Anda di halaman 1dari 2

Tanggap Wacana Tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamasi (17-an)

Assalamu'alaikum wr.wb. Kadang-kadang kula ing wewengkon RT/RW........... ingkang kula kurmati. Sakderengipun kula ngaturaken tanggapan Dinten Proklamasi Kemerdekaan 17-8-1945, langkung rumiying kula ngajak dhateng panjenengan sadaya, mangga sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Kanikmatan Kamardhikan punika tangeh sagedipun kita darbeki, manawi tanpa peparing kamirahanipun Allah SWT. Kita sadaya yakin bab punika. Bangsa Indonesia sadaya pitados ing bab punika. Kapitadosan punika kita pacak ing Pambukaning UUD 1945 kanthi tetembungan: Berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa....salajengipun. Para sedherek. Kita ingkang sampun sepuh-sepuh punika saged ngraosaken kados punapa raosipun bangsa gesang dipun jajah dening tiyang sanes. Dene para mudha samangke sinaosa mboten ngraosaken, saged sinau saking sejarah, bab raos lan kawontenaning bangsa kita nalika kajajah dening bangsa ngamanca. Rahmating Allah awujud kamardikan punika boten ujug-ujug dhawah saking nglangit, boten. Kamardikan rahmating Allah kita upadi kanthi sarana perjuangan. Kanthi kita tebus pangurbanan bandha, tenaga lan jiwa. Sapinten pangurbanan ingkang awujud jiwaning para pahlawan Kemerdekaan, bebasan tanpa wilangan. Mila kita nama utang budi kaliyan para pahlawan ingkang sampun ngrumiyini murud ing kasidan jati, sowan ing pangayunaning Allah. Kita ingkang ngraosaken sekecanipun para pahlawan ingkang nglampahi rekaosipun. Mila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan lenging manah amung: Sepisan: Nelakaken sanget ing syukur kita dhateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kamardikaning bangsa. Kalih: Kita kepingin ngenget-enget lelabetipun para pahlawan ingkang sampun siyaga dados tumbaling kamardhikan.Kita unjukaken puji pandonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi katarimah lelabetipun lan kapirangan piwales utami dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Tiga: Kita lajengaken perjuanganipun para pahlawan nyampurnakaken kasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari Mardika punika amrih reja lan makmuripun. Kita kedah rumaos dosa, purun nampi warisan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara. Saeba ta panjeritipun para pahlawan ingkang sampun suwargi, nguningani kita sami cakar-cakaran berkat, boten ngemban amanatipun. Makaten ugi Allah ingkang sampun kepareng Nggadhuhaken Negari Mardika punika dhateng kita, mangka boten sami purun makmuraken, sirna sipat kita dados kalifah ing bumi. Tundhonipun ALlah

badhe duka, paring azab dhateng kita. Para sadherek sadaya, Mangga ing kalodhangan punika kita sami ngunjukaken puji syukur dhateng Pangeran sarta ndedonga kagem para pahalwaning bangsa, amrih lelabetipun katampi lan kaparingan piwales dening Allah, kanthi ngeningaken pancadriya sawetawis, manut agami lan kapitadosan kita piyambak-piyambak. Mangga kula dherekaken............ Matur nuwun. Makaten tanggap wacana kula ing tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamasi Kamardikan ingkang kaping..... Dene bab sejarah lan riwayat nagari kita wiwit penjajahan ngantos Mardika, badhe kaandaraken dening ingkang kawogan. Sadaya kalepatan kula, kula nyuwun pangapunten. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai