Anda di halaman 1dari 1

PIDATO BASA JAWA

Assalamu’alaikum wr. wb

Ingkang kula kurmati bapak kepala sekolah ugi bapak/ ibu guru ingkang satuhu luhuring
budi lan rencang- rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha agung
ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kita sedoyo dumugi
sakmeniko kita sedaya saged kumpul wonten ing acara perpisahan sak menika.

Kula, wakil saking rencang- rencang kelas 6 ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-
agengipun kagem bapak/ ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula lan sak kanca- kanca
dating pawiyatan menika ingkang dangunipun 6 warsa.

Mboten keraos kula lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan mriki. Wonten ing acara menika, kula kiyambak tuhu rencang- rencang nyuwun
agenging pangapunten sangking bapak/ ibu guru amargi wonten ing tiyang warso ngangsu
kawruh wonten pawiyatan mriki. Kula sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang
dipun sengaja lan mboten di sengojo. Mugi- mugi bapak/ ibu guru kersa ngapuntenaken
sedoyo kalepatan kula lan rencang- rancang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan kula
nyuwun aganging pangapunten. Wassalamu’alaikum wr. wb

ALTIRA K.
KELAS 6 c
SDN MOJOSARI

Anda mungkin juga menyukai