Anda di halaman 1dari 3

KAPITAYAN JATI

Karipta dening:
Drs. Chunaidi Soleh Masrum
DHANDHANGGULA
Amiwiti sekar dhandhang endhisa, angleluri ciptaning Jeng Sunan, kalijaga
kang asmane, amurwa kani iku, piwulang kapitayan jati, tedhakan pangriptanya,
Bisri Musthofa gung, nama Rowihatul Aqwam, anggennya paring gampil
amangertosi, mring Aqidatul Awam.
2.
Slawat salam kunjuk Kangjeng Nabi, janma linuwihing sasama, anggenna
nyawijekake, Gusti Allah puniku, raharja katetepna mugi, sakehing pra
krabatnya, myang pndherek tuhu, margining agami nyata, sanes margining kang
nalisir sami, kanthi pitaya bidad.
3.
Sun wiwiti nyebut asma Gusti, kang paring welas asih kawula, kang
langgeng kebagusane, mangka memuji ingsun, maring Allah kang sipat Qadim,
nora purwa wusana, ingkang langgeng iku, datan gingsir nora owah, mula sira
padha mangerteni kaki ing kapitayanira.
1.

1.
2.
3.
4.
5.
1.
2.
3.
4.
5.
1.
2.
3.

KINANTHI
Sigeging pambuka niku, ginantos sekar kinanthi, anggitaning Wali Sunan,
Giri ing dhusun Geresik, Jaka Samudra alitnya, Raden Paku sami ugi.
Temen sira padha weruh, sipating Allah kang wajib, cacahing ana dwi
dasa, kang wajib den mangertosi, sipat ingkang wus tetepa, datan kena den
selaki.
Allah ingkang dzatNya Wujud, tegese Ana kang sayekti, datan wonten
amuraka, inggih nama sipat Qodim, sipat Baqok salajengnya, tan wonten kanfg
angakhiri.
Lan sipat Mukhlafatu, Lil hawaditsi kang werdi, datan sami maklukNya,
Qiyamuhu binafsihi, dzat kang jumeneng diriNya, adeg mring dhiri pribadi.
Myang sipat Wahdaniyatu, sawiji saha ngijeni, salajengnya sipat Qodrat,
makna ingkang nguwasani, Irodat werdinya kersa, sipat ilmu angawruhi.
MEGATRUH
Agantos salajengnya pupuhe megatruh, inggih kang karya puniki, Sunan
Mas Pratikal Ratu, ugi nama Prapen Giri, nglajengaken caos ngertos.
Mutakaliman dzat ingkang paring dhawuh, inggih ingkang amungkasi,
sipat dwidasa rumuhun, wajib kita angawruhi, supadya teguh ing batos.
Kawruhana ugi sipat jaizu, Allah wenang ing sayekti, kalamun paring
bebendu, iku krana sipat adil, paring ganjar iku fadhol.
Hayat gesang Samak tegesnya angrungu, Bashor liripun miarsi, Kalam
maknanya adhawuh, Qodiran dzat nguwasani, Muridan puniko artos.
Dzat ingkang ngersakaken Aliman niku, dzat ingkang amirsani, Hayyan
dzat kang midhangeti, dzat kang miarsi Basiron.
ASMARADANA
Kasmaran mring para nabi, sinartanana nyekara, asmaradana pupuhe,
Jeng Sunan Giri kang karya, ing samangke punika, amicara sipat Rasul, wajib
dalah mustahilnya.
Catur sipat ingkang wajib, Fathonah werdinya limpat, Sidiq punika temene,
Tabligh paring pawarta, inggih wahyuning Allah, sipat amanah puniku, tementemen pinercaya.
Dene sipat mustahili, werdinya asipat datan, Baladatun iku purwane,
cubluk puniku tegesnya, Kidzbun puniku dora, Kitman nyingitaken iku, khiyanat
alampah cidra.

4.
5.

1.

2.

3.
4.

1.
2.
3.
1.
2.
3.

1.
2.
3.
4.
5.
1.

