang, langkung sae bilih sinau
peranganipun wayang rumiyin. Perangan wayang inggih menika:
1. Warna Pasuryan
a. Abrid (abang) : wantun, gumedhe
b. Pethak (putih) : Wicaksana, lembah manah
c. Jene(kuning) : kumalungkung
d. Cemeng (ireng) : keras hati
e. Ijem (ijo) : subur, makmur, temtrem
f. Coklat /emas : ksatria
Ing ngandap menika saperangan pasuryaning wayang
Lurüh Lurüh
Lurüh
Lanyap Lanyap
Lanyap
2. Grana (irung)
a. Wali miring : putri, ksatriyan, raja, tuladhanipun (Sembadra, Rama, Sinta, Laksmana)
b. Bentulan : ksatria (gathotkaca)
c. Pangotan : ksatria, raja, raja raksasa tuladhanipun (madura, subali, sugriwa,
Anoman)
d. Pesekan : raja kera , bagong
e. Bapangan : burisrawa
f. Belalai : raksasa
g. Terong : semar
3. Paningal (mata)
a. Liyepan : alus
b. Kedelen :brayakan
c. Dondongan:satria (awas)
d. Plolon : brangsangan
e. Kelipan : alus
f. Kriyipan : alus
Liyêpan/Gabahan Thêlêngan Thêlêngan
Plêlêngan
Lengan Cekõt
7. Gusen/ Prengesan
Nyumlik nDoblèh
Båyå
11. Sumping
Pråbångayün Kudhüpturi
Mangkårå
12. Blêdhègan
i.
b. Dhasari kanggo warna emas (bram)
c. Diwarna ngango kelir enom, rada tuwa, banjur kelir mateng.
d. Watak kasar kanggo warna sing cetha(abang)
e. Watak alus kanggo warna sing ireng utawi putih
3. Masang Japit
Gb.6: Kumbakarna
Kacarita, Dewi Sukesi nganakaké sayembara sing sapa bisa ngudhar Sastra Jendra
Hayuningrat, yèn wadon bakal dadi sedulur sinarawèdine, yèn ta putra dadi garwané. Resi
Wisrawa saguh lan kasil mbabaraké Sastra Jendra Hayuningrat marang Dewi Sukesi. Bab
mau ndadèkaké gègèring kayangan kadewatan, sebab sastra mau klebu laranganing dewa.
Bathara Guru lan Dewi Uma banjur mudhun manjing anèng badané Wisrawa lan Sukesi,
mula dadi kontak asmara kang ora samesthiné kalakon. Sukesi ngandhut banjur nglairaké
Rahwana, Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Wibisana minangka pralambang nepsuné Wisrawa
lan Sukesi. Ngerti kedadeyan mau, Arya Jambumangli minangka senopati perang andelane
Kraton Alengka kang satemené tresna marang Sukesi dadi duka. Satemah dadi perang
tandhing antarane Wisrawa lawan Jambumangli. Jambumangli kasor, ditugel-tugel dening
Wisrawa. Sadurungé mati, Jambumangli nyupata yèn ta bésuk bakal kalakon salah sijining
putra Wisrawa bakal nemahi lelakon kang padha. Putrane Wisrawa kang bakal nemahi
lelakon ngono mau ora liya ya Kumbakarna.
Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng
marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng
Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora
kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan
peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka
diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka
supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh.
Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti
tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka.
Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané
rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit
supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang
mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil nggugah Kumbakarna nanging Kumbakarna ora gelem
mèlu perang, nyalahaké Rahwana kang tegel ngorbanaké rakyat Alengka kanggo
kepentingané dhéwé, ing atasé ratu gung binathara kok ngrampas garwané wong liya.
Kanggo gawé nesuné Kumbakarna, Indrajit matur yèn putrané sakloron Kumba Kinumba lan
Aswani Kumba diperjaya dening Sri Rama. Krungu ature Indrajit, Kumbakarna duka yayah
sinipi lan prasapa bakal mbélani negara lemah klairané saka serangan mungsuh. Kumbakarna
maju ing palagan perang lan ndadèkaké bala kethèk padha mlayu sebab Narpati Sugriwa
dhéwé minangka senopatining perang ora kuwawa ngadhepi Kumbakarna.
Gunawan Wibisana kang ora sarujuk marang panemuné Dasamuka uga metu saka
krajan Alengka lan gabung dadi siji kaliyan Sri Rama. Wibisana matur yèn ta Kumbakarna
bakal kasor kalamun Sri Rama lan Leksmana bareng anggoné nglepasaké panah. Kanthi
mangkono apa kang dadi supatané Jambumangli bakal katekan. Kumbakarna gugur ndhepani
bumi Alengka, minangka pahlawan kang setya béla nusa bangsané.
(Kajarwakaké saka “Bunga Rampai” Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, kanthi
owah-owahan saperluné).