Anda di halaman 1dari 2

Danga Mangayubagya

Gusti ingkang Maha Suci

Kula nyuwun pangapura dhumateng Gusti ingkang Maha Suci

Sirolah, datolah, sipatolah

Kula sejatining satriya/wanita

Nyuwun wicaksana, nyuwun panguwasa

Kangge tumindake satriya sejati

Kula nyuwun kangge anyirnak ake tumindak ingkang luput

Dhandhang Gula

Sugeng rawuh bapak ibu sami

Keparenga kula matur bagya

Mrih niskala sedayane

Anggung manggih rahayu

Sesarengan ing dalu puniki

Nugrahane pangeran

Kang mawantu-wantu

Kita sami pepanggihan

Adi cara halal bihalal dalu niki


Sekar Pangkur (Sekabehing Kaluputan)

1. Lal bihalal dalu niki


Tegese apura ing ngapura
Neng tonggo kiwa tengenmu
Yen kita duwe salah
Mula ayo bengi niki dho dilebur
Ngilangke barang sing ala
Kariya tindak kang becik
2. Sekabehing kaluputan
Linebura ing dina becik iki
Tan nganggo ewuh-pakewuh
Ayo nyuwun sepura
Kabeh mau linambaran jujur tulus
Muga-muga sing kuasa
Keparengka anyek seni
3. Ora mung cukup salaman
Kang wigati mantep sajroning ati
Ngrumang sani duwe luput
Ra nyawang aku sapa
Kabeh padha ing ngarsa Gusti Hyang Agung
Mumpung sik urip neng ndonya
Nyadhang gunging pangak sami

Anda mungkin juga menyukai