Anda di halaman 1dari 2

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng
ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan
kenimatan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget
makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal afiyat.
Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat tadzim utawi hormat
dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi
pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafaat, boten pandang sugih utawi melarat,
boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo
panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafaat, saking panjenenganipun benjang ing
dinten kiamat. Amin.

Isi Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa :

Poro rawuh ingkang minulyo!


Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat
kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi
wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo
ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun
tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng
Nabi dipun sebat wonten al-Quran surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipu
Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung
Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!
Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab
saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun malum wonten kitab-kitab
tarikh utawi sejarah Islam, bilih saderengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman
jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten
Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah
braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa piturutipun, meniko sampun
terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun manani, maen niku manane maunya enak, tapi emoh kangelan,
lumuh nyambut gawe, semanten ugi judi, manane sing maju dadi, dadi nopo? Dadi wong
mlarat. Bangkrut. Semanten ugi kertu duit ning sengker dadi metu asale panen dodol gabah,
duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi remi
manane njareme lami tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah,
njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah
kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng
Nabi pun dawuh:



( ) .

Ingkang Artosipun
Sa temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!


Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syiar kejayaan Islam mboten
namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos
seluruh dunia. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab
mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Quran Surah Al-Anbiya ayat satus
pitu:

Ingkang Artosipun
Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa alam donyo.

Pentutup Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa :

Poro rawuh ingkang minulyo!


Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa alam donyo. Mugi-mugi
kito mbenjang sageto angsal syafaatipun benjang dinten qiyamat.
Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken
kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Anda mungkin juga menyukai