Pra muslim kang sejati, den wajib kalamun pirsa, pacadasa wilangane,
dwidasa wajibing allah, dwidasa mustahilnya, sifat wajib nabi catur, catur ugi
mustahilnya.
Dene cacahe sipat jaiz, tumrapipun Gusti Allah, satunggal kang wilangane,
sipat jaiz Roasulullah, inggih naming satunggal, kados dhahar ugi ngunjuk, nggih
sipat janma sawantah.
SINOM
Den eling heh pra kanoman, maring kidung sinom iki, Sunan Giri ingkang
karya, minangkanya anyarengi, Nabi Rosul kang name, lawan den wilis
selangkung, kang wajib kinawruhan, tumrap para muslim sami, Nabi Rosul
pradaning sagung janma.
Baopa Adam ingkang purwa, salajengnya Nabi idris, Nuh Hud Sholih
salajengnya, Ibrohim Lud lan Ismail, Ishaq lan Ykub nuli, Yusup Ayub Syueb
Harun, Musa Dzulkipli Yasa, Dawud Sulaiman nuli, Ilyas, Yunus, Zakariya Yahya
Isa.
Sae ugi kawruhana, kang sinebut ulul azmi, gesnya ageng ing rubeda,
nggennya sami anemahi, Muhammad kang sawiji, Ibrahim Musa Isa Nuh, Rosul
Nabi lelima, tansah rineksa mring Gusti, pantes tinuladha tumraping umatnya.
Nabi kita Muhammad, pungkasaninfg Rosul Nabi, data nana nabi liya,
kalamun sira miyarsi, kang ngaken-aken nabi, yekti iku nabi palsu, mula den
singkirana, satemah anyilakani, mring ngagesang kita akherat lan donya.
DURMA
Sekar durma kang badhe prapta punika, yasa Makdum Ibrahim, nggih Jeng
Sunan Bonang, ingkang sampun kaloka, anggenipun olah ringgit, kinarya
dakwah, Islam ingkang agami.
Wilangan malaikat iku sadasa, kapisan nama Jibril, Mikail kapindhonya,
Isrofil salajengnya, Izzroil Munkar lan Nakir, Roqib atid lan, Ridwan kalawan Malik.
Sekar durma kinarya ambabar nama, pra malaikat suci, samya makarya
datan, kasinungan ing pakarti, dhahar lan nendra, tan bapa biyung ugi.
PANGKUR
Sekar pangkur kang winarna, Kanjeng Sunan Muria kang yasani, Raden
Prawata satuhu, minangka ingkang asma, anyartani nama-nama kitab Rosul,
ingkang captur wilangannya, minangka pandaming janmi.
Poma-poma tan sawala, kang jinejer ing kitab para nabi, tansah sami setya
tuhu, anindakaken printahnya, murih tebih saking lampah kang binendu, ing
pangajab gesang mulya, lahir dumugining batin.
Sapisan kitab Taurat, pinaringna Musa ingkang nabi, Kapindhonya kitab
Zabur, Nabi Dawud kang nampa, kitab Injil maring Isa kang katelu, caturnya
kirab Al-Quran, Muhammad ingkang terami.
MASKUMAMBANG
Sinareng sekar mas kumambang niki, Maja Agung Sunan, pangriptaning
sekar niki, arsa asung pariwara.
Kalamun sintena ingkang amakarti, ing lelampahira, dating kadurjanan
yekti pinaringan siksa nraka.
Mila dumateng pra umat muslim sami, ambudi daya, ing lampah ingkang
utami, tebih king lampah culika.
Wontenipun dinten qiyamat ing benjing, tan bisa sawala, dateng sedaya
pakarti, yekti den katiti pirsa.
Allah ingkang sampun aparing cecawis, sinten kang makarya, ing
kesaenan sayekti, pinaringan swarga loka.
MIJIL
Kekidungan sekar mijil niki, Kanjeng Syekh Nurullah, mila minangka kang
pangriptane, nggih sinebut Sunan Gunung Jati, kinarya ngertosi, Muhammad
kang Rosul.

2.

Eyang asma Abdul mutholib, bapanya Abdulloh, Aminah Zahroh ingkang


ibune, Halimah Saadiyah kang nyesepi, kutha Mekah lahir, Madinah alayu.
3.
Nabi Muhammad den utus yekti, aparing pangertos, mring umat
manungsa sedayane, samya nuju ing lampah utami, gegulang ing budi, pakerti
kang luhung.
PUCUNG
1.
Sekar pucung ingkang ngripta Sunan Gunung, Jati ingkang asma, lahir
wonten nagri Pasai, wafat dateng Cirebon dusun Astana.
2.
Mango wangsul carios Muhammad Rosul, yuswa swidak tiga, warsa
anggennya palastri, tampi wahyu ing yuswa sekawan dasa.
3.
Putranipun pitu cacahipun, kakungnya tiga, ingkang sekawannya putrid,
dene kita kedah pirsa ingkang asma.
4.
Qosin iku ingkang asma bajengipun, myang Sayid Abdullah, putra kakung
kaping kalih, Ibrahim putra ingkang kaping tiga.
5.
Putrid nipun sekawan sedayanipun, Zaenab kang asma, bajengipun
ingkang putrid, kang kalihnya asma Sayidah Ruqoyah.
6.
Ummu Kaltum putrid kang katiganipun, jangkepnya sekawan, Siti Fatimah
kang name, mugia Gusti Allah paring nugraha.
7.
Garwanipun wonten sanga cacahipun,kang katilar seda, ibunipum pra
mukmin, mugi tansah pinaringan beja mulya.
8.
Aisyatun ingkang sapisanan, kang kapindo Khofsah, salajeng Saudah nuli,
Shofiyah Maimunah Zainab Romlah.
9.
Nama Hindun kaping wolu jangkepipun, Juwariyah sanga, sadaya dipun
ridhoi, dening Allah Gusti ingkang Maha Kwasa.
10.
Khadijatun garwa kang paling rumuhun, nalikane seda, taksih sugeng
Kanjeng Nabi, panyengkuyung dakwah Nabi kanti dana.
GAMBUH
1.
Mungkasi sekar gambuh, nggennya caos pangertosan iku, kapitayan
tumrapiun para muslim, ing pamrih sami atuhu, anuladha Rosululloh.
2.
Ing riwayat rmuhun, nalikaninfg sungkawa ing kalbu, kang kasandhang ing
oanggalihnya jeng Nabi, paman lan garwa alayu, Allah paring isrok Miroj.
3.
Isrok lampah ing dalu, Mekah dugi Baitul Maqdisu, wondene kang ingaran
Mi;roj puniki, minggah langit lapis pitu, sareng Jibril nitih Buroq.
4.
Nabi atampi dhawuh, sholat wajib gangsal siang dalu, Subuh Dhuhur Asar
Isak niki, den estokna kang satuhu, minangkanya unjuk bektos.
5.
Sinten kang sami tuhu, lampah sholat genep gangsal wektu, pesthi
pinaringan nugrahaning Gusti, tinebihna ing bebendu, ayem tentrem lahir batos.
6.
Kanthi muji Alhamdu, Lillah Robbil Alamin tumuju, amungkasi kidung
piwucal puniki, sinarengan anyenyuwun, dados muslim kang sayektos.
@@@

Anda mungkin juga menyukai