Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr wb,

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah
dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah,
rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan
panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi
hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah
setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten
pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing
dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan
syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang
nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol
sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun
soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang
Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh
piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an
surah al-Qolam ayat sekawan:

 Ingkang artosipu

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental
Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum
wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir
dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku
dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah
ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi,
kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal
kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh
kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi
nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu”
asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.
Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi
“remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh.
Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten
ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak
utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(‫ (رواه أحمد‬.‫ق‬ ْ ‫ار َم اَأْل‬


ِ َ ‫خال‬ ِ ‫م َم َك‬ ِّ َ‫ْت ُأِلت‬
َ ‫م‬ ُ ‫ما ُب ِعث‬
َ َّ‫ِإن‬

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam
mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas
berkembang ngantos seluruh dunia. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten
khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-
Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

 Ingkang Artosipun

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam
donyo.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo.
Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo
aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

wassalamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai